Jumat, 24 Juli 2009

Kanjeng Mas Ayu Manohara


Manohara Odelia Pinot sawijining foto model ayu sinengkakake ing ngaluhur. Lahir ing Jakarta 18 Februari 1992 . Nalika jumenengan sampeyan dalem ingkang sinuwun Paku Buwana ingkang kaping tiga welas , sampeyan dalem wis kepareng paring ganjaran marang Manohara dadi kerabat kraton Surakarta Hadiningrat. Manohara kaparingan asma Kanjeng Mas Ayu (KMAy) Laksminta Rukmi.
Manohara kang jenenge kondhang dadi kembang lambene wong sa Indonesia jalaran sesambungane karo Tengku Fakhry putra raja Kelantan saka Malaysia . Nalika jemenengan Manohara dadi punjering kawigatene para tamu. Manohara rumangsa mongkog ,lan ngaturake puji syukur , sanajanta dheweke ora ngerti tanggung jawab apa kang kudu disangga . Uga dheweke kandha yen dheweke ora ngerti babarpisan bab kraton lan budaya Jawa. Manohara banjur janji yen dheweke bakal sinau bab kahanan kraton lan kabudayan Jawa.
Miturut GKR Wandansari, Pangageng Sasana Wilapa Karaton Surakarta Hadiningrat Manohara kaparingan gelar (jejuluk) supaya Mano bisa luwih mantep anggone nglakoni urip ing alam donya.
KGBH ( Kanjeng Gusti Bendara Haria ) Benawa ngendika manawa paling ora Manohara wus dadi krabat kraton Surakarta lan nduweni tanggung jawab marang kabudayan utamane kabudayan Jawa. Kabudaya Jawa minangka kabudayan sing paling gedhe ing saindenging Nuswantara. Kraton Surakarta Hadiningrat dadi sawijining benteng kabudayan kasebut.
Jumenengan dianakake nalika dina Sabtu Paing 18 Juli 2009 Nalika jumengan uga dianakake pagelaran tari Bedaya sing arupa tari sakral kang mung setaun sepisan digelar.

Minggu, 19 Juli 2009

Bom, Njeblug ing Jakarta.


Jemuah esuk jam 7.47 bom njeblug ing Jakarta. Hotel J.W. Marriott lan hotel Ritz Carlton di bom. Korbantinggal donya saka mancanegara 9 wong , 5 saka Amerika Serikat. Wong mancanegara sing tatu 18 wong. Korban sing wis dikaweruhi 61 wong. Bom mau dijeblugake dening wong 2, siji ana ing Hotel Marriott lan sijine ana ing Hotel Carlton. Wektu njebluge bom ora let suwe, mung kira-kira sepuluh menitan. Bom mau arupa bom bunuh diri. Paraga kang njeblugake bom karo-karone nemoni tiwas.

Miturut katrangan Kapolri, Bambang Hendarso Danuri yen bom mau padha karo bom sing ditemokake ing Cilacap. Bom dikira-kira dirakit ana kamar Hotel J.W. Marriott kamar nomer 1808. Bom sing ciri-cirine kaya mangkono iku meh padha karo bom ditemokake pulisi ing Semarang, Batu, lan Cilacap. Mula ora aneh yen bom mau ana gandheng cenenge karo terroris international sing nate ditemokake dening pulisi.

Prastawa mau gawe kagete wong akeh. Wis antara suwe ora nate keprungu kabar ana bom njeblug sabubare prastawa bom Bali. Prastawa iki mesthi wae ndadekake sedhihe bangsa Indonesia. Negara sing lagi wae arep njejegake demokrasi , Negara sing lagi wae arep ndandani nasibe rakyat dumadakan digoncangake dening mbledhose bom.
Indonesia nembe nganakake pilihan presiden. Durung rampung KPU anggone ngetung swara wis ana gara-gara, bom mbledhos. Sing nggawe bom iki sajake ora kepingin Indonesia tentrem, ora kepingin Indonesia gemah ripah karta raharja sing kaya dicritakake ki dhalang.

Sapa sing rekadaya gawe rerusuh, durung kaweruhan. Lan sapa sing tanggung jawab uga ora ana sing gelem ngakoni. Apa wong kaya mangkene iki nduweni tujuwan kang luhur ? Yen duwe tujuwan luhur mesthine nganggo cara-cara kang luhur uga. Ora kudu nganggo cara-cara kang ngrusak tatanan. Ora nganggo cara-cara kang gawe sengsarane wong liya. Sing genah wong kaya mangkene cetha-cetha ngrusak tatanan sing kepingin dibangun dening bangsa Indonesia lan cetha-cetha nglanggar prikamanungsan.
Negara ngendi wae ora sarujuk karo patrap sing dilakoni dening kang gawe rerusuh. Ora ana wong siji wae sadonya iki sing ora kepingin ayem tentrem. Mula tindak sing gawe rerusuh, tindak sing anarkis kudu enggal dibesmi.

Jumat, 17 Juli 2009

Tembung Kang Nduweni Teges Wilangan (3)


Watak pitu

resi : pandhita
gunung : ardi, redi
pitu : pitu
nitih : wilangan 7 , sapta
turangga : jaran, kapal
suka : seneng, menehi
weling : wekas, piwekas
wulang : wuruk, wewarah
swara : suwanten
gora : gedhe, ageng
angsa : banyak, murka
muni : 1. pandhita 2. mungel
aswa : jaran, kapal
giri : redi, gunung
gung : gedhe, ageng
himawan : redi, gunung


Watak wolu.

astha : wolu
basu : wasu, dewa cacahe 8
ula : sawer, naga.
slira : menyawak
murti : 1. badan 2. cecak
gajah : liman
tengga : matengga (Kw), liman, gajah
bunglon : bunglon, tanu (Kw)
tanu : bunglon.
sarpa : ula.
bajul : baya
baya : bajul
tekek : tekek
dipangga : gajah, liman
angesthi : melengake cipta
brahmana : brahmana.
wolu : wolu, astha.


Watak sanga

kusuma : kembang, sekar
ngganda : mambu, mambet
arum : wangi
dewa : hyang, jawata.
sanga : sanga, nawa (Kw)
dewa : hyang, bathara
mbuka : mbikak
pintu : lawang, konten
masuk : nmlebu, mlebet
kori : lawang
menga : mlompong
gatra : bebakal
wangi : arum
terus : bablas
manjing : mlebu, mlebet
muka : rai, ngarep, ngajeng
wadana : rai, pangageng
marbuk : ngambar-ambar wangi.
rum : arum, wangi
anggangsir : gawe bolongan, damel babahan
babahan : bolongan
bolong : butul, boten rapet.


Watak das .

sirna : ilang, ical.
musna : ilang, ical.
muksa : ilang, pejah.
mesat : mlesat, mumbul.
langit : awang-awang, tawang.
mumbul : muluk, manginggil.
pejah : mati, seda
tanpa : boten mawi, ora nganggo
suwarga : suwargi.
nir : ilang, ical.
brastha : rusak, risak
swuh : rusak
wuk : wurung, ora sida
suwung : boten isi, kosong
sunya : sepi, sepen.
surud : seda, kalong, kirang
sat : asat, tanpa banyu.
nis : ilang, ical
sempal : pokah, semplak.
ngles : angles, kesah
gegana : awang-awang, tawang, dirgantara, akasa.
adoh : tebih

Kamis, 16 Juli 2009

Tembung Kang Nduweni Teges Wilangan (2)


Watak papat

sumber : tuk, sumur
sumur : sumur.
tlaga : tlaga.
wening : bening
karya : gawe , nganggo
masuh : ngumbah
udan : jawah
bun : ebun.
her : banyu,toya
dadya : dadi, dados.
warna : warni
warih : banyu, toya
waudadi : seganten, segara
tirta : banyu,toya
nadi : lepen.
dadi : dados
suci : resik
wedang : toya benter
tawa : wantah.


Watak lima.

saya : sangsaya
galak : galak
guling : 1. bantal panjang, 2. tilem
wil : danawa,buta
yaksa : danawa, buta
raseksa : danawa,buta
marga : jalaran, sebab.
pandhawa : putrane Pandhu
lungid : landhep
bana : panah, jemparing
warayang : panah,jemparing.
sara : panah, jemparing.
wisaya : piranti ngrenah mungsuh
pancakara :perang
cakra : jemparing, bunder.
hru :jemparing
astra : jemparing
gati : 1. angin 2. perlu
tinata : 1. tata + in 2. angin
braja : 1. gaman 2. panah 3.angin
margana : panah, jemparing
angin : samirana, bayu.


Watak enem .

mangsa : 1. wektu 2.mangan tumraping kewan galak.
nenem : sad (kw)
carem : salulut
raras : endah
rasa : rasa
madu : maduning tawon
hartati : legi,manis.
naya : mangsa nenem.
sad : tembung wilangan ateges 6
wayang : ringgit, ngemu surasa obah
wuyungan : gandrung
ilat : ilat , lidhah (K.inggil)
kilat : thathit.
obah : ebah.
manis : legi.
glinggang : kayu
prabatang : kayu rubuh
oyig : obah
madura : legi, manis.
sarkkara : legi,manis.
retu : 1. geger 2. wektu 6 tahun.
lona : kecut
tikta : pait.
kayasa : rasa sepet.
anggas : 1. kayu 2. walang.
anggang-anggang : jenenging kewan.
gonjing : obah
tahen : 1. tahan 2. kayu.
wreksa : kayu.
winayang : mangsa 6
kayu : kajeng
anggana : ijen, tanpa kanthi.

Selasa, 14 Juli 2009

Tembung Kang Nduweni Teges Wilangan (1)

Tembung-embung kang nduweni watak wilangan ing antarane :


Watak siji.

Janma : Jalma, tiyang, manungsa.
Nabi : 1. Panuntun agami. 2. Wudel.
Tunggal : satunggal.
Badan : awak, angga.
Gusti: Gusti Allah.
Rupa: rupi, warni.
Maha: linangkung, pinunjul.
Buda :Buddha Gautama.
Samadi: 1. Jubur 2. Manekung.
Iku : 1. Buntut 2. Punika.
Pamase: ratu.
Surya: srengenge.
Candra: rembulan.
Sasa: lintang.
Wiji: isi ingkang katanem.
Godhong: ron.
Lek : sasi, wulan, rembulan.
Kenya : prawan.
Wungkul: wetah, bunder.
Urip: gesang.
Nekung: manekung, samadi.
Nyata : yektos, sejatos.
Sudira: prawira, kendel, wani.
Tyas : ati, manah
Putra: anak.



Watak loro .

Panganten: temanten.
Dwi: loro, kalih.
Nembah: nyembah, manembah.
Suku : sikil, sampeyan.
Gandheng: kanthet, ganthet, kanthi.
Asta : tangan, asta.
Ndulu: ndeleng, ningali.
Dresthi : alis.
Netra : mripat.
Myat : mandeng, ningali.
Buja : Rau.
Bujana : tedha, sesegah, suguhan.
Karnan : seneng.
Ngrengga : maesi, majang.
Athi-athi : athi-athi, kening.
Paksa : bau, swiwi.
Apasang : arakit, ngrakit.
Carana : sikil, rerenggan.
Sikara : tangan, siya-siya.
Bau : boja, buja.
Suwiwi : swiwi, lar.


Watak telu.


Tri : telu, tiga.
Jatha : siyung.
Lir : kaya, kados.
Wrin : weruh, sumerep.
Dahana : geni, latu.
Kaya : kados, kadi.
Wignya : sugih kawruh, pinter.
Uninga : sumerep, obor.
Brama : geni, latu.
Api : geni, latu.
Anahuti : wrejit, cacing.
Sorot : cahya, sinar, sunar.
Murub : mubyar.
Kobar : kobong, kabesmi.
Guna : geni, kapinteran.
Ujwala : sorot, sunar.
Teken : teken, lantaran.
Siking : geni, upet.
Keksi : katon, katingal.
Bahni : geni, latu.
Kukus : kukusing latu.
Apyu : geni, latu.
Nala : ati, geni, latu.
Bente : panas
Rananggana : paprangan.
Katon : katara, katawis.
Panas : benter.
Pindha : kaya, kados, kadi.
Agni : geni, latu.

Kamis, 09 Juli 2009

Basa Inggris, Basa Pengantar ing Sekolahan


Kabar sing paling gres saka Malaysia nelakake manawa pamarentah Malaysia mbatalake panganggone basa pengantar basa Inggris ing sekolahan-sekolahan. Menteri Pendidikan Malaysia Muhyiddin Yassi ngendika yen murid-murid sekolah menengah ing wulangan Matematika lan Sains (Ilmu Pengetahuan ) bijine sangsaya mudhun. Mula banjur dianakake kawicaksanan pengantar nganggo basa Melayu ing wulangan lelorone. Kawicaksanan iku wiwit lumaku ing taun 2012.
Kawicaksanan lumakune basa pengantar Inggris ing wulangan Matematika lan Sains nalika wiwit taun 2003, jamane Dr Mahatir dadi nindya mantri. Nalika semana ana anggepan yen murid sekolah menengah Malaysia kalah mutune karo Singapura.
Pancene sadurunge mardika Malaysia iku kalebu jajahan Inggris, lan saiki dadi commonwealth utawa Negara persemakmuran. Sanajanta Malaysia wis ngadeg dadi negara mardika nanging isih sesambungan sacara emosional karo Negara Inggris. Mula ora mokal manawa Malaysia nganggo basa Inggris dianggo pengantar ing sekolahan-sekolahan. Ning saiki malah dibatalake.
Sing rada aneh ing Indonesia, akhir-akhir iki ana ada-ada lan uluk-uluk saka para kang kawogan ing babagan pendidikan yen sekolahan-sekolahan bakale -- embuh taun pira -- diupayakake nganggo standar Internasional. Mula banjur diananake RSBI utawa Rintisan Sekolah Berstandar Internasional. Sekolah standar Internasional kurikulume niru sekolah saka mancanegara, guru-gurune kudu bisa nguwasani basa Inggris kanggo pengantar marang para murid. Samono uga muride uga nganggo basa Inggris kanggo caturan ing sekolahan.

Kanggone wali murid — apa maneh kaya aku iki – mesthi wae yen ana sekolahan Indonesia nganggo basa Inggris kanggo pengantar wah wis mesthi sekolahan iku maju. Apa ya kaya ngono ?
Gunane (fungsi) basa salah sijine kanggo sesambungan (komunikasi) antarane siji lan sijine. Yen antarane wong sing sesambungan mau basane padha mesthi wae ora ana hambatan (alangan) ing antarane lelorone. Yen kahanan iki dionceki , anake wong Jawa, anake wong Indonesia, rembugan nganggo basa Inggris , neng ndesa pisan. Lha rak lucu, apa bapake ora mung gela-gelo kaya kethek ditulup ?
Sing nomer loro, gunane basa kanggo njaga, nenangi (membangkitkan) rasa kabangsan, rasa persatuan, yen awake dhewe wong Indonesia, bangsa Indonesia lan nduweni basa resmi yaiku basa Indonesia. Apa kira-kira panganggone pengantar basa Inggris ing sekolahan mau ora nglunturake rasa persatuan -- sing ing Indonesia rasa persatuan iku ing wektu iki durung wutuh satus persen -- rasa kabangsan lan sapanungalane. Pancene yen ndeleng ing televisi para selebritis nganggo basa Inggris, njur awake dhewe gumun, banjur ngudarasa kok pinter temen ya .
Sing nomer telu, gunane basa iku kanggo mahyakake (mengeluarkan ) pikiran, gagasan, pendapat. Apa yen wis bisa nganggo basa Inggris mesthi pinter ing babagan matematika, biologi, fisika, kimia, sejarah, ekonomi, ilmu bumi , tehnik computer lsp.
Ana crita, kanggo tetandhingan. Dhek nalika Jepang mlebu Indonesia, Walanda keplayu. Mlayune Walanda mau dieloki wong-wong Jawa sing nalika samana nyambut gawe marang Walanda. Sing dituju Australia. Neng Australia wong Jawa mau manggon pirang-pirang taun. Sesrawungan karo wong Australia nganggo basa Inggris. Ing kana, sarehne srawungan terus nganggo basa Inggris, mesthi wae pinter basa Inggris – ning, pegaweyane tetep mbabu (pembantu, PRT)—
Nalika jaman Hindhu, wong-wong Jawa bisa nggawe Candhi Borobudur sing kondhang, ora nganggo basa Inggris, ya ngadeg kanthi sampurna. Wong-wong Bugis bisa nggawe prau Phinisi kang bisa nglayari pitung samodra uga ora perlu nganggo basa Inggris.
Mula sing perlu dilakoni, sekolahan-sekolahan ayo dibeciki supaya maju. Kanthi cara :
1. Disiplin sing becik, guru lan utawa muride.
2. Jujur. Guru lan murid kudu jujur. Ora nurun kancane utawa sengaja dituruni dening gurune. Ora perlu kudu dadi juwara kanthi cara-cara kang ora becik (curang).
3. Sarana sekolahan kudu dibeciki,guru digatekake nasibe, gedhong sekolahan, buku pelajaran, ruang olah raga, computer. Murid lan guru kudu bisa ngakses lan kulina nggunakake internet .
4. Dutuwuhake sikap “selalu ingin tahu dan ingin maju”. Dituwuhake sikap dadi pioneer utawa “penemu” lan ngurmati marang “keberhasilane wong liya”. Lan uga dituwuhake watak ora gelem mbajak karyane wong liya.
5. Budaya “membaca” ditingkatake. Perpustakaan perlu ditambah buku-bukune.
Samene dhisik rasan-rasane. Piye ca komentar sampeyan , dak tunggu .

Sabtu, 04 Juli 2009

PSB On Line


Dinas Pendidikan Kota Surabaya nduweni kebijakan yen Pendaftaran murid baru saiki nganggo sistem on line. Ateges para calon murid saiki wis ora perlu gemrudug menyang sekolahan nggawa map isi thethek bengek sing dibutuhake kanggo ndaftar. Mesthi wae kabijakan sing kaya mangkono iku nuwuhake pro lan kontra. Sing "pro" seneng, amarga Dinas Pendidikan Kota wis nganggo sarana sing "intelek", lan mesthi wae wong-wong sing pro mau familier (kulina) nganggo sarana IT. Kanggone sing kontra rumangsa angel, ribet, ora ngerti carane lsp. Sanajanta ing web site wis dituduhake cara-carane nganggo, ndaftar, kapan, lan ing ngendi papan panggonane. Dilalah kersane Allah, PSB On-Line mau kok ya ngadat. Ora gelem mlaku. Sanajanta ing web site mau wis ditulis "PSB On Line masih dalam Perbaikan". Kahanan iki ndadekake saya kuciwane para calon wali murid sing arep ndhaftarake putrane. Akeh sing rumangsa bingung ndeleng kahanan mau.
Saiki kahanan sing kaya mangkono iku wis bisa diatasi.Lan PSB On-Line wis bisa mlaku kanthi lancar.
Apa tujuwane PSB on-line mau. Ing antarane wali murid wis ora bisa golek dalan mburi supaya putrane bisa mlebu ing sekolah sing dikarepake. Nanging apa iya ?
Sing perlu ditliti yaiku wektu sawise pendaftaran lan sawise masa orientasi sekolah utawa MOS. Saupamane cacahe murid mau padha karo wektu pendaftaran mesthi wae PSB on line iku dilakoni kanthi temen, nanging yen sawise MOS muride tambah......, ya iku aku sing ora ngerti ....

Pengikut

Matur Nuwun ...