Selasa, 11 Februari 2014

ARANE WAYAH




wayah dhuwur , jam 6 esuk
trenceng, jam 8 esuk
wisan gawe, jam 9.30 esuk
tengange. jam 11 - 12 awan
bedhug, jam 12 awan
luhur, jam 1 awan
lingsir kulon, jam 3 sore
asar, jam 4 sore
tunggang gunung, jam 5 sore
candhikala, jam 5.30 - 6 ( surup )
magrib, jam 6 bengi
Isya, jam 7 bengi
sirep bocah, jam 8 bengi
sirep wong, jam 10 bengi
tengah wengi, jam 12 bengi
lingsir wengi, jam 1 bengi
jago kluruk, jam 3 esuk
bang-bang wetan, jam 4 esuk
Subuh, jam 4.30 esuk
saput lemah, jam 5 esuk
repet - repet, jam 5.30 esuk
byar, jam 5.30 esuk

Wong Jawa duwe arane wayah sedina-suwengi kaya mengkono iku.

Djajoes Pete Leresipun, sawung kluruk punika kaping tiga. (1) Kluruk sepisan, watawis jam 1 dalu.Nanging namung setunggal kalih sawung ingkang kepireng kluruk. (2) Mekaten ugi kluruk ingkang kaping kalih, namung setunggal kalih sawung ingkang nyuwanten. (3) Kluruk pungkasan punika ingkang rame saut-sautan, wancinipun gagat enjang, jam 3 enjing.

Seratane mas Djajus Pete.

Minggu, 02 Februari 2014

NGA TELU.

Sangune wong tuwa mrentah utawa ngongkon marang anak kang wis diwasa iku “NGA TELU” yaiku, NGALAH, NGALIH, NGAMUK lire:

NGALAH, saupama wong tuwa prentah utawa ngongkon sepisan marang anak ora dilakoni, luwih becik wong tuwa ngalah. Anak kang wis gedhe utawa diwasa wis bisa mikir endi sing ala lan endi sing becik, endi sing enggal kudu dilakoni lan endi sing kudu disumenekake. Bocah jaman saiki lumrahe ngendelake kapinterane, ngedirake ngelmu anggone ngangsu ana ing sekolahan, lan rumangsa bisa mrantasi gawe tanpa pambiyantune wong tuwa.

NGALIH, prentah kaping pindho , si anak isih during gelem nglakoni sing dadi kekarepane wong tuwa, luwih becik wong tuwa ngalih. Ing tataran iki lumrahe wong tuwa wis cepak nesune. Mula kanggo njaga supaya anggone nesu ora kebanjur-banjur, luwih becik nyingkir saka papan kono.

NGAMUK, yen prentah sing kaping telu isih durung gelem nglakoni, wong tuwa kena ngamuk. Si anak cetha wis nglirwakake apa kang dadi kekarepane wong tuwa. Anak kena uga diarani wis ora ngajeni maneh marang wong tuwane maneh. Unen-unen jaman biyen, anak iku kudu manut miturut marang wong tuwa, nanging wong tuwa uga ora kena sakepenake dhewe mrentah marang anak, jer anak iku iku wis nduweni paugeran sing kadhang kala ora cocog karo wong tuwa.


Gambar saking : pixoto.com

Pengikut

Matur Nuwun ...