Senin, 06 Februari 2012

JAMURAN


Sumber gambar: http://www.jogjasmile.wordpress.com/


Jamuran, ya ge ge,
Jamur apa, ya ge ge ,
Jamur gajih mrejijih saara- ara,
Semprat- semprit jamur apa ?



Katrangan :
A nganti G iku upamane bocah-bocah padha ngadeg. G sing dadi ana ing tengah. A nganti F iku padha kagandhengan temu gelang sarta ngupengi G , banjur sing ngepung iku padha nembang lagu karo mubeng manengen. Bareng lagu tumeka : “semprat-semprit jamur apa”, anggone mubeng mandheg, apa maneh I kudu njawab pitakonan mau.
Upamane G muni : jamur lot wong, A nganti F padha pethalan anggone gandhengan karo enggal – enggalan sarta padha rangkulan utawa sikep-sikepan . G banjur agahan nguwalake sawijining bocah endi sing disiri. Yen bisa uwal, yaiku kang nggenteni dadi. Dene yen ora bisa uwal G dadi maneh, banjur wiwitan kaya sing uwis, mangkono bola- bali.
Yen G milih jamur “lot kayu”, bocah liyane padha nyikep kayu utawa cagak, G iya nguwalake bocah kaya ing dhuwur.
Yen G milih jamur “kendhil” bocah liyane padha ndhodhok prenca-prenca, yen ndhodhoke bocah loro kena didhepani G teka, endi sing ana kiwane genti sing dadi. Yen ora ana sing teka didhepani, banjur dijunjung endi sing disiri. Yen bisa kangkat, yaiku sing dadi.
Yen G milih jamur “emprit mabur” , bocah liyane padha mlayu, banjur dibledig G , endi sing kecekel, dadi. Nanging yen padha ndhodhok ora kena dicekel.
Yen G milih jamur “emprit mencok” iku kosok baline karo jamur”emprit mabur. Mungguh akehe bocah kena sageleme.

Kapethik saka : Serat Lagu Bocah –bocah, Prawirawinarta.

Jumat, 03 Februari 2012

RSBI KAYA NGAPA KABARE ?


Sekolah sing nganggo cap taraf internasional enggal-enggal iki lagi dadi sorotan. PGRI nalika konferensi kerja nasional ing Bandung ndhesek pamarentah supaya enggal-enggal tumindak ngenani asil evaluasi penyelenggaraan RSBI sing diwawas gagal.
Anggota Komisi X DPR, Raihan Iskandar kandha , mesthine pamarentah munjerake murih waratane kanggo ningkatake mutu pendidikan. Anggota DPR kasebut nduweni inisiatif arep ngrevisi UUNomer 20 taun 2003 ngenani Sistem Pendidikan Nasional , kalebu uga pasal sing ngatur RSBI /SBI, sing miturut Raihan malah nyimpangake arah pendidikan nasional. Pendidikan sing becik mutune kudune bisa dinikmati sakabehe warga Negara lan ora mbedak-mbedakake kaya saiki iki.
Apa sebabe RSBI iku larang ?
Mendikbud Mohammad Nuh kandha yen sumbangan saka masyarakat kanggo biaya pendidikan ana ing RSBI pancen larang, jalaran sumbangan wali murid 63 % saka asil bea sing mlebu. Nanging kanggo mengkone , sekolah RSBI ora kena narik dhuwit sageleme dhewe , jalaran wis diwetokake Permendikbud No 60 taun 2011 sing isine larangan ngenani tarikan dhuwit ing SD lan SMP. Kanthi dhasar ukum kasebut yen sekolah RSBI kepingin narik bea saka wong tuwa, kudu oleh pasarujukan saka pamarentah kabupaten / kota lan propinsi.
Kepriye mutune ?
Ing wektu iki M.Nuh kandha, yen mutune sekolahan RSBI rata-rata 12% - 15% luwih becik tinimbang sekolah SSN (Sekolah Standar Nasional).
Kahanan iki yen dibandhingake karo wragad sing ditokake dening wali murid kira-kira ora bandhing.
Kanggo mangerteni kabisane para guru nganggo basa manca ing sekolah RSBI, Kemendikbud ngranking biji nganggo Test of English for International Communication (TOEIC) para guru di sekolah-sekolah kasebut. Asile, durung maremake.Jalaran, saka atusan RSBI sa Indonesia apa iku SMP, SMA, lan SMK, mung sawetara sekolahan wae sing bijine maremake .
Kemendikbud ngranking 20 sekolahan saka urutan sing paling dhuwur . Kanthi cara grambyangan , para guru singnduweni biji TOEIC kurang saka 245 utawa biji paling endhek ana 6.607 wong. Tegese akeh guru sing bijine TOEIC-kurang maremake.Dene sing nduweni biji 300-345 ana 1.410 guru, biji 350-395 ana 851 guru, 400-445 anda 629 wong , 450-495 ana 398 guru. Biji sing paling dhuwur yaiku 10 guru sing oleh biji 900-945 poin.
Pira cacahe sekolah RSBI ?
Ing wektu iki cacahe sekolah sing nganggo label RSBI sa Indonesia : SD RSBI ana 263 unit, SMP RSBI 51 unit, SMA RSBI ana 359 sekolah, lan SMK RSBI ana 352 sekolah. Miturut Mendikbud Pamarentah ora nedya mbubarake RSBI , jalaran bab iki minangka amanat UU No 20 taun 2003 ngenani Sistem Pendidikan Nasional lan PP No 17 taun 2010 ngenani Pengelolaan dan Penyelenggaraan Pendidikan.
Mula saka iku , Dirjen Peningkatan Mutu Pendidik dan Tenaga Kependidikan (PMPTK) Baedhowi kandha , arep menehi beasiswa marang para guru RSBI. Yaiku nyekolahake para guru kasebut supaya nduweni title S2. Taun iki, program pendidikan S2 kasebut wis diwiwiti. Sasarane , kabeh guru RSBI kudu S2.

Kepriye Surabaya ?
Asil evaluasi sing dianakake dening Kemendikbud marang sekolah RSBI ing Surabaya ing wektu kapungkur pranyata ora ana sekolah RSBI siji wae sing asile maremake. Adhedhasar evaluasi kasebut Pemkot nyetop ora bakal nambah RSBI anyar.
Ing Surabaya dhewe, ing wektu iki ana 23 sekolah sing statuse RSBI. Peprincene, SMAN ana 8 sekolah, 3 SMA swasta, 7 SMKN, 3 SMPN, 1 SMP swasta dan 1 SDN.
Kanthi kawicaksanan iku, anggaran kanggo pendidikan taun 2012 di alokasekake dening Pemkot Rp. 1.364.980.741.083. Dana iki mudhun dibanding taun sedurunge.

Sumber : Lensa Indonesia.com ; Republika.co.id ; Kompas.com

Pengikut

Matur Nuwun ...