Sabtu, 13 April 2019

MULA BUKANE SUMBER UMBUL MEDIUN.


Nalika Sunan Kalijaga kautus Sunan Ngampel, kautus nerangaken dhateng Bathara Katong anggenipun bedhah Panaraga mawi mbeta rencang sekawan iji, wektu bedhug Sunan Kalijaga kendel lenggah wonten sela tengah wana, lajeng mejang ngelmi dhateng rencang sekawan wau. Rampung anggenipun mejang mireng suwanten nangis; sareng dipunpadosi wonten ngandhapipun sela ingkang dipunlenggahi;  sareng kabrengkal ingkang nangis cacing. Lajeng kadangu: kowe cacing kok dadi nangis. Cacing matur : mila kula saged nangis amargi mireng anggen sampeyan mejang ngelmi dhateng tiyang sekawan punika; sapunika ugi kula nyuwun dados manusa.
Sunan Kalijaga lajeng ndedonga nenuwun dhumateng Ingkang Maha Sukci,  katrimah panyuwunipun: wau cacing dados manusa setri langkung ayu: mumbulipun cacing ingkang dados manusa labetipun medal sumberipun; mila kawastanan SUMBER UMBUL , awit sapunika kangge tirahanipun tiyang ingkang sami sakit; utawi kangge sadrananipun tiyang-tiyang ingkang ngemum sawabipun Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga lajeng dhawuh dhumateng putri sangking cacing wau : kowe bakal dadi ratu ana kene, sarta maneh antara dina aku bakal kirim bocah loro : yen wis teka pilihen;  yen kowe milih sing tuwa sing nom dadekna patih : yen kowe milih sing nom sing tuwa dadekna patih; lan maneh aku meling besuk manawa ana wong njaluk banyu kanggo ngombe inggal wenehana ; wis aku takterus ing Panaraga. Sakpengkeripun Sunan Kalijaga sang putri  cacing katrajang peteng ngantos pitung dinten, sareng sampun pajar wau wana dados kraton.
Antawis dangu putri  cacing kadhatengan tiang kalih iji bagusipun sami; ingkang sepuh nami Setrawijaya, ingkang nem nami Setramiruda sami remen dhateng putri  cacing, perkewet anggenipun badhe ngarah.
Setramiruda lajeng damel serat palsu, cariyos menawi piyambakipun tampi serat saking sabrang ler : ungelipun serat panantang sampun sami perek wonten batil ; lajeng Sastrawijaya lan Sastramiruda  sami lumampah dhateng batil , lajeng perangan sami rencangipun piyambak ; Setrawijaya kawon  lajeng ambles dahteng siti lajeng katututi  klayan Setramiruda boten kecandhak ; mila batil wonten guwanipun. Lajeng wangsul dhateng pondhokan . Sareng dhateng pondhokaan wonten tiyang setunggal , sareng dipuntakeni ngaken anakipun Kyahi Ageng Bayat. Naminipun Nerangkusuma , perlonipun dhateng ing mriku badhe suwita ratu enggal. Setramiruda cariyos boten katampi , lajeng nedha toya badhe dipunombe , boten angsal, lajeng dhateng sumur timbanipun boten wonten, sumuripun lajeng dipuntepang  klayan Nerangkusuma , lajeng nggoling,  mila name SUMUR GUMULING.
Nerangkusuma lajeng mlampah mengilen, lajeng kendel wonten ing wana damel pondhokan. Sareng sampun dados , Nerangkusuma lajeng seda ; mila kendel lan kawastanan dhusun PONDHOK .
Boten antawis dangu Suna Kalijaga rawuh saking Panaraga mundhut toya dhateng putri cacing kangge ngunjuk boten angsal. Lajeng dhawuh dhateng putri cacing ; kepriye dhawuhku biyen ? Aturipun putri cacing : kesupen.
Sunan Kalijaga dhawuh malih malih : uwis yen mengkono wong wadon , biyen asalmu dadi cacing saiki balia dadi cacing maneh. Mila kawastanan dhusun CACINGAN.
Sunan Kalijaga lajeng mengaler kendel, sareng kengetan lajeng dhawuh : iki kraton maune alas saiki ilang dadia alas maneh.
Mila kendelan wau kawastanan KELINGAN labet kraton kawastanan dhusun GELANG.


Dongeng ing dhuwur iku kasebut ana ing laporan Dinas Purbakala Walanda 1905-6 . Ing bab afdeling Madioen  residentie Madioen, district Oeteran, Padoekoehan Gelang, desa Dhaha.
Ing jaman biyen Sumber Ngumbul iku banget wingite, malah dicritakake manawa ana manuk mabur ing sadhuwure Umbul sanalika ceblok, mati. Ing pendhak sasi Sura dianggo nyadran wong-wong ing sakiwa tengene. Pitakone : apa jeneng-jeneng desa utawa panggonan kng disebutake iku saiki isih ana ?
Yen panjenengan arep tindak mrono, gampang. Saka kutha Mediun ngidul , teka pos pulisi Ngumbul menggok ngiwa. Ora adoh saka dalan gedhe Madiun – Panaraga. Saiki jenenge diowahi dadi Madiun Umbul Square. Mangka square  tegese lapangan, jarene.  

Pengikut

Matur Nuwun ...