Selasa, 26 Februari 2019

PRASASTI TANGKILAN



Prasasti Tangkilan mapan ana ing dhukuh Tangkilan, desa Padangan, kecamatan Kayen Kidul. Biyene desa iki kalebu kecamatan Pagu, kabupaten Kediri. Wong-wong ing desa kono ngarani prasasti kasebut kanthi jeneng Mbah Gilang utawa Pundhen Mbah Gilang. Papan iki lumrah kanggo nyadran wong-wong ing sakiwa tengene kono. Tembung gilang dhewe tegese sumorot utawa gilap. Watu gilang tegese watu kang leter gilap lumrah kanggo lungguh nalika mertapa.

Prasasti iki ditemokake nalika jaman Walanda dening Mbah Surakarsa, mbahe mbak Atik Supadmi kang minangka juru rumat sing saiki. Prasasti iki manggon ing tengah tegalan, banjur digeret (diangkat) 10 -20 meter saka papan sing saiki nganggo sapi 12 pasang. Kanthi tambahing warga papane prasasti iki wis dikupengi omah. Manggone ana ing buri daleme mbak Atik mau.
Cathetan ditemokake prasasti mau kaya kang dilaporake dening J.Knebel (1908), unine mangkene :
(Distrikt Papar)
Desa Pandangan
Doekoeh Tangkilan

In het midden van de tegalan troffen we aan een zoogenaamde beschreven steen, plat neerliggend in het zand.
Geen enkele letter is er meer op te onderscheiden.
De steen staat op een lotuskussen; het kussen ligt op eene steenplaat, en de steenplaat op een inzetstuk.
Hoog 1.64 M; breed van boven 0.94 M, beneden 0.79. Lotuskussen, plaat en pen, hoog 0.58 M.
Dikte van den steen 0.36 M.
Aan dezen steen wordt op geenerlie wijze eer bewezen.


Ing kono mung ana katrangan Prasasti Tangkilan (1130 M). Yen ditlusur taun iki padha karo taun 1052 Ç. Tinggalan krajan Kadhiri. Nalika samana kang jumeneng ratu yaiku Prabhu Bameswara kang jejuluk Çri Mahārāja Çri Bāmeçwara Sakalabuaņatuşţikāraņa Sarwwāniwāryyawiryya Parakrama Digjayottunggadewa.

Isi prasasti tinulis ana ing ngarep, buri sarta iringan watu. Emane, kahanan tulisan wis akeh banget sing ora bisa kawaca. Apa unine prasasti durung bisa kawiyak. Prasasti iki saiki wis dipageri, dipayoni seng, dadi wis ora kudanan lan kepanasan maneh.

Minggu, 24 Februari 2019

WATU GAJAH




 Watu Gajah mapan ana ing tengah alas Perhutani, cedhak dhukuh Sumber Bage (Sumber Bahagia) desa Gadhungan, kecamatan Puncu, Kabupaten Kediri. Saka Pare tumuju menyang Wates. Sawise teka ing desa Gadhungan, dalan Mangir menggok ngiwa. Mlebu desa nganti notog,  banjur mlebu alas Perhutani. Sadurunge mlebu alas, becik mundhut priksa menyang warga Sumber Bage (Sumber Bahagia) supaya ora kesasar.
Watu Gajah iki arupa watu andhesit, sing gedhene padha karo gajah. Wujude kaya gajah kang lagi mlaku ing sisihe ana anake. Wujud iki asli saka alam, apa gaweane manungsa ora ana sing meruhi. Miturut wujude cetha yen watu gajah iki gaweane manungsa. Mung kapan lan sapa sing ngukir ora ana sing ngaweruhi. Ora ana tulisan apa cathetan kang bisa ngandharake.
Miturut wong-wong kang dedunung ing sacedhake alas kono, papan iki kanggo nyadran. Dongenge, dalan ing sacedhake kono biyene asring diliwati cikar. Saben-saben cikar mau liwat kono mesthi nggoling ketatap watu. Bareng didhudhuk dening warga kono pranyata watu mau wujud gajah kaya kang kacetha ing gambar.

Sabtu, 23 Februari 2019

CANDHI DOROK.



Candhi Dorok mapan ana ing dhusun Dorok, desa Manggis, kecamatan Puncu, kabupaten Kediri. Candhi iki ditemokake nalika taun 1996 dening Pak Tumidi, nalika dheweke arep nandur mlinjo ing pekarangane. Dhek semana, nalika Pak Tumidi lagi nggawe juglangan, pacule mbentus batabang. Sawise ditlusur, pranyata batabang mau, awujud candhi. Pak Tumidi dibarengi prangkat desa banjur lapor menyang Dinas Purbakala. Saiki Pak Tumidi dipatah njaga lan ngrumat candhi mau.

Candhi iki kapendhem maabad-abad ing jero lemah, kira-kira saka bledhosane gunung Kelud. Pancene dhusun Dorok iki cedhak banget karo gunung Kelud. Dideleng saka cakrik lan material candhi, para ahli purbakala ngira-ira candhi iki digawe ing abad 10 Masehi. Kira-kira jaman Majapaitan, uga bisa luwih. Saka lumahing latar nganti dhasaring candhi udakara 3 meteran. Alang lan ujure candhi udakara 4 x 4 meter. Panjenengan bisa mudhun liwat tlundhakan nganti teka dhasaring candhi.

Candhi Dorok iki kalebu candhi pamujan, dudu candhi kang kanggo nyimpen awu utawa jenazah ratu. Ukiran utawa relief sethithik banget kang bisa dikaweruhi. Ing bagean tengah wis katon bengkah.

Yen panjenengan kepingin mriksani candhi iki gampang. Saka kutha Pare, tindak menyang jurusan Kepung. Sawise teka pratelon Naba (Nobo) menggok nengen. Kira-kira  3,5 km saka kono wis teka dhusun Naba (Nobo). Saka dalan gedhe banjur menggok nengen kira-kira 200 meter.

Pengikut

Matur Nuwun ...