Minggu, 24 Januari 2010

TIBAN, UPACARA NYUWUN UDAN


Warga desa Jajar Kecamatan Gandusari Kabupaten Trenggalek nduweni adat tiban. Upacara iki minangka sarana nenuwun marang Gusti Allah supaya diparingi enggal udan. Upacara iki ana wiwit jamane mbah-mbah biyen turun – temurun nganti saiki.Upacara iki dianakakake nalika mangsane ketiga dawa. Desa Jajar mapan ing pegunungan. Sajroning mangsa ketiga warga ing desa Jajar kangelan golek banyu. Sumber-sumber utawa tuk-tuk padha asat, suket padha garing , kayon padha rontok.

Para among tani ora bisa nenandur, kamangka panguripane warga desa kono sing paling akeh padha tetanen. Sawah –sawah ora ana oncoran utawa ilen-ilen saka kali, dadi mung tadhah udan. Apa maneh ketiga ngerak , utawa ketiga dawa, sangsaya sangsara panguripan ing desa mau. Kahanan kaya mangkono iku diarani mangsa paceklik. Mula warga desa padha nenuwun marang Kang Maha Kuwasa supaya diparingi udan kanthi upacara tiban


Sadurunge upacara tiban dianakake rembug warga, andum gawe, sapa-sapa sing kapatah nggolek ubarampene upacara. Kayata golek sada aren (sing arane kadi ), ubarampe paling pokok ing upacara tiban. Sada aren mau dienam , digawe pecut sing diarani ujung. Para warga padha sayuk rukun gotong royong nyambut gawe, ora ana sing sulaya. Kabeh padha tumandang . Pancen rasa manunggal lan rasa gotong royonge warga isih diuri-uri lan dilestarekake nganti saiki.

Yen ana warga sing mbutuhake pitulungan , ora kabotan warga liya padha urun pitulungan.
Ing dina sing wis ditemtokake para warga padha menyang lapangan (ara-ara). Kajaba sing dadi paraga tiban, utawa jago sing bakal tarung, akeh wong-wong sing padha nonton. Sabanjure panitia utawa plandhang (uga sebutan kanggo paraga sing ngatur ing pagelaran tayub) wiwit mbukak acara.

Diwiwiti ana pawongan loro utawa jago maju ing tengahing kalangan. Jago mau dijupukake saka papan kosok balen, upamane jago saka desa sisih lor dimungsuhake jago saka desa sisih kidul. Sisih wetan dimungsuhake sisih kulon. Nanging para warga sing nonton uga diolehake tarung ing antarane sing padha nonton.
Sadurunge tarung diwiwiti, plandhang menehi katrangan tata carane tarung. Perangan-perangan awak sing kena dipecut lan ora . Para jago kudu bisa mecut bageyan dhadha. Para jago mau mung oleh mecut kaping telu. Jago-jago mau banjur diwenehi pecut. Tarunge mung ligan bae, ora nganggo klambi kanthi diiringi gamelan sing prasaja bae kedadean saka kendhang, saron lan kanggp gonge (kenthongan) sing digawe saka pring.

Tarunge diwiwiti kanthi salaman dhisik, mengkono uga sabubare tarung uga dipungkasi salaman., supaya aja nganti ana sing lara ati ing sanjabane kalangan. Yen ana jago sing kena pecut, sing padha nonton banjur surak rame.
Kanggone warga desa upacara tiban sejene kanggo sarana nenuwun uga kanggo ngramekake kahanan padesan sing saben dinane tansah sepi.

Kamis, 14 Januari 2010

SAPA SING BENER ?

omong,
sapa wae bisa ngomong
sapa wae bisa ngomong apa wae
lamun akeh sing ngomong, omong bisa dadi bener
yen sethithik sing ngomong , omong bener bisa dadi ora bener sanajanta omong bener ora mesthi akeh sing kudu ngomong
kanggone sing rumangsa bener , sanajanta omong sing ora bener, kudu dadi bener apa maneh ngomong bener
omong liya, dudu omong bener sanajanta omong mau bener
sing bener ora kudu ngomong
yen ora ngomong, ora bener
bener ora bener kudu ngomong
ngomong bener apa ngomong ora bener
sapa sejatine sing ngomong bener ?

surabaya, 150110

Senin, 11 Januari 2010

Sengkalan (6).

Tembung-tembung kang dianggep nduweni watak wilangan.

1. Watak siji.
a. Tembung kang nduweni teges “ siji” kayata : iji, wiji, tunggal, tunggil, eka, juga.
b. Tembung kang nduweni surasa mung siji, kayat : jati (sajati, sejatos), nyata (sanyata), yekti (sayekti, sayektos), Gusti, lsp.
c. Jenenge perangane awak sing cacahe mung siji, kayata : dhara (weteng), nabi (wudel), iku (buntut).
d. Barang sing awangun bunder, kayata : bumi, srengenge, rembulan lsp. Bunder iku dianggep wungkul, tegese isih wutuh siji.
e. Wong lan dasaname, kayata : wong, manungsa, janma, jalma.
f. Rerimbagane tembung-tembung kang kasebut ing a nganti e.

2. Watak loro.
a. Tembung-tembung kang ateges “loro”, kayata : loro, kalih, dwi.
b. Tembung-tembung kang ngemu surasa “loro” , kayata : kembar, penganten, kanthi lsp.
c. Perangane awak sing cacahe loro, kayata : tangan, suku, swiwi, lar, lsp.
d. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti c.

3. Watak telu.
a. Tembung-tembung kang nduweni teges telu “telu”, kayata : telu, tiga, tri.
b. Geni lan dasanamane, kayata : geni, bahni, pawaka, lsp. Ujaring kandha leluhure Ijajil iku asorot warna telu : abang, kuning, lan biru.
c. Kahanane geni lan kang gegayutan karo geni, kayata : panas, murub, padhang, geseng, kukus, sorot, obor, lsp.
d. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti c.

4. Watak papat.
a. Banyu lan dasanamane (tirta, warih, udaka lsp). Ujaring kandha , banyu iku ana warna 4 (banyu saka bumi, saka langit, saka manungsa, saka kewan)
b. Tembung-tembung kang ateges 4 , kayata : papat, sekawan, catur.
c. Kahanane banyu, kayata : bening, suci, tawa, lsp.
d. Kang ngemu surasa banyu lan sing isi banyu, kayata : bun, jawah, seganten, tlaga, sumur, lsp.
e. Kang ateges “gawe, karya” , kayata : gawe, karti, kardi.
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

5. Watak lima.
a. Tembung-tembung kang nduweni teges “lima” , kayata : lima, gangsal, panca, Pandhawa.
b. Buta lan dasanamane , kayata : danawa, yaksa, ditya, raseksa, lsp. Buta iku kalebet pancabaya, tegese bebaya warna lima 5, yaiku : bebaya saka dewa, saka manungsa, saka kewan, saka raseksa.
c. Angin lan dasanamane, kayata : samirana, bayu, maruta, lsp. Karimbag saka “pancaroba” = angin saking 5 panggonan ngerobi, yaiku angin saka keblat 4 lan saka ndhuwur. Utawa karimbag saka “pancarowa” , angin saka 5 panggonan awor dados dadi siji.
d. Jemparing lan dasanamane (panah, sara, hru, lsp) . Jemparing iku kalebu gegaman kanggo pancakara (perang) sing ateges nindakake 5 perkara, yaiku : mara cangkem, mara tangan, mara sikil, mara bandhem, mara gegaman.
e. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti d.

6. Watak nenem.
a. Tembung-tembung sing ateges nenem, yaiku : nenem, sad.
b. Jenenge kewan asikil nenem (sadpada), kayata : kombang, tawon, anggang-anggang, lsp.
c. Kang ngemu surasa 6 , kayata : naya, winayang (mangsa 6 ), retu (saretu = 6 taun).
d. Tembung-tembung : geger, oreg, oyag, obah, gonjing, moyag-mayig, karimbag guru jarwa karo retu.
e. Jenenge rasa , sebab rasa iku ana 6 warna (sad-rasa) yaiku : rasaning pandulu, pangganda, pangrungu, pangenyam, panggrayang, lan sara sejati ( bungah, susah, tentrem, lsp). Nanging kang lumrah dianggo sengkalan : sarkara lan dasanamane (manis, legi).
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

7. Watak pitu.
a. Tembung-tembung kang ateges “pitu” , yaiku : sapta, pitu.
b. Gunung lan dasanamane (wukir, parwata, aldaka, lsp) . Miturt laying Darmasonya ing antariksa ana jagat jeneng “sapta prawata” (ateges gunung pitu) , dienggoni para dewa lan resi gana. Ing sadhuwure jagat iku dununge jagate Bathara Wisnu.
c. Turangga lan dasanamane (kuda, kapal, aswa, lsp).
d. Pendhita lan dasanamane (wiku, muni, suyati, lsp). Miturut laying Pustakarajaputrwa, Prabun Sri Mahapunggung jumenenge nata ajejuluk Nata Binathara Sri Maharaja Kano seneksen dewa 9, brahmana 8, pandhita 7, mula dewa awatak 9, brahmana 8, pandhita 7.
e. Swara dianggep nduweni watak 7, sebab cacahe aksara swara Jawa ana 7, yaiku : a, I, u, e, o, e, re, le.
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

8. Watak wolu.
a. Tembung-tembung kang nduweni teges wolu , kayata : wolu, astha.
b. Wasu (basu), sebab cacahe wasu (jinising dewa) ana wolu, yaiku : 1. Dara, 2. Druwa, 3. Soma (Candrama), 4. Anila (Swasana), 5. Anala (Hutasana) , 6. Pratusya, 7. Aha, 8. Prabasa (Drahyu). Kabeh iku lumrah disebut Asthabasu.
c. Gajah lan dasananmane (liman, esthi, dirada, lsp) sebab “Nagaraja” kejaba ateges retuning naga (sawer) uga ateges ratuning gajah.
d. Naga lan dasanamane (ula, taksaka, sawer), karimbag guru-dasanamane karo “basu”, sebab tembung “ basu” uga ateges ula.
e. Pujangga (bujangga), sebab kajaba ateges wong kang wasis ing babagan basa lan karangan , tembung “Pujangga (Bujangga)” uga ateges ula. Ana maneh sebabe pujangga awatak 8, amarga pujangga kasinungan limpad (kapinteran) warna wolu : 1. Awicarita (wasis crita, ndongeng), 2. Mardawalagu (wasis ing babagan tembang lan gendhing), 3. Mardawa basa (wasis ing babagan dasa mardu-mardawa), 4. Mandraguna (wasis ing babagan kagunan warna-warna), 5. Parameng sastra (ahli ing babagan sastra, ahli basa), 6. Parameng kawi (ahli ing babagan reriptan, ahli ngarang), 7. Nawung kridha (alus rasa pangrasane nganti bisa nanggapi marang krentege atine wong liya), 8. Sambegana (utama banget uripe).
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

9. Watak sanga .
a. Tembung-tembung kang nduweni teges 9 yaiku : sanga, nawa.
b. Dewa lan dasanamane (jawata, lsp)
c. Tembung kang nduweni surasa “bolong , mlompong, ora rapet”, kayata : dwara, wiwara, gapura, dalan, rong, leng, song, guwa, babahan lsp. Sebab babahane babahan ana sanga, yaiku : bolongane irung 2, mripat 2, kuping 2, lesan 1, planangan (pawadonan) 1, dubur 1.
d. Kang gegayutan karo kang ngemu surasa bolong, kayata : butul, mbuka, menga, manjing, mlebu, terus, rumasuk, lsp.
e. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti d.

10. Watak das.
a. Tembung-tembung kang surasa “ora ana” utawa “wis ora ana” utawa “wis ora wutuh” kayata : mati, ilang, sirna, tanpa, datan, telas, nir, brastha, surud, sempal, swuh, ruska, lsp.
b. Langit dan dasanamane (akasa, gegana, dirgantara, ngawiyat, lsp) sebab langit (sing awarna biru) salugune ora ana.
c. Sing ngemu surasa “ing langit” , kayata : dhuwur, luhur, inggil.
d. Kang ngemu surasa “ngener langit “ , kayata : mumbul, muluk, kombul, mesat, mletik, tumenga, lsp.
e. Suwarga , sebab ing pangrasa dununge suwarga iku ana ing ndhuwur.
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.





Tembung-tembung kang watak wilangane mbingungangke .
Akeh tembung sing watak wilangane bisa mbingungake , kayata :

1. Estri, watak 3, guru wanda karo “tri”, ateges 3. Wanita watak 1, guru wanda karo “awani”, ateges srengenge.

2. Mulat watak 2, karimbag guru karya karo mripat. Uninga watak 3, karimbag guru dasanama karo obor.

3. Marga watak 5, karimbag guru wanda karo margana, ateges jemparing. Dalan watak 9 , karimbag guru jarwa karo terus, bisane “terus” jalaran ana dalane.

4. Mulang watak 7 , karimbag guru karya karo pandhita (Mulang iku pakaryane pendhita, ing jaman biyen). Misik watak 5 , karimbag guru-dasanama karo angin. (wisikan = angin).

5. Gana watak 6, karimbag gur warga karo sadpada (kewan asikil 6). Gegana watak das, karimbag guru dasanama karo langit. (gana = anak tawon).

6. Nata tembung lingga ateges ratu, watak 1. Karimbag guru dasanama karo raja. Nata tembung tanduk (an + tata) watak 5 , karimbag guru dasanama karoangin (tata = angin).

7. Muni watak 7, karimbag guru dasanama karo pendhita. Caturan watak 4, karimbag guru wanda karo catur. (Catur tembung Kawi = 4 ).

8. Suta watak 1, karimbag guru-dasanama karo anak, atmaja. Yoga watak 4, sebab yoga iku nduweni teges “jaman”, lan ing jaman iku ana 4 : 1. Kretayoga, 2 Tirtayoga, 3. Duparayoga, 4. Kaliyoga.

9. Ati watak 1, karimbag guru dasanama karo tyas. Nala watak 3, karimbag kari guru dasanama karo geni. Nala, anala = geni. Driya watak 5, karimbag guru guru wanda karo pancadriya.

Jumat, 08 Januari 2010

KAPAN ?

lempeng,
lakuning lintang ing awang-awang tanpa giwang
tumata, tanpa tidha-tidha
tanpa owah wegah oncat saka dalan kang tanpa prenah
katon endah

onya,
lakuning manungsa ing alam donya
gawe gendra udreg-udregan tanpa tanja
dadi pepucuking uru-ara , kanggo sapa ?
duraka ngambra-ambra
adoh saka kang gumantung jroning dhadha

perkara,
sumber dahuru
tansah mili lumintu
datan ngetung wektu

lebur,
jujur sanajan wis teka lawanging kubur
kalimput ati peteng ngregemeng kebrukan gunung geneng

kapan,
culika katiyuping samirana ?


surabaya, 10012010.

Selasa, 05 Januari 2010

Sengkalan (5)


Pangrimbage Tembung –tembung sing di anggo sengkalan.

Pangrimbage tembung-tembung sing dianggo sengkalan ana wolung warna, siji-sijine mawa tembung GURU. (Guru = patokan, wewaton, paugeran).

1. Guru dasanama , awewaton dasanama yaiku tembung sing padha tegese , dianggep padha watak wilangane , kayata : langit karo awang-awang, padha dene watak das (nol).

2. Guru sastra , awewaton sastra (tulisan). Sing tulisane padha dianggep watak wilangane padha , kayata : esthi tegese gajah nanging uga nduweni teges sedyaning ati, dianggep watak wilangane padha, padha dene nduweni watak 8.

3. Guru wanda , awewaton wanda (suku kata). Sing nduweni wanda padha dianggep padha watak wilangane, kayata : dadi, karo waudadi (segara), padha dene watak 4.

4. Guru warga, awewaton warga . Sing tunggal warga (golongan), dianggep watak wilangane padha, kayata : menyawak , karo cecak, tunggal warga kewan rumangkang (reptile), dinggep padha watak wilangane , padha dene 8.

5. Guru karya , awewaton karya (pakarti). Barang (perangane awak) karo pakartine dianggep padha watak wilangane, kayata : mripat karo mandeng, dinggep padha watak wilangane , padha dene 2 (mandeng iku pakartine mripat).

6. Guru sarana, awewaton sarana. Barang karo saranane (sarana kanggo apa, piranti kanggo apa) dianggep padha watak wilangane, kayata : jemparing karo perang, padha dene nduweni watak 5. (Jemparing iku srana kanggo perang).

7. Guru darwa, awewaton darwa (darwa = kahanan, watak, sipat). Barang karo darwane (watake) dianggep padha watak wilangane kayata : geni karo panas padha dene nduweni watak 3. (Panas iku darwane (sipate ) geni.

8. Guru jarwa , awewaton jarwa (maksude jarwa rasa). Tembung karo jarwane (jarwa rasa) dianggep padha watak wilangane, kayata : geger karo obah (oreg), padha dene nduweni watak 6. Geger iku ngemu surasa obah. Saupamane ana gunung njeblug, wong wong padha obah (oreg) bingung pating bilulung, satemah nuwuhake geger. Yen wong-wong padha meneng bae, ora padha obah (sanajanta ana gunung njeblug) , mesthi ora geger.

Pamrayoga :
1. Nganggoa tembung-tembung sing lumrah dianggo sengkalan, aja nganti migunakake tembung sing angel ditegesi dening wong liya.

2. Aja nganti migunakake tembung sing mbingungake watak wilangane.

3. Ukara sengkalan sing becik iku sing surasane bisa mranani, tegese : surasane ukara sengkalan bisa salaras karo bab (kedadean) sing disengkalani.

4. Ukara sengkalan sing mranani iku bisa ngemu surasa : kekudangan, pangarep-arep, pangalembana, pamuji, panacat, panalangsane ati, lsp. Mawa-mawa (nurut) sing disengkalanii.

Pengikut

Matur Nuwun ...