Rabu, 23 November 2011

Purwakanthi

Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.
Tuladha :
Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
Ana dina ana upa, ana awan ana pangan
Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula
Pak Kreta, nunggang kreta mudhun kreteg Kretasana.

Ing ukara kasebut ana swara kang runtut saengga kepenak dirungokake yaiku swara “ur”. Ana ing ukara kapindho ana swara kang runtut yaiku swara “a” lan swara “ an”.
Ing ukara nomer telu lan papat sing runtut aksarane (tulisane) utawa sastrane. (ka lan la )
Purwakanthi ana werna telu yaiku :
1. Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane.
2. Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.
3. Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa : yaiku purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake. Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara.


PURWAKANTHI GURU SWARA
1. Ana catur mungkur, ana bapang nyimpang.
2. Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon. Aja banter-banter mundhak keblinger.
3. Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati.
4. Yen gelem obah bakal mamah.
5. Anak polah bapa kepradhah (paribasan)
6. Apik kemripik nancang kirik (paribasan).
7. Ati bengkong oleh oncong (paribasan)
8. Bacin-bacin iwak, ala – ala sanak (paribasan).
9. Bandhol ngrompol (paribasan).
10. Buntel kadut ora nginang ora udut (paribasan).
11. Calak cangkol, kendhali bol, cemethi tai (paribasan).
12. Ciri wanci lelai ginawa mati (paribasan).
13. Gajah ngidak rapah (paribasan).
14. Gemblung jinurung, edan kuwarisan (Paribasan).
15. Keplok ora tombok.
16. Kumenthus ora pecus (paribasan).
17. Mengkak – mengkok ora wurung ngumbah popok. (paribasan).
18. Opor bebek mentas awake dhewek.
19. Londho – londho walang sangit nggendhong kebo (paribasan).
20. Sadawa – dawane lurung isih dawa gurung (paribasan).
21. Tuna satak bathi sanak (paribasan).
22. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.
23. Wastra bedhah kayu pokah (paribasan).
24. Anut grubyug ora ngerti ing rembug (paribasan).
25. Wong busuk ketekuk, wong pinter keblinger.(paribasan).
26. gumarenggeng anggereng anggeng gumrunggung (Wedhatama)



PURWAKANTHI GURU SASTRA
1. Para mudha kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon.
2. Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.
3. Sing sapa salah bakale seleh.
4. Durung acundhuk acandhak (paribasan).
5. Garang nanging garing (paribasan).
6. Sanajan ora keris yen keras (paribasan).
7. Sluman slumun slamet.
8. Yen tan mikani rasa, yekti sepi asepa lir sepah samun (Wedhatama).
9. Saya elok alangka longkanganipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang si pingging (Wedhatama).
10. Kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing maruta, (Wedhatama).


PURWAKANTHI LUMAKSITA
1. Lela lela linali saya kadriya, driyasmara marang risang kadi Ratih, Ratih ratu ratuning wong Cakrakembang, kembang wijayakusuma asih mring kula.
2. Bung – bung pait bung pait kuwihe maha, maha-maha lintrik cah cilik digondhol kirik, kirik-kirik belang nyang pawon kesiram wedang, wedang – wedang bubuk kemriyuk gulane remuk.
3. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam donya. (wangsalan).
4. Witing klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja. (wangsalan).
5. Bayem arda, ardane ngrasuk busana. Mari anteng besuse saya ketara (wangsalan).
6. Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada (Kalatidha).


Katrangan :
Laksita = laku, kalakuan.
Lumaksita = lumaku.
Bapang = blabag njepapang dipaku ing cagak (dianggo tetenger nuduhake dalan, katrangan jenenge desa lsp.
Kepradhah = diukum
Oncong = urubing obor.
Bandhol = gegedhuge wong ala, maling lsp.
Kadut = karung
Rapah = pasangan, jebakan.
Wastra = jarit
Garang = gagah, sugih
Pingging = bodho
Sirung = peteng singup
Driya = tuking pangrasa, ati
Wreksa = kayu
Wilis = ijo
Patra = lenga
Arda = pangangsa-angsa, hawa nepsu, murka

Kamis, 10 November 2011

Candrasengkala (9)

Atur wangsulan dhumateng ibu Ana ingkang putranipun Insya Allah badhe lair Ing taun 2012 Masehi.
Cara pangrakitipun sengkalan :
2012 dipun walik 2102

Tembung-tembung ingkang ngandhut angka taun 2102 inggih menika :
2 = Kanthi, kinanthi; rena =seneng, kasmaran, asmara; dwi
1 = Kenya; surya; sudira = kendel, tyas = ati, putra
0 = Jati; sayekti; luhur
2 = Kanthi, kinanthi; rena =seneng, kasmaran, asmara; dwi

Dadosing nami ingkang ngandhut sengkalan saged kula aturaken kados makaten :
1. Dwi Putranta Jati Asmara.
2. Dwi Surya Jati Asmara
3. Dwi Putranta Luhur Asmara.
4. Dwi Putranti Jati Asmarani.
5. Renaningtyas Jati Asmarani .
6. Renaningtyas Jati Asmaranti.
7. Kinanthi Tyas Jati Asmarani.

Katrangan :
1. Angka 1 ngantos 3 menawi putra kakung
2. Angka 1 ngantos 4 menawi putra menika kaleres dhawah nomer kalih.
3. Tembung Putranta, putranti tegesipun anakmu.
4. Tamtunipun ukara ing sengkalan kaliyan kangge nami wonten bedanipun, menawi sengkalan tembungipun saged mardika dipunparingi ater-ater, seselan lan sanesipun, menawi name limrahipun cekap lingganipun.

Rabu, 28 September 2011

Tembang Dolanan (2)



Tegese tembung :

pendhisil : pating brenjul metu.
lengkong : tikungan, enggok - enggokan.

Serat Sabdatama


GAMBUH.

1. RAsaning tyas kayungyun, angayomi lukitaning gambuh, gambir wana kalawan eninging ati, katenta kudu pitutur, sumingkiring reh tyas mirong.

2. DEN samya amituhu, ing sajroning jaman kalabendu, yogya sami nyenyuda ardaning kapti, kang nenuntun mring pakewuh, uwohe panggawe awon.

3. NGAjapa tyas rahayu, ngayomana sasameng tumuwuh, wahanane ngendhak angkara kalindhih, ngendhangken pakarti dudu, dinuwa tibeng doh.

4. BEda kang ngaji pupung, nir waspada rubedane tutut, akekinthil tan anggap anggung tut wuri, tyas riwut rawat dahuru, korup sinerung ing goroh.

5. Ilang budayanipun, tanpa bayu weyane ngalumpuk, saciptane wardaya ambebayani, ubayane ora payu, kari kataman pakewoh.

6. RONG asta wus katekuk, kari ura-ura kang pakantuk, dhandhang gula lagu palaran prayogi, ngleluri para leluhur, abot sihing swami karo.

7. GAlap gangsuling tembung, ki pujangga panggupitanipun, rangu – rangu pamanguning reh harjanti, tinanggaping prana tambuh, katenta nawung prihatos.

8. WARtining para jamhur, pamawasing wasita tanpa wus, wahanane jaman owah angowahi, yeku sangsaya pakewuh, ewuh aya kang linakon.

9. SIdining kala bendu, saya ndadra ardaning tyas linut, nora kena sinirep limpading budi, lamun durung mangsanipun, malah sumuke angradon.

10. TAtanane tumuruntun, panuntuning tyas angkara antuk, kaladesa wenganing karsa ka eksi, limut kalimput, mawut sanggyaning dumados.,

11. ING antara sapangu, pangungaking kaanan wus mirut, morat – marit panguripaning sasami, sirna katentremanipun, udrasa saenggon – enggon.

12. KEmat isarat lebur, nyunyur tanpa daya kabarubuh, bebasane tidhem tandhaning dumadi, bejane ula dhohulu, cangkem silite anyaplok.

13. DHUNGkari gunung – gunung, kang geneng – geneng padha linugrug, parandene tan ana kang nanggulangi, wedi kalamun sinembur, upase lir wedang umob.

14. KOLonganing kaluwung, prabanira kuning abang biru, sumurupa iku mung soroting warih, wewarahe para rasul, dudu jatining Hyang Manon.

15. SUpaya padha weruh, kinon mawas ing sajroning taun, windu kuning kono ana wewe putih, gegamane tebu wulung, arsa angrabaseng wedhon.

16. RAsane wus karasuk, miwah kesuk kalamangsanipun, kawisesa kuwasane para luwih, wahyane wahyu tumelung, tulus tan kenging tinegor.

17. KARkating tyas katuju, jibar – jibur adus banyu wayu, yuwanane turun – tumurun tan enting, antuk barkahing Hyang Agung, den ngering saenggon – enggon.

18. TAtune kabeh tuntum, lelarane waluya sadarum, tyas prihatin ginantyan suka mepeki, wong ngantuk anemu kethuk, jro mesi dinar sabagor.

19. Amung padha tinumpuk, nora ana rusuh colong jupuk, rajakaya cinancang aneng jawi, tan ana nganggo tinunggu, parandene tan cinolong.

20. DInaring durta katut, anglakoni ing panggawe runtut, tyasing katrem kayoman ayeming budi, budyarja marjayeng limut, amawas pangesthi awon.

21. NINGgal pakarti dudu, kadarpaning parentah ginugu, mring pakaryan saregep tegen nastiti, ngisor ndhuwur tyase jumbuh, tan ana waon – winaon.

22. NGRATani sapraja gung, keh sarjana sujana ing kewuh, nora kewran mring wicara agal – alit, pulih duk jaman rumuhun, tyas teteg teguh tanggon .


Katrangan :
Kula aturi mriksani sandi asma ingkang wonten wiwitaning pada.

Raden Ngabehi Ranggawarsita.
Katedhak saking buku “Burat Sari “ karangan S. Prawirodihardjo.


NEGESI TEMBUNG :
Kayungyun = kasengsem, kedanan, kepencut, kasmaran.
Lukita = tetembungan, karangan, rumpakan.
Gambir wana = kudhu
Katenta = isih nggagas apa – apa amarga wis manuh.
Reh = 1. Pratingkah 2. Bab panyekeling praja 3. Prakara, tatanan, pranatan 4. Wewengkon kang kabawah ing 5. Mungguhing bab utawa perkara.
Mirong = 1. Ngemulake kampuh (jarit) ing pundhak terus nutupi badane (entar : susah banget, isin banget ) 2. Ora prsaja, nedya mbalela, ngedoh ora gelem kumpul.
Amituhu = nggugu.
Arda (Sangs. Kawi)= 1. Pangangsa – angsa, ngangsa, murka, hawa nepsu, 2. Banget, kaluwih – luwih.
Wahana (Sangs. Kawi)= 1. Tunggangan 2. Keterangan tegesing impen, ngalamat lsp. ; diwahanani = diterangake, ditegesi, dingalamati ; mahanani = mratandhani yen …
Ngendhak (kn)= 1. Mareni (kamanuhan, kebiasaan (BI)) lsp. , ninggal (pegaweyan). 2. Nyandhet (kanepson, lsp).
Ngendhangken = ngukum, mbuwang.
Dinuwa = di duwa = 1. Dicuwak nganggo tangan, disodhogake (dicengkah) ; 2. Ditampik, dibadhal (tumrap dhawuh), ditanggulang dibalekake.
Nir = 1. Ilang ; 2. Tanpa.
Anggung = 1. Unine perkutut ; 2. Tansah, pijer.
Rawat = 1. Ngrumat, nyimpen; rawat duka (rawat piker) = tansah nandhang susah (nepsu); rawat luh = kembeng – kembeng arep nangis; rawat wadi = simpen wadi; dirawati = disimpen, disinggahake, dirumati; rawatan = simpenan. 2. Dirawati = disapi, disapu, disaponi; Krungu tembang rawat – rawat = krungu kabar angin; rawat – rawat = lamat – lamat.
Dahuru = geger, oreg – oregan, ora tentrem.
Korup = ka + urup = sumbut, urup.
Weya = kurang weweka, sembrana.
Ubaya = janji, kasaguhan.
Swami = bendara, ratu, bojo.
Galap – gangsuling tembung = salah (kleru) tetembungane.
Gupita = 1. Anggitan , karangan tembang 2. Tetembungan 3. Karangan.
Harjanti = arjanta , reja , slamet.
Jamhur = jumhur, pinunjul ing kawruh, .
Wasita = warsita, pitutur, wewarah, kandha.
Sidi = sampurna, kelakon kang sinedya.
Limpad = putus amumpuni ing .. (kawruh, lsp).
Ngradon = ngrebda, ngendi – endi ana.
Kaladesa = mangsa kang prayoga.
Limut = lali.
Sapangu = sadhela.
Udrasa = tangis, luh.
Kemat = tenung.
Ula dhoulu = ula endhase loro, buntute awujud endhas. ( mung ana ing dongeng)
Kaluwung = kuwung.
Praba = 1. Sorot, cahya 2. Gambar pepethaning sorot (cahya) kang ngupengi endhas. 3. Rerenggan wayang ing saburine geger (saemper gambar swiwi).
Warih = banyu, tirta, we, her.
Ngrabasa = ngrusak.
Wisesa = kuwasa luhur, kang nguwasani.
Wahya = wetu, wedhar.
Tuntum = pulih gathuk kaya maune, pulih tumrap tatu.
Mesi = ma + isi = isi.
Rajakaya = rajaning kaya, kewan bangsane kebo, sapi, jaran.
Durta = 1. Julig 2. Ala, piala.
Darpa = 1. Wani, kendel 2. Galak, umuk.
Kewran = kewuhan.
Rumuhun = jaman biyen, dhisik.

Minggu, 19 Juni 2011

GRAHANA

Apa sira ora rumangsa,
lamun iku pratandha
ilanging rasa kawicaksanan
ilanging rasa kamanungsan
ilanging rasa keadilan
ilanging rasa kajujuran
ilanging rasa rumangsa
karem kerem ing tumindak cidra
kapan
kapan
kapan
bisa waluya jati
apa isih ngenteni pepesthening Gusti ?

surabaya, 17 juni 2011.

Kamis, 16 Juni 2011

DHANDHANGGULA

Legi lima sanga paing puniki,
pon ing pitu wage ing sekawan,
kaliwon wolu neptune,
gantya ing dinanipun,
akad lima neptunireki,
senen neptu sekawan,
selasa tetelu,
rebo pitu neptunira,
kemis wolu jumat enem neptuneki,
setu sanga neptunya.


Tembang dhandhanggula ing dhuwur kanggo ngapalake neptune dina lan pasaran.

Minggu, 01 Mei 2011

DHANDHANGGULA


SALISIR MARENG TENGGARENG.

Ing wayah sireping lare,
Neng latar kekadhar dhewe,
Purnama manjer prenahe,
Katon jembar kalangane.

Padhange kaya rina,
Sing dolan wis nora nana,
Kari Pak Iramenggala,
Ngraras kawasaning Suksma.


DHANDHANGGENDHIS

1. Dhedhet tidhem prabawaning ratri, sasadara wus manjer kawuryan, tan kuciwa memanise, menggep Sri Nateng dalu, sinewaka sanggyaning dasih, aglar neng cakrawala, winulat ngelangut, prandene kabeh kebekan, saking kehing taranggana kang sumiwi, warata tanpa sela.
2. Kinalangan kekuwung ngawengi, lir wewengkon bale Mandhakiya, pasewakaning Pamase, jroning kalang kadulu, kang sumewa pareng neng ngarsi, mung punggawa sajuga, Harya Panjersurup, pramukyaning taranggana, kang sawega rumeksa pringganing ratri, ngayomi hayuningrat.
3. Tan petungan panjrahing wadya lit, arahane awor mawurahan, ngapit narmada prenahe, jro petenging Serayu, angragancang Sang Bimasakti, nyuwak tutuking naga, kang sikareng laku, yeku mangka pralampita, mrih mengeta kang mantep tetep ing budi, widada kang sinedya.
4. Nekawarna pangkating wadya ji, nora worsuh tataning sewaka, gumolong gegelengane, ..................... , pandomaning para mong tani,. gelaring panangkilan, rinakit waluku, wuluh wuku lan kukusan, gubug penceng malencat wor lanjar ngirim, mangro lakuning mangsa.
5. Kang sumewa luhuring udadi, pan pinindha dhapuring giyota, pra nangkodha pandomane, de kang dadya pituduh, pamardine kang ulah kardi, sinamar neng busana, kasarireng Prabu, jroning praba marakata, sinung tandha pindha widadari ngantih, neng soring wringin sungsang.
6. Kang saweneh punggawa piniji, asung penget pangreksaning raga, ing masa roga praptane, yeku Harya Kumukus, manjer dwaja neng pancaniti, tangeh yen winursita, satataning dalu, dungkap luwaring sewaka, Jaka Belek merem melek melik-melik, sasmita minta nendra.
7. Samantara wus banguning rawi, Hyang Purnama meh manjing ngancala, gumiwang surem sunare, sawung pareng kaluruk, kapiyarsa melung-melungi, mring kang kasuwen nendra, ywa kongsi kadarung, mengeta mring pangarcana, angluhurna gunge kawasaning Hyang Widdhi, kang nitah saniskara.
8. Dyan umimba punggawaning ratri, riyap-riyep ri Sang Panjer Rina, lir pasrah pangawasane, denya rumekseng dalu, pangasoning sagung dumadi, wus sedheng pinardiya, ngayati panggayuh, iyeging panambut karya, datan liyan Hyang Surya kang mirowangi, tuduh sidining sedya.
9. Tanggap mulat Hyang Harga naketi, dumipeng rat ambabar prabawa, sumirat-sirat sorote, mega sinungging wungu, graning arga pinulas wilis, samantara kawuryan, Hyang Surya wus mungup, ngancik pucaking aldaka, larut mirut tedhuhing dalu kalindhih, sumeblak tanpa sesa.
10. Anglur selur lakune wong tani, sareng mangkat maring papasaran, pating krengkot pikulane, weneh sikep waluku, maring tegal sawahe sami, si Gundhul nethek kandhang, kebone pinecut, ngucul sarwi tinumpakan, ngenak-enak neng gigir marep neng wuri, sembari ura-ura.
11. Melang-melung lelagon ginurit, alon bae “hir hir kiya kiya !”, uler kambang satitahe, nora napa kesusu, yen narima karsaning pasthi, lakune wis jinangka, jangkahe den ukur, kesusu amburu apa, yen wong murka anggake kudu ndheweki, wus turah durung nrima.
12. Nora menget adile Hyang Widdhi, denya mandum jatining pangrasa, tan pisan baukapine, sanggyaning kang tumuwuh, binageyang legi lan pait, nadyan silih darbeya, wisma lir swargagung, kinunci kancing kencana, nora wurung susahe nlesep nusupi, tumameng mangsakala.
13. Yen pinuntu pantoging gyat yekti, nora suka murka ngangsa-angsa, anjangka kang kae-kae, karana kang tinemu, nora liya suka lan sedhih, demange nora beda, lan si Gindhulpacul, mene seneng mene susah, yen narima sudahe mirut sumingkir, rampung tanpa prakara.
14. Ayem guyem kang kaya wak mami, repet-repet wus berag neng beran, ngadhang segering srengenge, molah nglalatih balung, ngulur otot ngingirih getih, lir kukila neng tawang, mina neng jro kedhung, sajege sun dadi bocah, durung wikan rasaning badan nglelentrih, mung bingar tyas pirena.
15. Temah tuwuh segere nartani, lengeningsung kiyale kalintang, mathekel katon kucinge, keneng sawabing ebun, kang sinebar ing maruta ris, woring sorot tembeyan, doyananing banyu, Hyang Surya tan kadang konang, denya mandum prabane sinami sami, tan mawang milih janma.
16. Lamun ngelak ingong darbe warih, kang sumreweh nuting padhas gempal, wening tur sumyah rasane, sakehing kang sinebut, omben-omben ingong kilani, mangsa silih nyundhula, lan segering banyu, mengko nadhah lan janganan, sambel rawit lalaban timun lan metir, segane beras anyar.
17. Setham-sethom segere kapati, yen wus enak weh kuwating raga, apa maneh jalukane, sore ngong mapan turu, aneng lincak lambaran widhig, mrenah wurining damar, sumamar neng ngundhuk, tentrem rasaning tyas ingwang, mung kumandel kinemulan ing Hyang Widdhi, bleg-seg tanpa mirasa.


Pethikan saka : Burat Sari II, S Prawiradihardja.

Negesi tembung :
1. Slisir = 1. Nyimpang, mleset; 2. Araning tembang tengahan.
mareng = mangsa kemareng, mangsa sabubare mangsa rendheng ngarepake ketiga, pancaroba.
tenggareng = tenggereng, penther, srengenge ora kalingan mendhung.
kadhar , turu kadhar = turu ing sajabaning omah.
ratri = bengi, wengi.
siang ratri = rina wengi.
ngraras = nglaras; diraras-raras = digagas-gagas.
dhedhet = kandel sarta peteng (tumrap mendhung)
tidhem = surem, sirep; tidhem premanem = sirep tanpa sabawa.
sasadhara = taranggana, lintang, kartika, sudama, wintang.
kawuryan = katon
menggep = nganggep.
sanggyaning dasih = sakabehing kekasihe.
cakrawala = garis awang-awang watesing bumi lan langit
cakra = bunderan, rodha, gegaman awujud rodha paring caringih.
cakra manggilingan = tansah mubeng kaya ubenge cakra.
cakrabyuha = gelaring perang.
winulat = dideleng
2. Ngawengi = ngubengi
kalangan (ng) =kambengan (k) = 1. papan kang kanggo adu-adu; 2. buwengan ing rembulan utawa srengenge.
kekalangan = mabur mubeng-mubeng
sumiwi = seba.
bale mandhakiya = omah kanggo nenepi (memuja)
pamase = ratu, pamasa.
kadulu = katon
parek = cedhak
parekan = kadang, seduluring ratu.
sajuga = siji
harya panjersurup = lintang panjer sore.
pramukya = pramuka, pangarep.
sawega = samekta, sumadhiya.
sawegung = kabeh.
pringganing ratri = bebayaning wayah bengi.
pringga = bebaya
nganglang pringga = tansah ngawekani (njaga) yen ana pakewuh.
pringganata = prajurit kang njaga kaslametane sang nata.
rat = jagad
3. Awor mawurahan = worsuh, campur adhuk.
narmada = kali, bengawan, benawi
angragancang = mbegagah, malang kadhak.
nyuwak = nyuwek.
sikareng laku = ngalang-alangi laku.
mangka pralampita = minangka pasemon (pralambang)
widada = tulus slamet, lestari slamet.
4. Nekawarna = anekawarna = a (n) eka warna = ora sawarna, warna-warna.
wadyaji = wadya +aji = prajuriting ratu
gegolongane = pangkate
waluku = lintang waluku (orion)
lintang gubug penceng = bintang pari
lintang bimasakti = galaksi bimasakti.
lintang alihan = 1. lintang kang cumlorot kayadene ngalih panggonan.
lintang kemukus = lintang kang mawa buntut sumorot, bintang berekor.
lintang lanjar ngirim = lintang kang cedhak karo gubug penceng.
5. Udadi = waudadi, segara, jaladri, jalanidhi,
sumewa = simiwi, seba, ngadhep marang
giyota = prau, baita, palwa
wringin sungsang = wringin oyode ana dhuwur.
praba = sorot
marakata = jumerut, mirah
sinung = sung + in =diwenehi
ngantih = nggawe lawe, nggawe benang
6. Roga = lara
dwaja = gendera, tetenger, ciri
pancaniti = pasewakan
tangeh = adoh
winursita = wursita + in = dicritakake.
lintang jaka belek = bintang mars
7. Rawi = srengenge
hyang purnama = rembulan nedhenge bunder.
purnama sidi = rembulan wutuh tanggal 14, 15. , gunggung neptune dina lan pasaran iya 14, 15 upama jumat paing = 6 + 9 = 15, kemis pon = 8 + 7 = 15, rebo pon = 7 + 7 = 14, rebo kliwon = 7 + 8 = 15.
ngancala = acala , gunung, giri, meru, parwata, prabata, hardi, ardi, redi, aldaka.
gumiwang = ngglewang.
kadarung = kadereng, kadreng, adreng
pangarcana = panembah, pakurmatan.
saniskara = sakabehe.
8. Pinardiya = diperdi, diudi, diparsudi.
ngayati = miwiti
sidining sedya = sampurnaning sedya
sidikara = donga
disidikara = didongani
9. Tanggap = gita, gape
ora nanggapi = ora nggape.
nanggap wayang = nganakake tontonan wayang
tanggapan = tontonan
tanggap warsa = wiyosan
tanggap sabda = wangsulan karangan ing layang kabar
naketi = nyaketi, nyedhaki
dumipeng rat = dipa + um ing rat = sumorot ing jagad
graning arga = pucaking gunung
wilis = ijo
aldaka = gunung
larut = ilang, katut ilining banyu
mirut = mengkeret
tedhuh = 1. timbreng; 2. mendhung; 3. lerem tumrap prahara.
kalindhih = kendhih, kalah
tanpa sesa = tanpa tilas.
10. Sembari = sinambi
11. Uler kambang (wangsalan) = lintah
12. Bau kapine = ora adil, pilih asih emban oyod emban cindhe
sanggyaning kang tumuwuh = sakabehing titah
tumameng masakala = teka ing sawektu-wektu
pinuntu = dipikir kanthi jero
demang = lelurahing bekel, sesebutaning sawenehing abdi dalem
demang ngiras tangkilan (pr)= dhayoh ngiras dadi peladen.
mene = sesuk
brat = birat = ilang
13. Beran = sawah beran, sawah bera.
14. Berag = 1. Seneng-seneng; 2. Wis brai, wis diwasa.
ngingirih getih = nresiki getih, ngilekake getih
ngirih kalen = ngresiki kalen.
kukila = manuk
mina = iwak
misaya mina = golek iwak
15. Nartani = mbarengi
kalintang = katon
mathekel katon kucinge = mathekel katon otote gedhe.
ris = aris , alon.
tembeyayan = tembeyan, sapisan
16. Kadang konang (pr) = seduluran sing diaku mung sing sugih.
mangsa silih sundhula = mangsa nganti padhaa.
nadhah = pangan
17. Ngong = ingong, ingsun, aku.

Senin, 11 April 2011

NINI - NINI NITHIK WATU



nini,
tanganmu wis nggregeli nalika nyilak caping jebrak
tanpa sanggan esem tuwa sinungging rumangsa begja
geneya isih setya ?

nini,
krikil iki wis tekan saparan-paran,
wiwit dalan krikilan nganti aspalan,
mercy nglenyer bisa mlayu banter,
sing numpak mesem ngguyu,
nini isih nithik watu.

geneya ?
wangsulane
mung saderma.


surabaya, 11 april 2011.

Rabu, 06 April 2011

SERAT JAYENG BAYA


ANGGITAN : R NG RANGGAWARSITA
ASMARADANA

42.
Angur trima dadi greji, jujugan ginawe blanja, janji temen ubayane, baya nora nganti telat, lumintu sanak nyambat, wuwuh yen ana begjaku, mbedhahi oleh turahan.

43.
Sinambung – sambunga pasthi, dadi panganggo prayoga, mbuh sabuk kotang myang epek, apese kanthong lan kopyah, suwek-suwekanira, ginanthet akanthi patut, dadya ran Antakusuma.

44.
Kaya-kaya ora nganti, rekasa yen mung kinarya, mangan sega jangan bae, anane si ora lana, ubayane mbalenja, bejane kakehan saguh, sok uga age sidaa.

45.
Agap-gapan kudu nampi, opahan wasana cidra, dadi sok mati pangane, nganiaya badanira, trekadhang nora trima, mung mati bae panganku, yen nuju wong angresaya.

46.
Ndondomi klambi raryalit, saguh ndadekake bakda, prapteng don cidra dadine, ing kono kang duwe anak, mara muring maringwang, ngerawus anguwus-uwus, nguwosken greji bajingan.

47.
Begja yen tinempiling, beteke wong anak-anak, yun nyawang wasana mleset, ingsun arsa mangsulana, teka tanpa upaya, saking wus rumasa luput, dadi manggung palengosan.

48.
Mulane sun ora sudi, dadi greji kojat nistha, bener kuna pocapane, sagung wong kang bangsa kriya, dadi luhur tan bisa, saking remeh melikipun, myang adoh ing pamicara.


Tegese tembung :

angur = luwih becik, luwih prayoga
greji = tukang ndondomi klambi, tukang jahit.
jujugan = 1. papan sing dijujug; 2. adhakan, gampang ketemu.
ubaya = janji
baya (krama ngoko) = arane kewan rumangkang bangsane mimir.
baya (krama ngoko) = 1. apa iya ......, ayake ....., upamane : baya wis karsaning pangeran
baya (kawi) = 1. wedi, mutawatiri; 2. pakewuh, kacilakan (kang bakal klakon)
baya (kawi) = janji, ubaya.
lumintu = lumintir, tanpa kendhat, ajeg.
sambat = 1. njaluk tulung; 2. ngesah dening krasa lara
prayoga = becik, pantes.
myang (kawi)= karo, lan.
epek = 1. sabuk kang digawe bludru, wlulang lsp. diubedake ing sajabane setagen.
ginanthet =ganthet + sesesaln in = diganthet, digandheng.
akanthi = nganggo kanthi, karo (dengan, bi)
antakusuma = kotange antareja.
kinarya = karya + in = digawe.
lana = lestari, ora owah gingsir.
mbalenja = ora nuhoni anggone semayan.
age = enggal, rikat
agap-gapan = gas-gasan , sarwa kesusu
cidra (sangsk.)= 1. ora setya, ora nuhoni janji; 2. pangapus , krenah, pitenah.
nganiaya = milara kanthi siya, tumindak sawiyah-wiyah.
angresaya = njaluk tulung
raryalit = rare + alit = bocah cilik.
bakda = lebar, lebaran, riyaya
prapteng = prapta ing = teka ing
don = 1. enggon, papan ; 2. tuju, kang diener
anguwus-uwus =nyrengeni
nguwus = kandha , omong
nguwoske = ngomongake, ngandhakake
ora sudi = suthik, emoh.
kojat = kondhang, misuwur
kriya = tukang
tembung kriya = tembung kang mratelakake solah (tandang)
remeh = sepele, tanpa aji.

ana candhake ..

Selasa, 05 April 2011

SEPI

sliramu,
dak antu
geneya durung katon teka ?
ana ngendi sliramu mara sanja?
nalika rembulan ndhadhari ana pucaking gunung ing brang wetan nggawa cahya mencorong madhangi jagad raya pinapag swarane orong-orong ngebeki swasana tintrim ing tengahing wengi kang tanpa tepi,
aku ngenteni
sepi


surabaya, 5 april 2011.

Senin, 28 Maret 2011

SERAT PEPALI KI AGENG SELA (2)

BAB II
ASMARADANA
1.
Poma sira aja drengki, dahwen marang ing sasama, sama den arah harjane, harjane wong aneng dunya, dunya tekeng akhirat, akerate amrih lulus, lulus dennya mengku nikmat.

2.
Nikmat rasaning ati, ati pan ratuning badan, badan iku sajatine, pan iku ingaran kudrat, kudrat karsaning Allah, Allah ingkang Maha Agung, luhur tan ana pepindhan.

3.
Padha kawruhana yekti, yektine ngelmu sarengat, sarengat awit kang gedhe, panggedhening ngelmu nyata, nyatane neng sarengat, sarengat den amrih tutug, tutug marang ing Kakekat.

4.
Kakekate ngelmu jati, jati sagunging upama, upama kang katon kabeh, kabeh iki aneng dunya, dunya timbanging kerat, ngakerat dina ing mbesuk, mbesuk iya dadi dunya.

5.
Dunya dina kang saiki, iki kang aran ngakerat, ngakerate uwong biyen, mbiyen ngarani ngakerat, ya iki ingaranan, arane mungguh ta ingsun, ingsun iki lagi dunya.

6.
Neng dunya kang sugih puji, puji tegese pamuja, muja iku nekakake, nekakake kanikmatan, nikmate badanira, yen sira temen satuhu, tuhu teka dennya muja.

7.
Yen sira muja semedi, pan mangkana pujinira, Robbana aatina mangke, fi dun ya wal kasanatan, wa fil akhirati kasanat, wakina lan malihipun, ngadabannar tegesira.

8.
Pangeran amba sayekti, kawula nyuwun kamulyan, ing dunya mulya salamine, tumekoa ing akerat, kinacekna sasama, salamet teguh rahayu, tebihna siksa neraka.

9.
Sagung wong nemu becik, kang samya anuwun rahmat, kang cukup iku pujine, poma den padha estokna, gelem nora gelema, kajaba kang nora sarju, mangsa borong karepira.

10.
Gusti Allah ngudaneni, marang makhluk sadayanya, kang ala tanapi sae, nadyan rambut para sapta, apan wus nora samar, ala becik mung jinurung, nora pegat ciptanira.


Tegesing tembung :
Poma = mratelakake pakon (piweling) kang kalawan banget
Drengki = meri (melik) marang kabegjaning liyan, ora seneng yen wong liya oleh kabegjan.
Dahwen = seneng nyaruwe (cawe-cawe)
Arja = 1. Reja; 2. Slamet.
Tekeng = teka + ing
Amrih = supaya, murih.
Sajatine = satemene, sanyatane
Pan = 1. Jer; 2. Rak; 3. Ananging.
Kudrat = 1. Panguwasa karsaning Allah; 2. Dhasar (ing watak lsp) ; 3. Alam saisine lan sakaanane; dikodratake : ditakdirake, dipesthekake ing karsaning Allah.
Pepindhan = tetiron, umpama, memper kaya.
Yekti = nyata, terang.
Sarengat = angger-angger pranataning agama.
Kakekat = kanyatan, kang sanyata.
Ingaranan = in + aran + an = diarani
Mungguh = 1. Manggon, dumunung; 2. Mapan, wis prenah banget; 3. Pantes banget, patut
Ingsun = aku, ingong, ingwang
Teguh = 1. Kukuh, santosa, panggah; 2. Kedhot, ora pasah ing gegaman; diteguhi : disentosani, ditanggulangi kalawan sentosa; kateguhan : kadigdayan; teguh timbul : digdaya sarta sugih aji.
Rahayu = slamet, begja, luput ing kacilakan utawa kangsangsaran.
Sarju = condhong atine, kalawan senenging ati
Ngudaneni = meruhi
Tanapi = 1. Lan (utawa) uga; 2. Ananging.
Para = 1. Panerang kang mratelakake akeh, upamane : para bupati, para rawuh lsp; 2. Bage, perang, dipara = dibage, diperang; 3. Ora aden-aden, ala jinise, upamane : piring para, sega para; 4. Pepara (kw) lelungan mider-mider (mbebedhag, cangkrama) lsp; 5. para (kw) = kowe, ...mu, pakenira; 6. Rada .... = kepara; 7. Para = bakul ngedolake mas inten lsp;
Sapta = pitu.
Samar = 1. Katon ramyang-ramyang, ora katon cetha; 2. Durung weruh (ngerti) kalawan terang; 3. mutawatiri, mbebayani; 4. Sumelang, kuwatir, uwas. ; disamar = disamun, dianggo wadi ; ora kasamaran = ora kekilapan, weruh
Pegat = 1. Pedhot; 2. Pepisahan, talak (tumrap wong bebojoan) ; ora pegat = tansah.

Minggu, 27 Maret 2011

AJINE KAWRUH SRAWUNGAN


Kita urip ing alam donya iki mbutuhake srawung karo liyan. Awit siji lan sijine kudu sesambungan: gethok tular, tulung tinulung, sambat-sinambat. Wiwit jaman kuna – makuna , uripe manungsa pancen wis padha sesrawungan lan gegrombolan. Kejaba ta ana wong kang arep urip ora kaya salumrahe, arep menjila, mertapa, utawa urip ijen ana ing tengahing alas, ora mikir sandhang pangan lan keperluwan , --- bisa uga wong kang kaya mangkono mau ora mbutuhake marang pasrawungan.
Nanging tumrape umum, kang urip ing bebrayan, kang mangku bale omah, kang sesambungan lan kulawarga, --- gelem ora gelem , kudu sesrawungan karo liyan. Wiwit nindakake pegaweyan kanggo kebutuhan dhewe ing sajroning omah ing sajabaning omah, nganti pegaweyan ing kantor , pasar, plabuhan, pabrik, tegal sawah, lsp. Kita mesthi mbutuhake srawungan lan tenagane liyan.
Malah-malah tumrape wong kang arep anggayuh kemajuwan ing laladan pegaweyane, bab sesrawungan iku kudu digatekake banget. Disinau kanthi temen-temen supaya mangerti marang wadi-wadi , nuli ditindakake kanthi becik, murih bisane karahayon saka enggone pinter sesrawungan , sokur bage bisa antuk kauntungan.
Manut panitipriksane Lembaga Carnegie, nyata yen asile gegayuhane wong ing laladan pegaweyane iku : 15% saka kawruhe vak, yaiku kawruhe kang ditindakake , dene kang 85% saka enggone pinter sesrawungan karo liyan, luwih-luwih karo wong kang gegayutan karo pegaweyane.
Samono pentinge kawruh bab sesrawungan utawa pergaulan. Nanging nalikane kita isih bocah isih sekolah biyen ora nate oleh wulangan kasebut. Mengkono uga ing kapustakan kita, para leluhur kita ora ninggali kitab wewarah ngelmu srawungan kang kena kita enggo tuntuna urip ing sajroning alam rame iki. Ing Wedhatama mung ana tinemu pepindhan, kepriye tunane (rugine) wong kang kidhung (kaku) ing bab sesrawungan kang amarga kurang sesurupane . sanadyan tuwa pisan , nanging yen ora ngerti marang ubeng ingering jaman, yekti sepi asepa lir sepah samun, samangsane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi. Mangkon kasebut ing Wedhatama.
Dadi wong kurang kawruhe, yen srawungan karo wong akeh, sikepe gonyak-ganyuk ngisin-isini. Utawa cara tembunge kang lumrah : lingak-linguk kaya kethek ditulup.
Mula saka iku , kawruh sesrawungan utawa pergaulan iku sajatine perlu banget kita udi. Awit yen kita kasil bisa nindakake kanthi becik, bisa narik perhatian lan sympatiene (sengseme) wong kang kita ajak srawungan, bakal bisa nekakake karahayon tumrap kita, lan iya bisa nekakake kauntungan lan kabegjan tumrap pegaweyan utawa perusahaan kita.

Dipethik saka : Ajur-ajer, Imam Supardi.

Jumat, 25 Maret 2011

Wangsalan Sinawung Ing Tembang

BAWA NGUSWARAGA

Sri Mahajawata katong, (1)
Andaka wulune rekta,(2)
Jroning nendra gung kaepi,
Boja reksa (3) kawi wuwus,(4)
Panggya andika kusuma,
Bale nata (5) rondon pari,(6)
Paran margane wak mami,
Kepiting kang sobeng rawa (7)
Nguswaraganta wong ayu.


Tembang ing dhuwur iku lumrahe kanggo mbawani Gendhing Perkutut Manggung. Wujude wangsalan. Batangane cangkriman ing dhuwur :

1. Bathara Endra = nendra.
2. Sapi = kaepi.
3. Pangan = panggya
4. Ngendika = andika
5. Pagelaran = paran
6. Dami = wak mami.
7. Yuyu = wong ayu.

Tegese tembung :

katong = ratu, raja, narendra,narpa, narapati, naradipa, naradipati,sri bupati, narpati, nareswara, naranata, aji, pamasa, pamase
andaka = banteng
rekta = abang
nendra = turu, ngimpi
kaepi = kepi-kepi, tansah katon-katonen
boja = pangan
wreksa = kayu.
wuwus = ucap, ujar
kusuma = kembang, sekar, padma, puspa, puspita
bale nata = pagelaran
rondon = godhong
paran = menyang endi
marga = dalan
wak mami = awak mami, aku
nguswa = ngaras
raganta = raga + anta = awakmu

Selasa, 01 Maret 2011

BU GURU NELLY


Dedeg piadege ora dhuwur ya ora endhek, kepara sedheng. Yen campur sing dhuwur ora katon endhek, yen campur sing endhek ora ketara dhuwur. Ayu, ora, elek ya ora, ya tiba sedheng. Nanging lamun mesem, biyuuuh, angujiwat njalari ati sing ora kuwat. Wong wadon wae yen nyawang padha kesengsem, apa maneh wong lanang, mesthi kegiwang. Lali anak lali bojo, lali maratuwa, lali tangga apa maneh dulur, wis ora eling blas.
Rema memak ngembang bakung, jangganya mangulan-ulan, payudara anyengkir gadhing, bangkekan merit anawon kemit, bokonge bunder amanjang ilang, lamun cinandra tan sewah putri sekar kedhaton, mengkono candrane si dhalang. Ning yen kandhane bocah-bocah saiki --bodine nggitar.
Jenenge asli Dyah Retnaningsih, sing kondhang nganggo jeneng singlon Nelly --nenek lincah. Diparabi kaya mangkono ora nesu, jalaran ya jeneng kuwi sing marahi dheweke kondhang teka ngendi-endi. Jeneng komersial. Diparabi nenek jalaran wis duwe putu. Jalaran pakulinane ambyur neng jagading seni mula pasuryane isih katon enom. Upamane ditandhingake karo sing umur telungpuluhan wae ora bakal kalah. Dhasar pinter ngadi sarira, dandan, mula ora aneh ana yen ana jaka sing kepencut.
Pegaweyane sing baku dadi guru SD. Karo aku sa sekolahan. Mula aku ya sering ketemu. Sejene dadi guru dheweke dadi penyanyi. Ora aneh yen digoleki ing omahe arang-arang ketemu. Jalaran asring ditanggap mrana-mrana. Wayah wulan Sapar, Mulud utawa Besar, wulan becik kanggone wong duwe gawe, arang nate ana omah. Wong super sibuk.
“Mau bengi bubar manggung ya bu ?”pitakone bu Narti nalika kumpul sadurunge mulang ana ing kantor guru.
“Iya, bu. “wangsulane bu Nelly
“Yen bar manggung ngono kuwi, njenengan apa ra kesel ?”
“Ya kesel bu. Rasane awak kaya remuk.”
“Lha ngono kok ya dilakoni lho?”
“Piye maneh, wong aku ya seneng,” wangsulane bu Nelly manehi alesan.

Pancen wong seneng iku ora kena dipaido. Seneng marang samubarang apa bae. Sakehing cara, bandha, donya, tenaga lan ragad digunakake kanggo nguber kasenengan. Seneng bal-balan, ora eman yen ngetokake dhuwit kanggo tuku karcis bal, sanajan anake durung ditukokake susu. Malah-malah mung kanggo tuku karcis wae direwangi suk-sukan, jorog-jorogan, nginep klungsaran neng stadion kamangka oleh-olehane mung voucher. Kanggo ijol karcis asline isih kudu antri maneh. Malah ana sing antri karcis semaput nganti tumekane tiwas. Kanggone wong sing ora seneng bal-balan, kahanan kaya mengkono iku aneh. Mung prekara bal-balan wae kok direwangi nganti tumekane pati, mbok ya uwis , nonton neng TV rak ya padha wae, yen cilaka sing rugi ya awake dhewe.
Pancene rada aneh bangsane awake dhewe iki, mung adol karcis bal wae kok ya ora bisa. Apa maneh ngurusi bal-balane. Karo maneh saiki akeh “pecinta bal” padha demo, supaya penguruse bal-balan mundur. Meh saben kutha ana demo bal. Mung prekara bal wae bisa ngoregake negara.
Jane-jane mono bal-balan iku salah sijine cabang olah raga utawa sport, sing nengenake sportifitas. Ning penguruse – yen miturut aku -- ora sportif. Alesane werna-werna. Pancene yen wis suwe anggone mimpin nanging ora nduweni prestasi, luwih becik mundur wae. Ora gelem mundur kuwi apa sing digondheli ? Lha yen pancen bisa korupsi neng bal-balan ye embuh ? Apa pancene ana aturane sing ngandhakake pengurus kudu seumur hidup ? Yen pancene ora ana, ya kudu mawas dhiri, legawa, pasrahna marang wong sing luwih ngerti lan bisa ngatur bal-balan.

Seneng bandha donya uga mangkono. Nyambut gawe paribasan sikil digawe endhas, endhas digawe sikil, sing dipikir mung numpuk badha. Dhuwite ora nate kecer. Saking gemine keladuk cethil. Ora gelem nanjakake dhuwit yen pancen ora ana keperluan sing penting banget. Dhuwit oleh-olehane diperdil tliti banget. Asile, sebageyan kanggo mangan, sebageyan kanggo kebutuhane anak sekolah, sebageyan kanggo jaga-jaga manawa awake lara, kanggo tuku jamune, lan sebageyan kudu ana sing disimpen minangka celengan tembe mburi. Weteng ditaleni singset nganti kaya-kaya ora bisa ambegan. Jaaan adil banget. Kaya dongenge bangsa Cina – para Hoakiau -- nalika sepisanan ngajawa. Pangan saben dinane mung bubur nyel. Ora mangan – mangan sega yen durung bisa gawe omah gedhong. Pancen uripe ya kepenak, saka jalaran anggone setiti sarta nyambut gawe mempeng.

Bu Guru Nelly seneng neng babagan seni, seni campursari. Kegiatan saben dinane ora ana lerene. Esuk mulang, sore isih ngelesi privat, bengi latihan campursari. Apa maneh yen arep ana tanggapan, saben bengi kudu latihan. Mula ora mokal yen awake krasa kesel. Kanggo njaga supaya awake fit mula kerep ngombe jamu. Langganane jamu ngarep pasar gedhe.
Kumpulane campursari Bu Nelly durung patia gedhe, nanging wis wiwit dingerteni tangga teparo. Bu Nelly nduweni swara sing becik. Yen dirungokake sarta dilaras swarane nggrantang turut usuk. Mula wiwit asring ditanggap wong duwe gawe. Bubar tanggapan atine seneng banget. Ora muspra anggone latihan saben wengi.
“Aku ki gumun lho bu. Panjenengan wis duwe putu, ning awake kok kaya isih umur telungpuluhan ki resepe apa bu ?” pitakone kanca nalika lungguhan ing ruang guru.
“Apa lho, lha biyasa wae “, wangsulane bu Nelly.
“Ora duwe resep khusus ngono ta ?”
“Resep khusus apa lho. Pokoke seneng, ati ayem, ora mikir sing aneh-aneh. Rak ya wis”, kandhane bu Nelly karo nyepakake buku-buku sing kanggo mulang. Anggone ngomong banjur diterusake, “Ngene lho bu. Wong ambyur ing jagading seni iku nganggo paugeran telung prekara yaiku : wiraga, wirama, lan wirasa.”
“Apa kuwi ?”, bu Narti nyelani.
“Wiraga, solah bawane awak utawa raga nalika nembang. Wong nembang iku ora kena kaku njekengkeng, kaya wong ngeden. Paugeran iku kudu digatekake temenan. Mula wong sing ambyur ing jagading seni kudu ngudi supaya awake tetep seger. Aja nganti kuru- kurune semangka”
“Maksude ?”
“Yaaa, kaya tong ngglundhung.” Kanca-kanca padha mesem.
“Wirama ?”
“Penyanyi kudu ngerti iramane tembang, endhek dhuwure swara, not, pathet utawa kunci. Swarane aja nganti blero,. Dene wirasa, bisa ngematake utawa ngrasakake isine utawa surasane tembang. Bisa mbedakake lagu sing gembira karo lagu sing agawe trenyuhing ati. Lan iku diwahyake ing praen utawa pasemon, yen basa Indonesiane mimik”.
“Waaah, esuk-esuk wis dha kuliah seni ta ki mau ?”, kandhane pak Hardi sing wiwit mau mung meneng wae.
“Timbang ngrasani alane uwong, rak marahi dosa ta, pak”, kandhane bu Narti.
“Wis saiki dha ndang mulang, kae lho wis bel.”
Bapak lan bu guru padha enggal-enggal tindak menyang kelase dhewe-dhewe.

Karo mlaku menyang kelas, aku nggagas omongane bu Nelly, wirama, wiraga, lan wirasa. Saupama maknane dijembarake, bisa kanggo paugeran manungsa urip neng alam donya. Manungsa urip manut wiramaning alam, kang digarisake dening Gusti Kang Maha Kuwasa. Alaming bocah iya kudu dilakoni kaya dene bocah. Alame wong diwasa lan alame wong tuwa, iya kudu dilakoni kaya dene wong diwasa sarta wong tuwa. Wong tuwa iku sabisa-bisa kudu nyedhaki marang kang Maha Kuwasa. Tuwa iku yen dikerata basa dadi kari ngenteni metune nyawa. Tindak satindak, tembung satembung kudu tansah dijaga. Aja nganti nglarani atine liyan. Pancene ya ana wong tuwa sing ora bisa dadi tuwa. Tingkah lakune isih kaya bocah wae. Manungsa ora bakal bisa ngowahi kodrat.
Wiraga, manungsa dititahake urip neng alam donya, wiwit ana ing guwa garbaning ibu sangang wulan sepuluh dina, banjur lair cenger ngerti alam padhang, anduweni raga kang ringkih. Dening ibu didama-dama, diopeni, digegulang lan digulawenthah supaya ing tembe mburine bisa dadi manungsa kang utama, bisa njunjung drajate wong tuwa, migunani tumrap nusa, bangsa, agama sarta negara, kaya sing disorahake dening mbah Modin nalika maringi ular-ular jagong bayen pitung bengine.
Jejer dadi bocah tumekane diwasa, otot bayune tambah dina tambah rosa , wasana dadi bocah kang jangkep dadi manungsa kang sampurna. Sing lanang dadi manungsa kang gagah prakosa, dene sing wadon mencarake kasulistyane, mencorong prabane. Mratandhani yen wus samekta mencarake wiji supaya bisaa babar, mekar mratah ing saindenging bumi.
Lamun umur setengah abad mendhuwur sing maune otot bayune rosa gagah prakosa, bayune saya suda, banjur bali ringkih kaya bocah cilik maneh. Ing wasana bali sowan marang pangayunaning Pangeran. Ya iki sing diarani sangkan paraning dumadi – samubarang kang asale tuwuh saka Gusti banjur bali menyang pangayunaning Gusti maneh.
Wirasa, praboting urip kang tumanduke ana ing sajroning ati. Manungsa bisa mahyakake rasa seneng lan susah, enak lan kepenak, tresna lan gething. Saben manungsa mesthi kedunungan rasa. Mung manungsa ora mesthi ngerti lan weruh marang dununge lan tumanduke rasa sejati sejatining rasa. Mula bab iki manungsa perlu ngudi lan ngupaya ana ngendi dununge lan tumanduke rasa sejati mau.
Saben manungsa mesthi kepingin enak lan kepenak. Satemene rasa enak lan kepenak iku mung saka condhonging rasa. Rasaning rasa antarane manungsa siji lan sijine ora bakal padha. Ana pawongan sing bisa ngrasakake enak lan kepenak kanggone barang utawa kahanan nanging seje karo wong liyane. Kamangka barang utawa kahanan sing dirasakake mau padha.
Mula yen miturut pamanggihe KGPAA Mangkunagara IV manungsa urip -- ora mung kanggo para panguwasa utawa pejabat --- kudu tansah amemangun karyenak tyasing sasama. Sapa kang bisa ngepenakake rasaning atine wong liya, bakal disuyuti lan dikurmati ing jagading pasrawungan.
Ora krasa aku wis tekan ngarep kelasku. Aku banjur mlebu, mulang murid-muridku.

--- 0 ---

Aku satemene dadi penggemar berate bu Nelly. Saben bu Nelly manggung ora nate absen nonton. Ana ngendi anggone manggung aku ya mesthi nonton. Paribasan tanggapan menyang leng semut, aku ya mesthi nonton. Aku pancen seneng karo bu Nelly.
Nuju sawijining dina, sabubare rapat guru , ana kesempatan omong-omongan wong loro. Sauntara ora ana kanca liya, aku takon marang bu Nelly.
“Bu, panjenengan ora kepingin krama maneh ta ?” pitakonku marang bu Nelly.
“Ya isih pak, ngapa ta ?”
“Ya ra ngapa-ngapa. Aku ki rak dhudha ...” durung tutug anggonku kandha wis disaut dhisik.
“Ra sah macem-macem, aku wis duwe pacar,” wangsulane rada sengol.
“O, ya uwis,” aku banjur klithih-klithih nglungani.
Bubar kedadean dina iku ana owah-owahan anyar. Lageyane bu Nelly seje karo biasane. Saben esuk hp ne wis muni klinthing-klinthing. Wiwit teka dhog neng sekolahan nganti bel mlebu kelas, hp wis muni ora kurang ping sepuluh. Kanca-kanca nganti apal. Saben hp ne bu Nelly muni kanca-kanca padha alok, “Hallo, panggilan pacar “. Dilokake kaya megkono bu Nelly mung mesem wae.
Aku dhewe satemene ya krasa yen bu Nelly kepingin nuduhake pacare marang aku, karo sajak ..... ngece. Aku nya mung trima meneng. Arep ngapa ? Sanajanta ing jeroning atiku krasa mangkel.

--O—

Liburan semesteran wis kliwat. Bocah-bocah wis padha sekolah maneh kaya adat saben. Plataran sekolahan rame bocah-bocah padha playon. Kabeh padha katon seneng, miwiti semesteran anyar. Ora suwe bu Nelly rawuh. Ora kaya biasane. Biasane nitih sepedhah montor saiki mung nitih becak wae. Mlebu ruang guru mripate katon kaca-kaca.
“Ana apa, bu. Sajake kok katon sedhih ?” patakone bu Narti kanca kenthele.
“Aku kapusan,” wangsulane bu Nelly.
“Kapusan apa?”
“Pacarku .......”
“Pacare kena ngapa ?”
“Dheweke nyilih dhuwit limang yuta jarene kanggo ngurus surat.”
“Lha terus ....”
“Ya daksilihi,” wangsulane bu Nelly.
“Terus ....”
“Nganti saiki ora bali-bali.”
Kanca-kanca mung meneng wae, kabeh padha pandeng-pandengan.
“Ra sah dipikir, bu. Dhuwit kena digoleki..”bu Narti ngedhem-edhemi.
“Ora dipikir piye ?. Wong sepedhah montorku ya katut.”
“Haaah.” Aku mlenggong. Batinku ..........


Surabaya, 1 Maret 2011.

Jumat, 25 Februari 2011

NGLAIRAKE RASA PANGRASANING ATI


Wong Jawa iku enggone semu. Tetembungan iku iku wis kaprah keprungu ing kalanganing bebrayan Jawa. Nanging kanthi majuning jaman kaya-kaya tetembungan iku mau saiki mung kari dongeng wae. Wong-wong Jawa ing bebrayan Jawa sing saiki wis akeh sing kanthi blak-blakan, wis ora sungkan –sungkan gelem nglairake rasaning atine. Sanajana mangkono isih akeh sedulur-sedulur Jawa sing isih ngugemi tetembungan ing dhuwur mau.
Ing ngisor iki ana crita : Ana sawijining wanita numpak sepur karo nggendhong anake sing isih bayek, lagi nangis kepiyer. Ora oleh lungguhan. Ing sacedhake kono ana kursi kang dilungguhi nom-noman. Wis suwe wanita mau anggone mbudidaya supaya bayine gelem meneng. Nanging tetep ora gelem meneng.
Geneya si biyung ora gelem nglairake rasaning atine ? Geneya ora nembung marang wong-wong kang lungguh ing cedhake, upamane : “Menapa kepareng kula ndherek lenggah sakedhap kemawon, supados anak kula boten kepepet-pepet ?”
“Menawi dhangan ing penggalih mugi kersaa maringaken lenggahan sakedhap kemawon. Mangke menawi anak kula sampun kendel nangis, panjenengan kula aturi pinarak malih.”
Wis dadi adat pakulinan kita : lumuh nglairake rasaning ati. Marga isin, sungkan sumelang yen ora ditanggapi, kuwatir yen malah nandhang wirang.
Pancen mangkono, rasaning ati kang ngandhut kauntungan tumrap kita dhewe,. kita lumuh nglairake. Rasaning ati kang ngemu keperluwan kita dhewe, kang bisa menehi kauntungan marang kita, manut kasusilan, pancen kurang prayoga kita lairake. Kajaba yen kepeksa.
Balik rasaning ati kang bisa gawe senenge liyan, sanyatane prayoga kita lairake. Rasaning ati kang ora njalari kapitunaning liyan malah perlu kita lairake sarana tetembungan.


Upamane mangkene : sedulur nampa paweweh saka tepungan wujud barang (bakal klambi, sepatu lsp) apa awujud panganan, apa liyane (buku-buku). Sedulur mesthine seneng lan nduweni rasa “terima kasih “ Rasaning ati kaya mangkono mau kudu dilairake sarana tetembungan : Matur nuwun, kesuwun, sakalangkung nuwun, utawa liyane maneh.
Yen rasane ati mau ora dilairake, wong sing weweh ora ngerti kepriye mungguh panampane kang diwenehi barang. Ana kalane rasaning ati mau ora dilairake sarana tetembungan, nanging sarana sasmita bae, upamane : mesem, apa manrhuk-manthuk. Sing weweh iya wis ngerti, nanging kang mangkono mau kurang netepi kasusilaning pasrawungan.
Kang becik iku, lairna rasaning ati kanthi tetembungan kang cukup kehe, becik iketane, resep rungone, --- murih bisa gawe senenge atine liyan.
Cekaking atur yen kita kepengin nglungguhi kasusilan , pokoke ngudia kanthi sabarang tindak-tanduk lan muna muni bisane gawe senenging atine liyan.

Jumat, 18 Februari 2011

BAKUL CANDU


Serat Jayengbaya
Anggitan : R. Ng. Ronggawarsita
Asmaradana

38.
Wis nora sida preduli,
dadi botoh yen kaetang,
sayekti akeh alane,
saking tan kena ingaran,
wong golek sandhang pangan,
baya enak adol apyun,
tembunge yen sekolehan.

39.
Sing wis-uwis gelis sugih,
sengga balorong balaka,
tan susah mring gunung Creme,
janji lumrah marang tangga,
ngagungaken welasan,
kaya nora kongsi ingsun,
kaonangan mata pita.

40.
Melangku yen ora waris,
wurukan sabeng kunjara,
saengga giliran giliran bae,
wayuh omah aranira,
sesasi aneng wisma,
rong sasi mekuwon trungku,
kok sungkan lamun mengkana.

41.
Kenaa nas nas lan tinampik,
aran wong anambut karya,
yen tembung nora sekoleh,
tan trima tuna kewala,
tombok wirang sangsara,
ben-aben tambah mring laut,
kadohen kadang kadean.

Katrangan Tembung :

kaetang = kaetung, dietung, diwilang.
sayekti = temen
apyun = candu kang durung dimangsak.
baya = I (kn) arane kewan rumangkang bangsane mimir (mimir = bangsane baya cilik). Ketiban tai baya = kena ing pandakwa. Kinepung wakul binaya mangap (basa rinengga) = dikepung mungsuh. II. Baya (kn) = 1. Apa iya ...., ayake ....., upamane : baya wis karsaning Pangeran = ayake wis karsaning Pangeran. 2. apa, sapa, ngendi baya = lah gek apa, sapa, ngendi. Baya kepriye = lah gek kepriye. III. Baya (krama wenang) = wedi, mutawatiri. Bebaya (kn) = pakewuh, kacilakan. Sabaya pati (basa rinengga) = rukun nganti tekan ing mati pisan. Kebaya-baya (basa rinengga)= tansah nadhang cilaka. IV. Baya (kw) = janji (ubaya).
sekolehan = untung, mujur.
sengga = saengga, kaya
balorong = 1. Lorek ireng putih 2. Nyai Blorong (dongeng) = makhluk gaib sing bisa ndadekake sugih.
balaka = blaka (kn), 1. waleh, kandha ing sabenere; 2. wantah, ora nganggo apa-apa.
kongsi = 1. nganti; 2. pakumpulan dagang lumrahe bangsa Cina
mata pita = pulisi sandi, intelijen.
melang = sumelang, kuwatir.
waris (warisan) = yen nindakake pegaweyan lsp. tansah sempulur lan slamet. Ndugal kewarisan = senadyan nindakake sing ora becik, ewadene tansah kebeneran.
waris (Arab) = 1. wong sing wenang nampani tinggalane wong sing ajal ; 2. anak sing wenang nggenteni pangkate bapakne.
warisan = barang-barang tinggalane wong ajal.
wuruk (kn) = 1. tukang nglakokake kreta utawa grobag;
wuruk (kw) = 1. kreta ; 2. pedhet.
wuruk (kn) = piwulang, pitutur
wurukan = 1. wulangan; 2. tledhek blajaran.
wuruk sudi gawe (kn) = gawe geger.
sabeng = saba + ing.
wayuh (kn) = duwe bojo (entar : guru, pegaweyan) luwih saka siji.
mekuwon = manggon ing; masanggrah.
trungku = kunjara
nas = 1. ora sida laku; 2. wis dianggep kalah (marga nrajang wewatoning dolanan lsp).
nas (kn) = tetembungan ing kitab.
ben-aben = 1. saben; 2. kerep.
kadang kadean = sanak sedulur.
wirang = isin.

Pengikut

Matur Nuwun ...