Sarana kanggo anjangsana ing antarane para pangudi basa, para guru, lan para siswa
Jumat, 20 Januari 2017
Senin, 16 Januari 2017
MAKAME WAITA PUYENGAN.
Miturut Serat
Damarwulan, ana paraga kang asring disebut yaiku Waita lan Puyengan. Waita lan
Puyengan iku garwa selire MenakJingga. Jalaran kepencut marang baguse Damarwulan,
Waita lan Puyengan gelem mbiyantu
Damarwulan nyolong gada Wesi Kuning kang dadi andel-andele Minakjingga. Sawise
andel-andele ilang, Menakjingga bisa diperjaya dening Damarwulan.
Manut kapitayane
masyarakat ing dhukuh Kedhaton, desa Sentanareja kecamatan Trawulan, ing kono
ana makame Waita Puyengan. Ing papan kono uga misuwur karan “Sumur Upas”.
Miturut ahli sejarah P.J. Veth papan ing kono mau diarani “Kuburan Srengenge”.
Saliyane kuburane Waita Puyengan ing kono diyakini uga ana kuburane Dewi Murni
lan Dewi Pandhansari.
Balung manungsa kang
dipercaya balunge Waita, Puyengan, Dewi Murni lan Pandhansari saiki disimpen
ana kompleks Sumur Upas (candhi Kedhaton) ing dhukuh Kedhaton, desa Sentanareja,
kecamatan Trawulan, kabupaten Majakerta.
Pethikan saka serat
Damarwulan kang asring kanggo gerongan ing gendhing kang nyritakake nalika Damarwulan pamit marang Dewi Anjasmara.
Tembange Asmaradana.
Anjasmara
ari mami,
masmirah kulaka warta,
dasihmu tan wurung layon,
aneng kitha Prabalingga,
prang tandhing lan Urubisma,
karia mukti wong ayu,
pun kakang pamit palastra.
masmirah kulaka warta,
dasihmu tan wurung layon,
aneng kitha Prabalingga,
prang tandhing lan Urubisma,
karia mukti wong ayu,
pun kakang pamit palastra.
Sabtu, 14 Januari 2017
CANDHI KEDHATON LAN SUMUR UPAS.
Candhi Kedhaton mapan ana ing dhukuh Kedhaton, desa Sentonorejo, kecamatan Trowulan, kabupaten Mojokerto. Sadurunge didhudhuk papan iki arupa gumuk (bukit kecil) kanggo makam. Situs iki didhudhuk sepisan ing taun 1941 dening pamarentah Walanda. P.J. Veth njenengake papan iki “Kuburan Srengenge”.
Ya ing kene tinemu makame (miturut kapitayane warga kono) Waita, Puyengan, Dewi Murni lan Pandhansari.
Sawise makam mau didhudhuk ditemokake wewangunan arupa rimbagan batabang. Pranyata wewangunan arupa candhi sing saiki karan candhi Kedhaton. Ukuran candhi kadhaton alange 8,5 meter, ujure 12,5 meter lan dhuwure 1,6 meter. Ing sisih kulon ana tilas plawangan kang ambane 2 meter.
Saliyane wewangunan mau ing sacedhake kono ana bolongan kaya cangkeming guwa. Bolongan mau ambane 60 cm. Bolongan mau ditutupi watu gilang. Masyarakat sakiwa tengene kono ngarani “Sumur Upas”. Upas tegese racun. Sumur kang ngandhut racun. Jerone sumur mau nganti saiki ora dikaweruhi. Miturut kapitayane masyarakat Sumur Upas mau arupa dalan winadi (jalan rahasia) kang njedhule ana ing Gunung Lawu.
Candhi Kedhaton durung diweruhi sapa sing nggawe. Sing cetha gawean jaman Majapait. Anehe, ing papan kono ditemokake tembok batabang kanthi senthongan cilik-cilik. Tembok batabang mau diraketake kanthi luluhan lemah. Miturut pangira-irane para ahli papan ing kono arupa padhukuhan kuna (Majapait). Ing kono ditemokake piranti kanggo nglebur wesi. Mula miturut pandugane para ahli papan ing kono arupa padhukuhane tukang pandhe.
Saliyane barang-barang gerabah uga ditemokake watu kang nduweni wok (bolongan) kaya dhakon, mula diarani Watu Dhakon.
Gambar-gambar: Candhi Kedhaton, Sumur Upas kang ditutupi karpet abang, tembok-tembok kuna lan Watu Dhakon.
Senin, 09 Januari 2017
RECA SANG BUDDHA SARE.
Trowulan, saliyane
nduweni tinggalan sejarah kraton Majapait lan candhi-candhi kang asipat agama
Hindhu, uga nduweni reca kang asipat agama Buddha. Reca kasebut karan Sang
Buddha Sare. Reca kasebut nggambarake lelakone sang Buddha Gautama nalika
nyedhaki Parinirwana. Reca kasebut mapan ing desa Bejijong, Trowulan, kabupaten
Mojokerto, Jawa Wetan, cedhak karo candhi Brau lan candhi Genthong.
Reca iki digawe taun
2001 kanthi ukuran alange 6 meter, ujure 22 meter lan dhuwure 4,5 meter. Reca iki salah
sijine reca sing paling gedhe ing bawana Asia sawise reca Sang Buddha Sare ing
Thailand lan Nepal.
Riwayate
Sang Buddha.
Sang Buddha Gautama miyos
diparingi asma Siddartha Gautama ing Taman Lumbini (Nepal) lan seda ing
Kusinagara, Uttar Pradesh (India). Putra raja Suddhodana saka suku Sakya, lan
ibune asma Mahamaya Dewi. Ibune seda pitung dina sawise sang Siddartha miyos. Nalika
isih timur diopeni dening Ratu Maha Pajapati kang uga garwa prameswari Prabu
Suddhodana.
Nalika diwasa banjur krama
karo Putri Yasodhara lan diparingi putra asma Rahula. Nalika tindak ameng-ameng
ing sajabaning kraton sang Buddha mriksani kahanane kawula ing Negara Kapilavastu.
Sanalika trenyuh penggalihe. Sabanjure Sang Buddha tindak mertapa ing sangisore
wit Bodhi (Asattha).
Sawise mertapa banjur
mulang muruk ngenani dharma. Ing Kusinagara, nalika yuswa 80 taun, Sang Buddha
nandhang gerah lan sarean ana ing antarane wis Sala kaya kang digambarake ing
reca mau. Sawise iku banjur seda (Parinirwana).
Langganan:
Postingan (Atom)
Pengikut
Pesindhen Manca Negara :
- Chantal Karijosentono : Tresna Kowe
- Winston Echteld : Tresnaku Tresnamu
- Oxford Gamelan Society : Asmaradana
- Karen Elizabeth : Jula-juli Tretek
- Hiromi Kano : Gara-gara 2
- Hiromi Kano : Gara - gara
- Kitsie Emerson
- Hiromi Kano : Sinom Parijatha
- Hiromi Kano : Perkutut Manggung
- Hiromi Kano : Perkutut Manggung
- Hiromi Kano : Bengawan Solo
- Gamelan Switzerland