Selasa, 22 Januari 2013

BESALEN



Besalen saka tembung  basa Jawa Kuna gusali. Yaiku papan panggonan nyambut gawe para pandhe. Dene pandhe yaiku wong sing pegaweyane nggawe pacul, arit, bendho, lading, lan liya-liyane, utawa barang-barang (piranti) saka wesi. Pandhe kang misuwur yaiku mpu Gandring sing nggawe keris pesenane Ken Angrok kang kanggo mrajaya Tunggul Ametung.  Jalaran sote mpu Gandring, keris gaweyane bakal mateni ratu cacah pitu.  Ing tembung saiki wong sing pegaweyane nggawe keris diarani empu. Ing basa Jawa Kuna empu nduweni teges : wong kang pinunjul , ahli, utawa pujangga.





Senin, 21 Januari 2013

CANDRASANGKALA (10)


CANDRA SENGKALA KANG TINEMU ING BUKU PARARATON.
  1. Pamalayu lan patumapel (tekaning prajurit saka Malayu lan prastawa Tumapel )  i çaka “Resi-Sanga-Samadhi”, 1197 (1275 M)
  2. Jaya  Katong madeg ratu ing Daha i çaka “Naga-Muka-Dara-Tunggal”, 1198 (1276 M).
  3. Raden Wijaya madeg dadi ratu ing taun  Çaka “Rasa Rupa Dwi Çitangsu” 1216 (1294 M)
  4. Raden Wijaya ajejuluk  Çri Kertarajasa. seda disarekake ing Antapura, ing taun Çaka 1157 ( 1235 M)
  5. Kraman Ranggalawe ing taun Çaka “Kuda Bhumi Paksaning Wong” 1217 (1295 M)
  6. Jayanagara seda ing taun Çaka “Api-api Tangan Tunggal” 1233 (1311 M). :
  7. Patine Juru Demung ing taun Çaka “Arta Guna Paksa Wong” 1235 (1313 M)
  8. Semi diprajaya ing soring wit randhu ing taun Çaka “Nora Weda Paksa Wong” 1240 (1318 M)
  9. Kraman Kuti  ing taun Çaka “Bhasmi Bhuta Nangani Ratu” 1250 (1328 M)
  10. Bhreng Kahuripan madeg dadi ratu  i çaka “Çunya-Wisaya-Paksa-Bhumi, 1250 (1328 M ).
  11. Prastawa Sadeng ing taun Çaka “Kaya Bhuta Non Daging” 1253 (1331 M )
  12. Perang Bubat  ing taun Çaka “Sanga Turangga Paksa Wani” 1279 (1357 M)
  13. Upacara paçraddhan agung ing taun Çaka “Pat Ula Ro Tunggal” 1284 (1362 M ).
  14. Sang patih Gajah Mada seda ing taun Çaka “Gagana Muka Matendu” 1290 (1368 M)
  15. Gajah Enggon madeg dadi patih ing taun Çaka “Guna Sanga Paksaning Wong” 1293 (1371 M).
  16. Nuli ana gunung anyar ing taun Çaka “Naga Leng Karnaning Wong” 1298 (1376 M ) .
  17. Guntur pamadhasih ing taun Çaka “Resi Çunya Guna Tunggal” 1307 (1385 M )
  18. Bhre Tumapel seda, disarekake ing Çunyalaya taun Çaka” Matangga Sunya Kayeku” 1308 (1386 M)
  19. Bhra Parameçwara Pamotan seda ing taun Çaka “Gagana Rupa Nahut Wulan” 1310 (1388 M )
  20. Bhre Hyang Wekasing Suka seda ing taun Çaka “Medini Rupa Rameku” 1311 (1389 M )
  21. Guntur (longsor, banjir ) ing wuku Prangbakat ing taun Çaka “Mukaning Wong Kaya Naga”  (?) 1317 (1395 M) .
  22. Gajah Enggon mati ing taun Çaka “Çunya Paksa Kaya Janma” 1320 (1398 M)
  23. Bhra Hyang Wekasing Suka seda ing Indrabhawana ing taun Çaka “Janma Netragni Çitangsu” 1321 (1399 M )
  24. Bhre Wirabhumi diprajaya digawa menyang Majapahit, disarekake ing Lung, dharmabhiseka ing Goriçapura ing taun Çaka  “Naga Loro  Nahut Wulan “ 1328 (1406 M).
  25. Patih Gajah Maguri seda ing taun Çaka 1332 (1410 M) .
  26. Guntur ( banjir , longsor) ing wuku Julung pujut, ing taun Çaka “Kaya Weda Gunaning Wong” 1343 (1421 M)
  27. Gajah Lembana seda ing taun Çaka “Pawanagni Kaya Bhumi” 1335 (1413 M )
  28. Palantaran agung ing taun Çaka “Liman Kaya Ngambah Lemah” 1338 (1416 M)
  29. Pahilan agung ing taun Çaka “Naga Yuga Nahut Wong” 1348 (1426 M)
  30. Bhra prabhu stri (Ratu Ayu ) seda ing taun Çaka “Rupa Nilagni Çitangsu” 1351 (1429 M)
  31. Gusti Kanaka seda ing taun Çaka “Paksa Wihat Gunaning Wong” 1363 (1441 M)
  32. Raden Gajah diprajaya bhre Wirabhumi ing taun Çaka “Bhuta Manah Antelu Tunggal” 1355 (1433 M)
  33. Bhre Daha madeg ratu ing taun Çaka “Manawa Pancagni Wulan” 1359 (1437 M)
  34. Bhre Parameswara seda ing Wisnubhawana ing taun Çaka “Nagaganaagni Çitangsu ( Naga Gana Agni Çitangsu ) 1368 (1446 M)
  35. Bhre prabhu stri seda ing taun Çaka “Nawa Rasagni Çitangsu “ 1369 (1447 M)
  36. Bhre prabhu seda ing taun Çaka “Bahni Parwata Kayeku “ 1373 (1451 M)
  37. Bhre Wengker madeg dadi ratu, ajejuluk bhra Hyang Purwawisesa, ing taun Çaka “Brahmana Saptagnyanahut Wulan (?) 1378 (1456 M)
  38. Guntur ( banjir, longsor ) ing wuku Landhep ing taun Çaka “Pat Ula Telung Wit “ 1384 (1462 M)
  39. Bhre Daha seda ing taun  Çaka “Gana Brahmanagni Tunggal “ 1386 (1464 M)
  40. Bhra Hyang Purwawisesa seda disarekake ing Puri, ing taun Çaka “Brahmana Nagagni Çitangsu” 1388 (1466 M)
  41. Bhre Pandan Salas  madeg ratu ing taun Çaka “Brahmana Naga Kaya Tunggal” 1388 (1466 M) ,
  42. Bhre prabhu seda ing Kedaton ing taun Çaka “Kayambara Sagareku “ 1403 (1481 M)
  43. Pararaton tamat. Telas tinulis ing Icchasada ing Çelapenek, ing taun Çaka ; “Wisaya Guna Bayuning Wong” 1535 (1613 M ).

WATAKING TEMBUNG KANG ANA ING PARARATON :
Siji       = tunggal, dhi, rupa, bumi, wong, sitangsu, ratu, daging, wani, indhu, iku, medini, janma, lemah, wit, iku,
Loro    = dwi, paksa, tangan, nangani, anon,  karna, mata, netra,
Telu     = api, guna, kaya, nahut, rama, agni, ngambah, antelu, bahni, telung,
Papat   = weda, yuga, pat, sagara,
Lima    = arta, buta, wisaya, pawana, nila, manah, panca, bayu,
Nem    = rasa, wihat, gana,
Pitu      = resi, kuda, turangga, parwata, sapta,
Wolu   = muka, naga, ula, matangga, liman, brahmana,
Sanga  = sanga, muka, leng, Manawa, nawa,
Das      = nora, bhasmi, sunya, gagana, ambara,

Senin, 14 Januari 2013

PATILASAN KRATON MAJAPAIT (10)


CANDHI BRAHU.


Candhi Brahu mapan ing Desa Bejijong, Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto. Wewangunan jaman Majapait ing situs Trowulan  lumrahe  digawe saka bata kang ditata tanpa nganggo semen utawa kapur, mung ditata sarana digosok-gosokake. Semono uga Candhi Brahu uga digawe saka bata. Candhi Brahu madhep ngulon. Ukuran candhi  dhuwure 25,7 meter lan ambane  20,7 meter.

Cengkorongane candhi kapantha dadi telung bagean yaiku sikil, awak candhi, sarta payon. Bagean sikil dumadi saka wengku (blengker, bingkai) ngisor, tengah, lan ndhuwur. Wengku kasebut dumadi saka plipit rata, bagean  iring gentha lan bagean bunderan sigar. Saka panaliten para ahli purbakala, yen antarane tatanan bata sing sisih ngisor lan ing dhuwure mujudakake tatanan kang seje. 
Para ahli nduweni panemu yen tatanan bata mau mujudake tatanan candhi kang digawe ing jaman sadurunge. Ukuran candhi sing lawas yaiku 17 x 17 meter. Kena dipesthekake tatanan sikil candhi sing katon saiki mujudake tambahan saka wangunan candhi kang digawe  sadurunge jaman Majapait. Sikile Candhi Brahu dumadi saka rong tumpuk. Emperan (selasar) candhi lan undhak-undhakan candhi sisih kulon durung  dimangerteni kanthi cetha nganti seprene. 

Ukuran Candhi Brahu 10 x 10,5 meter, dhuwure 9,6 meter. Ing jerone candhi ana senthong kang ambane 4 x 4 meter. Nalika mbongkar senthongane candhi, ditemokake sisa areng, sing sabanjure ditliti dening Pusat Penelitian Badan Tenaga Atom Nasional (BATAN) Ngayojakarta. Asiling panaliten nuduhake yen miturut pertanggalan radio carbon , areng ing Candhi Brahu nuduhake wektu antarane taun 1410 nganti 1646.

Payon Candhi Brahu dhuwure kurang saka 6 meter. Ing sisih kidul wetan  ana wujud sigaran bunderan kang dinuga wujud stupa. Ndeleng wujud sing kaya mangkono kena dipesthekake yen candhi Brahu kagolong Candhi Budha. Saliyane iku umure Candhi Brahu dinuga luwih tuwa katandhing candhi-candhi kang ana ing situs Trowulan. Dhasar panduga kasebut yaiku Prasasti Alasantan  kang ditemokake ora adoh saka Candhi Brahu. Prasasti kasebut saka dhawuh (prentah) Mpu Sindok taun 861 C utawa 939 M. Salah siji isine prasasti kasebut ana sawijining jeneng wewangunan suci yaiku waharu utawa warahu. Tembung warahu iku kang dinuga dadi cikal bakale jeneng Candhi Brahu.

Pengikut

Matur Nuwun ...