Sabtu, 29 September 2018

KETIGA



greget mampet
umpetan ing waliking jurang mbambing
trubusing pangarep-arep kagerus ampak-ampak
kuncup kembang mlathi rebut ungup
gagar wigar
angin mangsa ketiga anyangking gendhing
garing
mekingking
lemah bengkah nela nyrimpet jangkah
ati pokah ambelasah

surabaya, 30092018

Senin, 24 September 2018

GUWA SIGALA-GALA (SIGOLO-GOLO).



GuwaSigala-gala ora ana sesambungane karo Bale Sigala-gala, lakon wayang nalikane nyedhaki perang Bharatayuddha. Guwa Sigala-gala mapan ana ing jurang jero Panglungan, Wonosalam, Jombang.
Satemene guwane ora pati gedhe kathik dalane rumpil tur pinggir jurang cerung pisan. Yen kepingin mrono takaturi kudu ngajak pemandhu guwa sing sumadhiya ig kono. Saka parkiran kang ana ing pinggir dalan gedhe, mlaku nganti tumeka pos karcisan. Dalane awujud lemah kang sisih kiwa jurang mbambing. Dalane isih rada rata nganti teka papan karcisan. Ambane ora ana sameter. Sawise tuku karcis mlaku mudhun, ngudhuni tlundhakan. Dalane banjur njojlog awujud undhak-undhakan utawa trap-trapan. Sinambi mlaku alon-alon lan ndeleng kahanan kiwa tengen, aku mbatin, aku saiki bisa mudhun nganti tekan ngisor, nanging mengko apa bisa munggah,  kedayan saka kahan raga tuwa lan umur sing wis ngentekake tanggalan cacah meh pitungpuluh. 

Slamet, teka dalan pratelon, dalane ngepang. Siji tumuju menyang kali Bara (Boro) sing papane isih ana ngisuuor banget, dene simpangane tumuju menyang guwa. Dalan takliwati alon-alon kanthi tansah memuji slamet, slamet,slamet. Yen nganti kepleset, sida jabarji. Aku mung ndeleng tilase tapak sikil sing nglimit nate diliwati wong. Temenan, meh teka pungkasan dalane dadi wolungpuluh grad (derajat). Karo gomdhelan oyod, ngrekel munggah. Slamet teka ngerepe guwa. Nanging ora bisa mlebu jalaran wis ora ana dalan maneh. Mandheg.

Kocapa ana guwa maneh sing ana sisihe guwa mau. Bali mudhun sethithik kanthi laku ngesot, karo gondhelan wit-witan cilik, pokoke kena kanggo gondhelan. Arep ngadeg ora wani, jalaran wedi yen njugkel menyang jurang. Prenahe guwa mau ngalor sethithik kira-kira sepuluh meter.  Ana oyod-oyodan saka wit gedhe (mbuh wit apa). Menek liwat oyod, dadi ora menek wit, nanging menek oyod. Pungkasane oyod mau tumeka lawange guwa.
Kahanane guwa ora pati gedhe, ana blabag kang kena kanggo lungguhan. Kena dipesthekake yen papan kono asring disaba wong. Manut katrangane sing jaga, ing papan kono lumrah kanggo nepi wong-wong kang kepingin ngeningake lan ngenengake pikir. Ing malem-malem tinamtu ana wong (ora akeh) apa maneh wulan Sura ngene iki sing sok nepi ana guwa kono. 

Tan kocapa, bareng baline, sawise ngrengkel mudhun liwat oyod-oyodan mau, ndeleng munggah papan karcisan, katon dhuwur banget. Arep nglakoni awang-awangen, ing batin tansah ndedonga muga-muga bisa slamet teka dhuwur. Sinambi ngetung tlundhakan, lakon tetep kudu dilakoni. Saben sepuluh tlundakan leren, saben sepuluh tlundhakan leren, jalaran ambegan rasane kaya arep ucul-ucula. Cacahe tlundhakan kira-kira rongatus . Anggonku leren ganep ping rongpuluh. Alhamdulillah, bisa munggah kanthi slamet sanandyanta kanthi menggeh- menggeh, kringet gobyos nelesi klambi. Atiku seneng, senadyan raga wis tuwa, isih bisa krekelan meneki guwa.

Jumat, 21 September 2018

ALUN-ALUN BUBAT.



Alun-alun Bubat nyimpen kedadean kang gedhe yaiku banjir getih nalika Sang Prabhu Hayamwuruk ngayunake putri Sundha. Nalika ratu Sundha sang Maharaja teka ing alun-alun Bubat, ana seling surup antarane ratu Sundha lawan Patih Gajahmada. Banjur kedadean perang antarane wadya Sundha lawan Majapait. Kedadean kasebut ditulis ana ing Pararaton kang unine mangkene “wong Sundha mati, kadi sagara getih gunung wangke, bhrasta wong Sundha tan hana kari, I caka sanga-turangga-paksa-wani, 1279 C (1357 M). Mung wae kedadean kasebut ora ditulis ing Negarakertagama, kamangka Negarakertagama ditulis nalika Pabhu Hayamwuruk isih sugeng. 

Saiki, alun-alun Bubat wis malih wujude. Yen biyen alun-alun kang endah banget saiki wujud sawah kang subur. Wong-wong ingkono nyebutake “Sawah Bubat” kaya kang diterangake dening Pak Sudarso. Ing sakiwa tengene Sawah Bubat uga tinemu ilen-ilen kang dinuga tinggalane kraton Majapait.
Gambar ing ngisor Sawah Bubat lan Pak Sudarso kang menehi katrangan bab Sawah Bubat, sarta gambar ilen-ilen jaman Majapait.


Pengikut

Matur Nuwun ...