Sabtu, 28 Januari 2012

PEPALI KI AGENG SELA (3)

MEGATRUH
1.
Wruhanira tekad ingkang luwih luhung, poma dipunngati-ati, akeh sambekalanipun, wali mukmin sadayeki, pirang bara manggih yektos.
2.
Lamun luput aneng dunya lakunipun, ngakerat datan pinanggih, yen enom wedelanipun, babarane nora becik, ya iku poma kang yektos.
3.
Pan mangkana manawa bae ing mbesuk, oleh dhangane kang ati, nging aja mesthekken iku, manawa ana ingkang sih, antuk suwargadi kaot.
4.
Wruhanira wong ahli puniku, sarta tekat ingkang becik, cinadhang suwarga mbesuk, suwarga pepitu yekti, ana luhur ana asor.
5.
Pramilane den wruh ala becik iku, kang ala dipunsingkiri, kang becik wajib tiniru, Allah pasthi ngudaneni, ginadhang-gadhang kinaot.
6.
Ingkang ala pasthi cinadhang ing mbesuk, pinrenah aneng Yamani, dene ingkang becik iku, pasthi cinadhang ing mbenjing, aneng suwargadi kaot.
7.
Pan mangkana adiling Hyang Agung, pramila den ngati-ati, neng dunya aja katungkul, sanajan ala sireki, nuli elinga ing batos.
8.
Lamun sira durung eling nuli lampus, kainan kapanggih wuri, sru getun kadhuwung, katungkul duk kala urip, ngakerat kari bebendon.
9.
Pan yaiku musthikane kang lapil hu, mbengkas sagung ponang lapil, pan iku bae wis cukup, nanging ati kang suci, poma-poma den kalakon.
10.
Ya wa inna rohmatullahi karibun, minal mukminina yekti, satuhune lapil iku, ingkang padha dipunesthi, den eling lair trus batos.
11.
Pan mangkana tegese lapal puniku, sagung rahmating Hyang Widhi, pinerakaken mring makluk, kang sami akarya becik, angesthi nedya rahayu.
12.
Aneng dunya dipunsregep anenandur, lan dipunsregep reresik, tegese sregep nenandur, agawe ngamaling dhiri, kang rila ing lair batos.
13.
De maknane kang bangsa resik puniki, karam makruh den semingkir, dohna ing dedosa sagung, dosa samar – samar gaib, eling-eling den waspaos.
14.
Eling iku mituhu marang pitutur, pitutur kang muni tulis, karya becik yen digugu, poma den padha angesthi, iku marganing kinaot.


Katrangane tembung-tembung:
Wruhanira = weru + ana + ira , weruhana.
Sambekala = kacilakan, alangan
Wali = 1. Bangsane pangot cilik pucuke lancip (kanggo ngukir, nulis ing lontar, lsp); 2. Wong kang nduweni hak ningkahake penganten wadon ; 3. Wong suci ing agama Islam.
sadayeki = sadaya + iki , kabeh iki
pirang bara = pirabara, pinten banggi, : 1. Pancene luwih prayoga yen…. ; 2. Mengkono kuwi wis jeneng lumayan , tinimbang ora …..
wedelanipun = dicelup nganggo nila (tumrap bathik).
babarane = 1. Nyoga bathikan; 2. Manak (duwe anak) ; 3. Diwetokake (tumrap buku, majalah lsp).
suwargadi = suwarga + adi = suwarga kang endah
kaot = kacek
ngudaneni = ang + udani + I = meruhi
ginadhang –gadhang = digadhang – gadhang = diarep-arep, dicalonake ing tembe dadi ….
Yamani = panggonane bathara Yama, neraka
Katungkul = nganti lali apa-apa dening mempeng nindakake pegawean lsp.
Lampus = mati
Kadhuwung =getun
Bebendon = deduka, nepsu.
Lapil = lapal, lafadz
Mbengkas = ngrampungi, nyirnakake.
Esthi = 1. Karep, sedya, jangka ; 2. Gajah, liman, dwipangga.
Samar = 1. Katon ramyang-ramyang, ora katon cetha ; 2. During ngerti kalawan terang ; 3. Mutawatiri, mbebayani ; 4. Sumelang, kuwatir, uwas. Disamar = digawe wadi. Ora kasamaran = ora kekilapan, weruh (mangerti temenan).
Waspaos = waspada
Pinerakaken = perak + in + aken = dicedhakake
Karam = ora kena dilakoni yen dilakoni ndadekake dosa
Makruh = ora pantes dilakoni


Ana candhake …

Kamis, 26 Januari 2012

ABA-ABA KAPRAJURITAN



Saka Kraton Ngayojakarta :

Aba-aba sikep baris
“Tata baris”: : berkumpul dalam formasi baris (nglempak satata baris)
“Siyaga yitna” : berdiri lurus (ngadeg jejeg)
“Ngaso ngenggon” : istirahat di tempat (ngaso wonten papan)
“Rentes nganan” : lurus kanan (nyipat manengen)
“Rentes ngering” : lurus kiri (nyipat mangiwa)
“Jejeg” : kembali lurus (wangsul jejeg)
“Bubaran” : bubar bersama (bibar sesarengan)
“Ngaso” : istirahat bersama (ngaso bebarengan)
“Madhep nganan” : menghadap ke kanan (madhep manengen)
“Madhep ngering” : menghadap kiri
“Mlaku bareng” : berjalan bersama-sama
“Mlaku ngenggon” : berjalan di tempat
“Mlaku macak maju bareng” : berjalan macak bersama-sama
“Minger batik nganan” : berputar balik ke kanan (minger balik manengen)
“Minger balik ngering” : berputar balik ke kiri (minger balik mangiwa)
“Nekuk ngering” : belok dua kali ke kiri
“Nekuk nganan” : belok dua kali ke kanan
“Jangkah lumrah” : berjalan dari macak berganti ke biasa (mlampah
biasa saking mlampah macak lajeng mlampah sareng biasa)
“Maju/mundur 1,2,3 jangkah”: maju/mundur 1,2,3 langkah
“Mandheg bareng” : berhenti bersama-sama
“Mandheg urut” : berhenti berurutan
“Hukur antara” : Mengukur jarak (ngukur antawis)
“Baris urut kacang” : barisan urut kacang
“Baris ngloro-ngloro” : Baris jejer dua-dua
“Noleh nganan” : hormat dengan menoleh ke kanan
“Noleh ngering” : hormat dengan menoleh ke kiri
“Hurmat/caos pakurmatan nganan”: hormat dengan menoleh ke kanan
“Hurmat ngering” : hormat dengan menoleh ke kiri
“Panji nganan/ngering” : panji ke kanan/ke kiri
“Panji mlebu barisan” : panji masuk ke barisan
“Methenteng asta” : tangan kiri di pinggang.

Aba-aba untuk prajurit mulai mlampah macak:

‘Mlampah macak maju bareng..”: (suling berbunyi bawa) … (tambur berbunyi
hingga pada disambut aba ‘Gya”)
“Mlampah macak maju bareng..”: (tambur berbunyi ropel) … (suling berbunyi
bawa dilanjutkan dengan bendhe besar
disertai aba “Gya”)
“Mlampah macak maju bareng.,: (trompet berbunyi)… (tambur berbunyi
ropel)… (disambut suling bawa diteruskan bendhe besar disertai aba “Gya”)

Aba-aba Sikep Dedamel
Sikep Sabat/pedhang

“Tarik pedhang” : pedang dihunus
“Hurmat pedhang” : hormat dengan pedang
“Pandi pedang” : pedang dipanggul
“Nyarung pedhang” : pedang disarungkan

Sikep Senjata
‘Nyangklong tinggar” : senjata dicangklong
“Hurmat tinggar” : hormat dengan senjata
“Seleh tinggar’ : menurunkan senjata
“Cangking tinggar” : senjata dibawa
“Nyipat” : meluruskan
“Drel” : drel (senjata dibunyikan)
“Buwang patrum’ : peluru dikeluarkan.

Sikep Waos (tombak)
‘Pandi hastra” : tombak dipanggul
“Kinantang tunjung hastra” : hormat dengan tombak
“Tunjung hastra”/”goyang tunjung hastra” : tombak diturunkan
‘Maniyung hastra’ : tombak dicondongkan
‘Manlawung hastra” : tombak di-lawung
“Mbuntar hastra” : tombak dibawa [cangking)
‘Nylimpet balik” : melangkah bersilang balik
“Nylimpet balik tunjung hastra/pandi hastra” : melangkah bersilang balik,
dilanjutkan tegak /memanggul tombak
“Maju ndhadhap” : melangkah ke depan dengan mendhak
“Mundur ndhadhap’ : berjalan mundur dengan mendhak dilanjutkan
tegak, tombak dipanggul (pandi)
“Kumpul hastra” : tombak dikumpulkan

Sikep Towok
“Junjung towok” : towok diangkat
“Turun towok” : towok diturunkan
“Maniyung towok” : towok dicondongkan
“Kinantang wusti towok” : hormat menggunakan towok
“Gantang towok” : menurunkan towok dilanjutkan tegak

Aba-aba ungel-ungelan/kalasongka
‘Siyaga kalasongka’ : tambur, ketipung, dhodhog dicangklong; bendhe,
suling, dan sebagainya dibawa
“Nembang tengara” : rapel apel
“Tengara manggala” : penghormatan terhadap Manggala
“Ngumpul sajuru-juru” : menuju ke bregada/pasukan masing-masing
“Hampil kalasongka” : membawa alat musik

Aba-aba hormat
‘Warasta kalasongka hurmat”: hormat menggunakan dedamel (peralatan)
dan bunyi-bunyian. Dwaja termasuk dedamel

“Kinantang tunjung hastra” : hormat besar menggunakan tombak
“Hurmat tinggar” : hormat menggunakan senapan
“Kinantang wusti towok” : hormat dengan towok
“Hurmat pedang” : hormat dengan pedang
“Rubuh dwaja” : hormat dengan merebahkan bendera
“Hurmat” : hormat dengan menoleh ke kin atau kanan
saat berjalan

Aba-aba bersama untuk semua jenis peralatan
“Mbujangso warasta”: tombak dan pedang dipanggul, towok diangkat,
senapan dicangklong.

Aba-aba sikep dwaja
“Rubuh dwaja” : hormat menggunakan bendera
“Ngadeg dwaja” : bendera ditegakkan
“Pundi dwaja” : bendera dipanggul
“Turun dwaja” : bendera ditegakkan, seperti waos tunjung hastra.

sumber:
http://khustbesters.wordpress.com/2011/01/18/8-peran-prajurit-kraton-yogyakarta-sekarang/

Saka Kraton Kasunanan miturut :

1.Bp. Rochani Sastra Adiguna :
siap =siyaga....gerak =tandya, siap ...gerak [siyaga...tandya]
tegaaaak...geraaak = sigeeeeg...tandyaaaaa
siaaaaap...geraaak = siyagaaa...tandyaaaaa
istirahat ditempat...geraaak = lerem sahana....tandyaaa
hormaaaat...geraaak = tanjak kartisampeka...tandyaaa
lencang kanan...gerak =godhak sahasta...tandyaaa
balik kanan gerak = balik kawuriii...tandyaaaa

2. Bp. Agoeng Sedayu ‎@
Kula pun nate tumut barisan Prajurit Prawira Anom wonten Kasunanan Surakarta, kala taun 1990...
Emut kula ngaten :

Siap Grak...Sigeg Tandya
Hormat Grak....Kartisampeka Tandya
Hadap Kanan Grak...Madhep manengen Tandya
Hadap Kir graki...Madhep magering tandya
Belok kanan maju jalan...Lumaksana manengen tandya
Tegak jalan grak...Lumaksana magita-gita tandya

Senin, 23 Januari 2012

BUTA - BUTA GALAK



Buta – buta galak, solahe lunjak – lunjak,
Ngadeg jingkrak – jingkrak nyandhak kanca nuli tanjak,
Ngadeg bali maneh, rupamu ting celoneh,
Kuwi buron apa taksengguh buron kang aneh,
Lha wong kowe we we we sing marah – marahi,
Gawemu kok ngono dhi, dhi,
Aku wedi ayo kanca padha bali,
Kae lho, kae lho, matane plerak – plerok rok, rok, rok,
Kae lho, kae lho kulite ambengkerok, rok, rok, rok,
Mung kulite e e e ambengkerok.



Gambar :wisatajiwa.wordpress.com

Minggu, 22 Januari 2012

DIGUYU MEMEDI.

Sing arep dakcritakake iki kedadean nalika taun 1974 kepungkur, kira-kira 40 an taun kepungkur. Nalika samana aku isih bujang, manggon ing omahe mbahku pinggir kuburan Asemjajar, Surabaya. Wektu samono kira-kira wis jam setengah sepuluh bengi. Aku kentekan rokok. Kamangka toko-toko sing cedhak omahku wis padha tutup. Sarehne cangkem rasane kecut aku meksa budhal tuku rokok.
Karo jumangkah metu saka omah aku ngudarasa, iki penake lewat ngendi. Lewat dalan kampung apa lewat tengah kuburan ? Yen lewat dalan kampung rada adoh jalaran dalane mubeng, yen lewat tengah kuburan cedhak ning sepi ( ing tengah kuburan ana dalane cilik saka plat beton). Nalika semana kuburan Asemjajar durung dipager kaya saiki. Sanajana ana pagere ning kari uger-ugere kang digawe saka beton. Lan wektu semana kahanane isih peteng, sanajana ana listrik ning ya adoh. Wusanane dakpungkasi wae liwat tengah kuburan, Golek dalan sing cedhak.
Budhal mlangkah menyang kuburan , atiku wis senak-senik ora kepenak, gek sida gek ora. Aku njur nekat, ee mosok manungsa dititahake paling sampurna, kalah karo bangsane lelembut. Budhal slamet mulih slamet .
Temenan tekan warung sing dodol rokok ora ana kedadean apa-apa.Mulih saka tuku rokok aku liwat dalan tengah kuburan maneh. Mlebu bleng, ora ana apa-apa. Bareng kira-kira wis teka tengah-tengah kuburan, ana swara : “Iiiih….iiiih….iiihh,” kaya swarane wong ngguyu. Sanalika tanpa pikir aku terus mencolot ngono wae, nyoloti pathokan- pathokan maesane wong mati.
Untunge, aku ora nabraki maesan, saupama nabrak rak ya babras kabeh. Lan wektu iku aku lagi kelingan yen mentas wae ana wong mati dikubur ana kono, durung telung dinane.

Rabu, 18 Januari 2012

DIKUNCI POCONGAN.

Ana unen-unen bocah angon ki luput samubarang kalir, luput sembur. Tansah nemoni slamet sanajan ngambah papan sing wingit-wingit utawa papan sing angker. Kedadean iki wis ana seket taun kepungkur ing Mojoagung
Ana bocah angon telu lagi Yadi, Saipul, karo Saleh padha angon sapine. Anggone angon ana ing sacedhake kuburan desa kono. Wis lumrahe kuburan ana Mojoagung , yen ing kono ana omah-omahan kanggo nyimpen bandhosa. Salah sijine bocah mau, Saipul kandha marang Yadi, “Ayo, Di si Saleh dilebokake bandhosa.”
Yadi ngiyani, “Iya ayo.”
Saipul karo Yadi alon-alon nyedhaki Saleh, banjur disikep arep dilebokake menyang bandhosa. Anehe, Saleh dhewe ora nolak, malah kandha,”Ora apa-apa, aku dakmlebu dhewe.”
Temenan, bocah telu banjur mlebu menyang omah-omahane bandhosa. Saleh njur mlebu menyang bandhosa. Sikile dislonjorake kaya patrape wong mati. Tutupe banjur dikrukubake. Saleh banjur ditinggal mlayu.
Ora suwe, Saleh bengok-bengok,”Tuluuuung, bukaken tutupe. Bukaken tutupe …”
Saipul karo Yadi banjur gage-gage mlayu marani, melu mbukak tutupe bandhosa, nyatane tutupe bandhosa meksa ora kena dibukak. Kamangka bandhosa mau ora ana kuncine. Diangkat bocah loro, tutup mau meksa ora kena dibukak. Saleh malah seru anggone bengok-bengok,”Ndang bukaken, ana pocongaaan. Ana pocongaaan.”
Saipul karo Yadi padha bingung, njur golek kayu semboja mbukak tutup mau. Bareng dijugil nganggo kayu bandhosa kena dibukak. Ora sranta bocah telu banjur mlayu nggendring. Bareng wis rada adoh saka kuburan bocah telu mau banjur mandheg. Ambegane krenggosan.
Sawise rada sareh si Saleh kandha,”Iku mau tutupe digandholi pocongan. Tutup takjejak tetep ora kena dibukak.”
Saipul nyaut,”Mosok, jam telu awan kenthang-kenthang ana pocongan.”
“Kowe ki ora percaya. Aku iki lho sing ndelok.”
“Wis saiki ayo didelok maneh.”
Bocah telu banjur marani prenahe bandhosa mau, bareng dideleng temenan kanyatane engsele bandhosa mau mengsle. Anehe manawa engsele bandhosa mung mengsle , bocah loro - Yadi karo Saipul - kok ora kuwat mbukak ?

Selasa, 10 Januari 2012

OH, TRESNAKU PEDHOT NENG TENGAH DALAN …


Pancene wong tresna iku ora mawang umur, tuwa enom, lanang wadon padha wae. Umur pira wae bisa ketaman sing jenenge tresna. Apa maneh sing ditonton saben dina mung TV sing nyiarake cinta-cintaan. Njur sing nonton kelu, rumangsa kaya-kaya sing digambarake neng TV mau. Sing rada ngrepotake wong tuwa yaiku nalika sing ketaman tresna iki durung cukup umur.
Sing arep dakcritakake iki sawijining prastawa sing kedadean ing sawijining sekolahan ing Surabaya. Ana sawijining murid wadon SMP kelas siji (pitu), dak cekak wae jenenge Cipluk (jeneng singlon) dumadakan semaput ana ing jero kamar WC, Bocah mau banjur dibopong digawa menyang ruang UKS. , Sawise eling banjur ditakoni,
“Kowe mau wis sarapan?” pitakone bu guru marang Cipluk.
“Sampun, bu” wangsulane.
“Njur, kena apa kowe kok semaput?”
Bocah mau mung meneng wae. Dumadakan kancane kenthel Cipluk kandha yen dheweke bubar nampa layang saka pacare. Jarene sesambungane Cipluk lan pacare dipedhot.
“Lho, kowe wis duwe pacar, ta?” bu guru kaget.
Cipluk ditakoni mung meneng wae. Kancane sing mangsuli, “Sampun, bu. Lha niki seratipun.” Bu guru banjur nampani layang banjur diwaca. Sawise diwaca banjur disimpen neng jero laci. Ora suwe bu guru ndangu maneh.
“Sapa pacarmu?” Cipluk ora gelem mangsuli.
“Lare kelas pitu A, bu” wangsulane .
“Undangen mrene,” bu guru banjur ngutus bocah liyane nimbali Arman (jeneng singlon) pacare Cipluk . Bareng wis teka banjur didangu,” Man, bener kowe pacare Cipluk ?”
“Boten , bu ….. boten, bu,” Arman selak.
“Lha iki layange sapa ?”
Arman ora bisa selak maneh, mung cengingas- cengingis.
“Aja cengingas-cengingis kowe. Yen ngene ki piye. Nganti semaput neng WC, njur yen ora konangan piye. Kowe tanggung jawab ?” bu guru akeh-akeh ndukani Arman. Bu guru njur mbacutake ngendikane, “Kowe kabeh ki isih piyik, isih cilik. Saiki wis ora usah layang-layangan barang. Ulangan ora tau entuk biji enem, layang-layangan digedhekke.”
Pancene bocah saiki isih cilik wis pinter pacaran, apa maneh saben dina sing diguroni TV. Bareng para bapak ibu guru krungu larah-larahe Cipluk semaput, ana sing cluluk ,”Gurune wae umur patang puluh enem durung ngrasakake pacaran, malah muride dha nganti semaput barang.”

Pengikut

Matur Nuwun ...