Rabu, 09 November 2016

PESISIR KLAYAR




Pesisir Klayar mapan ana ing pinggiring samodra kidul kalebu wewengkon desa Kalak, kecamatan Donorojo, kabupaten Pacitan. Papan wisata iki kalebu misuwur kanggone wong-wong tanah Jawa, utamane kutha Pacitan.  Kahanane saiki sangsaya tambah rame. Dalane uga nglenyer, aspalan alus, ora adoh saka guwa Gong. Saka guwa Gong kira-kira mung watara 10 km. Ing desa Kalak kono uga ana guwa Kalak kang misuwur kanggo nepi utawa tapa.
Kaelokane papan wisata pesisir Klayar iki yaiku anane banyu kang nyembur saka sela-selaning watu karang nalika ana ombak gedhe. Semburan iki dijenengi Seruling Samudera. Ana uga wujude watu karang kang saemper karo wujude Spinx ing Negara Mesir.
Rehdene ombake segara kalebu gedhe, mula para wisatawan ora dililani adus ing segara. Bab iku pancen mbebayani banget. Papan wisata ing kutha Pacitan kalebu akeh, kayata Guwa Gong, Guwa Tabuhan kang watune bisa dianggo gendhingan. Yen panjenengan kepingin selancar utawa surfer bisa tindak menyang pesisir Teleng Ria utawa pesisir Srau. Yen kepingin lelangen banyu anget ora susah nggodhog, nyemplung wae ana ing kolah Banyu Anget kang mapan ana ing kecamatan Arjosari. Yen panjenengan kondur saka Pacitan aja lali mundhut akik kanggo oleh-oleh.  Wis ta, pokoke jooozz.

Senin, 12 September 2016

NGELMU ANYAR: METANALISIS (06)



Metanalisis iku pangrimbaging tembung sing mula sing bukane salah pangrimbag. Lugune proses morfologis metanalisis iki tinemu ing basa Indonesia. Miturut panemune Prof. Dr. E. Zaenal Arifin, M. Hum pangrimbaging tembung iki kanggo nerangake tembung-tembung kayata, pramugari, pramusaji, pramusiwi, pramusyahwat, pramuniaga, pramuwisma, pramubakti, pramubarang, pramubayi, pramugara, pramujasa, pramukamar, pramupintu, pramuria, pramutamu, pramuwisata.
Ing basa Indonesia tembung pramu- kalebu “bentuk terikat” kang digandhengake karo tembung-tembung kang kasebut ing dhuwur. Rehdene basa Jawa kaprebawan basa Indonesia lan tembung-tembung mau uga mlebu ing basa Jawa, mula ora ana alane kita uga nyinau bab iki.
Ing basa Jawa ana tembung pramugari kang asalae saka basa Kawi kang tegese : uger-uger, bebandhem, gegitik ( CF Winter, 347), dene ing basa Jawa anyar ateges pengarep, panuntun (WJS Poerwadarminta, 510). Saliyane iku ana tembung pramuka*), pramudita, pramoda lsp. Sabanjure tembung pramu- dijupuk banjur digandhengake karo tembung-tembung ing dhuwur.
Saliyane iku ana tembung pengembara, babone (kata dasar) kembara, kamangka ing basa Jawa tembunge ambara utawa umbara, ing basa Jawa tegese uluk, awang-awang, lelana, nguja (CF Winter, 49). Pangrimbaging tembung-tembung kang kaya mangkono mau diarani metanalisis.
Tembung liyane kang pangrimbage nganggo cara metnalaisis ing antarane  tunakarya, tunasusila, tunanetra, tunawisma, tunadaksa, tunagrahita, lsp.

Katrangan :
*) tembung pramuka ing kene arupa tembung, dudu akronim saka Praja Muda Karana.


Minggu, 04 September 2016

NGELMU ANYAR: ABREVIASI UTAWA CEKAKAN (05)



Abreviasi yaiku proses morfologis kang ngowahi leksem utawa gabungan leksem dadi cekakan. Dadi, nyekak tembung (abreviasi) minangka salah sijine proses ngrimbag tembung, yaiku nyekak tembung dadi aksara, perangane tembung , utawa gabungan engga mujudake tembung. Ing basa Jawa ana kawruh kang arupa nyekak tembung arupa:

Tembung Garba (Tembung Sandi)
Ing kawruh basa Jawa tembung garba ditegesi nggandheng tembung loro dadi siji lan salah sijine wandane tembung luluh. Bab iki uga kaewokake nyekak tembung. Werna-wernane :

1.      Tembung garba warga ha, tuladha
ana + ing > aneng
prapta + ing > prapteng
nata + ing > nateng
kaloka + ing > kalokeng
lebda + ing > lebdeng
jiwa + angga > jiwangga
maha + meru > mahmeru
maha + resi > maharsi
maha + raja > mahraja
nara + pati > narpati
nara + endra > narendra
prawira + utama > prawirotama
sara + utama > sarotama
siti + inggil > sitinggil
sira + iku > sireku
sapa + antuk > sapantuk

2.      Tembung garba sutrawam, tuladha
tumuju + ing > tumujweng
lumaku + ing > lumakweng
jalu + estri > jalwestri
munggu + ing > munggweng
malebu + ing > malbweng

3.      Tembung garba sutraye, tuladha
dupi + arsa > dupyarsa
lagi + antuk > lagyantuk
sugih + arta > sugyarta
budi + arja > budyarja
rare + alit > raryalit

Tembung Plutan utawa Kontraksi
Tembung plutan yaiku tembung kang dirangkep aksarane dadi sakecap (Poerwadarminta, 499). Gunane kanggo ngepasake guru wilangan ing tembang.
maring > mring
murih > mrih
weruh > wruh
para > pra
perang > prang
salawat > slawat
parandene > prandene
terus > trus
pinurih > pinrih

Tembung Wancahan (tugelan, akronim)
1.      Tembung wancahan aluraning sedulur, panggilan.
pakdhe < bapak gedhe.
budhe < ibu gedhe
paklik < bapak cilik
bulik < ibu cilik.

2.      Tembung wancahan kang kalebu tembung camboran tugel.
thukmis > bathuk klimis
lunglit > balung kulit
dhegus > gedhe bagus
dhekwur > cendhek dhuwur.
bonek > bandha nekad
bangcuk > abang pucuk
dubang > idu abang

3.      Tembung wancahan kang kanggo nyekak papan panggonan.
Joglosemar > Jogja, Solo, Semarang
Pawonsari > Pacitan, Wonogiri, Wonosari.


Cekakan (Singkatan)

1.      Cekakan kang tinemu ing gelar para priyayi luhur
KGPAA = Kanjeng Gusti Pangeran Aria Adipati.
SISKS = Sampeyan dalen Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan.
KPH = Kanjeng Pangeran Harya
GPH = Gusti Pangeran Harya
BRM = Bendara Raden Mas
GRAy = Gusti Raden Ayu
RA = Raden Ajeng
KRT = Kanjeng Raden Tumenggung

2.      Cekakan kang tinemu ing buku utawa kamus (bausastra):
ki = karma inggil
kn = karma ngoko
ka = karma andhap
lll.= lan liya-liyane
lsp = lan sapanunggalane.

3.      Ana cekakan kang tinemu ing cangkriman, kayata:
Pakboletus = tapak kebo lelene satus.
Wiwawite lesbadhonge karwalase = wi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tilase.
Burnaskopen = bubur panas kokopen.
Idhustalen = tai wedhus untalen.
Lang bonang kumtasbir = walulang kebo lanang dikum, dientas njebibir.

4.      Ana cekakan kang kalebu lambang, kayata
Rp,
 cm,
kg,
 m,
CO2, 


Sabtu, 03 September 2016

NGELMU ANYAR: ANALOGI UTAWA MIRID (04)



Ana uga pangrimbaging tembung nganggo cara analogi, yaiku ngrimbag tembung mirid saka wujuding tembung kang wis ana. Satemene cara analogi iku akeh tinemu ing basa Indonesia. Nanging ing basa Jawa uga tinemu tetembungan kang kaya mangkono lan uga nyesep tetembungan kang pangrimbage satemene mung ana ing basa Indonesia.
Tembung tukang tegese yaiku pakaryan kang diayahi sawijining wong, kayata tukang kayu, tukang batu, tukang jait, tukang pijet, tukang dhokar, tukang nyamak, tukang deres, tukang listrik, tukang talang, tukang becak, nanging uga ana tetembungan liyane kang mirid saka wujud kang wis ana yaiku tukang main, tukang bal-balan, tukang voli, tukang badminton. Tembung tukang ing basa Indonesia lumrahe padha karo tembung kang oleh ater-ater pe kayata petinju (orang yang bertinju, orang yang ditinju). Mirid saka tembung iku banjur ana tembung pegolf, pesenam, peselancar, pejudi (pemain judi), pesebak bola (pemain sepak bola), pebola volley (pemain bola volley) lsp. Tembung-tembung iku mau baka sethithik mlebu menyang basa Jawa.
Ana tembung sesepan saka basa Indonesia, kayata :
petatar = yang ditatar dene penatar = yang menatar.
pesuruh = yang disuruh dene penyuruh = yang menyuruh.
petinju = yang ditinju dene peninju = yang meninju.
siswa = peserta didik dene guru = penyerta didik.
mahasiswa = mahapeserta didik dene mahaguru = mahapenyerta didik.

Tembung liyane yaiku:
ahli      = ahli gambar, ahli minyak, ahli nujum, ahli perang, ahli tapa, ahli prihatin, ahli tirakat,
ambeg = ambeg darma, ambeg wani, ambeg welas, ambeg pati, ambeg sura, ambeg siya.
mantri = mantri jururawat, mantri cacar, mantri guru, mantri suntik, mantri kesehatan, mantri kewan, mantri pasar,
juru      = jurudang, juru nujum, juru mudhi, juru dhayung, juru marga, juru sungging, juru tedhak, juru rias, juru tulis, juru parkir, juru jalan,
guru     = guru laki, guru bakal, guru dadi, saka guru, guru tari, guru lagu, guru wilangan, guru gatra, guru sastra, guru swara, guru darwa, guru sejati,
kuli      = kuli batu, kuli panggul, kuli bangunan, kuli montoran, kuli gudhang, kuli ratan, kuli tinta,
kembang = kembang gula, kembang gundha, kembang desa, randha kembang, kembang brayan, kembanging bangsa, kembange wong turu, kekembanganing urip,
tutup    = tutup keyong, tutup buku, tutup utang,
bukak   = bukak dhasar, bukak terop, bukak warung, bukak toko,bukak utang, bukak rekening, 
utang   = utang pati, utang lara, utang wirang, utang budi, 

Pengikut

Matur Nuwun ...