Minggu, 28 Desember 2008

Botoh Kondhang

Serat Jayengbaya

Anggitan : R. Ng. Ronggwarsita

Asmaradana

30.

Belayangan saben ari,

nora mikir marang rupa,

yen kober mung raup bae,

lan nora ngadi busana,

uger ganep kewala,

gothanga meksa kapuwung,

yen uga kepering nggennya.

Tegse tembung :

ngadi busana = dandan.

uger = angger, pokoke

kewala = bae, wae

kapuwung= kena-kena bae, lothung, lowung

kepering = kiwa, ora adakan, dudu panggonan rame.

31.

kaya ta timang myang keris,

nora dadi saru apa,

anggere wis pawitane,

sarate gampang kewala,

mung ngawasi wetara,

lire yen awangun kojur,

ngundur-undur sukur mijan,

Tegese tembung:

myang = miwah, lan

ngawasi wetara = ndeleng sangat, wektu.

lire = tegese

awangun kojur = kira-kira arep kojur, sial

mijan = menang.


32.

Yen wangune oleh titih,

ingsun sengkruke kewala,

yen mangkono panganggone,

kaya nora kena mlarat,

tan nganti nandhang utang,

untung bae etangipun,

ngimpun duweke wong liya.


Tegese tembung :

wangune = ketoke.

titih = mujur.

kewala = bae.

(Yen ketoke nasib lagi mujur, tak temeni anggonku lungguh. Yen kaya mengkono kaya-kaya ora bakal mlarat.Ora nganti nandhang utang. Etungane tansah untung, ngumpulake donyane wong liya).

33.

Menang dhuwit seneng ati,

banjur bae ngumbar suka,

jajan juwadah karo ndhog,

anggegotho iwak limpa,

tansah prentah nganggo pah,

pan mangkono watakipun,

botoh yen menang dolanan.


Tegese tembung :

anggegotho = mangan akeh.

pah = opah.

pan = kaya

(Yen menang atine seneng. Banjur ngumbar kasenengan. Jajan juwadah, endhog, iwak limpa. Yen prentah mesthi menehi opah. Pancen kaya mangkono iku watake botoh yen lagi menang).

34.

Sakkal kono menang ati,

kabeh kang padha kayoman,

muni rempeg yen budi ber,

iku kang dadi tyas ingwang,

nanging wadane ana,

botoh yen pinuju kabutuh,

betah dadi budi harda.


Tegese tembung:

sakkal = sanalika.

rempeg = racak, akeh lan bareng.

budi ber = ber budi, becik atine (tindake)

tyas = ati.

wada = cacad, ciri.

harda = nepsu, karep, culika (?)

(Sanalika rumangsa bombong, kabeh sing padha dak ayomi, padha kandha yen aku nduweni tindak utwa ati kang becik. Nanging ana cacade, botoh yang lagi butuh, sok gelem laku culika.)

35.

Utang silih tanpa ulih,

tinagih adol gemblengan,

nggege gugatan den age,

lo, kuwi alanira,

luwih maneh manawa,

kekrepen kalah mbalubut,

gelem anggadhung lan culika.


Tegese tembung:

adol gemblengan = nuduhake kasektene.

tinagih = tagih + in = ditagih.

nggege gugatan = nantang prekara (?)

mbalubut = ora duwe isin.

anggadhung = ngapusi, curang (?)

culika = kianat, tindak sing ora bener.

(Utang selang wis ora nate mbalekake. Yen ditagih ngajak tukaran, mamerake kadigdayane. Nantang-nantang ngajak padu. Ngono kuwi alane dadai botoh. Luwih-luwih kekerepen kalah, sok gelem ngapusi lan main ora bener (curang)).


36.

Lirira bisa mbesiwit,

ing kono konangan ingwang,

mungsuhku bareng adege,

rebut gebug tabok tendhang,

tan nganggo pilih papan,

satibane janji ajur,

sakojur tur dinedhelan.


Tegese tembung :

mbesiwit = nakalan, bricik.

ingwang = ingong, ingsun, aku.

(Tegese, bareng aku nakalan konangan mungsuhku, banjur ngadeg kabeh, padha gebhug-gebugan, tendhang-tinendhang ora nganggo pilih-pilih papan, satiba malange pokoke ajur. Awak sakojur dhedhel dhuwel).


37.

Tan ana ngeman sawiji,

kajaba mung lega lila,

ngantia sing rojah-rajeh,

sung kurmat maneh gelema,

mring wong laku culika,

malah teka-teka mbubuh,

apese sung ujar ala.


Tegse tembung:

mbubuh = nambahi.

sung = asung, aweh.

(Ora ana sing padha ngeman, saliyane lega lila, arepa nganti ajur. Menehi kurmat maneh gelema marang wong kang laku culika. Yen ana wong teka, malah nambah-nambahi, apese aweh tembung ala).


38.

Wis nora sida preduli,

dadi botoh yen kaetang,

sayekti akeh alane,

saking tan kena ingaran,

wong golek sandhang pangan,

baya enak adol apyun,

tembunge yen sekolehan.


Tegese tembung:

sayekti = temen

apyun = candu, narkoba.

sekolehan = oleh asil.

(Wis ora sida bae, dadi botoh iku yen dietungake satemene akeh alane. Saking kena diarani wong golek sandhang pangan, iku luwih enak dadol candu diaranana yen bisa kasil).

Selasa, 23 Desember 2008

Dhalang Wayang Kulit

Serat Jayeng Baya
Anggitan R. Ng Ronggawarsita
Asmaradana.

26.
Salin bae enak dadi,
dhedhalange wayang purwa,
pacake rada mandhireng,
dhiriku oleh panguja,
uger uwis kaojat,
yen Jayengbaya pinunjul,
tutuking carita purwa.


27.
Nanging ewuhku sathithik,
melange wong dadi dhalang,
upama nuju capgomeh,
ditanggap aneng Pacinan,
aku lagi karipan,
pamayangku karo ngantuk,
kang nonton tan pati rena.


28.
Dhasar ndugal imbuh baring,
kelirku binalang tinja,
nyiprati mring rai kabeh,
daya tai enaka,
patute tai lara,
katara atungtung wengur,
isinku ora karuwan,


29.
Nora sotah nora sotir,
kapengin drajating dhalang,
tur durung ana luwange,
wong oleh pangkat pratiwa,
katrima nggone ndhalang,
dadi botoh bae ingsun,
sok tanpa sepen pawitan.

Kamis, 18 Desember 2008

Serat Sabdajati

Anggitan : R. Ng. Ronggawarsita.
Megatruh.

1.
Aywa pegat ngudia ronging budyayu,
margane suka basuki,
dimen luwar kang kinayun,
kalis ing panggawe sisip,
ingkang taberi prihatos.

(Aja sira leren-leren anggone golek laku kang becik(slamet), dalane seneng lan slamet, supaya bisa kelakon sing digayuh. Kalis saka tindak sing ora bener. Sing sregep prihatin.)
Tegese tembung:
aywa = aja.
pegat = pedhot.
budyayu = budi + ayu = tindak, pikiran sing becik.
marga = dalan
suka = seneng
basuki = slamet.
dimen = kareben
kinayun = kayun + seselan in = dikarepake
sisip = dudu, salah, ora bener.
teberi = sregep.

2.
Ulatana kang nganti bisa kapangguh,
galedhahen kang sayekti,
talitinen aywa kleru,
larasen sajroning ati,
den tumanggap dimen manggon.

(Delengen, golekana nganti bisa ketemu, golekana sing temen, tlitinen aja nganti kleru, rasakna sajroning ati, tanggapa supaya manggon).
Tegese tembung :
ulatana = delengen
kapangguh = kapanggih, ketemu.
larasen = rasakna.
tumanggap = tanggap + seselan um = kena, bisa, ngerti.

3.
Pamanggone aneng pangesthi rahayu,
angayomi ing tyas wening,
eninging ati kang suwung,
nanging sajatine,
isine cipta kang yektos.


(Manggone ana ing pambudidaya becik (slamet), ngayomi ati sing resik, beninge ati sing suwung nanging sejatine isi, isine yaiku cipta sing temen (bener)).
Tegese tembung :
ngesthi = mbudidaya
rahayu = salamet, basuki, wilujeng.
tyas = ati, nala, panggalih, kalbu.
suwung = kosong.
yektos = yekti, temen.

4.
Lakonana kalawan sabaring kalbu,
yen den owah neniwasi,
kasusupan setan gundhul,
ambebedhung nggawa kandhi,
isine rupiyah keton.

(Lakonana kanthi sabaring ati, yen nganti owah bakal tiwas (cilaka), jalaran kalebon setan gundhul, sing nggodha karo nggawa kandhi isine rupiyah lan ringgit).
Tegese tembung :
kalbu = ati
neniwasi = nyilakani
kasusupan = kalebon
ambebedhung = nggodha
kandhi = kanthong saka kain.
keton = dhuwit ringgit. 1 ringgit = 2,5 rupiyah.

5.
Lamun kongsi korup mring panggawe dudu,
dadi pakuwoning eblis,
klebu mring alam pakewuh,
ewuh pana ninging ati,
temah wuru kabesturon.

(Yen nganti melu sing ora bener, dadi panggonane eblis, mlebu marang papan kang sarwa ribet, ora ngerti marang eninge ati, wusanane mendem ora eling).
Tegese tembung :
Lamun = yen
kongsi = nganti
korup = ka + urup = kalebu.
pakuwon = 1. panggonane kuwu (lurah desa), 2. papan palerenan sauntara.
pana = ngerti temen
wuru = mendem.
kabesturon = ora eling jalaran mendem.

6.
Nora kengguh mring pamardi reh rahayu,
ayuning tyas ipat kuping,
kinepung panggawe rusuh,
lali pasihaning Gusti,
ginuntingan kaya mernos.

(Ora empan marang tuntunan supaya becik, becike ati mau ngingggati (ilang), banjur dikupengi tindak sing ala, temahan lali marang rahmating Gusti, wusanane rojah-rajeh kayu kerdus diguntingi).
Tegese tembung :
kengguh = keguh, kena, owah, obah, tetep bae. keguh = ka + iguh
pamardi = pangudi, pambudidaya.
pasihaning = asih, tresna, rahmat
mernos = kerdus.

7.
Parandene kabeh kang samya andulu,
ulap kelilipen wedhi,
akeh wong kang padha sujud,
kinira yen Jabarail,
kautus dening Hyang Manon.

(Sanajana mangkono kang sing padha ndeleng, ulap kaya kelilipen wedhi. Akeh wong padha sujud, dikira malaikat Jibril sing diutus dening Gusti Allah).
Tegese tembung :
parandene = suprandene, sanajan mangkono.
andulu = ndeleng.

8.
Yen kang uning marang sejatining kawruh,
kewuhan sajroning ati,
yen tan niru ora arus,
uripe kaesi-esi,
yen nirua dadi asor.

(Yen wong sing weruh sejating ngelmu, dadi kewuhan ing jerone ati, yen ora niru ora diajeni, uripe disiya-siya. Yen niru wusanane dadi asor).
Tegese tembung :
uning = weruh
ora arus = ora diajeni (?)
kaesi-esi = disiya-siya (?)

9.
Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung,
anggelar sakalir-kalir,
kalamun temen tinemu,
kabegjane anekani,
kamurahaning Hyang Manon.

(Ora percaya marang rahasiane Gusti Allah, sing anggelar samubarang (langit lan bumi), Yen kowe temen-temen mesthi ketemu apa sing digayuh, kabegjan bakal teka, mangkono iku kamurahane Gusti Kang Maha Wikan).
Tegese tembung :
anggelar = ngeblakake, nyiarake, medharake.
sakalir-kalir = samubarang (sing ana ing langit lan bumi)

10.
Anuhoni kabeh kang duwe panyuwun,
yen temen-temen sayekti,
Allah paring pitulung,
nora kurang sandhang bukti,
saciptanira kalakon.

(Minangkani kabeh kang padha nenuwun, yen panyuwun mau temen-temen, Gusti Allah bakal paring pitulungan. Ora bakal kurang sandhang lan pangan. Kabeh pepenginane kelakon).
Tegese tembung :
Anuhoni = an+ tuhu + an + i = minangkani, netepi janji.
sandhang bukti = sandhang pangan.
mukti = ora kurang sandhang pangan.
saciptanira = apa sing dikarepake.

11.

Ki Pujangga nyambiwara weh pitutur,

saka mangunahing Widdhi,

ambuka warananipun,

aling-aling kang ngalingi,

angalingkap temah katon.

(Ki Pujangga menehi pitutur, saka pitulungane Gusti, mbukak aling-aling saengga katara)

Tegese tembung :

sambiwara = bakul

nyambiwara = bakulake, dodolan

mangunah = ma'unah (Arab) = pitulungan.

warana = aling-aling.

angalingkap = mbukak, mbiyak , nyingkap, terbuka.


12.

Para janma sajroning jaman pakewuh,

kasudranira andadi,

daurune saya ndlarung,

keh tyas mirong murang margi,

kasetyan wus ora katon.

(Wong-wong ing jaman pakewuh, candhala (budi ala) sangsaya ndadi, pakartine sing ala tambah ndadi, akeh ati sing nerak aturan, kasetyane ora katon).

Tegese tembung :

janma = wong, nara, manungsa, jalma, menus, manusya.

sudra = asor, candhala.

dauru = rusuh, ora tata, ora tentrem.

ndlarung = kebacut.

mirong = ngibarake, nganggo, nuduhake.

murang = nglanggar, nerak, nasak.

margi = dalan, marga,

13.

Katuwone winawas dhahat matrenyuh,

kenyaming sasmita yekti,

sanityaseng tyas malatkung,

kongas welase kepati,

sulaking jaman prihatos.

(Satemene yen diwawas nrenyuhake banget, dirasakake ana tandha-tandha kang nyata, ati tansah ngrasa sedhih. Ngambar -ngambar banget welase, sorote jaman sangsara ).

Tegese tembung :

katuwone = ka + tuhu + an + e = kanyatane, satemene.

winawas = wawas + seselan in = diwawas, dipikir, dirasakake.

dhahat = banget.

matrenyuh = ma + trenyuh , kanggo ngganepi guru wilangan = nyedhihake.

kenyam = rasa.

sasmita = kode, sandi.

sanityaseng = sanityasa + ing = tansah.

malatkung = trenyuh, sedhih, sengsem (?)

kongas = ngambar-ambar, kawedhar, kawetu.

14.

Waluyane benjing yen wis ana wiku,

memuji ngesthi sawiji,

sabuk lebu lir majenun,

galibedan tudang-tuding,

anachaken sakehing wong.

(Warase yen mbesuk ana pandhita, memuji ngesthi sawiji (1877 ? ), nganggo sabuk lebu kaya wong edan, tansah ngglibed karo tudang-tuding, ngetung sakabehe wong).

Tegese tembung :

waluya = waras, mari, lebar

wiku = pandhita

ngesthi = melengake cipta.

majenun = edan.

anacahken = ngetung.

15.

Iku lagi sirep jaman Kalabendu,

Kalasuba kang gumanti,

wong cilik bisa gumuyu,

nora kurang sandhang bukti,

sedyane kabeh kelakon.

(Iku mau sirepe jaman Kalabendu, banjur ganti jaman Kalasuba. Wong cilik bisa gumuyu, nora kurang sandhang pangan, apa penjaluke kelakon).

Tegese tembung :

sandhang bukti = sandhang pangan.

sedya = karep.

Jaman Kalabendu = jaman nalika akeh wong nandhang sangsara jalaran dibendu dening Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Jaman Kalasuba = jaman nalika wong-wong ngalami kabungahan (seneng-seneng).

16.

Pandulune Ki Pujangga durung kemput,

mulur lir benang tinarik,

nanging kaseranging umur,

andungkap kasidan jati,

mulih sejatining enggon.

(Pamawase ki Pujangga durung kemput, mulur kaya benang ditarik, nanging jalaran kaserang umur, nyedhaki jaman kalanggengan, bali marang sajatine panggonan (akhirat).

Tegese tembung :

kasidan = sidda = lestari, langgeng, abadi.

17.

Amung kurang wolung ari,

emating pati patitis,

wus katon neng lokil makpul,

angumpul ing madya ari,

amarengi ri Buda Pon.

(Mung kurang wolung dina, pas wektune pati, wis katon ana Lauhil Mahfud, mbarengi ing tengah ari, nuju dina Rebo Pon).

Tegese tembung :

patitis = pas, tepat.

18.

Tanggal kaping lima antarane luhur,

Sela neng taun Jimakir,

Tolu Uma Aryang Jagur,

Sangara winduning pati,

netepi kumpul saenggon.

(Wektune tanggal lima antarane wektu luhur, wulan Sela taun Jimakir, wuku Tolu, Padewan Aryang, Paringkelan Jagur, windu Sangara).

19.

Cinitra ri Buda kaping wolulikur,

Sawal ing taun Jimakir,

candraning warsa pinetung,

nembah muksa pujangga ji,

Ki Pujangga pamit layon.

(Dikarang nalika dina Rebo, tanggal 28, wulan Sawal taun Jimakir, candra sengakale "Nembah muksa pujangga ji (1702) ", ki Pujangga pamit mati).

Tegese tembung:

cinitra = citra + in = dikarang, diripta, dianggit.

candra = 1. rembulan, wulan, sasi, sutengsu, sasadara, sitaresmi. 2. candrasengkala = tetembungan sing ngemu angka taun.

warsa = 1. taun 2. udan. Canthuka warsa = kodhok nalika ing wektu udan.

layon = mati


Minggu, 14 Desember 2008

Gondoruwo Nyekel Maling


Kabar saka Kualalumpur : Ana maling sing lagi mbobol toko ditemokake sekarat ing jero toko. Wis watara telung dina maling mau ora bisa metu, ora mangan lan ora ngombe. Nalika ditakoni dheweke ngandhakake menawa maling mau ditawan dening gendruwo.
Wakil Kepala Kepolisian Malaysia ngandhakake yen si maling apes mau dipergoki dhewe dening sing duwe toko, sing ditinggal mudhik nalika lebaran Idhul Adha. Jalaran mesakake, banjur diundangake ambulans digawa menyang rumah sakit.
Associated Press ngandhakake yen si maling bola-bali nyoba metu saka toko, nanging tetep ora bisa. Jalaran ana gendruwo sing ndhusur-ndhusurake menyang lemah. Wusanane maling sing umure 36 taun iku wurung lan kaliren jalaran telung dina telung bengi ora mangan lan ora ngombe.
"Saben arep mlayu, rumangsaku ana gendruwo sing njongkrakake aku", kandhane maling mau marang polisi.
Saiki dheweke dirawat ing Rumah sakit Kemaman Hospital kanggo mulihake awake.
Piye ca, yen gondoruwo sa donya iki atine apik kaya mengkono mesthi ora bakal ana maling !

(JP, Minggu 14 Desember 2008)

Jumat, 12 Desember 2008

Pranata Mangsa lan Candrane .

1.
Mangsa Kasa :
Candrane : Sotya murca saking embanan. Sotya =mutyara, murca = ilang. Pindhane mutyara coplok saka embane. Akeh godhong padha rontok, wit-witan padha ngarang. Awal mangsa ketiga.
Umure : 41 dina. 22 Juni - 1 Agustus.
2.
Mangsa Karo :
Candrane : Bantala rengka.Bantala = lemah, rengka = pecah. Lemah-lemah padha nela. Mangsane paceklik larang pangan
Umure : 23 dina. 2 Agustus - 24 Agustus.
3.
Mangsa Katelu :
Candrane : Suta manut ing bapa. Suta = anak. Pindhane anak manut marang bapake. Pungkasane mangsa ketiga. Lung-lungan, bangsane gadung, wi, gembili padha mrambat.
Umure : 24 dina. 25 Agustus - 17 September.
4.
Mangsa Kapat :
Candrane : Waspa kumembeng jroning kalbu. Waspa = eluh, kumembeng = kembeng, kebak, kalbu = ati. Pindhane eluh kebak ing jerone ati. Sumber padha garing. Awal mangsa labuh.
Umure : 25 dina. 18 Sptember - 12 Oktober.
5.
Mangsa Kalima :
Candrane: Pancuran mas sumawur ing jagat. Mas pindane udan. Wiwit ana udan. Para among tani wiwit padha nggarap sawah.
Umure : 27 dina. 13 Oktober - 8 Nopember.
6.
Mangsa Kanem :
Candrane : Rasa mulya kasucian. Pindhane mulya-mulya rasa kang suci. Woh-wohan bangsane pelem lsp wiwit padha awoh. Pungkasane mangsa labuh. Udan wiwit akeh lan deres.
Umure : 43 dina. 9 Nopember - 21 Desember.
7.
Mangsa Kapitu :
Candrane : Wisa kentir ing maruta. Wisa = racun, penyakit; kentir = keli, katut; maruta = angin. Pindhane : Penyakit akeh, akeh wong lara.
Umure : 43 dina. 22 Desember - 2 Pebruari.
8.
Mangsa Kawolu :
Candrane : Anjrah jroning kayun. Anjrah = sumebar, warata; kayun = karep, kapti. Pindhane akeh pangarep-arep. Para among tani padha ngarep-arep asile tanduran. Wit pari padha mbledug.
Umure : 26 dina. 3 Pebruari - 28 Pebruari.
9.
Mangsa Kasanga :
Candrane : Wedharing wacana mulya. Wedhar = wetu; wacana = pangandikan, swara, uni; mulya = mulia, endah. Pindhane akeh swara kang keprungu endah, kepenak. Garengpung padha muni, gangsir padha ngethir, jangkrik padha ngerik.
Umure : 25 dina. 1 Maret - 25 Maret.
10.
Mangsa Kasepuluh :
Candrane : Gedhong mineb jroning kalbu. Pindhane akeh kewan padha meteng. Kucing padha gandhik.Manuk padha ngendhog.
Umure : 24 dina. 26 Maret - 18 April.
11.
Mangsa Dhesta :
Candrane : Sotya sinarawedi. Sotya = mutyara; sinarawedi = banget ditresnani (?). Pindhane kaya mutyara kang banget ditresnani. Mangsane manuk ngloloh anake. Mangsa mareng.
Umure : 23 dina. 19 April - 11 Mei.
12.
Mangsa Sada :
Candrane : Tirta sah saking sasana. Tirta = banyu; sah = ilang; sasana = panggonan. Pindhane wong-wong ora kringeten jalaran mangsa bedhidhing (adhem). Akhir mangsa mareng.
Umure : 41 dina. 12 Mei - 21 Juni.

Rabu, 10 Desember 2008

Serat Wulangreh

Anggitan : Sri Pakubuwana IV

Kinanthi

9.
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
ing kaprawiran den kesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.

(Atimu padha latihen supaya lantip (pinter) marang sasmita. Aja dhemen mangan lan turu. Pesunen (prihatin) awakmu kanthi nyuda mangan lan turu).

10.
Dadia lakunireki,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.


(Nyegah mangan lan turu supaya dadi laku (kebiasaan), lan aja dhemen seneng-seneng, oleh seneng-seneng nanging sauntara bae, jalaran seneng-seneng iku marakake suda prayitnaning ati).

11.
Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anenulari.

(Yen kowe dititahake dadi wong gedhe, aja banjur sombong.Lan aja cedhak-cedhak karo wong ala kelakuwane, jalaran ora wurung bakal nulari (kalakuwane sing ala.)

12.
Nadyan asor wijilipun,
yen kalakuwane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak ing budi.

(Sanadyan wong cilik yen kelakuwane becik, iku pantes dicedhaki. Utawa sing sugih carita sing bisa kanggo patuladhan (conto) supaya mundhak budimu (nalarmu, kelakuwanmu).

13.
Yen wong anom wis tamtu,
manut marang kang ngadhepi,
yen ngadhep akeh bangsat,
datan wurung bisa juti,
yen kang ngadhep keh durjana,
nora wurung bisa maling.

(Yen wong (ratu) enom iku mesthi manut sing ngadhep (nayaka, menteri). Yen sing ngedhep iku bangsat mesthi katut dadi ala, sing ngadhep maling mesthi dadi maling).

14.
Sanajan ta nora milu,
pasthi wruh solahing maling,
kaya mangkono sabarang,
panggawe ala puniki,
sok weruha nuli bisa,
yeku panuntuning iblis.

(Sanajan ora melu-melu, mesthi weruh solahe maling, kabeh penggawe ala iku yen kulina diweruhi, banjur klakon dadi muride iblis).

15.
Panggawe becik puniku,
gampang yen den lakoni,
angel yen durung kalakyan,
aras-arasen nglakoni,
tur iku den lakonana,
mupangati badaneki.

(Panggawe becik satemene gampang yen wis (gelem) nglakoni, nanging angel yen durung dilakoni, alesane aras-arasen lsp.Upamane dilakoni bakal mupangati marang awakmu).



Selasa, 09 Desember 2008

Ilir-ilir

Ilir-ilir, ilir-ilir tandure wis sumilir,
tak ijo royo-royo,
tak sengguh penganten anyar,
cah angon, cah angon penekna blimbing kuwi,
lunyu-lunyu peneken,
kanggo masuh dodotira,
dodotira kumitir bedhahing pinggir,
dondomana jlumatana,
tak nggo seba mengko sore,
mumpung gedhe rembulane,
mumpung jembar kalangane,
ya suraka surak horeee.


Tembang ing ndhuwur kalebu salah sawijining tembang sing saben wong Jawa mesthi bisa nembangake. tembang dirungu dsaka mbah-mbah biyen, lan ing saben panggonan diotembangake dening bocah-bocah. Budaya tutur sing dialami dening wong wong boiyen jalaran durung akeh buku lan cathetan mula keprungune turun temurun. Banjur thukul sapa sing nyiptakake tembang iku?
Ana panemu sing sing nyiptakake Sunan Drajat, ana maneh panemu sing ngandhakake yen sing ngarang tembang iku Sunan Kalijaga, lan ana maneh panemu sing liya. Jalaran ora ana cathetan sing bisa dianggo pathokan mula sawetara iki durung bisa nemtokake sapa satemene sing ngarang tembang iku, utawa karan anonim (tanpa dikaweruhi)
Apa satemene maknane tembang iku ?
Nalika mumbul-mumbule agama Islam ing tanah Jawa, para wali nyiptakake tembang iku sarana kanggo dakwah. Contone Sunan Kalijaga nyiptakake lakon wayang Jamus (Jimat) Kalimasada yen diwerdeni saka tembung Kalimat Syahadat. Mula ora mokal yen sing nyiptakake tembang Ilir-ilir iku ya para wali.
Dene maknane tembang Ilir-ilir mangkene :

Ilir-ilir, tegese tangia, bangkitlah. Ajak-ajak supaya para nom-noman lan wong-wong padha gumregah saka anggone turu, saka anggone karem ing kahanan sing lawas, tandang gawe kanggo nungsung kahanan sing anyar. Tandure wis sumilir, tandurane wis padha nglilir, wis tangi, wis urip. Wiji kabecikan, utawa kader-kader nom-noman sing ditandur wis ngatonake wujude, wis maujud. Rupane ijo royo-royo kaya ijo penganten anyar. Dhek jaman biyen penganten anyar dianggoni klambi ijo minangka simbol panguripane manungsa kang ibarate tanduran kang lagi thukul.
Bocah angon penekna blimbing kuwi, bocah angon ibarate para mudha sing ngopeni, ngawal sumebare agama nggayuh gegayuhane manungsa kang diibaratake blimbing. Blimbing nduweni lingir 5 maknane rukun Islam limang prakara. Angka 5 dhewe nduweni tafsir warna-warna upamane : rukun Islam, sembahyang limang wektu, tambane ati ya limang prakara. Sanajan lunyu, angel, kudu tetep diupayakake.
Kanggo masuh dodotira, minangka kanggo nyuceni sandhangan sing dianggo, sandhangan kang awujud lair utawa sandhangan kang wujud batin. Kaya ngendikane KGPAA Mangkunagara IV sandhangan batin yaiku agama, agama ageming aji.
Dodotira kumitir bedhah ing pinggir, nalika samana sandhangane wis bedhah, wis suwek mula sandhangan mau kudu didondomi, dijlumat, diapiki supaya dadi becik.
Kanggo seba mengko sore, mumpung gedhe rembulane, mumpung jembar kalangane, kanggo ngadhep marang Gusti Allah, Pangeran kang murba amisesa uripe manungsa.


Ana maneh tapsir liya, yaiku nalika adege Negara Republik Indonesia bocah angon sing dikarepake yaiku para pemimpin kayata : Bung Karno, Rajiman Wedyadiningrat, M. Hatta, Abikusna Cakrasuyasa, M. Yamin lsp mujudake lan netepake dhasar negara yaiku Pancasila (sing diibaratake blimbing) , negara sing bakal didegake yaiku Republik Indonesia.

Kamis, 04 Desember 2008

Serat Jayengbaya




Anggitan : R. Ng. Ronggawarsita.

Asmaradana

19.
Baya ijih enak dadi,
topeng tanggon tetanggapan,
angreceh carut cangkeme,
dhasar jogetku wis kondhang,
kalamun dadi klana,
yen kang seneng padha kenyut,
nyatane asung meruba.

(Isih luwih enak dadi topeng sing kondhang. Mangan enak ora ana lerene.Dhasare aku wis kondhang yen njoged klana. Sing seneng padha katut, nyatane dheweke menehi persen)

20.
Rupa dandanan adi-adi,
terkadang tur-atur arta,
kecukup sakala bae,
mulih nopeng katon kapang,
pra bedhang padha ngadhang,
kang akeh mung bangsa bakul,
bakune kang baresetan.

(Arupa dandanan kang endah-endah, terkadhang sok menehi dhuwit sing cukup sanalika iku uga, mulih saka tanggapan, para bedhang wis padha ngadhang. Ning akeh-akehe para bakul. Pokoke seneng dandan).

21.
Prapteng panti durung nganti,
nggaleyeh banjur binayang,
kumroyok rebut pijete,
tan nganggo gigu reh agal,
anggepku lir kaunggar,
sengga anggoning aluhung,
nanging kang dadi sumelang

(Durung nganti tekan omah, leyehan banjur didabyang, kabeh rebutan arep mijeti, wis ora nganggo gigu. Aku rumangsa diuja, kaya-kaya dadi panggedhe. Nanging sing dadi sumelangku ...)

22.

Saupama aku lagi,
dadi Klana Sewandana,
duk kirab gendhinge gebyog,
jogedku ajanggilengan,
galak ulat njalalat,
siyut prog tibaning kepruk,
topengku angemprak-emprak.

( Saupamene aku lagi dadi Klana Sewandana, nalika njogedi gendhing, praenku (ulat) galak,jlalatan
mata tajem. Dumadakan dikepruk wong, topengku ajur sawalang-walang)

23.
Prapteng rai rahku mili,
lir lilin lembau abang,
bengep praenku kabeh,
iba ta wirangku mana,
bareng ingsun waspada,
yen parang rusak anganjur,
ngunyeri mata astanya.

(Getihku mili neng rai, kaya lilin lembau abang, raiku bengep kabeh.
Mendah isinku. Bareng takwaspadakake ana priyayi luhur jumeneng. Astane nudingi mripat).




Pengikut

Matur Nuwun ...