Selasa, 22 September 2015

CANDHI KEBO IRENG




Candhi  Kebo Ireng mapan ing dhukuh Kebo Ireng, desa Ngerong, kecamatan Gempol, kabupaten  Pasuruan. Candhi  iki kahanane wis rusak banget. Kang kari mung awujud pondhasi. Ora kaweruhan sapa lan jaman apa anggone nggawe.
Nitik wewujudane pondhasi kang ana kira-kira arupa candhi Hindhu. Adhepe candhi mangulon. Nalika ditemokake pisanan ing taun sangang puluhan candhi ana ing satengahing barongan pring.   

Jumat, 18 September 2015

CANDHI SUMBER TETEK.




Candhi Sumber Tetek mapan ereng-erenge gunung Penanggungan iring wetan, ing dhukuh Belahan Jawa, desa Wonosunyo, kecamatan Gempol, kabupaten Pasuruan. Saka dalan gedhe Pandaan – Gempol dohe kira-kira limang kilometer. Diarani Sumber Tetek jalaran reca ing candhi mau teteke utawa payudarane mancur banyu bening anjog menyang kolah sing ana sangisore. Jenenge liya candhi Sumber Tetek yaiku candhi Belahan.
Candhi Sumber Tetek (Belahan) awujud kolah padusan (patirtan) kaya dene candhi Jalatundha. Digawe nalika jaman prabhu Airlangga, saka negara Kahuripan, ing abad 11. Ukuran candhi iki ujure 6,85 m, alange 6,30 m lan dhuwure 4,60 m. Ing sangarepe reca ana kolah kang ambane 6,40 m x 4,40 m. Dhasaring kolah digawe saka watu item (andhesit). Verbeek naliti mbok manawa ana pethi watu ing manggon ngisore kolah kaya kang ana candhi Jalatundha, nanging kanyatane ora, jalaran wis nate didhudhuk.
Banyune mili saka tembok mburine, liwat reca-reca kang tumempel ing tembok kasebut, mancur anjog menyang kolah. Temboke digawe saka bata dene recane digawe saka watu item (andhesit).

Reca mau biyen cacahe ana telu, nanging saiki mung kari loro, yaiku recane Dewi Sri lan Dewi Laksmi. Reca loro mau mau ngapit reca kang ana ing tengah – kang saiki kosong - miturut para ahli , reca mau mujudake Bathara Wisnu kang lagi nunggang manuk Garudha. Reca Bathara Wisnu iku nggambarake Prabhu Airlangga kang dadi titising Bathara Wisnu. Dene reca Dewi Sri lan Dewi Laksmi nggambarake garwane Prabhu Airlangga kang cacahe loro. Reca Bathara Wisnu saiki disimpen ana ing museum Majapait ing Trowulan, Mojokerto.
Prabhu Airlangga ngasta pusaraning praja taun 1009-1042 M kanthi jejuluk (gelar abhiseka) Sri Maharaja Rakai Halu Sri Dharmawangsa Airlangga Anantawikramottunggadewa. Taun 1042 M Prabhu Airlangga lengser keprabon banjur mandhita. Jejuluke  Prabhu Airlangga nalika ambegawan yaiku: Resi Erlangga Jatiningrat (Serat Calon Arang), Resi Gentayu (Serat Babad Tanah Jawi), Resi Aji Paduka Mpungku Sang Pinaka Catraning Bhuwana (Prasasti Gandakuti, 1042 M).

Putrane putri Prabhu Airlangga (Dewi Kili Suci) miturut prasasti Cane (1021 M), lan prasasti  Turun Hyang (1035 M) asmane sing asli yaiku Sanggramawijaya Tunggadewi, ora kersa dadi ratu. Negara banjur disigar dadi loro yaiku negara Kadhiri kutha rajane ana ing Dhaha (ing sisih kulon) diprentah dening Sri Samarawijaya, lan ing sisih wetan dijenengake Janggala kutha rajane ana Kahuripan, diprentah dening Mapanji Garasakan.
Surude Prabhu Airlangga ora diweruhi kanthi cetha. Adhedhasar prasasti Sumengka (1059) tinggalane negara Janggala, nyebutake Resi Aji Paduka Mpungku (Sang Pinaka Catraning Bhuwana, Airlangga) dimakamake ing tirtha (pemandian). Prasasti kasebut nerangake yen “Bathara Guru sang lumah ri Tirtha”. Adhedhasar katrangan prasasti kasebut ateges candhi Belahan minangka makame Prabhu Airlangga.  Ing kolah candhi Belahan uga ditemokake tulisan kanthi angka taun 1049. Nanging ora dingerteni kanthi cetha apa taun kasebut iku surude Prabhu Airlangga apa panggawene patirtan kasebut.

Rabu, 16 September 2015

PAPAN MOKSANE MAHAPATIH GAJAH MADA




Mahapatih Gajah Mada ora kinaweruhan lahire. Ora ana cathetan kang awujud sastra tulis (bukti tertulis), mung wae miturut dongeng kapercayan (mitos) ana sing ngandhakake yen Mahapatih Gajah Mada lair dina Jumat Paing, taun 1301 ing Ngimbang, Babat, Lamongan, kanthi jeneng R Djoengki. Ibune asma Dewi Andhungsari kang saiki disarekake ana ing  gunung Ratu ing Desa Cancing,  kecamatan Ngimbang, kabupaten Lamongan. Jalaran ibune tinggal donya , dening Ki Gedhe Sidawayah –sesepuhe desa kono – banjur dititipake sedulure mbok Randha Wara Wuri ing desa Madha (Modo) , kecamatan Madha kabupaten Lamongan. Sawise wis dadi jaka Gajah Mada kondhang kanthi jeneng Jaka Madha. Mula ing Madha uga ana petilasane Patih Gajah Mada.
Negarakretagama uga ora nyaritakake asal usule Gajah Mada. Nalika Mpu Prapanca nyaritakake kutha raja Majapait, sing dicritakake yaiku dalem kepatihan kang manggon ing sisih lor wetan ing kutha raja Majapait. Negarakretagama uga nyaritakake dalem pesanggrahan Madhakaripura peparinge Prabu Hayam Wuruk marang Patih Gajah Mada. Nalika Prabu Hayam Wuruk tetinjo desa ngadesa, Prabu Hayam Wuruk mampir ing  pasanggrahan Madakaripura. Madhakaripura iki saiki kalebu wewengkon kecamatan Tongas, kabupaten Probolinggo.

Kedadean liya kang gegayutan karo Mahapatih Gajah Mada ing antarane nalika Gajah Mada ngrabasa Sadheng lan Keta ing taun 1253 Ç (1331 M) kanthi sengkalan “ring agnipwari çaka” kang ditegesi Geni lan Panah (1253 Ç (?)). Uga nalika dianakake upacara srada kanggo ngurmati Ratu Rajapatni ing taun 1284 Ç (1332 M) Patih Gajah Mada mandhegani para bupati pesisir ngaturake sembah marang Prabu Hayam Wuruk.
Ing taun 1285 Ç (1263 M) Prabu Hayam Wuruk tindak menyang Simping saperlu ngelih candhi makam. Sabaline saka Simping Prabu Hayam Wuruk mireng yen Patih Gajah Mada lagi gering. Uga dicritakake yen patih Gajah Mada dadi patih Mangkubumi wiwit taun 1253 Ç (1331 M) lan seda ing taun 1286 Ç ( 1364 M).

Saliyane Negarakretagama sumber canthetan liyane yaiku Pararaton.
Pararaton martakake sepisanan, Gajah Mada nalika dadi bekel prajurit bhayangkara, nylametake Sang Prabu saka pambujunge Ra Kuti ing Badander. Sawise Ra Kuti bisa diperjaya , Gajah Mada disengkakake ing ngaluhur dadi patih ing Kahuripan lawase rong taun. Nalika patih Daha Sang Arya Tilam surud, Gajah Mada didhawuhi nggenteni Arya Tilam dadi patih ing Daha.
Nalika prabu Jayanagara gerah, dening Tanca diprajaya. Banjur Tanca genti diprajaya dening Gajah Mada.
Sang Mangkubhumi Arya Tadhah gering, ora bisa ngadhep, banjur menehi weruh Gajah Mada supaya gelem dadi patih mangkubumi. Gajah Mada ora gelem nglakoni sadurunge kraman saka Sadheng bisa ditelukake. Sawise kraman Sadheng bisa ditumpes kanthi sengkalan “kaya – bhuta – non – daging” (1253 Ç, 1331 M) Gajah Mada diangkat dadi patih Mangkubhumi. Dheweke banjur ngucapake sumpah, kang kondhang jeneng sumpah palapa kang ukarane “ Lamun huwus kalah Nusantara isun amukti palapa …”

Kedadean liya yaiku nalika sang Bhre Prabhu Hayam Wuruk ngarepake putri Sunda. Bareng ratu Maharaja wis teka ing Majapait, Patih Gajah Mada kandha yen wong Sunda kudu ngaturake putri minangka tandha pisungsung. Wong Sunda ora gelem menehake.
Patih Gajah Mada matur kahanane wong Sunda. Iguh pratikele Patih Gajah Mada supaya wong Sunda ngaturake putri disarujuki dening Bhra Parameswara Wengker, nuli Patih Gajah Mada prentah supaya ngepung wong Sunda.
Rumangsa disepelekake, para panggedhene wong Sunda ora trima. Ratu Maharaja ora bakal ngaturake putri minangka tanda panungkul, lan ora bakal nungkul marang Majapait. Wong-wong Sunda sanggup bela pati ing Bubat. Bubat iku sawijining alun-alun (tanah lapang) kang prenahe ana lore kutha raja Majapait. Kedadean perang antarane prajurit Majapait lan wong Sunda ing Bubat diarani perang Bubat kang dumadi ing taun Saka “Sanga – Turangga – Paksa – Wani “ (1279 Ç, 1357 M). Sateluke prajurit Sunda Patih Gajah Mada amukti palapa. Mahapatih Gajah Mada surud kanthi sengkalan i Çaka Gagana – Muka – Matendu (1390 Ç , 1368 M). Katrangan ngenani surude Patih Gajah Mada ing antarane Negarakretagama karo Pararaton ana gesehe.
Katrangan bab surude Patih Gajah Mada ora ana cathetan kang gumathok, ana kang ngandhakake ing Madhakaripura nanging uga ana sing ngandhakake ing kutha raja Majapait. Ing ngisor iki gambar kang nuduhake salah sijine panggonan, kang dipercaya dening masyarakat sakiwa tengene, papan moksane Patih Gajah Mada yaiku ana ing Desa Lebak Jabung, kecamatan Jatireja, kabupaten Mojokerto.

Minggu, 13 September 2015

CANDHI JEDHONG.




Candhi Jedhong mapan ana sikiling gunung Penanggungan, ing desa Wotanmas Jedhong, kecamatan Ngoro, kabupaten Mojokerto.
Candhi Jedhong awujud gapura padhuraksa sing digawe saka watu andhesit lan bata. Miturut laporan taun 1907 biyene ana gapura cacah telu, saiki mung kari loro sing isih katon wutuh. Gapura kang ginawe saka bata mapane ana ing sisih lor sing saiki mung kari tilase wae. Ing gapura bata mau tinemu tulisan kanthi angka taun 1326 Ç (1404 M). Dene gapura loro kang ginawe saka watu andhesit antarane siji lan sijine dohe watara 80 meter. Nalika ndhudhuk (ekskavasi) ing kiwa tengene wewangunan gapura ana struktur wangunan bata pager bata kang nyambung antarane gapura siji lan sijine. Saliyane pager bata uga ditemokake lingga, reca Dwarapala, Jaladara, kang digawe saka watu andhesit, lan gentha saka prunggu.
Ing lawanging gapura I, tinemu candrasengkala “Brahmana – Nora – Kaya – Bhumi  kang ateges taun 1307 Ç (1385 M). Gunane gapura iki minangka plawangan mlebu tumuju menyang wewengkon Perdikan (sima) Wwatan. Gapura I nduweni ukuran ujure 12,51 m, alange 5,19 m, lan dhuwure 9,75 m. Adhepe lawang gapura iki ngetan – ngulon.

Gapura II wujude luwih cilik tinimbang gapura I kanthi ukuran ujure 6,86 m, alange 3,40 m lan dhuwure 7,19 m. Digawe saka watu andhesit,  ing gapura II ora tinemu angka taun, nanging ing sacedhake gapura II tinemu tilase wewangunan kang ngemu angka taun 1378 Ç ( 1456 M). Kanthi katrangan kasebut ateges nganti taun 1456 M gapura Jedhong isih digunakake.
Negara anggone ndandani utawa mbangun (pemugaran) candhi iki diwiwiti ing taun 1992 / 1993 nganti taun 2004. Pambangune candhi  iku dilaksanakake dening Proyek Pembinaan Peninggalan Sejarah dan Purbakala Jawa Timur.
Katrangan bab Candhi Jedhong diweruhi saka anane prasasti kang wis ditemokake. Prasasti iku minangka bukti awujud tulisan (utawa gambar) saka jaman kuna sing bisa menehi katrangan ngenani kedadean ing jaman kuna, asal-usul ratu utawa paraga utawa genealogi, lan uga penanggalan. Prasasti kang ngemot Jedhong kang wis kasil diwaca dening ahli epigrafi ana 12. Epigrafi yaiku sempalaning ngelmu arkeologi yang naliti barang-barang kang ngemot tulisan kanga asale saka jaman kuno.
Prasasti kang ngenani situs Jedhong dening sarjana sujana epigrafi diwenehi jeneng utawa diwenehi kodhe Jedhong I – XII.
1.       Prasasti Tulangan (Jedhong I), digawe saka prunggu, nganggo basa lan  aksara Jawa Kuna ditemokake ing wewengkon Jedhong (Brandes 1913, Naersen 1938). Situs Jedhong wis ana wiwit taun 832 Ç (910 M) jalaran ing wektu iku Jedhong wis dadi desa perdikan (sima) Tulangan. Jeneng Tulangan mujudake jeneng awal saka Jedhong. Wektu kang dadi ratu yaiku Prabu Dyah Balitung (898 – 913 M) ing negara Mataram Kuna.
2.       Prasasti Kembang Sri (Jedhong II), nganggo aksara lan basa Jawa Kuna, taun 848 Ç ( 926 M) kang isine ngandharake Prabu Rakai Layang Dyah Tulodhong, kang mrentah Mataram Kuna, taun 920 – 928 M ngganti jeneng Jedhong dadi Kambang Sri.
3.       Prasasti Kembang Sri II (Jedhong III), digawe saka watu, nganggo saksara lan basa Jawa Kuna, kang nduweni angka taun 850 Ç (928 M)(Verbeek 1891). ing wektu iku bebarengan karo paprentahane  ratu  Prabu  Mpu Sendhok  ing  Jawa  Wetan, taun 929 – 948 M. Kraton Mataram Kuna wis ngalih saka Jawa Tengah menyang Jawa Wetan.

Pepuntone saka prasasti loro mau : Prabu Tulodhong mrentah Mataram Kuna ing Jawa Tengah, dene Prabu Mpu Sendhok mrentah Mataram Kuna ing Jawa Wetan.Ing wektu iku situs Jedhong isih dijenengake Kambang Sri. Data liyane nerangake yen situs Jedhong wis dadi desa perdikan kang didjenengake Tulangan, sateruse banjur diowahi dadi Kambang Sri.
4.       Prasasti Jedhong IV , digawe saka watu, aksara lan basa Jawa Kuna, nganggo angka taun 1041 Ç  ( 1119 M) (Knebel 1907) nalika paprentahane  Ratu Prabu Bameswara ing Panjalu.
5.       Prasasti Jedhong V lan Va kang ginawe saka watu, nganggo aksara lan basa Jawa Kuna, kang nduweni angka taun 1161 Ç ( 1239 M) (Verbeek 1888) . Ing wektu iku ateges kang nyekel negara Anusapati saka Singasari (Hasan Djafar 1978) wewengkon negara Singasari  nganti tumeka ing kene. Prasasti Jedhong Va nduweni angka taun 1169 Ç (1247 M), uga ing wektu paprentahane Anusapati ing Singasari.
6.       Prasasti Jedhong VI digawe saka bata, nganggo aksara lan basa Jawa Kuna, nduweni angka taun 1198 Ç (1276 M) (Verbeek 1891) ing wektu paprentahane Prabu Kertanegara (1268 – 1291 M ) saka Singasari.

7.       Prasasti Jedhong VII lan VIII digawe saka watu, nganggo aksara lan basa Jawa Kuna, nduweni angka taun 1237 Ç (1315 M) (Bosch 1918) lan taun 1248 Ç (1326 M) (Knebel 1927) ing wektu paprentahane Ratu Prabu Jayanagara saka Majapait.
8.       Prasasati Jedhong (?) saka watu putih, nganggo aksara lan basa Jawa Kuna, nduweni angka taun 1270 Ç (1348 M) sing diukir ana pedestal. Prasasti iki nalika paprentahane Bhre Kahuripuan / Tribhuwana Tungga Dewi (1328 – 1350 M) (Hasan Djafar 1978).
9.       Prasasti Jedhong IX lan X , saka watu, nganggo aksara lan basa Jawa Kuna, karo-karone ngemot angka taun 1298 Ç (1376 M) (Krom 1911) lan taun 1307 Ç ( 1385 M)(TBG XLVII, 1954)   ateges nalika diprentah dening Prabu Hayam Wuruk ing Majapait. Prasasti kasebut ditemokake sacedhake gapura I ngemot inskripsi tulisan kang awujud sengkalan  Bhrahmana – Nora – Kaya – Bumi ( 1307 Ç (1385 M) (Brandes 1888).
10.   Prasasti Jedhong XI lan XII, digawe saka watu, loro-lorone ngemot angka taun 1350 Ç ( 1428 M) (Krom 1915) lan taun 1378 Ç ( 1456 M) (Verbeek 1891) nalika paprentahane Bhre Hyang Purwawisesa ( Girisawardhana, 1456 – 1466 M)(Hasan Djafar, 1978). Mula bisa ditafsirake miturut prasasti- prasasti  mau yen wewengkon  Perdikan Jedhong wis ana wiwit Mataram Kuna nganti tekan Majapait. 


Saliyane prasasti-prasasti ing dhuwur iku  Negarakretagama ngemot :
[Pupuh 76]

lwir ni darmma lpas / pratista ciwa mukya kuti balay i kanci len kapulunan, roma mwaɳ wwatan içwaragrha ……..
tegese :
Desa perdikan agama Siwa kang tan kena pajek: kang kapisan asrama (patapan) Bale Kanci, uga Kapulungan, Roma, sarta Wwatan, Iswaragreha ………lsp.
Tembung Wwatan dadi Wotan. Tembung wotan saiki dadi arane desa kang dadi papane candhi Jedhong yaiku Wotanmas Jedhong.

Yen panjenengan arep tindak menyang candhi Jedhong, gampang. Saka pratelon Gempol, Pasuruan tindak ngulon. Ngliwati Pusdik Kapulisen Watukosek, ngulon. Banjur mlebu menyang Lingkungan Industri Ngoro. Saka LIK (Lingkungan Industri) metu maneh tumuju menyang desa Wotanmas. Saka LIK  dohe kira- kira sakilo meter. 

Pengikut

Matur Nuwun ...