Selasa, 06 Mei 2014

ARANE OMAH




- Asrama = pratapan ngiras pawiyatan.
- Balekambang = omah satengahe segara utawa blumbang.
- Balemangu = omah papan pangadilan.
- Bango = omah papan dodolan.
- Bangsal = omah gedhe lan endah.
- Gedhogan = kandhang jaran.
- Gredhu = omah panjagan.
- Greja = pasembahyangan Kristen.
- Gubug = omah panjagan ing sawah lsp.
- Gupit = gupit mandragini = gedhong pasarean (ing kraton).
- Hotel = panginepan.
- Kandhang = omah rajakaya.
- Kedhaton (kraton) = daleme dhatu  (ratu).
- Klentheng = pasembahyangan Buda (Tionghwa).
- Kombong = kandhang bebek.
- Krangkeng = kandhang macan.
- Loji = omahe panggedhe bangsa Eropa.
- Mesjid = pasembahyangan Islam (kanggo umum).
- Pacrabakan = pamulangan, pamejangan.
- Padhepokan = omahe pendhita.
- Pagupon = kandhang dara.
- Pantisari = omah ing tengah patamanan.
- Pawiyatan = pamulangan, pacrabakan, madrasah (saka tembung Arab 'darasa' sing ateges 'sinau').
- Pesanggrahan = omah palereban (ing gunung).
- Pranji = kandhang pitik.
- Ranggon = gubug dhuwur ing tengah alas.
- Tangsi = omah saradhadhu.

*Kapethik saka buku 'Sarine Basa Jawa' ingkang kadhapuk dening S Padmosoekotjo, PN Balai Pustaka, 1967.

Selasa, 29 April 2014

TETEMBUNGAN KANG MAGEPOKAN NGANGGO TEMBUNG RAJA.




Raja : yaiku kang nguwasani negara, wenang marentah, midana, geganjar, negara dianggep duweke dhewe [feodalistik]
raja siwi : anaking ratu.
raja-brana : bandha sarta barang-barang sing akèh pangajine.
raja-jamas: ngèlmu kanggo sarana nêgori kayu gêdhe.
raja-kaputran : sandhangan lan rêrênggan pangantèn (lanang, wadon).
raja-kaya : kewan ingon-ingon sing ngêtokake kaya (jaran, sapi, kêbo).
raja-manganggo : panganggone ratu.
raja-muka : petungan dianggo mbincili bêgja cilakaning lêlakon (maling lsp).
raja-pati : raja-pêjah (k) : prakara pêpati marga kêrêngan lsp.
raja-pèni : barang-barang sing pèni-pèni.
raja-pundhut : ladèn barang-barang saka wong cilik marang nêgara (ratu).
raja-putra : anaking ratu (pangeran, pangeran adipati).
raja-putri : putrining ratu.
raja-singa : lêlara bangsane  bêngang.
raja-sunu : anaking ratu.
raja-tatu : prakara tatu kang marga kêkêrêngan lsp.
raja-wisuna : prakara sing ndadèkake padudon.
rajamanggala : ratu agêng
rajanara : ratu èstri
rajanari : ratu wadon.
rajaniti : 1. pangadilan: 2. babagan pangrèh praja.
rajapadni : pramèswari.
rajaswala : kidung, rajaputri, pasindhèn
rajaswara : kidung, sindhèn
rajaswata : (S) kw 1 waktu kang prayoga: 2 wis nggarap-banyu, wis mangsane omah-omah (akil balig): 3 anaking ratu.
rajasyara : kidung, sindhèn
rajatadi : rajabrana, sêsotya, rajapèni, mas sêsotya, langkung
rajawali : pêksi rajawali
rajawandha : wragad
rajaweda : (kw) kurban slamêting ratu murih raharjaning nêgara.
rajawèni : sirah
rajawêrdi : jasad rupane sêmu biru (dianggo dhasaring êmbanan intên lsp).
rajayoga : wêwadhah


Sumber : Ki Sastra Adiguna

Kamis, 20 Maret 2014

ORA GAMPANG WONG URIP ING ALAM DONYA

ASMARADANA

Nora gampang wong ngaurip,
yen tan weruh uripira,
uripe padha lan kebo,
angur kebo dagingira,
kalal yen pinangana,
pan manungsa dagingipun,
yen pinangan pesthi karam.


Poma-poma wekas mami,
anak putu aja lena,
aja katungkul uripe,
lan aja duwe kareman,
marang papaes donya,
siyang dalu dipunemut,
yen urip manggih antaka.

Wulangreh, Paku Buwana IV.

 Gancarane :
     Ora gampang wong urip yen ora ngerti uripe. Urip kang kaya mangkono iku padha karo uripe kewan. Angur kebo daginge kalal yen dipangan, ateges kewan sing drajate asor wae isih nduweni paedah, lamun manungsa daginge mesthi karam. Manungsa titah sing paling mulya isih kalah asor tinimbang kewan
     Poma-dipoma marang anak putuku kabeh, aja padha kurang pangati-ati. Aja mung katungkul golek bandha donya. Eling-elingen rina wengi , yen wong urip iku bakale mati.

Pengikut

Matur Nuwun ...