Kamis, 19 Februari 2015

TEMBUNG NAMBUT LAN NYAMBUT.



Tegese tembung sambut, ing bausastra:
1. Sambut : sambut; pegang(sambar, cengkeram, terima, dsb)
anambut, manambut : (n panambut), anambutaken, sambutaken (yan sambutaken), sumambut : menyambut dsb;
kasambut (kias) : terbunuh;
tan panambutan (kias) :  tak tertolong lagi (L. Mardiwarsito, 289).

2. Nambut : nyandhak;
nambuti : nyandhaki, nampeni (CF Winter, 77).
sambut : agem, candhak, nyandhak (CF Winter, 261)
nyambut : nyandhak, nyambut (CF Winter, 402)

3. Nambut (kw) : nampani, nyekel;
nambut silaning akrama (kw) : laki, rabi (kacocogna sambut) (Poerwadarminta, 336).
(sambut) disambut (kw) : 1 dicekel, 2 ditampa, ditampani;
dipunsambut (k) : 1 disilih; 2 diutang;
nyambut gawe (n) nyambut damel (k) : nindakake pegawean;
kesambut (kw) : 1 kecekel, 2 kecandhak; 2 kesambut ing prang, kesambuting yuda, ing madyaning rana) : mati ana ing paprangan (Poerwadarminta, 542).
Pepunton:
  1. Tembung “nyambut” dianggo ing basa Jawa Anyar uga ing basa Jawa Kuna.
  2. Tembung “nyambut gawe” luwih pas tinimbang “nambut gawe”, tembung nyambut gawe nduweni teges nyandhak pegawean.
  3. Tembung “anambut kardi” bisa dianggo ing basa rinengga, basa sastra, tembang, utawa sesorah.
  4. Tembung “anambut silaning akrama” niru pangrakiting tembung ing basa Jawa Kuna, asring dianggo nalika pasrah tinampa penganten.
  5. Tembung “kasambuting rana” kang ateges mati ing paprangan  njupuk saka  basa Jawa Kuna, lan ora nate ana tembung “anambut rana” ing basa Jawa Anyar.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...