Senin, 23 Desember 2013

TEMBUNG PANGGANDHENG, KATA PENGHUBUNG, KONJUNGSI (4)



Tembung panggandheng subordinatif

Tembung panggandheng subordinatif yaiku tembung panggandheng kang nggandheng klausa loro utawa luwih kang nduweni status sintaksis sing ora sadrajat.

Wernane :
1.      Tembung panggandheng kang mratelakake wektu,  kayata : sawise, sadurunge, wiwit, nalika, duk nalika, sauntara, sasuwene, nganti.Tuladha :
1.1.   Aku sarapan dhisik sadurunge mangkat sekolah.
1.2.   Dheweke nduweni lara owah wiwit ditinggal mati bojone.
1.3.   Pak Samin lagi nyambut gawe ana sawah nalika anake teka saka Surabaya.
1.4.   Aku nunggu ana ngarep kantor sasuwene bapak njupuk bayaran.
1.5.   Bapake isih tetep nesu nganti Amin nglakoni apa sing diprentahake.

2.      Tembung panggandheng kang mratelakake sarat, kayata: yen, manawa.
2.1.   Kowe isih tetep bodho yen kowe ora gelem sinau.
2.2.   Manawa kowe ora gelem ndandani tingkah lakumu, bapakmu ora bakal aweh pangapura marang kowe.

3.      Tembung panggandheng kang mratelakake upama, kayata: saupamane, upama
3.1.   Saupamane dheweke gelem sinau mempeng, mesthi entuk nomer siji.
3.2.   Dheweke ora bakal kangelan saupamane gelem ngrungokake pituture wong tuwane.

4.      Tembung panggandheng kang mratelakake tujuan, kayata: supaya, kareben.
4.1.   Wong-wong padha kerja bakti ngresiki kalen supaya omahe ora kebanjiran.
4.2.   Andri tansah nggawe lelucon kareben adhine meneng anggone nangis.

5.      Tembung panggandheng kang mratelakake surasa lelawanan utawa kosok balen (konsesif), kayata: sanajan, sanajana, nadyan, arepa.
5.1.   Sanajan direwangi nyambut gawe rekasa, meksa during bisa nyukupi kabutuhane saben dinane.
5.2.   Nganti saiki during bisa dadi PNS, sanajana wis melu tes bola-bali.
5.3.   Apa kowe tetep tresna nadyan aku bocah gunung?
5.4. Arepa direwangi niba tangi yen durung kapareng dening Gusti mesthi ora kasil.

6.      Tembung panggandheng kang mratelakake surasa kaya, kayata: kaya, kaya-kaya,
6.1.   Bandhane akeh banget kaya-kaya ora entek pitung turunan.
6.2.   Tingkah lakune nganeh-anehi kaya kere munggah bale.

7.      Tembung panggandheng kang mratelakake sebab, kayata: sebab, jalaran, amarga, mergane.
7.1.   Amat ora sida mangkat menyang Jakarta jalaran ora diwenenhi sangu.
7.2.   Sudar ora mlebu sekolah sebab mbahe wedok ninggal donya.
7.3.   Wong-wong desa iku ora bisa liwat amarga kretege ambrol.

8.      Tembung panggandheng kang mratelakake akibat, kayata: nganti, mulane, mula
8.1.   Papan ing kene iki gawat kaliwat-liwat,mula padha sing ngati-ati.
8.2.   Olehe nyambut gawe ora ngetung wektu nganti kulawargane kapiran.
8.3.   Panggawe iku bakal bali tumanduk marang awake dhewe mula aja sawiyah-wiyah marang liyan.

9.      Tembung panggandheng kang mratelakake minangka katrangan, kayata: yen
9.1.   Sukamta kandha yen Sarjana ora bisa teka.
9.2.   Saben wong ngerti yen dheweke kuwi sawijining wong kang digsura.
9.3.   Kowe kudu weruh yen pakulinan muring-muring iku ora becik tumrap kasarasan.


Ana candhake ...

Sabtu, 14 Desember 2013

BASA MADYA





Jinising basa Madya

Bäsä madyä , yaiku arane undhä usuking bäsä jaman Mataram-Suräkartä. Tatarane têmbung ing bäsä madya kaperang dadi têlu;

1] madyä ngoko, yäiku têmbung madya kacampuran ngoko
2] madyä krämä , yäiku tembung madyä kacampuran tembung, ngoko, krämä, krämä inggil, krämä andhap
3] madyäntärä, yäiku tembung madya kacampuran tembung krämä lan ngoko.

Tataran bäsä madyä ngoko diênggo dening pawongan durung wanuh, sadrajat, sabarakan umure, nanging dudu basane bocah. Jalaran sanajan akèh ngokone nanging ugä ngurmati marang miträ wicärä.

Tuladhane;
Wong tuku ;” Bokayu, olèh dika kulak salak niku têng pundi, têkä gêdhe-gêdhe têmên ?”
Wong Adol ;” Olèh kulä kulak botên têng mapagan käyä sabêne, kulä lajo têng ênggone ing desä Pijenan, lakon sabêdhug säkä ngomah kulä!”
Wong Tuku ; ” La, layak bisä olèh gêdhe-gêdhe, wong dikä bisä milih ngênggon, kulä niki mung têng mapagan mawon, mulane olèh cilik-cilik. Duwèk dikä niku dikä tuku mintên sêjinahe ?”
Wong adol :” Niki sêjinahe mung kulä tuku gutuk!”
Wong tuku ;” Tobil, tobil, duwèk kulä niki sing cilik-cilik mêkètên, botên olèh gutuk. Kula bok dikä têmpili sèkêt mawon!”
Wong adol ;” Ambaknä wong le ora ngetung kangèlan kuwi, olèh kulä theyol niki näpä ilang mawon, gagendhong doh ngrikä doh ngriki, upami diburuhake pintên!”
Wong tuku ;” Ênggih kulä wèhi lunggèn bokayu, sêjinahe kulä tuku ngaro tèng..!”
Wong adol;” Botên, nèk botên payu ngrong uwang botên kulä kulakake, ajêng kulä dol dhewe mawon têng nagärä, arah kulä sesuk, wong saniki kula têsih kêsêl”
Wong tuku; “Ênggih êmpun ta kula tutug ngêrong uwang sêjinahe, nanging kula jaluk satus sisan, ampun kêtanggungan olèh kula adol têng nagara sesuk, wong kula êmpun duwe lêngganan bakul ..”
Wong adol ;” Sakarêp dikä tä, dikä milih dhewe ngriku, nanging ampun dikäa pèjèti”

[ki Padmäsusasträ]

Diunggah saka seratane Ki Rangga Sastrapranata.

Senin, 09 Desember 2013

TEMBUNG PANGGANDHENG, KATA PENGHUBUNG, KONJUNGSI (3)



B.Tembung panggandheng ing sajroning ukara (Konjungsi Intrakalimat)

Tembung panggandheng ing sajroning ukara (konjungsi intrakalimat) yaiku tembung panggandheng kang nggandheng tembung karo tembung, frasa karo frasa, utawa klausa karo klausa. Tembung panggandheng iki diperang dadi telung werna, yaiku:
1.      Tembung panggandheng koordinatif.
2.      Tembung panggandheng subordinatif.
3.      Tembung panggandheng korelatif.


Tembung panggandheng koordinatif
Tembung panggandheng koordinatif yaiku tembung panggandheng kang nggandheng tembung karo tembung , frasa karo frasa, utawa kalusa karo klausa kang kalungguhane sadrajat.

Werna-wernane tembung panggandheng koordinatif:
1.      Tembung panggandheng kang mratelakake muwuhi utawa nambah. Tuladha: lan, kaliyan, karo, sarta, kalawan, lawan
1.1.   Aku lan kowe saiki kudu sowan menyang daleme pak guru.
1.2.   Siti kaliyan Marni mlampah sesarengan.
1.3.   Mardiyanti karo adhine mlaku-mlaku ing alun-alun.
1.4.   Omah welit lan omah jogan lemah dibantu Negara.
1.5.   Wardi nyapu latar ngarep lan Warni ngiseni jedhing.
1.6.   Indonesia lagi grengseng mbrantas korupsi lan mbangun Negara.

Katrangan:
Tembung “lawan” sejene ateges mungsuh uga ateges lan. Nanging tembung lawan saiki wis ora kanggo  ing pacelathon, mung dianggo ing tembang-tembang, basa rinengga, utawa ing buku sastra. Tuladhane: rina lawan wengi, bapak lawan ibu, lsp.

2.      Tembung panggandheng kang mratelakake teges kosok balen. Tuladha: nanging.
2.1.   Kardi iku ora pinter nanging dheweke rada kemaki.
2.2.   Adi sinaune mempeng banget nanging dheweke ora gelem nyambut gawe.
2.3.   Pak Sastra samenika boten nyambut damel, nanging piyambakipun boten nate wonten griya.
2.4.   Omah iki gedhe banget nanging katon singup.

3.      Tembung pangandheng kang mratelakake teges pilihan. Tuladha: apa, menapa, utawa, utawi.
3.1.   Kowe mangkat menyang Jakarta apa mulih menyang Surabaya?
3.2.   Kowe milih sing abang apa sing ijo?
3.3.   Panjenengan kula aturi mundhut ingkang ageng menapa ngersakaken ingkang alit?
3.4.   Pilihen klambi sing abang, sing kuning, utawa sing biru, banjur gawanen mrene.

 Ana candhake ...

Pengikut

Matur Nuwun ...