Kamis, 31 Desember 2009

Supervisi


Sing dakcritakake iki kedadean ana ing sawijining sekolahan, sing cetha ing Surabaya (sekolahane ora perlu dakkandhakake). Nalika samana ing sekolahan mau arep dianakake supervisi. Miturut tatanan kurikulum sing saiki dilakoni saben guru kudu di supervisi . Supervisi iku dianakake sekolahan dhewe, ora supervise saka Pengawas Diknas. Sing disupervisi para guru-guru. Kepriye carane lan anggone mulang, wis nurut RPP sing ditemtokake utawa digawe guru mau apa durung, cocog karo RPP apa ora, bener lan nurut teori apa ora, mlenceng apa ora, utawa rampung apa ora lan sapanunggalane.
Sing kawogan utawa sing nduweni wewenang “nyupervisi” yaiku bapak Kepala Sekolah. Sarehne pegaweyane Kepala Sekolah iku akeh, mula supervisi mau “didelegasekake” marang guru-guru sing tuwa, apa tuwa umure utawa tuwa pengalamane, paling dhuwur pangkate lan jabatane utawa guru ditugasake dening bapak Kepala Sekolah. Aturan kaya mangkono kanggo ngawekani mbok menawa ana salah utawa kurange guru, ora sungkan-sungkan ngelikake utawa menehi “saran” marang guru sing disupervisi.
Nalika iku sing disupervisi guru Olah Raga. Supaya bisa meruhi kurang lan orane , guru sing ditugasi nyupervisi uga tunggal wulangane., yaiku guru Olah Raga uga. Mung bae guru sing disupervisi wis tuwa umure, pengalamane mulang wis kira –kira telung puluh taun luwih, golongane wis IV B, lan arep pensiun. Dene sing nyupervisi guru lagi wae mlebu, statuse isih CPNS (Calon Pegawai Negeri Sipil).
Lumrahe, guru-guru enom iku semangat lan idealismene dhuwur banget, lan kepingin ngetrapake teori-teori sing diangsu saka bangku kuliahe. Lan lumrahe murid-murid isih dianggep padha karo awake dhewe. Durung ngerti yen murid-murid iku nduweni kemampuan lan bakat sing ora padha. Siji lan sijine nduweni lagak lageyan sing beda. Mula supaya bisa dadi guru sing becik kudu nduweni pengalaman paling ora telu ngati limang taun.
Meruhi kahanan kaya mangkene kanca-kanca padha bingung, gumun lan ngguyu. Bingung jalaran apa aturan saka Diknas iku pancen kaya mangkono ? Mesthine sing luwih nduweni wewenang iku guru sing paling ora pengalaman mulange wis suwe. Jalaran mulang iku - ana sing ngarani - pegaweyan sing kalebu seni. Ora saben uwong bisa nglakoni kanthi becik. Ana guru sarjana peng-pengan ning mulange ora disenengi murid, ana guru sing biasa-biasa bae, malah yen mulang disenengi murid-muride. Gumun, kok bisa guru CPNS bisa nyupervisi guru golongan IV B. Apa pancen guru CPNS iku mau sawijining guru sing hebat. Ngguyu jalaran lucu. Nalika pak guru sing disupervisi ditakoni kepriye komentare, wangsulane ……….mung ngguyu cekakakan.
Kepriye ca, sampeyan disupervisi sapa ? Lan kepriye pak petinggi Diknas, apa ya pancen kaya ngono ?

Jumat, 27 November 2009

UNAS



Pemrentah kalah ing sidang Mahkamah Agung masalah UNAS . Miturut amar putusan MA “Butir 2 yang pertama menyatakan bahwa para tergugat I sampai IV telah lalai di dalam memberikan pemenuhan dan perlindungan hak asasi manusia terhadap warga negaranya yang menjadi korban ujian nasional , khususnya ada hak atas pendidikan dan hak-hak anak.
Amar 3 memerintahkan kepada para tergugat untuk meningkatkan kualitas guru, kelengkapan sarana dan prasarana sekolah, akses informasi yang lengkap di seluruh daerah di Indonesia sebelum mengeluarkan kebijakan pelaksanaan Ujian Nasional lebih lanjut”.
Ing wektu iki UNAS pancen sawijining momok kanggo para murid ing kelas akhir ing saben satuan pendidikan. Akeh sing kuwatir ora lulus , mula akeh sing stress . Yen ndeleng pengalaman taun-taun kapungkur ana sekolah sing sasekolahan ora ana sing lulus babar pisan .Ana sekolah negeri sing lulus mung nembelas. Ana uga sekolahan sing lulus mung siji ndhil. Apa komentar saka wali murid ngenani bab iku ? Apa guru-gurune iku ora bisa ngatur ta ?
Pancene, akeh para wali murid akeh sing ora setuju karo anane UNAS iki. Dalah para ahli pisan uga akeh sing ora setuju anane UNAS kanthi alesan : Proses pendidikan sing lawase telung taun ora mung ditemtokake sajroning 2 jam ing dalem telung dina. Prinsip-prinsip pendidikan ora mung nguber mutu pendidikan (quality) nanging kudu nduweni prinsip keadilan (equity).Sing diukur yaiku prestasi para murid sasuwene proses pembelajaran sing diangsu nalika sekolah. Kelulusan kudu diukur saka ujian tulis (ujian sekolah lan uga UNAS), absensi murid, watak, budi pekerti lsp. Kanyatan (realita) sing ana yaiku yen UNAS ora lulus, tetep ora lulus sanajanta biji ujian sekolah apik. Dak kira ora ana guru sa Indonesia iki sing kepingin muride ora lulus. Akibat saka kahanan iki miturut Prof. Conny Semiawan “sekolah, guru, maupun murid berusaha untuk menghalalkan segala cara untuk menjadi 100% lulus. Dan itu akan berpengaruh dalam pembentukan karakter manusia Indonesia.
UNAS arupa factor kalulusan sing utama dibantah dening bapak Djemari Mardapi saka BSNP (Badan Standardisasi Nasional Pendidikan), Murid bisa lulus yen murid wis lulus ujian sekolah. Sanajanta UNAS lulus , yen ujian sekolah ora lulus , murid tetep ora lulus. Sapa sing bisa ngontrol proses pendidikan ing sekolahan, carane mulang guru, anggone mulang kecepeten apa ora lsp.? Mula supaya mutu sekolahan iku sajajar utawa padha kudu ana evaluasi saka njaban sekolahan. Mung mbokmenawa bapak Djemari Mardapi lali yen ujian nasional -- miturut Prof Arif Rahman -- arupa veto anane murid bisa lulus lan ora lulus.
Satemene , antarane sing setuju lan ora setuju UNAS nduweni panemu sing padha ing bab :
1. Mutu pendidikan kudu diundhakake.Pancene wis suwe ana akreditasi sekolah. Sekolah kalebu terakreditasi A, B, apa C. Sekolah sing kalebu A bisa ngleksanakake ujian dhewe, sing liyane nggabung marang sekolah sing nduweni akreditasi A. Evaluasi dianakake limang taun sepisan . Perlu dicathet evaluasi mau kudu dianakake kanthi jujur. Ora ana kong-kalikong antarane sing kawogan ngevaluasi karo sing dievaluasi.
2. Sarana lan prasarana sekolah kudu dipepaki, ora mung sing ana kutha bae nanging uga ing dhaerah-dhaerah. Pemrentah wis menehi dana BOS marang sekolahan-sekolahan kanggo mepaki sarana lan prasarana sekolah. Pitakonane : apa sekolahan sa Indonesia wis pepak kabeh?
3. Mutu guru uga kudu dibecikake, kalebu “kesejahteraan guru “ Usaha anane sertifikasi mujudake upaya pemrentah kanggo mbeciki mutu guru.Mung sing durung disertifikasi isih akeh.
Sing ora disetujoni yaiku UNAS kanggo nemtokake lulus lan orane murid. Ing wektu iki murid ora lulus yen bijine kurang 4,25 lan rata-rata kurang saka 5,50.
Saelingku, sadurunge taun pitung puluhan nalika aku dadi murid Sekolah Rakyat murid sing lulus ujian lan ora lulus kabeh oleh ijazah. Mung ing wektu iku ujian jenenge “UJIAN MASUK KE SLTP NEGERI”.Aku setuju keputusane Mahkamah Agung. Yen ana sing “nggalang dukungan” ing facebook aku melu dhaftar sing nomer siji.
Piye ca, komentar sampeyan ? Tak tunggu.

Rabu, 25 November 2009

PGRI


Guru yen di kerata basa utawa jarwa dhosok dadi “di gugu lan di tiru”, uga “yen Minggu turu”, ana maneh “wagu tur kuru”, sing rada repot yen “guru …. mutan”. Nalika aku sekolah guru biyen aku nate oleh wulangan saka guruku : yen kowe kepingin sugih aja dadi guru. Pegawean (profesi) guru mono dudu profesi kanggo golek pesugihan -- ee…. kleru -- supaya bisa dadi sugih.Profesi guru iku pengabdian.
Guru pancene kudu bisa digugu lan ditiru sabarang tindake, kudu dadi panutan. Mula profesi guru sawijining profesi kang mulya, luhur, jalaran guru ana ing panggonan kang ngarep dhewe kanggo kamajuwaning bangsa lan Negara. Maju lan munduring bangsa ditemtokake dening mutu pendidikan sing diemban dening para guru. Mula nalika isih cilik biyen aku kepingin kaya pak guru.
Kira-kira tahun suwidakan nganti pitung puluhan ing desaku yen wektu riyaya Lebaran isih akeh wong-tuwa-tuwa sing sowan menyang daleme pak guru perlu ngaturake keluputan sanajanta guru mau isih enom. Mesthine sing enom mara menyang sing luwih tuwa perlu ngaturake kaluputan. Semono kajen keringane pak lan bu guru ing padesan, sanajanta bayaran sesasi wis entek dipangan ing sajrone seminggu. Lha kahanan sing kaya mangkene iki sing njalari pak guru gurumutan golek …. utangan. Durung yen mbeneri sasi Besar wayahe wong duwe gawe. Yen diulemi (diundang) wong duwe gawe, bingung. Arep ora teka isin, yen teka ora duwe dhuwit. Nanging kahanan saiki wis beda banget. Negara baka sethithik ngundhakake bayare guru. Angger ora kakehan polah, pak lan bu guru wis bisa urip salumrahe manungsa.


Ing kalodhangan iki , ndherek mangayubagya marang guru-guru ing Surabaya sing wis oleh pangalembana (penghargaan) saka Presiden RI Susilo Bambang Yudoyono. Muga-muga anggone nyambut gawe bisa jujur, tulus tumekane ati, lan bisa manfaat kanggo kamajuwane nusa, bangsa, lan Negara.
Ora adoh karo pengarep-arepe yu Thukul (ibune panjenengane pak Bibit Samad Riyanto, pimpinan KPK): “Le, suk emben kowe dadia guru, guru kuwi kepenak”. Lha kasembadan temenan gegayuhane yu Thukul, pak Bibit dadi jendral Pulisi sing nyambi mulang ana ing salah sawijining Universitas ing Jakarta.
Seje karo sing ana kutha Malang . Luwih saka limang ewu guru status honorer sing wis nyambut gawe pitung taun luwih demo ing sajrone upacara pengetan dina PGRI nuntut supaya Pemerintah Daerah nggatekake nasibe guru sing bayare mung seket ewu rupiyah nganti rong atus ewu rupiyah , ora seket yuta nganti rong atus yuta (saiki akeh wong ngarani yuta iku dadi sewu) .

Seje kutha Malang seje karo kutha Banyuwangi. Miturut warta saka salah sawijing TV swasta, sawijining Pengawas Sekolah pak guru Husain Matain sing uga Ketua PGRI –ing antarane guru sanga - nalika mimpin demo, kena sangsi administrative saka Negara dipindah dadi pegawe non job ing kantor Perpustakaan Daerah Kabupaten Banyuwangi. Kamangka pak Husain Matain nuntut supaya dana BOS enggal-enggal “dicairake” lan mbela nasibe guru bantu lan calon guru sing kadaftar ing CPNS.Mesthine sing oleh sangsi pejabat sing ngendhe-endhe "caire" dana BOS.Pancen kaya mangkono resikone dadi pemimpin, kudu wani mbela andhahane. Ora perlu kemba, kudu tansah berjuang supaya para "pahlawan tanpa tanda" jasa bisa urip mulya.
Mbok manawa kabar saka Jakarta ing ngisor iki minangka kado kanggo para guru ing dina pengetan dina laire PGRI, “Ujian Nasional Akan Ditiadakan”. Adedasar putusan Mahkamah Agung nglarang pamarentah nganakake Ujian Nasional, sanajanta pamarentah ngajokake PK (Peninjauan Kembalai). Kalulusan para murid ditemtokake sekolahan dhewe-dhewe. Kabar iki bisa nyuda ngempete para guru sing tansah kuwatir muride ora lulus. Muga-muga kabar iki ngilangi ora jujure guru, nyontoni , marahi, menehi jawaban UNAS supaya muride bisa lulus.Yen gurune jujur, ing tembe muride - Insya Allah - dadi pejabat ya pejabat sing jujur, ora gelem nglakoni korupsi. Nanging kanggone para guru uga ora kena lirwa, banjur kendho anggone nyambut gawe, kudu tansah mempeng lan temen. Temen tinemu .
Kanggo PGRI, jaya-jaya wijayanti, tetep jaya ing sabarang karya.

Selasa, 10 November 2009

NYEMAK BASA SUROBOYOAN JTV (5)


EJAAN BASA JAWA SUROBOYOAN .
Ejaan basa Jawa Suroboyoan JTV nganggo dhasar ejaan Basa Indonesia, nanging ora mesisan. Kahanan iki nyebabakae guru basa Jawa ing sekolahan-sekolahan lan masyarakat dadi bingung. Apa pancen sengaja digawe bingung? Conto sing dakalami : nalika aku pesen stempel menyang tukang stempel ana tulisan nganggo “aksara Jawa : SUKRO” sing ditulis nganggo taling tarung (o) , kamangka asline tulisan iki benere ora nganggo taling tarung (nglegena, wuda, tanpa sandhangan).Guru basa Jawa ing sekolahanku nulis “Gubernur Sutiyoso” uga nganggo taling tarung , sing sabenere nglegena, tanpa sandangan, wuda. Yen guru wae wis bingung (sing notabene sarjana) apa maneh muride, sangsaya ora karu-karuwan. Kahanan iki disebabake dening kisruhe (rancu) panganggone ejaan basa Jawa lan ejaan basa Indonesia. Contone : ora ana bedane t lan th, d lan dh , e lan é utawa è, sarta ora ana aturan panganggone aksara (huruf) sing bener. Kahanan kaya mangkono iku sing dialami dening editor lan redaktur JTV.


Swara jejeg lan swara miring.
Ing basa Jawa sing diwulangake ing sekolahan Surabaya sing saiki, ana istilah : Swara jejeg lan swara miring.
Swara jejeg yaiku swara sing durung owah saka asal ucapane
Conto : O diwaca O, kaya ing tembung soto, bodho, loro, jodho, toko. I diwaca I , kaya ing tembung siji, mili, pipi, driji. U diwaca U kaya ing tembung : untu, buku, luru, turu. A diwaca A kaya ing tembung : sapa, mata, bata, jaka.
Swara miring yaiku swara sing wis owah saka asal ucapane .
Conto : O diwaca A, kaya ing tembung : kodhok, bosok, popok, tonton. I diwaca E, kaya ing tembung : kain, salin, main, ngalih. U diwaca O, kaya ing tembung : sarung, taun, balung, baut. A diwaca A kaya ing tembung : barang, papan, dalan, jaran.
Tembung lingga (kata dasar) sing nduweni swara miring lumrahe yen ditambahi panambang (akhiran) E bali menyang asale.(I) Conto : sarung (sarong, sarung (BI)) dadi sarunge, balung (balong) dadi balunge, kalung (kalong, kalung(BI)) dadi kalunge, baut (baot, baut (BI)) dadi baute, salin (salen, salin (BI)) dadi saline, kain (kaen, kain (BI)) dadi kaine lsp.
JTV = dengkol (lutut), taon (tahun), ngaleh (pindah), kaen (kain), maen (main), dileh (dilih), ngedokno (ngedukno), nunjok (nunjuk)
Tembung-tembung ing ngisor iki kepriye panulise ?
1. balong (tulang), balong (kubangan air), bolong (berlubang) , moncol (terbit), moncol (menonjol)
2. Pentil sing tegese woh sing isih enom, Pentil sing tegese puting (BI), Pentil sing tegese karet sing kanggo nglebokake hawa ing ban.
3. Batuk (dahi), matuk (cocok), kotak (kotak), otak-atik (direka-reka), otak-otak(nama makanan), tutuk (pukul), bati (untung)
4. wedok (perempuan), wedi (takut), ater-ater (awalan) di , duduk (bukan), dobol (keluar organ dubur), ngedol (menjual), modar (mati), ngedol (menjual)
5. Panambang E : desoe (desanya), aksie (aksinya), unie (bunyinya), mburie (belakangnya), joloe(jalanya), matenie (mematikannya), rencanae (rencananya), dtemoknoe (ditemukannya)

Panambang no = ake.
Sakno = mesakake, dibalekno = dibalekake, nglebokno = nglebokake, nyampekno = nyampekake, ngarepno = ngarepake, dikramatno = dikramatake, nanggungjawabno perbuatane = nanggung jawabake, nibakno = nibakake.
JTV = HP anyar diisino pasir (?) , Perda larangan ngerokok mulai disosialisino (?).

Dudutan (kesimpulan):
Redaktur lan editor JTV anggone milih tembung mung sakepenake dhewe, mbokmenawa alesane wong Surabaya iku egaliter, terus terang, tanpa basa basi, apa anane.Bab iku ora salah bener nanging apa wong Surabaya ora nduweni sopan santun sing diwujudake ing tataran basa. Basa Medura wae ana tataran basa, yaiku basa alus lan basa kasar , mosok wong Surabaya ora duwe.
Saran :
1. Tulung JTV njupuk tenaga editor saka jebolan Universitas Surabaya jurusan basa Jawa, sing manggone ing kutha Surabaya. Dak kira jebolan mau cukup mumpuni ing babagan Paramasastra.
2. Yen pancen kepingin nggawe aturan tata bahasa baru kanggo basa Suroboyoan , kudu adoh mikire lan kudu konsisten. Perkara “perkecualian”, sabisa-bisa dikurangi.
Sing repot, yen ana wong gendheng ngomong sakarepe dhewe pas kebeneran ana redaktur utawa editor JTV liwat krungu tembung mau, banjur tembung mau ditayangake ing JTV . Lha yen ngene iki sing gendheng wonge sing ditiru apa sing niru ? Piye ca komentar sampeyan ?
Tamat.

Jumat, 06 November 2009

NYEMAK BASA SUROBOYOAN JTV (4)


Bakor pakem sik jange ngonokno kordinasi Senen ngarep. Tembung ngonokno asale saka tembung apa? Apa kono =situ, di situ, ngono = begitu, ana = ada ? Piye panulise : ngono yo ngono ning ojo ngono, “ojo lungo bojoku loro, iyo podo-podo

Hakim nglekor nduk ruang sidang polahe kepegelen (Hakim tertidur di ruang sidang karena kepayahan).Lumrahe sing nglekor iku ula. Turu nglekor tegese turu kaya ula. Apa ya ana hakim nganti turu nganti kaya ula ?

Londo mbukak dalan munggah nang babak nembelas gedhe sak marie kasil menang sing kesiji. (Belanda membuka jalan naik ke babak enam belas besar sesudah berhasil menang yang pertama. ) Babak nembelas gedhe = tetep “babak enambelas besar (BI)” ora dadi enembelas gede, bapak Purnomo Besar ora Purnomo Gede.

Mbahe korban nangis kepiyer. Lumrahe sing nangis kepiyer iku bocah isih bayi utawa isih cilik. Mosok embah nganti nangis kepiyer? Matuke : Mbahe korban nangis ngguguk, nangis kejer .

mempeng nyetir bronfite Panganggone tembung “mempeng” lumrahe “mempeng sinau”, “mempeng nyambut gawe”, “mempeng ngudi kawruh”. Suman mempeng nyetir bronfite (Suman giat mengemudikan (menyetir) sepeda motornya) (?).

Mlebu nang menit suwidak loro Amauri nggawe gole sing keloro gawe nggowo mbok tuwek mimpin adoh papat nol. Juventus dijuluki mbok tuwek iki perkarane apa ?

MU meh kisinan pas dayoh nang omahe Wigan Atletic (MU hampir dipermalukan ketika bertamu (bertandang) ke rumah (kandang) Wigan Atletic. Sejatine bal-balan iku dianakake ing jero omah apa ing lapangan ? Ya mestine anggone ngartekake ora plek kaya ing basa Indonesia. Ora kudu baka satembung, ana istilah-istilah sing lumrah dienggo ing masyarakat.

Pulisi mentelengi perkoro iki . Apa kira-kira pulisi anggone menteleng nganti mripate mendolo? Apa ora matuk yen “pulisi nliti perkoro iki”.

Saking gak kanti sampek-sampek mbok dewor njupuk dewe lengo gas sing didol. Tembung mbok dewor iku julukan (wadanan, guyon ) kanggo wong wadon sing wis bojo. Conto: Sapa sing liwat iku ? Jawabane : Iku mbok dewore mas Sastra. Tegese bojone mas Sastra. Ye kahanan ana pasar ya ana prawan, ana sing nduwe bojo ana rondo. Yen rondo iki mbok ndewore sapa ? Ora bisa wong wadon sapasar dijenengi dijuluki mbok dewor .


saksi moto (saksi mata,BI). Cukup saksi. Apa ana tembung saksi cangkem, saksi sikil, saksi tangan, saksi awak lsp. Ing basa Jawa nyekseni (nekseni) iku alate nganggo mripat, mata, conto : Para rawuh keparenga anekseni ijabing panganten.

Selawe ton BBM iki disedot teka loro tugboat (Dua puluh lima ton BBM ini disedot dari dua tugboat). Paramasastra (tata bahasa) basa Indonesia karo basa Jawa beda. Panganggone tembung wilangan ing basa Jawa (kalebu basa Surobyoan) conto : tugboat loro , rong tugboat (dua tugboat), rong kelas ora loro kelas (dua kelas), telung jrigen ora telu jrigen (tiga jrigen), sajrigen ora siji jrigen (satu jrigen), curanmor limang perkoro ora limo perkoro (curanmor lima perkara). telung konteiner ora telu konteiner.

tukang sampluk . Tukang sampluk sebutan kanggo pemain tennis. Kamangka ana olah raga liyane sing alate uga nganggo sampluk kayata : pingpong, badminton, kasti, rounders. Apa kira-kira pemain-pemain mau banjur dijuluki tukang sampluk tennes, tukang sampluk ping pong, tukang sampluk badminton, tukang sampluk kasti, tukang sampluk rounders.Semono uga tukang saduk = pemain bal-balan (tukang bal-balan).
Ana tutuge .

Selasa, 03 November 2009

NYEMAK BASA SUROBOYOAN JTV (3)



Barang kasil colongan iku disita Pulisi. Tembung kasil colongan benere asil colongan. Kasil saka tembung ka + asil (hasil) tegese berhasil. Tembung “hasil (BI)”kanggone wong Jawa luwih cedak nang “asil” tinimbang nang “kasil”. Conto : Hamengku gati dadi amengku gati, hanyakra wati dadi anyakra wati , hamengku buwana dadi amengku buwana ora kamengku gati, kanyakrawati, kamengku buwana. Ukara ing duwur yen ditegesi basa Indonesia dadi “barang berhasil curian itu disita pulisi”. Conto liyane : Asile liga kompetisi : Kaiser Laurten kasil dadi juara loro.
Kaiser Laurten medhayoh nang kandange Energie Cottbus . Medhayoh (bertandang, bertamu) iku tujuwane saliyane perang utawa nglawan. Yen nduweni teges nglawan sing pas nglurug. Ing basa Indonesia pancen durung ana istilah sing pas kanggo nglurug.
Kaiser Laurten pethangkringan neng rangking loro. Linggane (kata dasar)petangkringan : petangkring. Benere : Kaiser Laurten metangkring (nangkring) nang rangking loro. Tembung pethangkringan nduweni teges obah utawa ambal-ambalan utawa akeh. Conto : Arek-arek pethangkringan ing wit pelem.
keplintir dengkule mesthine keslio (?). Apa ana dengkul keplintir, mestine sing keplintir iku sikile, ora dengkule.
lempeng maine =kenceng maine. Lempeng tegese lurus, jujur, conto : dalane lempeng, lempeng atine. Benere “pemain Brasil tambah kenceng maine mungsuh Gana” basa Indonesiane pemain Brasil tambah giat (keras, bersemangat ) permainannya melawan Ghana.
Lomba pitik sab-saban tetep rame digatekno wong.Digatekno iku Indonesiane “diperhatikan” . Ing ukara iku sing bener ditontok (ditonton, dilihat). Apa ana ukara “ arek-arek gemrudug arep podo nggatekno bioskop”?
Pak Nut nduweni pengarepan pemerintah melu ngrumat bangunan kuno. Pengarep-arep (harapan = pangarep-arep, arep-arep). Benere “pak Nut nduweni pengarep-arep yen pemerintah melu ngrumat bangunan kuno.”
Polahe balunge akeh sing sempal akire wong iki matek. Sempal iku tegese potol, yen akeh sing sempal tegese protol utawa mrotoli. Balunge sempal iku wujude kepriye ? Apa nganti tangane mencelat, sikile minggat, igane kececeran kok nganti balunge sempal ?
Polres Sidoarjo panen maling mentoloan mbarek maling bronfit.Kira-kira apa ana maling sing gak mentoloan. Kabeh maling mesti mentoloan, yen gak mentoloan ya gak sido maling. Maling mentoloan iku maling opo ?
Siji penumpang sing ilang saiki wis ditemokno (Satu penumpang yang hilang telah ditemukan). Benere “penumpang siji sing ilang saiki wis ditemokno.”
Tembok pabrik rubuh katerjang angin pentil muter. Tembung “pentil muter” iku dijupuk saka basa apa? Ing basa Indonesia ana tembung “puting beliung”, pentil = puting, beliung = muter(?). Yen ora kliru beliung iku jinise kapak utawa pecok kanggo negor kayu, kok dadi muter ? Ing basa Suroboyo ana tetembungan ulur-ulur = angin wujude dawa ireng muter, lumrahe ana ing segara. Lesus = angin banter. Topan = angin banter.
Ana tutuge .

Jumat, 23 Oktober 2009

NYEMAK BASA SUROBOYOAN JTV (2)


Redaktur JTV sajake anggone milih tembung ya saenake udele dewe. Apa buktine ? Contone ana ing ngisor iki :

adu playon = lomba lari, banter-banteran mlayu, rebut unggul mlayu. Hasile bal-balan iku jendul-jendul sampek pertandingan adu playon bubar. Jan-jane mono arep pertandingan bal-balan apa arep adu playon (lomba lari)? Bal-balan iku niyate nglebokake bal menyang gole mungsuh ora niyat banter-banteran mlayu. Panganggone tembung “adu” : adu dara, adu pitik, adu kaci, adu kekuwatan

Arek-arek gak gelem dipadakno sapi perahan apa maneh budeg. Apa karepe ukara iki? Sapi perahan (BI) tegese mung dipek untunge, yen sapi budeg tegese apa?
bronfit nlebok : bronfite tiba. Tembung nlebok nduweni teges saka ndhuwur. Tuladhane : barange nlebok (logur), saka gendongan.

Dhase kegeden utawa kesumbungen . Sing bener kegeden endas.Tembung iki kalebu tembung entar (kata kiasan ).Tembung entar yaiku tembung nduweni teges dudu teges salugune . Contone : dawa tangane, ora kok tangane dawa telung meter, tegese dhemen nyolong. Mati pangane tegese ora bisa golek pangan, ora kok pangane ilang nyawane. Wujude tembung watak (kata sifat disambung tembung aran (kata benda)).

Bengkel mobil mau entek dibadog geni . Dibadog geni tegese kobong. Apa ana tembung di dahar geni, di maem geni, diuntal geni, digaglak geni, diemplok geni, disosor geni, dijeglak geni (di makan api (BI)).
dimeloki arek = dieloki arek . Melok saka tembung lingga elok + seselan um, saka tembung jawa elu, ilu. . Tembung liyane : um + pati = mati, um + umbul = mumbul, um + angsah = mangsah. Yen diterjemahanke menyang basa Indonesia dimeloki = dimengikuti. Benere dieloki arek = diikuti anak.

gembong teroris = gembong saka tembung macan gembong sing tegese macan sing gedhe utawa pemimpine. Ucapane tembung “gembong” kaya tembung lele, kere, pepe, sate ora kaya Gembong Tebasan, Pasar Gembong, desa Gembong, sing ucapane kaya pedes, sepet, temen.

Hakim mutusake perkara saenake udele. Piye yen presiden mutusake perkara saenake udele presiden? Kira-kira yen ngomong adhep-adhepan karo presiden banjur ngomong mangkono apa sing bakal kedadean , apa kira-kira presiden ora nesu ?

Juventus cangkrukan nang rangking telu. Cangkrukan tembung linggane cangkruk tegese kira-kira wong loro utawa luwih padha lungguhan banjur omong-omongan. Lha yen wong siji lungguhan iku arane tenguk-tenguk, upamane Candra tenguk-tenguk neng ngarep omah. Yen Juventus cangkrukan kira-kira suasanane kaya Cak Priyo lagi cangkrukan kae, Juventus lungguh banjur omong-omongan karo sing rangking loro lan rangking papat

Saliyane wong gerang ya akeh arek-arek sing kenek lara sesek. Wong gerang tegese wong tuwa. Wong gerang benere wong tuwa .Kanggone wong Sala lan Yogya tembung iki lumrahe kanggone wong nesu, nyrengeni lan kasar banget. Panganggone gerang : sapu gerang, sikat gerang. Sapu gerang : sapu sing wis lawas , sadane kaku lan kari sitik. Yen wong gerang kira-kira ndase apa untune sing padha protol. Yen wong mau setengah tuwa kira –kira jenenge wong setengah gerang.

Ana tutuge .

Selasa, 20 Oktober 2009

NYEMAK BASA SUROBOYOAN JTV


Basa Suroboyoan yaiku basa sing dianggo wong-wong ing Suroboyo sakiwa tengene. Basa Suroboyoan arupa sub basa saka basa Jawa.Sub basa apa mung arupa dhialek isih perlu dirembug maneh. Basa Jawa sing saiki diwulangake ing sekolahan-sekolahan Suroboyo isih nganggo basa Jawa cengkok Jawa Tengahan yaiku Sala lan Ngayogyakarta. Miturut katrangan saka Wikipedia basa Jawa iku wiwit taun 1942 wis ora dianggo dadi basa resmi. Nalika samana ing tanah Jawa lagi dijajah bangsa Jepang mula basa resmi sing dianggo (mbok menawa ) ya nganggo basa Jepang. Lan nalika samana wis ana ada-ada nganggo basa persatuan yaiku basa Indonesia sing diikrarake ing taun 1928 nalika anane Sumpah Pemuda. Basa Jawa saiki ngalami kemerosotan, jalaran wis akeh wong Jawa wis ora bisa nganggo basa Jawa kaya dhek satus taun kepungkur. Mula yen ora diopeni bisa-bisa basa Jawa bisa ilang saka lumahing bumi.
Upaya stasiun televisi JTV ing Surabaya ngangkat basa Jawa ing acara pojok kampung perlu diacungi jempol. Jalaran basa Jawa bisa mundhak drajate. Apa maneh jam tayange ana ing jam tayang utama. Paling ora wong-wong dikarepake nate ngrungokake basa sing kaprah ing Surabaya sakiwa tengene. Mung ana cacade sithik panganggone basa Jawa Suroboyoan mau ora dibarengi panaliten dening ahli-ahli basa. Mula ketara yen basa Jawa Suroboyoan mau ngawur lan sakarepe dhewe. Apa buktine ?
Tembung “lara manuk pilek, lara babi pilek” kira-kira tembung mau dijupuk saka tembung “avian flu, pig flu” .Tegese tembung manuk pilek iku manuk sing lagi lara pilek, samono uga babi pilek. Kamangka muturut basa Indonesia utawa basa Jawa mesthine nganggo hukum DM (diterangkan menerangkan). Ora kaya basa Inggris utawa basa Sanskrit sing nganggo hukum MD (menerangkan diterangkan).Mula benere dadi “lara pilek manuk (pilek sing nyerang manuk), lara pilek babi (pilek sing nyerang babi). Penulis nate diprotes murid perkara tembung iki. Wangsulanku : tembung iku ora nurut aturan baku.
Tembung “bedug dobol”. Benere bedug ndrandang.Bedug sing di tabuh ambal-ambalan. Lumrahe sing “dobol” iku silit, silite dobol. Tembung-tembung sing nganggo oyod tembung (akar kata) “bol” yaiku : bol (organe silit, alat kanggo metune kotoran), jebol (tanggule jebol, seseke jebol, karunge jebol), bobol (omahe dibobol maling , tanggule sengaja dibobol, dobol, kobol-kobol (kalah main akeh). Tembung-tembung mau nduweni teges rusak. Dobol tegese organe silit metu , lara ambeien. Bedug dobol tegese bedug jebol.
Tembung “matek”. Bakul janganan matek dirampok. Karna matek, Parti matek. Tembung-tembung mau isih bisa ditrima kuping. Nanging kepriye yen Pak Camat matek, pak bupati matek, pak gubernur matek, presiden matek, kanjeng nabi matek lsp. ? Dilarani akibate lara, dipateni akibate mati (matek). Benere bakul janganan matek dipateni perampok.

Ana tutuge .

Selasa, 06 Oktober 2009

Belasungkawa

Ndherek bela sungkawa katur dhumateng sedherek-sedherek ing Ranah Minang ingkang nembe nandhang dhuhkita ketrajang lindhu ageng.
Mugi-mugi ingkang tinggal donya pejah syahid lan arwahipun katampi wonten pangayunaning Gusti Allah Ingkang Maha Agung, lan mugi-mugi ingkang taksih gesang tetep tabah lan tetep imanipun nampi cobi saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
Amin.

Jumat, 11 September 2009

Seritifikasi ...


Biyen ana tetembungan jaman Kalabendu, jaman sepur lempung, jaman ja majuja. Saiki jamane lagi ngancik jaman sertifikasi.Samubarang kudu nganggo utawa oleh sertifikat. Barang weton pabrik kudu ana sertifikate, wedhak pupur kudu nganggo serifikat, panganan weton toko kudu ana sertifikate, jajan pasar ya kudu nganggo sertifikat.
Nalika aku isih cilik biyen asring diundang bancakan, slametane jajan pasar. Saiki jajan pasar kudu nganggo sertifikat, apa kira-kira sing mbaureksa ora gelem nampa yen ora nganggo sertifikat.
Sing arep dakcritakake iki kedadean ing negara Ngastina, kutha Banjarjunut , kecamatan Padhasgempal. Ana salah sawijining guru Sekolah Dasar ing kec. Padhasgempal lagi bingung perkara sertifikasi. Dheweke lulusan Sekolah Guru ing kutha Banjarjunut, lan uga wis lulus Spd ne (dudu sepedha, lho). Dhasar priyayine bregas, nggantheng, lagi mentas metu saka pendidikan, wis mresthi wae disenengi murid-muride. Dhasar anggone mulang ya apik, ketitik saka lulusan sing diasilake.Kabeh ketampa ing SMP negeri sing dikarepake. Saben taun asring ngrebut juara sa kecamatan Padhasgempal. Malah-malah nate juara sa kutha Banjarjunut. Apa ora hebat? Muride uga nate melu lomba paduan suara menyang Jepang (Jepange negara Ngastinapura). Rak ya peng-pengan ta?
Piala -piala sing dicekel dening muride pak guru mau kira-kira telung lemari bek.
Iku ngono saka jasane pak guru mau.
Sawise ana ada-ada saka Diknas Banjarjunut, supaya saben guru ing negara Ngastina kudu melu sertifikasi. Yen ora nduweni sertifikat bakale ora oleh mulang ning sekolahan. Yen isih kepingin nyambut gawe , kudu gelem neng kantor.
Pak Guru kita uga melu ngumpulake portofolio.Samubarang layang utawa surat dipoto kopi.Pokoke ana kertas kemlebet di poto kopi. Enteke yan rada lumayan. Sawise rampung potokopi banjur diaturake menyang bapak kepala sekolahe(yen jaman biyen jenenge mantri guru).Kepala sekolah uga cekat-ceket anggone ngrampungake mberkas bareng karo kanca-kanca guru liyane. Sabanjure ngenteni tebane keputusan antarane lulus lan orane saka team penguji portofolio.
Tebane ngendhon ....
pak Suta ... lulus.
pak Waru .....lulus.
bu Naya ......lulus.
bu Dhadhap .... lulus.
pak Guru kita .... ora lulus.
Lulus lan orane sertifikat mau uga mahanani owah-owahan bayar. Sing lulus bayare mundhak dadi pirang-pirang yuta, sing ora lulus kudu mbaleni maneh melu ujian sertifikasi.
Kamangka pak Dhadhap lsp, sertifikate akeh sing mung akon-akon, lan tukon. Yen ana piala teka keberhasilane murid, banjur melu poto bareng-bareng njur ditulisi "PEMBINA". Ning nasibe malah kepenak. Dene pak guru kita sing ngrekasa nglatih, malah ora oleh apa-apa.
Piye ca nasibe sampeyan, melu sing kepenak, apa sing kepenak? Mel;u sing tukon apa sing akon-akon?

Kamis, 27 Agustus 2009

Upacara 17 Agustusan ing Gunung Bromo.


Gunung Bromo sawijining gunung ing Jawa Wetan dadi jujugane para turis. Embuh iku turis saka mancanagara apa turis domestic. Masyakarakat ing sakiwa tengene gunung Bromo nduweni adat istiadat kang lawase wis atusan taun sing tansah dilestarekake.




Miturut sejarah, masyarakat Bromo iku asale saka masyarakat masyarakat Hindhu Majapahit sing ora gelem ngrasuk agama Islam, banjur nyingkir ing sakiwa tengene gunung Tengger.
Ing sakiwa tengene gunung Tengger mau banjur bebranahan, tangkar tumangkar nganti saiki ngenggoni wewengkon gunung Tengger kono. Sarehne adat istiadat sing wis umure atusan taun mau tetep dilestarekake , mula adat istiadate seje karo masyarakat Jawa umume.


Upacara Kesada, upamane : sawijining upacara caos bulu bekti marang kang mbaureksa gunung. Sataun sepisan upacara iki dianakake. Ing upacara iki akeh wong manca padha teka saperlu ndeleng upacara sing mung sataun sepisan ana. Yen ora mbeneri upacara Kesada wong-wong saperlu ndeleng jumedhule lan mletheke srengenge saka pucaking gunung. Pancen endah tenan. Saka sikile gunung nganti teka pucake wis ana undhak-undhakane . Dadi yen ana wong kepingin munggah gunung ora bakal wedi yen kepleset. Yen wis teka pucaking gunung banjur ndeleng kawah sing jero banget.


Mula dulur yen panjenengan durung nate tindak mrana, coba kapan-kapan panjenengan tindak mrana.
Sadurunge teka pucaking gunung, kudu ngliwati dhisik segara wedhi sing ambane ngilak-ilak. Segara wedhi dumadi saka tlaga gedhe sing wis asat sing karan kaldera Tengger. Ing tengahe segara wedhi thukul gunung loro cacahe , yaiku gunung Bromo lan gunung Bathok. Gunung Bathok iku sawijining gunung geni sing wis mati tegese ora aktif maneh. Dene gunung Bromo isih urip, sing kadhangkala ngetokake keluk akeh. Yen panjenengan arep menyang pucak gunung nanging ora kepingin kesel bisa nyewa nunggang jaran.


Panguripane masyarakat Tengger saka tetanen. Sayuran bangsane kobis (kol), wortel, kenthang katon ledhung-ledhung, subur banget. Asile didol menyang Pasuruan, Lumajang lan Surabaya. Kahanan ing Tengger katon ayem tentrem kaya sing dikandhakake pak dhalang, gemah murah kang sarwa tinuku, ripah tulus kang sarwa tinandur, karta rainten dalu para andon dagang tansah anglur selur datan ana pedhote labet tan ana sangsayaning marga.


Ing taun 2009 iki dina Kamardikaning bangsa Indonesia dipengeti ing satengahing segara wedhi. Sacedhake sikile gunung Bromo. Pengetan iki lagi sepisan diadani salawase Indonesia mardika.





Tata urutane upacara rada beda sethithik karo masyarakat Indonesia umume. Acara inti padha, ning rada beda.







Sadurunge upacara baku, diananake ana upacara adat sing dipimpin dening sesepuh adat.






Perlune, supaya upacara 17 Agustus lumaku kanthi lancar, ora ana alangan sawiji apa. Lan uga ndongakake Indonesia panjang yuswa.






Masyarakat padha nggawa tumpeng, lan panganan asli saka Tengger. Uga ora kari woh-wohan asil wulu wetune masyarakat kono. Sing melu upacara para pegawai negeri lan para masyarakat .





Panganggone uga nganggo pakaian adat. Sing narik gendera dumadi saka murid-murid SMA . Kang ngawal gendera padha nunggang jaran.
Inspektur upacara bapak Camat Tosari Heru Sariyanto , lan komandhan upacara Sersan Mayor Urip.




Upacara dianakake kanthi khidmat nganti gendera kumlebet muluk ing akasa.










Dirgahayu Indonesia.

Rabu, 19 Agustus 2009

Jelaaaas .......... blas.


Sawijing dina aku mlebu kelas. Nerangake wulangan anyar. Sawise ngomong ngalor ngidul nganti kesel aku banjur takon:"Wis ngerti ?"
Wangsulane muridku bareng : "Tiiii ......."
Krungu wangsulane muridku sing kaya mangkono atiku seneng banget. Ora muspra anggonku mulang.Ya ngene iki senenge guru, yen wulangan sing diwulangake marang murid dingerteni kabeh.
Aku banjur takon maneh, "Jelaas ???"
Wangsulane muridku ya bareng,"Llaaaaaaaas !!!"
Aku ora kepenak atiku banjur takon, " Jelas apa blas ?"
Muridku ora ana sing mangsuli. Kabeh padha meneng.
Aku banjur kandha :"Kowe iki yen matur sing temenan, aja ngapusi. Yen ngerti ya kandhaa ngerti, lan yen ora ngerti ya kandhaa yen ora ngerti. Aja ora ngerti banjur kandha ngerti.Jelaaas !."
Bocah-bocah padha mangsuli bareng:"Laaaaaas!!"
Ana bocah sing lungguh mburi, ketoke rada ngempet guyu, lambene ditutupi tangan. Nanging aku isih krungu yen ana sing cekikikan. Aku banjur prentah supaya bocah mau maju menyang ngarep kelas.
Dheweke banjur tak kongkon nggarap ing blabag. Ketoke ora bisa. Aku banjur nesu:"Kowe iki ngerti ora ?"
Muridku banjur mangsuli:" Saya tadi kan bilang blas, pak!"
"Ooooooo, pancene", grenengku.

Jumat, 24 Juli 2009

Kanjeng Mas Ayu Manohara


Manohara Odelia Pinot sawijining foto model ayu sinengkakake ing ngaluhur. Lahir ing Jakarta 18 Februari 1992 . Nalika jumenengan sampeyan dalem ingkang sinuwun Paku Buwana ingkang kaping tiga welas , sampeyan dalem wis kepareng paring ganjaran marang Manohara dadi kerabat kraton Surakarta Hadiningrat. Manohara kaparingan asma Kanjeng Mas Ayu (KMAy) Laksminta Rukmi.
Manohara kang jenenge kondhang dadi kembang lambene wong sa Indonesia jalaran sesambungane karo Tengku Fakhry putra raja Kelantan saka Malaysia . Nalika jemenengan Manohara dadi punjering kawigatene para tamu. Manohara rumangsa mongkog ,lan ngaturake puji syukur , sanajanta dheweke ora ngerti tanggung jawab apa kang kudu disangga . Uga dheweke kandha yen dheweke ora ngerti babarpisan bab kraton lan budaya Jawa. Manohara banjur janji yen dheweke bakal sinau bab kahanan kraton lan kabudayan Jawa.
Miturut GKR Wandansari, Pangageng Sasana Wilapa Karaton Surakarta Hadiningrat Manohara kaparingan gelar (jejuluk) supaya Mano bisa luwih mantep anggone nglakoni urip ing alam donya.
KGBH ( Kanjeng Gusti Bendara Haria ) Benawa ngendika manawa paling ora Manohara wus dadi krabat kraton Surakarta lan nduweni tanggung jawab marang kabudayan utamane kabudayan Jawa. Kabudaya Jawa minangka kabudayan sing paling gedhe ing saindenging Nuswantara. Kraton Surakarta Hadiningrat dadi sawijining benteng kabudayan kasebut.
Jumenengan dianakake nalika dina Sabtu Paing 18 Juli 2009 Nalika jumengan uga dianakake pagelaran tari Bedaya sing arupa tari sakral kang mung setaun sepisan digelar.

Minggu, 19 Juli 2009

Bom, Njeblug ing Jakarta.


Jemuah esuk jam 7.47 bom njeblug ing Jakarta. Hotel J.W. Marriott lan hotel Ritz Carlton di bom. Korbantinggal donya saka mancanegara 9 wong , 5 saka Amerika Serikat. Wong mancanegara sing tatu 18 wong. Korban sing wis dikaweruhi 61 wong. Bom mau dijeblugake dening wong 2, siji ana ing Hotel Marriott lan sijine ana ing Hotel Carlton. Wektu njebluge bom ora let suwe, mung kira-kira sepuluh menitan. Bom mau arupa bom bunuh diri. Paraga kang njeblugake bom karo-karone nemoni tiwas.

Miturut katrangan Kapolri, Bambang Hendarso Danuri yen bom mau padha karo bom sing ditemokake ing Cilacap. Bom dikira-kira dirakit ana kamar Hotel J.W. Marriott kamar nomer 1808. Bom sing ciri-cirine kaya mangkono iku meh padha karo bom ditemokake pulisi ing Semarang, Batu, lan Cilacap. Mula ora aneh yen bom mau ana gandheng cenenge karo terroris international sing nate ditemokake dening pulisi.

Prastawa mau gawe kagete wong akeh. Wis antara suwe ora nate keprungu kabar ana bom njeblug sabubare prastawa bom Bali. Prastawa iki mesthi wae ndadekake sedhihe bangsa Indonesia. Negara sing lagi wae arep njejegake demokrasi , Negara sing lagi wae arep ndandani nasibe rakyat dumadakan digoncangake dening mbledhose bom.
Indonesia nembe nganakake pilihan presiden. Durung rampung KPU anggone ngetung swara wis ana gara-gara, bom mbledhos. Sing nggawe bom iki sajake ora kepingin Indonesia tentrem, ora kepingin Indonesia gemah ripah karta raharja sing kaya dicritakake ki dhalang.

Sapa sing rekadaya gawe rerusuh, durung kaweruhan. Lan sapa sing tanggung jawab uga ora ana sing gelem ngakoni. Apa wong kaya mangkene iki nduweni tujuwan kang luhur ? Yen duwe tujuwan luhur mesthine nganggo cara-cara kang luhur uga. Ora kudu nganggo cara-cara kang ngrusak tatanan. Ora nganggo cara-cara kang gawe sengsarane wong liya. Sing genah wong kaya mangkene cetha-cetha ngrusak tatanan sing kepingin dibangun dening bangsa Indonesia lan cetha-cetha nglanggar prikamanungsan.
Negara ngendi wae ora sarujuk karo patrap sing dilakoni dening kang gawe rerusuh. Ora ana wong siji wae sadonya iki sing ora kepingin ayem tentrem. Mula tindak sing gawe rerusuh, tindak sing anarkis kudu enggal dibesmi.

Jumat, 17 Juli 2009

Tembung Kang Nduweni Teges Wilangan (3)


Watak pitu

resi : pandhita
gunung : ardi, redi
pitu : pitu
nitih : wilangan 7 , sapta
turangga : jaran, kapal
suka : seneng, menehi
weling : wekas, piwekas
wulang : wuruk, wewarah
swara : suwanten
gora : gedhe, ageng
angsa : banyak, murka
muni : 1. pandhita 2. mungel
aswa : jaran, kapal
giri : redi, gunung
gung : gedhe, ageng
himawan : redi, gunung


Watak wolu.

astha : wolu
basu : wasu, dewa cacahe 8
ula : sawer, naga.
slira : menyawak
murti : 1. badan 2. cecak
gajah : liman
tengga : matengga (Kw), liman, gajah
bunglon : bunglon, tanu (Kw)
tanu : bunglon.
sarpa : ula.
bajul : baya
baya : bajul
tekek : tekek
dipangga : gajah, liman
angesthi : melengake cipta
brahmana : brahmana.
wolu : wolu, astha.


Watak sanga

kusuma : kembang, sekar
ngganda : mambu, mambet
arum : wangi
dewa : hyang, jawata.
sanga : sanga, nawa (Kw)
dewa : hyang, bathara
mbuka : mbikak
pintu : lawang, konten
masuk : nmlebu, mlebet
kori : lawang
menga : mlompong
gatra : bebakal
wangi : arum
terus : bablas
manjing : mlebu, mlebet
muka : rai, ngarep, ngajeng
wadana : rai, pangageng
marbuk : ngambar-ambar wangi.
rum : arum, wangi
anggangsir : gawe bolongan, damel babahan
babahan : bolongan
bolong : butul, boten rapet.


Watak das .

sirna : ilang, ical.
musna : ilang, ical.
muksa : ilang, pejah.
mesat : mlesat, mumbul.
langit : awang-awang, tawang.
mumbul : muluk, manginggil.
pejah : mati, seda
tanpa : boten mawi, ora nganggo
suwarga : suwargi.
nir : ilang, ical.
brastha : rusak, risak
swuh : rusak
wuk : wurung, ora sida
suwung : boten isi, kosong
sunya : sepi, sepen.
surud : seda, kalong, kirang
sat : asat, tanpa banyu.
nis : ilang, ical
sempal : pokah, semplak.
ngles : angles, kesah
gegana : awang-awang, tawang, dirgantara, akasa.
adoh : tebih

Pengikut

Matur Nuwun ...