Jumat, 20 Februari 2015

KAPUSTAKAN JAWI (1)



Miturut pamanggihipun Prof Poerbatjaraka, basa Jawi menika kaperang dados :
1.       Basa Jawi Kina.
2.       Basa Jawi Tengahan.
3.       Basa Jawi Enggal.

Pilah-pilahipun basa  menika boten saged dipunpesthekaken taun pinten – taun pinten nanging mawi nitik lelewaning basa. Boten kados wekdal samenika, upaminipun basa Indonesia, tiyang saged nitik bilih basa Indonesia wontenipun sasampunipun  Sumpah Pemuda utawi mardikaning negari Indonesia. Nanging kados pundi cak-cakanipun ing bebrayan ? Menapa basa Indonesia wau  sampun nggadhahi paramasastra ingkang baku ? Tamtunipun dereng. Perlu mataun-taun dipunupayakaken sagedipun  nggadhahi paramasastra baku.
Tiyang ing tanah Jawi rumiyin ngangge basa Jawi, inggih menika basaning tiyang Jawi ing jaman kina. Tiyang jaman samenika mastani basa Kawi, dene geleerden bangsa Welandi mastani basa Jawi Kina. Wiwit basa Jawi kaserat sepisanan, sampun kacampuran tembung-tembung Sanskerta. Seratan sela ingkang sepuh piyambak pinanggih ing Diyeng mawi angka taun 731 Çaka utawi taun 809 Masehi. Basa Jawi Kina dipunangge ing bebrayang dangu sanget, ngantos puluhan taun ngantos maabad - abad. Ing ngriku lajeng thukul tembung-tembung enggal, tembung enggal kalawau sangsaya dangu sangsaya kathah. Dene tembung-tembung ingkang lami sawetawis sami ingkang awis-awis dipunangge dangu-dangu dipuntilar lajeng ical ing satengahing bebrayan, jalaran para tiyang-tiyang  wau sampun boten sami  mangertosi tegesing tembung.

Para ahli basa anggenipun naliti tamtu liwat buku-buku utawi serat-serat. Para punjangga anggenipun ngarang buku limrah ngangge basa ingkang dipunginakaken ing bebrayan. Sanesing menika ugi sang pujangga nyebat namaning ratu. Pramila saged dipunpesthekaken bilih saupami pujangga kalawau nyebat asmaning ratu , supaminipun ratu Hayam Wuruk mesthi karangan menika dipunkarang  ing jaman Majapahit. Makaten salajengipun. Basa menika tansah owah gingsir.
Serat-serat ingkang ngangge basa Jawi Kina ingkang sepuh ,wonten  ingkang dhapur gancaran, nanging ugi wonten ingkang adhapur sekar. Ingkang adhapur gancaran, kadosta : 

1.       Serat  Candha Karana, nyebat ratu trah Çailendra.
2.       Serat Ramayana (JK), dipunkarang jaman Dyah Balitung  + 820-832 Ç.
3.       Serat Sang Hyang Kamayanikan, gancaran, nyebat ratu Mpu Sindok + 851-869 Ç ( 929-947 M). Isinipun wulangan Agami Budha Mahayana.
4.       Agastyaparwa, jaman Prabu Dharmawangsa-teguh + 913-929 Ç ( 991-1007 M).
5.       Uttarakanda, jaman Prabu Dharmawangsa-teguh + 913-929 Ç ( 991-1007 M).
6.       Adiparwa, jaman Prabu Dharmawangsa-teguh + 913-929 Ç ( 991-1007 M).
7.       Sabhaparwa, isinipun cariyos Pandhawa main dhadhu.
8.       Wirathaparwa, mawi angka taun 918 Ç (996 M), jaman Prabu Dharmawangsa-teguh + 913-929 Ç ( 991-1007 M).
9.       Ud-yogaparwa,
10.   Bhsimaparwa,
11.   Asramawasanaparwa,
12.   Mosalaparwa, nyariosaken curesipun bangsa Wresni.
13.   Prasthanikaparwa, nyariosaken kawontenan sasampunipun perang Baratayuddha. Pandhawa minggah dhateng kaswargan,
14.   Swargarohanaparwa,
15.   Kunjarakarna.  

Dene serat Jawi Kina ingkang awujud sekar (kakawin) kadosta :
1.       Arjunawiwaha, jaman Prabu Airlangga    + 941 – 964 Ç (1019-1042 M)
2.       Kresnayana, jaman Prabu Warsajaya, Kediri sakiwa tengenipun 1026 Ç (1104 M)
3.       Sumanasantaka,
4.       Smaradahana, jaman Prabu Kameswara , Kediri, +1037-1052 Ç (1115-1130 M).
5.       Bhomakawya,
6.       Bharatayuddha, jaman Prabu Jabaya , Kadiri,  + 1057-1079 Ç (1135 – 1157 M). Mawi sengkalan : sanga-kudha-suddha-candrama = 1079 Ç ( 1157 M). Dipunkarang dening Mpu Sedhah lan Mpu Panuluh.
7.       Hariwangsa, jaman Prabu Jayabaya.
8.       Gatotkacasraya, jaman Prabu Jayakreta, Kadiri, jumeneng sakiwa tengenipun taun  + 1110 Ç  ( 1188 M) dipunkarang dening Mpu Panuluh
9.       Gatotkacasraya, karangan Mpu Panuluh,
10.   Wrettasancaya, isi piwulang bab sekar (sekar ageng), karangan Mpu Tan Akung.
11.   Lubdaka, nyariyosaken juru bebedhag saged minggah swarga, karangan Mpu Tan Akung. Jaman Prabu Girindrawangsaja (Ken Angrok, Tumapel)

wonten sambetipun.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...