Senin, 04 Mei 2020

GUMINTÉ (GEMEENTE) SOURABAJA



Wong Surabaya ngarani gemeente iku “guminté”. Kepriye sejarahe guminte Surabaya ?
Nalika taun 1903 pamarentah Walanda nglairake undhang-undhang desentralisasi (Decentralisatie Wet 1903) , Residen Surabaya banjur ngedegake guminte. Gemeente yaiku paprentahan kutha kang otonom. Otonom tegese pamarentah kutha wajib ngurusi lan ngragadi apa kang dadi kaperluwane kutha kasebut.
Gemeente Soerabaja didegake tanggal 1 April 1906. Pengarepe (kepala) Gemeente diarani  “burgemeester”. Burgemeester kang sepisanan yaiku Mr. A. Meyroos (1916-1921). Gemeente Surabaya disyahake liwat Staatsblad No. 149 taun 1906.
Ing staatsblad No. 149 taun 1906 diandharake yen Gemeente Soerabaja nduweni kuwajiban –kuwajiban:
1.      Ngrawat, ndandani, lan nggawe dalan umum, lapangan, pekarangan, taman lan tanduran , kali, sumur, plang dalan, dham, wc umum, belehan kewan lan pasar.
2.      Nyiram dalan, njupuk uwuh (sampah) lan dalan-dalan. Jalaran dalan-dalan  isih akeh sing wujud lemah mula yen ketiga kudu disiram supaya bleduge ora mabul-mabul. 
3.      Nganakake penerangan dalan.
4.       Ngurusi brandweer utawa pemadham kebakaran.
5.      Ngrumat lan nggawe makam anyar. Becik sing awujud makam Walanda (kerkhof), utawa makam wong bumi. Gemeente nduweni wewenang ngangkat lan nglereni pangurus makam sarta nggawe aturan kang ngenani makam.


Gemeenteraad.
Kanggo nglancarake lakune paprentahan pamarentah uga adeg Gemeenteraad. Gemeenteraad  iku kaya dene Dewan Perwkilan Rakyat Kota. Gampangane DPR e kutha Surabaya. Miturut Staatsblad No. 149 taun 1906 , Gemeenteraad Surabaya nduweni nggauta wong 23. Golongan Eropah 15, wong bumi 5, lan Cina (Timur Asing) 3. Sanajan cacahe wong Eropah mung sethithik nanging nduweni wakil sing paling akeh. Gemeenteraad nduweni kuwajiban ngawasi, menehi usulan lan tetimbangan marang gemeente ngenani pambangunaning kutha Surabaya. Periode awal gemeenteraad isih durung pilihan, mung dipiji saka pamarentah. Taun 1909  lagi dianakake pilihan.
Taun 1923 Gemeente Surabaya nembe nduweni gedhong Stadshuis utawa Bale Kota. Bale Kota Surabaya mapan ana ing Ketabang kaya kang bisa dideleng saiki iki. Sadurunge iku gemeente Surabaya ngantor ana ing Willemsplein (Jembatan Merah) dadi siji karo kantor karesidenan Surabaya.


Wilayah administrasi.
Struktur peprentahan sing ngisor dhewe yaiku Wijk utawa lingkungan lan desa. Wijk ditetuwani Wijkhoofd utawa Wijkmeester dene desa ditetuwani lurah. Distrik Kotta Soerabaja kedadean saka 22 wijk lan 353 desa. Wijk iki ngurusi warga Walanda lan Cina (Timur Asing) dene wong bumi diurusi dening desa (dessa-bestuur) sing dadi tanggung jawabe bupati. 



Jenenge wijk nalika samana:
A  Kebalen, B Pesapen, C Krembangan, D Boomstraat, E Bergwars Straat, F Pangong, G Pangong, H Pangong, I Kapasari, J Kampoeng Baroe, K Ampel, L Marine Etablissement, M Marine Etablissement, N Tjantian, O Tjantian, P Kalie Anjar, R Plampitan, S Krambangan, T Bandar Genteng, U Ketabang, V Groedo, W Embong Malang, X Peneleh, Y Tambaksarie, Z Boeboetan.
 Gambar 1 : Kantor Bale Kota utawa Stadhuis.
Gambar 2, 3, 4 : lambang kutha Surabaya.

Sumber:
Basundoro FIB, Urbana Historia, 20 jan 2013.

Minggu, 03 Mei 2020

AYO ADUS KALI, CAH !!!



Gambar 1: Kali Pegirian taun 1910.


Jaman cilikanku biyen, ora lanang ora wedok seneng banget yen adus kali. Ciblon, langen, gojekan karo kanca-kanca ora ana wise. Senenge ora karuan. Durung gelem mentas yen durung digawakake pecut. Dhasare banyune wis lemandha utawa manda-manda, tegese ora buthek banget nanging ya durung bening banget. Lumrahe wektune wis ngarepake ketiga. 


Gambar 2 : Kali Pegirian taun  1920


Ing Surabaya uga mangkono, ning … jaman biyen. Dudu jaman saiki. Wektu samono kali Surabaya, sing cilik apa sing gedhe banyune isih bening nyarong kinclong-kinclong. Mesthi wae yen mangsa ketiga. Yen mangsa rendheng meshi wau buthek kalaran katutan lendhut. 


Gambar 3 : Kali Pegirian taun 1920.


Gambar ing ngisor nuduhake kahanane kali kaya kang takkandhakake. Kali Pegirian. Wong-wong Surabaya sisih lor ngarani Kali Nggirikan. Kali Pegirian iki pecahane Kalimas. Wiwite pecah ana Gentengkali. Siji Kalimas kaya kang bisa dideleng saiki iki, sing kaloro kali Pegirian. Saka Gentengkali ngalor Undhaan – Jagalan – Bunguran – Dhukuh – Ampel – Pegirian – Sawahpulo – Endrasana, ngalor menyang segara.  
Gambar 4 : Kali Pegirian taun 1930.

Jaman samono kali Pegirian isih bisa dilayari. Isih bisa dilayari prau-prau cilik kang momot barang. Saiki apa isih ana sing gelem ciblon? Yen ana, takkira nyemplung wae langsung semaput, jalaran ndeleng wujude kali.


Sabtu, 02 Mei 2020

ROLAK GUBENG.


 

Gambar 1 : Prau kang ngliwati rolak Gubeng taun 1920.


Wiwit jaman kuna-makuna kali nduweni piguna kang gedhe banget. Saliyane kanggo oncoran sawah kali uga kanggo sarana angkutan barang utawa transportasi. Miturut sejarah wiwit jaman Prabhu Airlangga mbendung utawa nggawe dhawuhaning kali Brantas ing Waringin Pitu. Kali Brantas dibendung supaya banyune bisa diatur. Kali dipecah dadi telu, sing kidul ngliwati Porong, sing tengah ngliwati Terung, sing ngalor dadi kali Surabaya.
Ditulis ana ing prasasti Kamalagyan kali kang mili mangalor ndadekake para sudagar lan para nangkodha padha golek barang dagangan manghulu (mudhik) menyang Ujung Galuh. Endi sing dikarepake Ujung Galuh isih darung pati cetha. Apa Ujung Galuh Surabaya, Megaluh (Jombang) apa Watu Galuh (Jombang). Prekara iku kareben digagas para ahli sejarah.

 Gambar 2 : Rolak Jagir Wanakrama taun 2020. 

Mligi kanggo Surabaya, ing jaman Walanda kali Maas isih kanggo sarana angkutan barang kang wigati. Ing taun 1879 pamarentah Walanda mbendung kali ana ing Gubeng (Rolak Gubeng), Wanakrama (Rolak Jagir) lan Gunungsari (Rolak Gunungsari). Rolak utawa dham mau diangkah  kanggo ngoncori sawah, kanggo nanggulangi banjir sarta kanggo nyedhiyani banyu omben kanggo wong Surabaya. Mligi kanggo dham Jagir sejene kanggo ngendhaleni banjir uga kanggo pasedhiyan banyu omben (PAM).



Gambar 3 : Rolak Gunungsari taun 1930.


Banjur kepriye nasibe prau-prau kang ngemot barang sawise ana bendungan, apa ora kepalang?  Jalaran dhuwure banyu ora padha mesthi wae prau ora bisa milir utawa mudhik. Supaya prau bisa lancar banjur digawekake cara. Carane yaiku nggawe kanal ana sapinggire dham. Kanal mau ana lawange loro. Ilir karo udhik. Yen prau saka ilir utawa ngisor – lumahe banyu luwih endhek --  prau mlebu dhisik menyang kanal, lawange ngisor banjur ditutup.  Lawang sing dhuwur banjur dibukak baka sethithik nganti lumahing banyu padha karo lumahing banyu sing ana dhuwur. Sawise lumahe banyu padha, lawang dibukak kabeh. Prau bisa liwat kanthi slamet menyang dhuwur. Mangkono suwalike.


Jumat, 01 Mei 2020

ALUN-ALUN SURABAYA.



Alun-alun tegese pelemahan jembar ing sangarep tuwin  saburining kraton  (ngarep kabupaten, satengahing kutha) (WJS Poerwadarminta, kaca 7). Samono uga ing basa Jawa kuna, alun-alun tegese lapangan pesagi ing ngarepe kraton (PJ. Zoetmulder, kaca 27).
Ana ngendi dununge alun-alun Surabaya? Yen bocah-bocah saiki cetha ora ana sing ngerti. Ngertine  saiki bokmanawa mung Alun-alun Perak utawa Alun-alun Conthong . Diarani alun-alun Conthong jalaran wujude pancen kaya conthong. 

Yen panjenengan tindak saka Tunjungan ngalor , mlebu dalan Gemblongan, banjur Heerenweg (dalane para tuwan-tuwan) utawa dalan Pasar Besar. Pasar Besar, pasare wis ilang mung kari dadi jeneng dalan. Banjur mlebu  dalan Alun-alun (Aloon-aloon). Dalan Aloon-aloon iki saiki diarani dalan Pahlawan. Sacedhake dalan Aloon-aloon pancen ana alun-alune utawa lapangan.
Salore Aloon-aloon ana dalan Regentstraat saiki dalan Kebon Raja (Kebon Rojo), dalan menyang kabupaten.  Dene alun-alune dadi Tugu Pahlawan.

Monumen Tugu Pahlawan iki dibangun nalika taun 1952  lan diresmekake Presidhen Soekarno tanggal 10 Nopember 1952, kanggo mengeti labuh labete para pahlawan nalika ngukuhi kamardikan. Anane Dina Pahlawan  10 Nopember ya saka lelabuhane para pejuang bela negara.
Ing sangisore plataran Monumen Tugu Pahlawan  -- ing jero lemah sing jerone 7 meter – ana museum kanggo mengeti lelabuhane para pahlawan. Museum iki diresmekake tanggal 19 Pebruari 2000 dening Presidhen K.H. Abdurrahman Wahid.
Ing sawetane Tugu Pahlawan ana Kantor Gubenur Jawa Wetan.  Ing platarane kantor Gubernur ana pathok sing dadi titik 0 km Surabaya.

Gambar 1 : Monumen Tugu Pahlawan.
Gambar 2 : Alun-alun Conthong taun 1940.
Gambar 3 : Gambar kar Aloon-aloon lan dalan Aloon-aloon.

Pengikut

Matur Nuwun ...