1.1.
Tembung wilangan kolektif (Numeralia pokok kolektif). Tembung wilangan kolèktif yaiku tembung wilangan gumathok Num R
+ é/né, Num + an, ma +Num R . Conto :
1.1.1. Numeralia sing nduwèni panambang an
1.1.1.1.
Ewon cacahé
wong sing arep ndeleng bal-balan.
1.1.1.2.
Sing nekani rapat iku mung
sethtithik, kira-kira mung èketan waé.
1.1.1.3.
Sanajan
wong sing teka atusan, nanging ora
ndadèkaké swasana dadi kisruh.
1.1.2.
Tembung wilangané dirangkep banjur
dipanambangi é / né.
1.1.2.1.
Ora uwis-uwis anggoné nyawang prawan
“loro-loroné”mau.
1.1.2.2.
Ora uwis-uwis anggoné nyawang prawan
“leloroné”mau.
1.1.2.3.
Prekara “telu-teluné” mau wis diajokaké menyang pengadilan.
1.1.3.
Tembung wilangan diwènèhi ater-ater
“ma”. Banjur disambung karo tembung rangkep.
1.1.3.1.
Maèwu-èwu
wong sing takziah sédané Kyai Zaki.
1.1.3.2.
Siaran televisi iku dideleng wong mayuta-yuta.
1.1.3.3.
Wis mataun-taun
anggoné lara dèngkèken. Nanging ora ana tembung “ mapuluh-puluh, matus-atus,
malima-lima, maloro-loro, lsp”
1.2.
Tembung wilangan distributif : yaiku tembung wilangan kang nduwèni teges baka lan bagéyan ing
saben-saben nomina. Tembung wilangan iki biasa diwangun kanthi ngrangkep
tembung wilangané.
1.2.1. Jalaran
lawangé ciyut bocah-bocah padha mlebu siji-siji.
1.2.2. Wong sing
antri gula kaé ditimbali lima-lima.
1.2.3. Premèn iki
dumen karo kancamu saben bocah papat-papat.
1.2.4. Pegawé iki
dibenum saben saangkatan sèwu-sèwu.
1.3.
Tembung wilangan ora gumathok (Numeralia pokok taktentu), tembung wilangan kang nduwèni makna ora bisa diétung
kanthi pasthi. Kayata : kabèh, sadaya, sethithik, sakedhik, akèh, kathah, sawetara, sawetawis, sakabèhé, sadayanipun, sarupané,
sarupinipun.
1.3.1. Laré-laré sedaya kedah kempal wonten plataran
ngajeng.
1.3.2. Wonten laré
sawetawis ingkang dolan ngriki kala
wau.
1.3.3. Aku diwènèhi
lenga wangi wa Karta sethithik banget.
1.4.
Tembung wilangan klitika. Numeralia pokok klitika. Ana uga tembung wilangan kang dijupuk saka basa Sanskerta.
Tembung wilangan mau lumrahé awujud proklitik. Kayata :
1.4.1. Pancasila iku dhasaring nagara.
1.4.2. Samubarang
kang kena kegrayang dening pancadriya
mesthi bakal musna.
1.4.3. Semut iku
kalebu kéwan sadpada (sikil nenem).
1.5.
Tembung wilangan ukuran (Numeralia pokok ukuran).
Tembung wilangan ukuran iki gegandhèngan karo bobot, cacah,
dawa. Upamané :
1.5.1.
Ukuran dawa:
pecak = dawané tapak sikil saka pucuk driji jempol nganti teka
tungkak.
nyari = ambane driji.
dhepa =
dawané saka pucuké tangan kiwa lan tengen nalika didhaplangaké,
kilan = ambané pucuk jempol nganti driji enthik-enthik nalika èpèk-èpèk
digaraké,
pal = 1507 mèter,
cengkal =
3,75 mèter
kaki = saprarolas cengkal, 0,313 mèter
mèter,
kilomèter
1.5.2.
Ukuran ambané lemah.
karya = 4 bau.
bau = 7.096,5 mèter pesagi
iring = ¼ bau.
idu = saprawolon bau (1/8 bau)
kecrit =
1/2 idu.
ru = sacengkal pesagi, 14, 19 mèter 2
bata (n),
banon (k) = ru
1.5.3.
Ukuran bobot:
gram,
kilogram, kwintal, ton,lsp.
1.5.4.
Ukuran cacah:
lusin = 12
kodhi = 20
gros =144.
2.
Tembung wilangan undha usuk , Numeralia tingkat (ordinal)
yaiku tembung wilangan kang mratélakake
urutan ana ing larikan. Wujudé ka + Num. Trap-trapané
ing ukara lumrahé dikanthèni tembung sing, kang, utawa ingkang
ing basa krana. Bisa uga yèn urut-urutan mau nganggo angka, uga disebutaké
angkané. Upamané :
2.1.
kapisan, kapindho, katelu , lsp.
2.2.
kaping pisan, kaping pindho, kaping
telu, lsp.
2.3.
sepisan, kaping kalih, kaping tiga,
lsp.
Conto :
2.3.1. Adicara
ingkang angka sepisan pambuka,
adicara ingkang angka kalih pamedhar
sabda saking tetuwaning pakempalan, ingkang angka tiga sabda tama saking panjenenganipun bapak … lsp.
2.3.2. Sepisan
kula
ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sami. Kaping
kalih ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami déné panjenengan
sampun kersa rawuh ing rompok kula….lsp.
Partikel –ang / -ng
Tembung
wilangan golongan ékan yèn sumambung karo tembung golongan puluh, atus, èwu,
yuta, iji, lonjor, utawa sumambung karo tembung aran katambahan partikel ang,
-ng kajaba tembung wilangan siji lan wilangan nenem (nem) Tuladha:
Rong
puluh, telung atus, patang ewu, limang yuta, pitung leksa, wolung milyar,
sangang triliun, rong iji, telung lonjor, patang kodhi, pitung dhepa, wolung
omah, sangang godhang.
Wilangan
siji yèn sumambung karo tembung wilangan golongan utawa tembung aran trap-trapané
lumrah waé, kayata : sapuluh, satus, saèwu
> sèwu, sadina, sadhepa, salusin, saomah, sagunung.
Wilangan
nem (nenem) yèn sumambung tembung-tembung mau ora diucapaké nemang atus nanging
cukup nem atus, ora nemang yuta nanging nem yuta.
Wilangan
kang luwih saka sanga yèn sumambung karo tembung wilangan golongan utawa
tembung aran trap-trapané lumrah waé, kayata: sepuluh lonjor, limalas jodho, satus pasang, suwidak ler, lsp.
Tembung wilangan golongan:
Kanggo
nyebutaké utawa ngarani cacahing barang, ing basa Jawa lumrahé dikanthèni
golongané utawa sesipatané barang mau. Tetembungan kaya mangkono mau diarani tembung
wilangan golongan, ing basa Indonesia ana ahli kang ngarani kata bantu bilangan, tuladha:
ajar = tumrap jeruk. Adhimu wènèhana jerukmu rongajar waé, kanggo tamba péngin. Tembung “ajar” ateges
wilahané woh jeruk.
bengkak, mata = tumrap peté. Pira olèhmu tuku peté sabengkak
iki ?
bongkok = tumrap bentélan barang-barang kang
ditalèni kayata: kayu sabongkok, blarak rong bongkok. Kardiman tuku kayu bong telung
bongkok, sabongkoké rega
rongpuluh èwu rupiyah.
candhik = tumrap suruh. Golèka suruh sacandhik waé,
miliha sing temu rosé.
dhapur, ros, lonjor
= tumrap pring. Ing buri omah isih ana
pring rongdhapur sing durung
ditegor.
dhompol = tumrap woh, kembang. Woh pelem telung dhompol sing manglung ngétan kaé sènggèken.
erep = tumrap daging irisan. Wong mantu anak wadon ngibaraté nitipaké
daging saerep.
gagrag = tumrap cangkir, lumrahe sagagrag isinécangkir papat lan lambaran papat.
Simbahku isih duwé cangkir kuna telung gagrag.
iji =
wilangané barang kang mratélakaké salamba. Sudirman
melu rebutan sedhekah bumi mung olèh jeruk rongiji.
iris = tumrap iwak, daging
sapi lsp. Rampatan suguhan iku saben sapiring
diwènèhi daging telung iris.
janjang = tumrap klapa. Pak Min ngundhuh krambil telung
janjang.
jodho = kanggo rakitan lanang wadon,
kayata: pitik sajodho, manuk sajodho. Olèh-olèhku
saka désa mung pitik rong jodho.
las =
ijèning beras utawa glintiran cilik-cilik. Kowe
nembung beras marang aku, sing arep takwènèhake apa. Aku dhéwé ora duwé beras salas-lasa.
lembar = tumrap kertas, jarit, sèng, utawa
lembaran liyané. Njaluka kertas koran salembar waé!
ler = wilangané tembung
sing lembut tur dawa kayata: bolah, sada, rokok. Njupuka sada rongler kanggo
mbitingi wungkusan iki.
papah = tumrap blarak (godhong krambil). Apèka blarak telung papah kanggo nggawé képang.
pasang = rakitan tumrap sepatu, sandhal. Bapak mundhut sandhal telung pasang, sing sapasang
kanggo adhiku, sapasang kanggo
aku, lan sing sapasang kanggo
kakangku.
pengadeg = tumrap penganggo (klambi). Kanggo peningset calon pengantèn wadon diwènèhi
klambi sapengadeg.
potong = tumrap klambi, clana. Yu Gimah mborong klambi pirang-pirang potong kanggo anak-anaké.
puluk = tumrap sega. Wiwit ésuk nganti iki wetengku during klebon
sega sapuluk-puluka.
rakit = pasangan lanang wadon tumrap
kebo, sapi, lan jaran. Mbah Darma wong
sing paling sugih ing désaku, sapiné waé ana kira-kira rong puluh rakit.
rancak =
tumrap gamelan. Sekolahanku duwé gamelan telung rancak.
rémpang = tumrap jaé. Dheplokna jaé sarémpang kanggo
mboboki adhimu.
selé = tumrap suweng. Anaké ditukokaké giwang karo suweng saselé.
siyung
=
tumrap bawang. Aku sambelna bawang,
bawangé aja akèh-akèh sasiyung waé.
sunduk =
tumrap saté. Dhuwit sepuluh èwu rupiyah
mung olèh saté limang sunduk.
surup = tumrap let omah. Omahe Sarta karo omahku kira-kira leté mung limang surup.
tangkep = tumrap gedhang cacahé 2 lirang. Marni nyumbang menyang omahe Karti nggawa
gawan beras rong kilo karo gedhang setangkep.
tengkel =
tumrap kayu tugelan cendhak-cendhak. Aku
jupukna kayu rong tengkel waé!
tètès, gendul = tumrap barang cuwèr kaya banyu, lenga, lsp.
Nalika aku mulih saka paran, ing omah ora
ana banyu satètès-tètèsa.
ujung = tumrap godhong gedhang. Kethokna godhong gedhang saujung waé!
uler, lirang, tundhun
= tumrap woh gedhang. Panèné gedhang akèh,
iki mau lagi negor telung tundhun.
uyun, lonjor, ros = tumrap tebu. Dhongkèlna tebu sauyun waé.
wuli = tumrap pari. Ngedegné omah iku kudu disarati nganggo
pari, sanajan mung sawuli.
wuwung = tumrap omah. Omahne mbah Karna gedhé banget, saka ngarep nganti tekan buri ana limang wuwung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar