Basa Antya lan Antya Basa kalebu perangane basa Ngoko Andhap. Basa iki wis ora dianggo ing masyarakat jalaran rada angel, rada rumit anggone neniteni tembung sing kudu dikramakake lan tembung endi sing ora kena dikramakake. Basa iki dakaturake mung kanggo kawruh wae, ora perlu dicakake ing masyarakat. Basa Ngoko mung diperang dadi : a. Basa Ngoko Lugu b. Basa Ngoko Alus (Andhap).
Tembung ngoko andhap iki ana werna loro, yaiku; Antya basa
lan Basa Antya. Sanajan pakartining basa kasebut wis ora klebu etungan ana ing
undha usuking basa, prayogane ngreti, apa sebabe ing KBJ I tembung dilebur dadi
ngoko alus.
Panèwu lan Mantri iku duwé kalungguhan satimbang. Ing ngisor iki, äntäwacänä antarané Panèwu lan mantra, minängkä
patuladhan. Antyäbäsä [AB], bäsä antyä [BA] lan ngoko [N].
1. Panèwu [AB] ; “Sariramu apa
bisa nêrangaké têmbung ngoko andhap kang akèh kramané bédané karo ngoko andhap
kang akèh ngokoné”.
Mantri [BA]; “Gampil baé yèn wis
sumêrêp pathokané, nanging ora käyä pandangumu mau, ora kok kathah kramané
utäwä kathah ngokoné mêngkono, pancèn wis binédakaké”.
2. Panèwu [N]: “ Kêpriyé bédané
lan pathokané”
Mantri [BA] ; mêngkéné
a. Sami nganggé krama inggil
b. Sami nganggé atêr-atêr lan
panambang ngoko
c. Sami nganggé têmbung ngoko
kang ora kénging dikramakaké käyä tä: ora, mau, sasaminé, iku ora kênä
dikramakaké dadi: botên, wau. Déné têmbung ngoko kang kénging dikramakaké, käyä
tä: dhisik, duwé, sasaminé, iku kénging dadi rumiyin dangu.
Luwih gamblangé;
Antyä bäsä : Sariramu tak aturi
ngêntèni dhisik: ora suwé.
Bäsä antyä : Panjênêngamu tak
aturi ngêntosi rumiyin, ora dangu.
Mantra [ BA] ; Sarèhning änä warni
kalih, Ki Padmäsusasträ amènèhi aran: antyäbäsä lan bäsä antyä, amargä pärä
pujänggä katilapan ora nganggit prakärä iku, bokmênäwä kagalih saking
kêrèmèhên.
[N]. änä pirä bäsä ngoko kang
ora kêna dikramakaké.
[BA]. Ora patos kathah, sanès
dintên baé tak cublikaké säkä Sêrat Urapsari anggitané Ki Padmäsusasträ, sanèsé
kang kasêbut ing sêrat iku kénging dikramakaké sadäyä.
[N]. Mêngko: tä, aku duwé Layang
Urapsari nanging ora tau tak wäcä, saking ora pati dhêmên, mung anggêré tuku
dadi tak orokaké baé, mêngko tak jupuk sadhélä: gilo.
[AB]. Paringnä, lah iki äpä sing
tak aturaké, änä ing käcä sadäsä dumugi kalih wêlas.
[N]. Wacanên baé pisan.
[N]. Iyä.
[AB]. Punikä têmbung ngoko
ingkang botên kénging dipun kramakakên mênggahing bäsä antyä, kados tä: änä, êndi,
ora, arêp, aku, iki, iku, utäwä, isih, äpä, äjä, iyä, amargä, ênggon, ko, känä,
kéné, kono, karo, kapan, kêpriyé, kang, durung, dak / tak, dudu, saiki,
sapränä, sapréné, saprono, samänä, saméné, samono, sing, wis, lagi, pirä, dhèk,
jaré, mu, mau, manèh, mênäwä, mênyang / marang, mung, mêngko, mangkänä,
mêngkéné, mêngkono, baé, nganti.
Atêr-atêr: di, sartä panambang:
/é, aké, né/. liya iku sadäyä kénging dikramakaké.
[BA]. Saiki rädä padhang atiku,
dadi bäsä kang ora kênä dikramakaké iku käyä tä: iki, yèn dikramakaké dadi
punikä, iku ora kênä, awit dadi bäsä.
[BA]. Iyä mêngkono
[AB]. Ingatasé aku mênyang
sariramu mung nganggo krämä inggil baé (dhahar) ora ngramakaké têmbung ngoko
(abang) srabiné abang dhaharên, äpä ora digsurä.
[BA]. Ora, wis lêrêsé mêngkono,
déné yèn karsä ngagêm angramakaké têmbung ngoko sêsêlingan satunggal kalih,
srabiné abang dhaharên écä, saya prayogi, ngêtingalaké andhap asoré, nanging
bäsä antyä mung kêdah nganggé krama baé, srabiné abrit dhaharên écä.
[N]. Nanging satêmêné prakärä
iku ora pati pêrlu, awit ora änä wong calathu marang bangsané dhéwé Ora
dimangêrtèni.
[BA]. Aku mung nyumanggakaké
panggalihmu.
[N]. Saiki mung kari siji kang
diarani ngoko lugu, iku sing êndi.
[BA]. Gampil baé, iya têmbung:
aku, kowé, sapanunggalané kang ora kasêlan ing têmbung krämä, krämä inggil,
utäwä madyä.
[ki. Padmasusastra]
Tulisan iki diunggah saka seratane : Ki Rangga Sastrapranata.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar