Senin, 11 November 2013

TEMBUNG AYAHAN, KATA TUGAS.



Tembung ayahan (kata tugas) yaiku jinise tembung saliyane tembung aran, tembung kriya, lan tembung kahanan, sing nduweni sawijining ayahan (tugas) kang tinamtu kanggo mangun ukara, klausa lan frasa. Anane tembung ayahan ing sajroning ukara ora nduweni fungsi minangka inti frasa utama, nanging nduweni sawijining ayahan kang tinamtu, kayata minangka ancer-ancer, panyambung, panyilah, panerang , lsp.  Titikane tembung ayahan yaiku ora bisa kanggo dhasar mangun tembung liyane.

Aku tuku legen ing Tuban. Tembung ing minangka ancer-ancer kang nelakake dunung utawa panggonan.  Tembung ing ora bisa diandhahake utawa ditambahi wuwuhan upamane dadi inge, ingekake, ming, lsp. Mbak Darmi lunga menyang Surabaya. Tembung menyang minangka ancer-ancer kang nelakake ener. Tembung menyang ora bisa diandhahake dadi menyange, menyangake, dimenyangi, lsp. 

Ana uga ahli basa kang nduweni panemu liya tembung ayahan yaiku tembung sing nduweni makna gramatikal sing ora bisa digandhengi wuwuhan (afiks) lan ora nduweni makna leksikal.
Jinise tembung ayahan :
1.      Tembung ancer-ancer, kata depan, preposisi. Tuladha : ing, marang, menyang, lsp.
2.      Tembung panggandheng, kata sambung, konjungsi. Tuladha : karo, saengga, lan, lsp.
3.      Tembung panyilah, kata sandang, artikula. Tuladha: si, pun, para, sang, lsp.
4.      Tembung panguwuh, kata seru, interjeksi. Tuladha: adhuh, adhuh biyung, yungalah, lsp.
5.      Partikel panerang (penegas). Tuladha: ta, no, lsp.

Katrangan:
Makna gramatikal yaiku makna sing tansah owah laras karo konteks ukarane (pemakainya). Makna leksikal yaiku makna kaya kang kasebut ing bausastra. Tembung ayahan uga nduweni fungsi minangka kanggo ngowahi ukara  cekak (minim)  saengga dadi ukara transformasi.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...