Mulang utawa dadi guru iku
pakaryan sing paling mulya. Guru bisa minterake bocah utawa sapa wae sing durung
pinter. Ngertekne wong sing durung ngerti dadi ngerti. Nglelatih bocah sing durung
bisa nganti dadi bisa. Ora ana pegaweyan liya sing mulyane kaya pegaweyane
guru. Apik alane bangsa, maju mundure bangsa gumantung ana ing tangane guru. Yen
guru anggone mulang muruk becik tundhone nasibe bangsa uga bakal becik,
suwalike yen guru anggone mulang muruk iku ora becik, nasibe bangsa uga ora
bakal becik. Mula ing bebrayan pegaweyan guru antuk kalungguhan kang mirunggan
saka kalangane masyarakat.
Tindak-tanduke guru uga
tansah disoroti. Saupamane ana guru sing tumindak kang kurang becik wis mesthi
dirasani ngalor-ngidul, “Guru kok kaya mengkono”. Mula dadi guru ora bisa bebas
kaya wong-wong liyane.
Ala becike bocah utawa
murid dadi tanggung jawabe guru. Sopan santun utawa tata krama uga ditempuhake
marang guru. Mula yen ana wong tuwa weruh utawa mengerteni anake kurang becik
tingkah lakune , utawa sok mbantah marang wong tuwane, wong tuwa mau banjur
kandha: “apa ya kaya ngono kuwi wulang-wulangane gurumu ?”
Nanging saiki pakaryan
mulang iku saiki bisa diarani mangan ati. Tugas administrasi guru sakdhabreg.
Tugas dinan kayata nggawe jurnal, ngabsen murid, nggawe RPP, nggawe program
mingguan, program semester lan program taunan. Durung yen arep ulangan, apa iku
ulangan harian, ulangan tengah semester, utawa ulangan akhir semester. Durung
yen bubar ulangan, koreksian numpuk. Ulangan sing sepisanan durung rampung
anggone koreksi wis ana maneh ulangan candhake. Ubarampene ulangan uga kudu
digawe kayata, kisi-kisi soal, kartu soal lan lembar soal. Kartu soal, saben
sasoal nganggo kertas salembar, njur ditumpuk. Nggawe soal anyar uga nggawe
kartu soal maneh. Bareng wis sepuluh taun, gudhange kebak mung perkara kartu
soal.
Mulang ana ing
sekolahan swasta. Lumrahe sekolahan swasta – swastane bangsa dhewek- bocahe wis lungsuran saka sekolah negri. Tingkat IQ-ne wis cetha ora
padha karo sekolah negri, sing rata-rata bocahe pinter. Tingkat ekonomine wong tuwane rata-rata kagolong
tingkat menengah ke bawah. Wong tuwa tansah repot golek pangan kanggo nyukupi kabutuhan
saben dinane. Si bocah kena diarani ora oleh perhatian saka wong tuwane. Mlebu
sekolah karepmu ora mlebu sekolah karepmu, wong tuwane ora ngurusi.
Ana kedadean sing rada
lucu, ning ya agawe trenyuh. Sawijining wong tuwa murid – sawijing anggota provost
– teka menyang sekolahan, takon marang guru, “Pak, anak saya tadi masuk nggak ?”. Pak guru banjur nggoleki bocah
sing dikarepake, pranyata anake provost mau ora mlebu wiwit jam kapisan.
Provost mau banjur kandha,”Padahal tadi pagi
saya antar sampai pintu gerbang depan, pak,” kandhane. Njur diterusne,”Saya ini tugas saya mencari orang, sekarang
malah mencari anak saya sendiri.”
Kedadean ing dhuwur iku
wong tuwane isih nduweni kawigaten marang anake. Saupamane ora, terus banjur
kepriye kedadeane?
Ana ing ruang kelas uga
mangkono, yen diwulang akeh sing ora ngrungokake. Guru ngomong ngethuprus,
muride uga ngethuprus dhewe. Yen ditakoni guru, ora bisa njawab, mung
thingak-thinguk kaya kethek ditulup. Yen
ana kancane dikongkon guru menyang ngarep saperlu nggarap, kancane malah
nyuraki lan padha ngguyu. Tur guyune digawe-gawe. Mula bocah sing dikongkon mau
ora malah wedi nanging polahe sangsaya digawe-gawe, ndadekake jengkele si guru.
Saben dina anane mung nesu wae.
Wayahe ngaso, guru-guru
ngumpul ing ruang guru. Guru-guru padha guyon ing ruang guru. Ana guru sing
lagi teka, banjur ditakoni,”Saka tindak ngendi, Pak?”
Wangsulane,”Saka
mencerdaskan bangsa … bangsane thuyul, setan, gendruwo.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar