Tembung wilangan, kata bilangan utawa
numeralia yaiku tembung sing mratelakake cacahe barang utawa urutan ing
sawijining larikan.
Tembung wilangan diperang dadi :
1.
Numeralia pokok (kardinal)
Tembung
wilangan pokok yaiku tembung wilangan kang minangka jawaban kanggo pitakonan
tembung “pira”.
1.1.
Tembung wilangan gumathok
(Numeralia Pokok Tentu). Tembung wilangan pokok baku yaiku 0 (das) nganti
teka 9 (sanga). Saliyane iku ana tembung wilangan golongan (gugus) kang
minangka bagean ekan, dasan, las-lasan, likuran, puluhan , atusan, ewon, yutan,
lsp. Kayata :
Tembung wilangan golongan ekan:
1 = siji, setunggal
2 = loro, kalih
3 = telu, tiga
4 = papat, sekawan
5 = lima , gangsal
6 = enem (nenem), enem
7 = pitu, pitu.
8 = wolu, wolu
9 = sanga, sanga
10 = sepuluh, sedasa.
Tembung wilangan kang
nganggo tembung golongan puluhan, kramane dasa.
10 = sepuluh, sedasa
20 = rongpuluh, kalih dasa
30 = telungpuluh, tigang dasa.
40 = patang puluh, kawan dasa.
50 = sèket, sèket.
60 = suwidak, suwidak
70 = pitung puluh, pitung dasa.
80 = wolung puluh, wolung dasa.
90 = sangang puluh, sangang dasa.
Tembung wilangan kang
dadi golongan tembung las-lasan.
11 = sewelas, sewelas
12 = rolas, kalih welas
13 = telulas, tiga welas
14 = patbelas, kawan welas
15 = limalas, gangsal welas
16 = nembelas, nembelas.
17 = pitulas, pitulas
18 = wolulas, wolulas
19 = sangalas, sangalas.
Tembung wilangan kang
dadi golongan tembung likur.
21 = selikur, selikur
22 = rolikur, kalih likur
23 = telulikur, tiga likur.
24 = patlikur, kawan likur
25 = selawe, selangkung
26 = nemlikur, nemlikur.
27 = pitu likur, pitu likur
38 = wolu likur, wolu likur.
29 = sanga likur, sanga likur.
Tembung wilangan kang
dadi golongan atus.
100 = satus, satus.
200 = rong atus, kalih atus.
300 = telung atus, tigang atus.
900 = sangang atus, sangang atus.
Pangucape tembung
wilangan:
11 = sewelas kramane sewelas
20 = rongpuluh kramane kalih dasa.
21 = selikur kramané selikur
22 = rolikur kramané kalih likur.
30 = telung puluh kramané tigang dasa.
31 = telung puluh siji kramané tigang dasa
setunggal.
50 = sèket kramané sèket.
51 = sèket siji kramané sèket setungal
100 = satus
kramané satus.
101 = satus siji kramané satus setunggal.
141 = satus patang puluh siji kramané satus
kawan dasa setunggal
1892 = sewu wolung atus sangang puluh loro
kramané sewu wolung atus sangang dasa kalih.
Tembung wilangan ing
basa Jawa lumrahe manut apa kang ana ing Basa Indonesia. Ing basa Jawa ana tembung wilangan sing saiki wis
arang-arang dirungu.
das = 0
sepuluh =
10
satus =
100
sewu =
1.000
saleksa = 10.000
sakethi = 100.000
sayuta =
1.000.000
sawendra =
10.000.000
sabara =
100.000.000
sagulma =
1.000.000.000 = samilyar
sacamu = 10.000.000.000
sawurda =
100.000.000.000
sakirna =
1.000.000.000.000 = satrilyun.
Ana candhake ...
1 komentar:
matur nuwun sanget "informasi"nipun...
Posting Komentar