Ing wektu iki sing arep
takcritakake kepala sekolah. Ana sawijining kepala sekolah SMP takjenengi wae
pak RD. Sekolahane ora susah takcritakake, nanging sing cetha ing Surabaya. Pak
RD sawijining kepala sekolah sing nduweni visi
jauh ke depan. Dhasar isih enom, tur pinter omong, keladuking kandha “kemlinthi”.
Mula yen wayahe apel esuk ana-ana wae bahan kanggo brifing . Andaharane nglawer
ora ana enteke, nganti sing ngrungokake kesel. Sanajan mangkono ora ana sing
wani cemuwit, jalaran pak RD landhep
pene, dhemen ngancam marang andhahane. Sethithik-sethithik laporan menyang sing
luwih dhuwur. Saliyane dadi kepala sekolah pak RD uga mulang PKn ana ing kelas
sanga.
Ora maido, pancen
nalika sekolahan iki dicekel dheweke , sekolahan katon maju. Sarana lan
prasarana dijangkepi. Sekolahan bisa masang internet, saben kelas diwenehi head
projector, speaker lan kamera CCTV. Saengga, apa kiprahe guru anggone arep
mulang, ora bakal kekuranggan sarana. Ya mung wae sarana lan prasarana mau ora
kabeh bisa dianggo kanthi normal. Saupamane arep nganggo internet, isih ana
kelas-kelas sing sinyal Wifi ne ora nyandhak. Yen arep nganggo projector, kahanan
kelas ora bisa peteng jalaran kanan kirine kelas isih nganggo cendhela kaca
bening. Dadi senajana kabeh sarana lan
prasarana dijangkepi tetep wae ora bisa dianggo lan lumaku kanthi sampurna. Dene
pigunane CCTV, yen ana kelas kosong sing ora ana gurune bisa dideleng saka
ruang kepala sekolah. Sejene iku kepala sekolah bisa ngawasi polahe guru
anggone mulang. Kanggone guru, anane CCTV mau ora nambah greget anggone mulang
nanging malah nduweni panyakrabawa sing ora kepenak , jalaran guru rumangsa ora
bisa bebas anggone mulang. Anehe maneh, papan panggonan sing rawan, upamane
parkiran sepedhah, kantin siswa, lawang regol ngarep malah ora ana kamerane
sing kanggo nyorot. Saupamane ana murid tangane nggrathil nggembosi ban
sepedhahe kancane utawa ana sing wani nyolong sepedhah ora bisa diawasi.
Bab program sekolah uga
mangkono, sekolahan kudu luwih maju katimbang sekolah liyane, katittik saka
anggone menehi brifing marang andhahane para guru. “sekolah kita harus lebih
maju dibandingkan dengan sekolah lain , karena kalau tidak, kita akan tergilas
oleh sekolah lain. Oleh karena kita harus meningkatkan kemampuan kita dalam
mengajar kepada para siswa”.
Sekolah kudu melu
program kang dianakake Diknas. Ora kari sekolah kudu melu program Adiwiyata,
kamangka kahanan ing sekolahan isih kena diarani durung ana tandurane apa-apa.
Pak RD banjur prentah supaya tanduran kembang ing sakubenge sekolahan dipepaki.
Alat-alat kanggo gawe kompos ditukokake, ora mreduli pira ragade ditempuh. Malah-malah
uga nggawe gazebo sing isine kembang werna- werna kang ditandur ana ing pot.
Sekolahan uga kudu nduweni program unggulan, ing antarane yaiku
budidaya “lidah buaya”, kayata nggawe shampoo “lidah buaya”, jenang “lidah
buaya”, syrop “lodah buaya”, lan apa wae panganan kang bahan dasare saka “lidah
buaya”. Temenan bareng Diknas nganakake pameran pak KS enggal mrentahaken marang
guru sing kawogan supaya nyiapake apa-apa sing diperlokake kanggo pameran. Guru
mau kudu bisa mitontonake wiwit carane
nggawe nganti barang mau sing bisa dinikmati, kamangka tanduran “lidah buaya”
kang ditandur mau akeh sing ora gelem modot, lan akeh sing mati.
Ing babagan perangkat
guru ora kurang galake, kandhane nalika brifing marang wakasek “ Guru yang
belum mengumpulkan perangkat jangan sekali-kali diberikan insentifnya”.
Wayahe dianakake “ulangan
harian bersama” utawa UHB, saben kelas diawasi dening guru liya, sing dudu guru
mata pelajarane. Semono uga kelas sanga. Ana salah sijine kelas sanga ing wektu
iku diawasi dening pak BR (jeneng singlon). Sawise bel mlebu diunekake
bocah-bocah padha mlebu kelas. Wiwit mlebu kelas, bocah-bocah enggal nyepakake
piranti sing kanggo nggarap. Kertas ulangan, potelot, setip, ballpoint. Piranti
mau disiyapake ing dhuwur meja. Pak BR enggal ngedum kertas soal, sawise
rampung banjur lungguh ing kursi pengawas. Bocah-bocah padha nggarap ulangane
dhewe-dhewe. Bareng kira-kira wektune wis seprapat jam , pak BR ngubengi kelas.
Pak BR rada gumun jalaran isih akeh jawaban sing durung digarap babar pisan.
Nuli pak BR kandha “Enggal garapen, cah! Wiwit mau kok durung ana tulisane
blas.”
Bocah-bocah mangsuli
bareng “Sulit, pak.”
“Lho , rak wis
diwulangke ta ?
“Apa pak, hanya diberi tahu pelajari bab ini, pelajari bab itu”,
wangsulane bocah-bocah.
“Sapa gurumu PKn?”
pitakone pak BR mau.
“Pak BD”, wangsulane
bocah-bocah.
“Lha kowe salawase iki diwulang apa ?”
“Diajar nyanyi, pak”
“Lho kok nyanyi?”
Pancene ngomong karo
nglakoni beda cak-cakane, ana tetembungan sing kaprah keprungu ing masyarakat
yaiku JARKONI, BISA UJAR ORA BISA NGLAKONI.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar