Senin, 09 Desember 2013

TEMBUNG PANGGANDHENG, KATA PENGHUBUNG, KONJUNGSI (3)



B.Tembung panggandheng ing sajroning ukara (Konjungsi Intrakalimat)

Tembung panggandheng ing sajroning ukara (konjungsi intrakalimat) yaiku tembung panggandheng kang nggandheng tembung karo tembung, frasa karo frasa, utawa klausa karo klausa. Tembung panggandheng iki diperang dadi telung werna, yaiku:
1.      Tembung panggandheng koordinatif.
2.      Tembung panggandheng subordinatif.
3.      Tembung panggandheng korelatif.


Tembung panggandheng koordinatif
Tembung panggandheng koordinatif yaiku tembung panggandheng kang nggandheng tembung karo tembung , frasa karo frasa, utawa kalusa karo klausa kang kalungguhane sadrajat.

Werna-wernane tembung panggandheng koordinatif:
1.      Tembung panggandheng kang mratelakake muwuhi utawa nambah. Tuladha: lan, kaliyan, karo, sarta, kalawan, lawan
1.1.   Aku lan kowe saiki kudu sowan menyang daleme pak guru.
1.2.   Siti kaliyan Marni mlampah sesarengan.
1.3.   Mardiyanti karo adhine mlaku-mlaku ing alun-alun.
1.4.   Omah welit lan omah jogan lemah dibantu Negara.
1.5.   Wardi nyapu latar ngarep lan Warni ngiseni jedhing.
1.6.   Indonesia lagi grengseng mbrantas korupsi lan mbangun Negara.

Katrangan:
Tembung “lawan” sejene ateges mungsuh uga ateges lan. Nanging tembung lawan saiki wis ora kanggo  ing pacelathon, mung dianggo ing tembang-tembang, basa rinengga, utawa ing buku sastra. Tuladhane: rina lawan wengi, bapak lawan ibu, lsp.

2.      Tembung panggandheng kang mratelakake teges kosok balen. Tuladha: nanging.
2.1.   Kardi iku ora pinter nanging dheweke rada kemaki.
2.2.   Adi sinaune mempeng banget nanging dheweke ora gelem nyambut gawe.
2.3.   Pak Sastra samenika boten nyambut damel, nanging piyambakipun boten nate wonten griya.
2.4.   Omah iki gedhe banget nanging katon singup.

3.      Tembung pangandheng kang mratelakake teges pilihan. Tuladha: apa, menapa, utawa, utawi.
3.1.   Kowe mangkat menyang Jakarta apa mulih menyang Surabaya?
3.2.   Kowe milih sing abang apa sing ijo?
3.3.   Panjenengan kula aturi mundhut ingkang ageng menapa ngersakaken ingkang alit?
3.4.   Pilihen klambi sing abang, sing kuning, utawa sing biru, banjur gawanen mrene.

 Ana candhake ...

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...