Rabu, 01 September 2010

DENTA WYANJANA LAN PASANGAN (1)



Panulise aksara Jawa sing arep diaturake panulis ing ngisor iki adhedhasar buku “Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa “ anggitan S. Padmosoekotjo sing kababar dening PT “Citra Jaya Murti “ Surabaya.

Tata panulise aksara Jawa bakal kapacak kanthi cara sambung-sinambung. Mung wae postingan sing dhisik dhewe bakal manggon ing ngisor dhewe, dene postingan anyar manggon ana ing dhuwur dhewe. Yen panjenengan ngersakake maos Tata Tulis Aksara Jawa kanthi runtut, panjenengan klik Isinipun Blog : "13 TATA TULIS AKSARA JAWA"

Kanggo miwiti tata tulis aksara Jawa PANJENENGAN KLIK ANA KENE !

Katrangan : download an kanthi format .pdf.

Perlu dikawruhi yen tata panulise tembung Jawa nganggo aksara Jawa ing jaman biyen karo jaman saiki ana bedane, ing antarane :
1. Aksara na lan sa ing saburine wanda sing nganggo sandhangan layar kudu katulis na murda lan sa murda, nanging mung wantah bae.
2. Aksara sa sing dipasangi pasangan ja kudu ditulis nganggo sa murda, saiki ora (mung wantah bae).
3. Aksara na sing dipasangi pasangan tha lan dha kudu ditulis na murda, nanging saiki ora.
4. Tembung aran apurwa ha (a) sing kadhisikan tembung ing, purwa a (ha) kudu katulis ng. conto : ingalas saiki ing alas, ingara-ara saiki ing ara-ara.
5. Tembung nganggo seselan in katulis ngango pasangan n (na rangkep) , saiki ora. Conto : pinnanggih saiki pinanggih, tinnampanan saiki tinampanan.
6. Tembung nganggo seselan um kudu ditulis rangkep, saiki ora. Conto : dhummateng saiki dhumateng, dummugi saiki dumugi.
7. Ater-ater anuswara sing luluh karo purwaning tembung katulis a (ha), saiki ora. Conto : anyapu saiki nyapu, anulis saiki nulis.
8. Tembung punika, punapa, puniki nganggo na rangkep, saiki ora. Conto : punnapa saiki punapa, punnika saiki punika, punniki saiki puniki.

4 komentar:

Kang Sugeng mengatakan...

njih pakde... dospundi pawartosipun dhe.? sak mangke kundur pacitan nopo mboten?

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Mulih, mas. Mung isih mikir-mikir tanggale. Mengko yen ana pertemuan Warga Pacitan tak aturi. Aku mung alamate wae. Kapan njenengan kondur ?

paromo suko mengatakan...

panjenengan nyerat asmanipun pak padmasoekatja, kula lajeng kemutan rikala taksih sekolah dados kancanipun mbak tri sasanti, putra putrinipun pak padma ingkang dalemipun sawetanipun rsu purworedjo majeng ngaler..
kepareng nderek sinau malih pak.

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Buku menika kababar taun 1984. Buku-bukunipun Pak Padma samenika sampun awis-awis wonten ing toko buku. Kepareng nyuwun pirsa Pak Padma samenika menapa taksih sugeng ?

Pengikut

Matur Nuwun ...