Selasa, 07 September 2010

CARA NGRAMAKAKE TEMBUNG NGOKO

PANGRIMBAGE TEMBUNG NGOKO DADI TEMBUNG KRAMA

1. Vokal “A “ ing wanda wekasan dadi “I”

agama = agami
jaga = jagi
jawa = jawi
kuwawa = kuwawi
manawa = manawi
muga = ugi
swarga = swargi
tangga = tanggi
tuna = tuni
uga = ugi
upama = upami
utama = utami
warna = warni

Katrangan : Tembung “swarga “ dikramakake “swargi “ yen ateges “jenat”.
Tuladha : Swargi Dr Sutomo ageng sanget lelabetanipun dhateng nusa lan bangsa.

2. Vokal “U” ing wanda wekasan dadi “A” lan yen sangarepe wanda wekasan uga mawa vocal “U” , vocal iku dadi “E”

buruh = berah
butuh = betah
etung = etang
ingu = ingah
kepung = kepang

kukuh = kekah
lembut = lembat
lemu = lema
lungguh = lenggah
luput = lepat
mungsuh = mengsah
rembug = rembag
rusuh = resah
suguh = segah
surup = serap
tempuh = tempah
wutuh = wetah
wuwuh = wewah

Katrangan :Tembung “lenggah” lumrahe dianggep krama inggil, tembung “lungguh” ngoko, dene “linggih” Krama Ngoko.

3. Yen wanda wekasan mawa vocal “A” lan wanda burine mawa “U” , vocal “A” ing wanda wekasan ajeg “A” , vocal “U” ing sangarepe wanda wekasan dadi “I”.

bubrah = bibrah
budhal = bidhal
bukak = bikak
bungah = bingah
kulak = kilak
kurang =kirang
kuwat = kiyat
lumrah = limrah
mundhak = mindhak
murah = mirah
rusak = risak
susah = sisah
unggah = inggah

4. Ana tembung ngoko sing dikramakake sarana kaganti aksarane “O” sing dumunung ing wandane wekasan lan / utawa ing sangarepe wanda wekasan dadi “E”

anggo = angge
angon = angen
elor = eler
enggon = enggen
enom = enem
kongkon = kengken
kulon = kilen
obah = ebah
omah-omah = emah-emah
opah = epah
owah = ewah
somah = semah
takon = taken


5. Wanda wekasan “DA, DI, TA, TI, SA, utwa JI” dadi “OS”

aji = aos
carita = cariyos
dadi = dados
ganti = gantos
gati = gatos
jati = jatos


kadi = kados
kuwasa = kuwaos
ngati-ati = ngatos-atos
prada = praos
rasa = raos
rekasa = rekaos
supadi = supados
wadi = wados
waspada = waspaos
yekti = yektos

Pati = patos , panganggone : Seratanipun boten patos sae. Anggenipun tilem kepatos.
Pati = pejah, panganggone : toh pejah, raja pejah, pejah gesang.


6. Wanda wekasan “RU, REP, JU, YA, utawa YU” dadi “JENG”

arep = ajeng
buru = bujeng
guyu = gujeng
karep = kajeng
kayu = kajeng
laju = lajeng
maju = majeng
pambarep = pambajeng
payu = pajeng
pitaya = pitajeng
playu = plajeng
R. Ayu = R Ajeng
rahayu = rahajeng

7. Tembung ngoko sing wanda wekasan “ RA, RANG, RAM” dadi “WIS”.

antara = antawis
anyang = awis
arang = awis
karang = kawis
katara = katawis
larang = awis
mataram = matawis
prakara = prakawis
semarang = semawis
watara = watawis

8. Tembung ngoko sing nduweni wanda wekasan “WUH, BU, BUH, BUNG” diganti “BET utawa WET”

ambu = ambet
ewuh = ewed
imbu =imbet
imbuh = imbet
lumebu = lumebet
sambung = sambet

9. Sing nduweni vocal pungkasan “I, U, E” ana sing diganti “EN”

sepi = sepen
ngaku = ngaken
….. - ake = ….. aken

10. Ana sing nduweni pungkasan “AN, IN, EN, IR” diganti “OS”
batin = batos
ketan = ketos
krasan = kraos
kuwatir = kuwatos
penjalin = penjatos
prihatin = prihatos
tlaten = tlatos

11. Sing nduweni wanda wekasan “NA, RA, RE, RI, LI” ana sing diganti “TEN”

dina = dinten
kori = konten
mori = monten
nuli = nunten
rina = rinten
sagara = saganten
samana = samanten
sore = sonten

12. Sing nduweni wanda wekasan “RI, akeh sing diganti “TUN”

kari = kantun
lemari = lemantun
lestari = lestantun
mari = mantun
nagasari = nagasantun
pari = pantun

13. Sing nduweni wanda wekasan “LI” ana sing diganti “SUL”

bali = wangsul
kendhali = kendhangsul
kuwali = kuwangsul
tali = tangsul

14. Sing nduweni pungkasan “DU, DO” ana sing diganti “BEN”

adu = aben
padu = paben
paido = paiben

15. wanda wekasan “LANG” dadi “MBENG” utawa “CAL”.

kalang = kambeng
kalangan = kambengan
palang =pambeng
ilang = ical
walulang = wacucal

16. Ana tembung sing apurwa “W” utawa “B” dadi “S”.

banget = sanget
banter = santer
bareng = sareng
waras = saras

17. Ana sing dadine tembung krama sarana ditambahi “PUN”
apa = punapa
endi = pundi
ika = punika

18. Ana sing ora ana pathokane , kayata :

abang = abrit
bengawan = benawi
cedhak = celak
cendhak = celak
eling = enget
endhek =andhap
gampang = gampil
ijo = ijem
isih = taksih
jamu = jampi
jeruk = jeram
katon = katingal
kirim = kintun
maneh = malih
priyayi = priyantun
rata = radin
salin = santun
sawah = sabin
sega = sekul
sikil = suku
sungu = singat
suruh = sedhah
trasi = traos

Lan liya-liyane

1 komentar:

paromo suko mengatakan...

intermezzo:
piyantun ngajogya, asring nyebut kuthane mawi tembung ngayoja, nyebut ukara inggih dadi injih, mula banjur sok ana guyonan:
manja lenjah, yen lenjah aja lenjat-lenjut
sing karepe:
mangga lenggah, yen lenggah aja lenggat-lenggut

nuwun sewu, piyantun!

Pengikut

Matur Nuwun ...