Sabtu, 18 September 2010

PARIKAN (3)


1. Kodhoke kalung kupat,
Boyoke sing ora kuwat.

2. Purwadadi kuthane,
Sing dadi nyatane.

3. Nyang Sala payunge ilang,
Dadi randha aja sumelang.

4. Gresik Surabaya,
Kalah dhisik aja ngresula.

5. Jombang Kertasana,
Yen kebimbang ndang takokena.

6. Lurik Pantiyasa.
Dilirik ora rumangsa.

7. Bir temulawak.
Dipikir ngrusakke awak.

8. Awan-awan mlaku ngulon.
Nganti edan ora kelakon.

9. Omah gendheng tak saponane.
Abot entheng tak lakonane.

10. Mangan gethuk ra nganggo klapa.
Yen wis gathuk ngenteni apa.

11. Gedhogan omahe cempe.
Kene gedibagan kana ra piye-piye.

12. Klambi abang suweng ontang-anting.
Diajak gemang ditinggal gulung koming.

13. Theklek kecemplung kalen.
Timbang golek aluwung balen.

14. Ireng-ireng kembang telekan.
Rupane ireng dadi golekan.

15. Nyangking ember isine lonthong.
Lungguh jejer gak wani omong.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...