Kamis, 02 September 2010

JEMBATAN MERAH



keprungu ing sajroning atiku tembang lamat-lamat
“jembatan merah sungguh indah berpagar gedung megah”
tembang lawas,
tembang jaman kamardikan
tembang sing wis suwe ora nate keprungu
menyang endi paranmu?
apa wis katut iline banyu ing kali sangisormu ?
tembang sing wis suwe ora nate kocap
sapa sing arep nyingkap ?
tembang sing wis ilang saka dhadha
tembang sing wis ilang saka jiwa
apa sliramu isih ngulandara ?

jembatan merah
pancen gedhongmu isih katon endah
apa sliramu isih kelingan
nalika dadi saksi bisu
makantar-kantare semangat para pejuang
nom-noman padha mbengok sora
“merdeka !!!
lepas dari segala bentuk penjajahan belanda !!!”
nom-noman jumangkah, gagah
maju perang mung sangu granggang
sangu semangat supaya walanda enggal oncat
sangu dongane ibu
minangka teguh timbul jeroning kalbu
pranyata,
njerbabah ndhepani lemah
toh pati
getih muncrat saka dhadhaning para prajurit kang lagi sekarat
mblabar abang mlerah nelesi lumahe bumi
mbelani ibu pertiwi

saiki apa kita wis mardika ?
pancen saiki walanda wis ora ana
pancen saiki wis bisa ngatur negara
pancen saiki wis ora dikuya-kuya bangsa liya
saiki apa kita wis mardika ?
apa saiki wis bisa urip mulya ?

jembatan merah
sliramu isih katon gagah
malah tambah endah
saiki dadi saksi bisu
lambe abang mlerah krana gincu
lambe abang mlaku-mlaku ing sadhuwurmu
ngguya-ngguyu

jembatan merah
jaman wis owah gingsir
nekseni bengoke pak sopir
ing pinggir dalan golek momotan
mlipir-mlipir
grenenge
kawula alit mider-mider golek dhuwit
anak bojone njerit
tansah kecepit
sanajanta wis diirit-irit

jembatan merah
apa sliramu isih bisa
nekseni kawula
rumangsa urip mulya.



Surabaya, 2 September 2010.





.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...