Rabu, 29 September 2010

PERCAYA MARANG DHIRI PRIBADHI

Lumrahe yen wong mrangguli alangan nalika nindakake pegaweyane, adate nggoleki dununge pepalang mau : ing panggonan liya. Yen mrangguli ruwet renteng, sing ditliti utawa sing didakwa adate : wong liya. Mangka sanyatane ora sakehing alangan lan rintangan iku tekane saka njaba utawa saka wong liya. Malah kerep banget : asal mulane alangan mau saka kita dhewe, kang banjur gawe akibat nuwuhake kesalahan-kesalahan kang agawe rintangan.
Wondene kang kerep nekakake alangan kang sale saka kita (badan) dhewe mau, ora liya : rasa pangrasa kita. Yaiku rasa –pangrasa apes, perasaan sumelang, kuwatir , mamang, gojag-gajeg, cekake ora percaya marang awake dhewe.
Tumrap wong urip , lumrahe kang dianggep bebaya utawa mungsuh iku anane penyakit utawa lelara. Ana maneh saweneh kang nganggep mungsuhing wong urip iku sanyatane anane peperangan, pembrontakan, perampogan, begalan, paceklik lan liya-liyane.
Nanging sejatine mungsuh tumrap siji-sijine wong kang luwih mbebayani , ora adoh saka badan kita dhewe. Yaiku kang awujud rasa –pangrasa apes-pepes, sumelang, kuwatir, wedi, jirih lan sapanunggalane mau. Iya iki mungsuh kang ora katon, nanging kang tansah ngalang-alangi marang kekarepan utawa panggayuh kita, ngrintangi marang keleksanane pegaweyan kita, ngrintangi marang rahayu slameting urip kita.
Anane bebaya pageblug utawa lelara tekane ora temtu. Malah yen rakyat wis ngerti temenan marang ajine kuwarasan langka anane pageblug mau. Balik mungsuh kang ana sajrone badan kita mau, saben dina tansah dumunung cedhak kita. Ing ngendi papan, yen kita ora bisa merangi mungsuh mau, iya kinthil bae. Pegaweyane ora liya, tansah ngalang-alangi laku arep maju.
Kita nedya maju upamane, nenging rehne mamang utawa sumelang, satemah meneng utawa mundur. Arep mbeciki pegaweyan, nanging rehne kuwatir mengko gek tuna, gek jatuh, satemah mundur, ora sida. Arep ada-ada pegaweyan anyar utawa arep nggedhekake perusahaan kang wis ana, nanging wedi anane kongkirensi, sumelang yen ora kasil, satemah ya wurung bae, ora sida ada-ada.
Wong kang kelangan kapercayan awake dhewe, ora bakal bisa ngrampungi pegaweyan kanthi becik. Luwih-luwih maneh yen arep nindakake pegaweyan kang gedhe lan abot. Suwalike , kapercayan marang awake dhewe mau, bisa neguhake kekarepan, nyantosani tekad, ngyakinake dhiri pribadhi, satemah sarupaning pegaweyan bisa ditandangi. Bisa dirampungi kanthi asil becik. tembunge saiki : sukses.
Dhandhanggula ing ngisor iki wejangane Sri Ramawijaya marang Anoman :

Kuneng lingnya Ramadayapati,
angandika sang Ramawijaya,
heh, bebakal sira kiye,
gampang kalawan ewuh,
apan ana ingkang akardi,
yen wania ing gampang,
wedia ing kewuh,
sabarang ora tumeka,
yen antepen gampang ewuh dadi siji,
ing purwa nora nana.

Terange mangkene:
Sawise rampung ature Anoman, Sang Ramawijaya banjur ngendika, yen sanyatane Anoman iku isih bebakal, lire isih durung akeh pengalamane. Mungguh sanyatane : bab gampang angel iku, satemene gumantung ana sing nglakoni. Yen sing nglakoni mung golek gampange bae, wis mesthi ora bakal katekan sedyane. Suwalike yen mung mikir marang kangelane bae, iya ora bakal kelakon anggone ngrampungi gawe. Mula kang perlu kudu mantep. Gampang lan angel kudu diantepi dadi siji, mengko banjur percaya marang dhiri prinbadhi: ora ana rasa rumangsa wegah arep miwiti nindakake pegaweyan, ora bakal ngrasa abot maneh wusanane bisa kasil becik.
Awit wis ora nduweni rasa-rumangsa kuwatir gagal, lan ora nduweni rasa-rumangsa gumampang kang njalari sembrananing lalu. Cekake yen percaya marang dhiri pribadhi tartamtu bisa mrantasi gawe.


Disadhur saka : Pertjaja Diri Pribadi (Djimat Sedjati), Imam Supardi, 1953.


.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...