Senin, 23 Agustus 2010

BALLADA JAKA TUWA


ketebang-ketebang saka brang wetan
mencorong cahyane kaya lintang panjer sore
nggawa esem nunjem neng gisiking ati kang lagi ketaman branta
wulanjar angrerujit jejantung
katon gawang-gawang kumklebat ing awang-awang wor suh lan lintang-lintang
wis pitung ketiga, ngantu –antu tekane si randha ayu
ana ngendi tresnamu ?

angin midid kang nggawa tresnane si jaka tuwa
apa ora teka ?
apa ora mara sanja ?
mbokmenawa isih mampir warung pinggir lurung
ngombe nganti pitung jembung
kedlarung-dlarung kecanthol eseme si jodhog warung
apa ora kesandhung ?

dhek samana ....
tumenggung wiraguna
kepingin ngekep udud
tilase si rara mendut
pranacitra kedadak teka nggawa tresna
rara mendut kagiwang, wiraguna kabuncang ,
ilang
ngenam asmara lawan ganthilaning sukma

tan kocapa ....
tumenggung wiraguna duka jaja bang mawinga-winga
pranacitra kaprawasa
rara mendut bela, suduk slira.


Surabaya, 23 Agustus 2010.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...