Rabu, 08 September 2010

UNINE AKSARA JAWA (3)


UNINE AKSARA LAN SANDHANGAN SWARA

Aksara lan sandhangan swara iku tumrap ing tembung siji karo sijine, unine ora mesthi padha . Aksara ha ( a ) upamane, ana kang unine kanthi abab akeh, ana kang mawa abab manda-manda. Aksara ka ( k ) kang dadi sesigeg , unine ana sing anteb lan ana kang ampang. Aksara legena, ana kang unine jejeg, lan ana kang miring.

Kang njalari klira-kliru mangkono, jalaran wong kang nulis durung ngerti temenan marang unine aksara legena kang dumunung ing siji-sijine tembung, lan durung lebda marang unining siji-sijine sandhangan swara. Mulane perlu banget wong ngerti temenan marang unine aksara legena lan unining siji-sijine sandhangan swara.

Jangkepe katrangan ing dhuwur (sing nganggo tulisan aksara Jawa ) iki

PANJENENGAN KLIK ANA KENE !


Katrangan :

Swara jejeg yaiku swara sing durung owah saka asale :

Swara a tetep diunekake a. Tuladha : sapa, rana, kana, rasa.
Swara o tetep diunekake o Tuladha : bodho, loro, kono, jodho.
Swara u tetep diunekake u. Tuladha : buku, lugu, suku, buru.
Swara e tetep diunekake e. Tuladha : pepe, rene, kene, cere.

Swara miring yaiku swara sing owah saka asale .

Swara a owah dadi ā Tuladha : pāpān, pāngān, jārān, kāwāt.
Swara o owah dadi a. Tuladha : popok, bosok, bolong, gosong.
Swara u owah dadi o. Tuladha : sarung, karung, semut, bathuk.
Swara e owah dadi ѐ . Tuladha : bѐbѐk, pѐsѐk, lѐrѐn, mѐpѐt.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...