Senin, 20 September 2010

KIDUNG MANTRAWEDHA

DHANDHANGGULA.
1.
Ana kidung rumeksa ing wengi,
teguh ayu luputa ing lara,
luput ing bilahi kabeh,
jim setan datan purun,
paneluhan tan ana wani,
miwah panggawe ala,
gunaning wong luput,
geni atemahan tirta,
maling adoh tan wani perak ing mami,
tuju guna pan sirna.

2.
Sakehing lara pan samya bali,
sakeh ama pan samya miruda,
welas asih pandulune,
sakehing braja luput,
kadi kapuk tiba ing wesi,
sakehing wisa tawa,
sato galak tutut,
kayu aeng lemah sangar,
songing landhak guwane wong lemah miring,
myang pakiponing merak.

3.
Pagupakaning warak sakalir,
nadyan arga myang segara asat,
temahan rahayu mangke,
dadya sarira ayu,
ingideran pra widadari,
rineksa malaekat,
lan sagung pra rasul,
pinayungan ing Hyang Suksma,
ati Adam utekku bagendha Esis,
pangucap nabi Musa.

4.
Pan napasku Nabi Ngisa linuwih,
nabi Yakub pamiarsaningwang,
Dawud suwaraku mangke,
nabi Brahim nyawaku,
nabi Sleman kasekten mami,
nabi Yusup rupengwang,
Edris ing rambutku,
bagindha Ngali kulit wang,
Abubakar getih daging Ngumar singgih,
balung bagendha Ngusman.

5.
Sungsumipun Patimah linuwih,
Siti Aminah bayuning angga,
Ayub ing ususku mangke,
nabi Nuh ing jejantung,
nabi Yunus ing otot mami,
netraku ya Muhammad,
pamuluku rasul,
pinayungan Adam Kawa,
sampun pepak sakathahe para nabi,
dadya sarira tunggal.

6.
Ana wiji sawiji dadi,
ingkang pencar salumahing jagad,
kasamadan dening date,
kang maca kang angrungu,
kang anurat kang animpeni,
dadya ayuning jasad,
kinarya sesembur,
lamun winaca ing toya,
kinarya dus prawan tuwa aglis laki,
wong edan nuli waras.

7.
Lamun ana wong kadendha kaki,
wong kabanda wong kakehan utang,
becik wacanen den age,
ing wanci tengah dalu,
ping sawelas wacanen singgih,
luwar ingkang kabanda,
kang kadendha wurung,
enggal nuli sinauran,
mring hyang suksma kang utang punika singgih,
kang agring nuli waras.

8.
Lamun arsa tulus nandur pari,
puwasaa sawengi sadina,
iderana galengane,
wacanen kidung iku,
sakeh ama tan ana wani,
lamun sira arsa prang,
watek ken ing sekul,
angsala tigang pulukan,
mungsuhira rep-sirep tan ana wani,
dadya unggul prangira.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...