Rabu, 23 Oktober 2013

TEMBUNG SESULIH, KATA GANTI, PRONOMINA (4)



1.      Tembung sesulih panggandheng (kata ganti penghubung, pronomina relativa) yaiku tembung sesulih kang kanggo nggandhengake babone ukara karo anaking ukara. Conto: sing,
1.      Paklikku sing nganggo klambi biru kae, sekolah ana ing Amerika.
2.      Wong loro sing mlaku mrene kae wis lulus S2.
3.      Wong sing mangkul pethi kae, nggawakke barange ibu.
4.      Sapa sing sinaune mempeng bakal keturutan karepe.
5.      Sing sapa temen bakal tinemu.
6.      Priyantun ingkang ngagem jas menika dhirektur pabrik waja.
7.      Barang-barang ingkang boten pajeng dipunsade, dipunwangsulaken dhateng pabrik.
8.      Kawula ingkang bekti dhumateng Pangeran, bakal dipunuji dening Gusti.
9.      Rasukan ingkang sampun boten cekap dipunsukakaken korban bencana alam.
10.  Tiyang ingkang tatunipun boten awrat sampun dipunparengaken wangsul.
2.      Tembung sesulih sadhengah (kata ganti sembarang, pronomina indefinitif): sing sapa wonge, sapa wae, apa-apa, apa wae,  pira-pira, pira wae, samubarang, sawijining, satunggaling,
1.      Cathetana sapa-sapa sing arep kokundang.
2.      Sing sapa wonge bisa ngusadani Sang Putri bakal didadekake jatukramane.
3.      Panjenenganipun boten ngersakaken menapa-menapa.
4.      Yen barange kaya ngene pira-pira aku gelem nampa.
5.      Yen barange kaya ngene pira wae aku gelem nampa.
6.      Kula aturi nyatheti sinten-sinten ingkang badhe panjenengan aturi.
7.      Sinten tiyang ingkang ngusadani Sang Putri bakal dipundadosaken jatukramanipun.
8.      Menawi barangipun kados makaten pinten-pinten kula purun nampi.
9.      Samubarang kang kumelip ing alam donya mesthi diudaneni dening Kang Maha Kuwasa.
10.  Sawijining dina ana wong pepriman teka ing omah gedhong iku.
11.  Any Asmara iku sawijining pengarang sastra Jawa kang kondhang.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...