Selasa, 22 Oktober 2013

TEMBUNG SESULIH, KATA GANTI, PRONOMINA (3)



1.      Tembung sesulih panuduh (kata ganti penunjuk, pronomina demonstratif). Tembung sesulih iki kanggo nuduhake barang utawa kang dianggep barang dideleng saka mapane purusa kapisan, cedhak, rada adoh, adoh.: iki, kuwi, kae, ika, iku, menika.
o    Tembung sesulih panuduh pokok (pronomina demonstratif substantif). Conto: iki ,iku, ika, kuwi, kae.
1.      Buku iki, buku iku, lan buku ika sing ngarang padha yaiku Mas Sastra.
2.      Sing kledher-kledher kae gendera kraton Majapait.
3.      Coba bukaken bungkusan kuwi.
4.      Buku menika ingkang kula padosi.
Katrangan:
Ing basa Krama tembung sesulih panuduh “menika” saliyane nuduhake papan cedhak, uga kanggo nuduhake rada adoh lan adoh.
o    Tembung sesulih panuduh papan (pronomina demonstratif lokatif). Conto: kene, kono, kana, ngriki, ngriku, ngrika.
1.      Ing desa kene ora ana wong nggawe gendheng.
2.      Kowe lungguha kursi kono.
3.      Ing Amerika kana akeh wong sing duwe montor.
4.      Ing dhusun ngriki boten wonten tiyang ingkang kaliren.
5.      Ing celaking buk ngriku dipunpanggihaken reca.
6.      Jakarta dados punjering paprentahan negari. Wonten ngrika kathah gedhong-gedhong ageng.
o    Tembung sesulih panuduh katrangan (pronomina demonstratif deskriptif). Conto: ngene, mangkene, ngono, mengkono, makaten.
1.      Yen asile garapanmu kaya ngene ya ora bakal payu didol.
2.      Menawi asilipun garapan panjenengan kados makaten inggih badhe boten pajeng dipunsade.
3.      Omongan sing kaya ngono kuwi sing nglarakake ati.
4.      Pangandikan ingkang kados makaten menika nyakitaken manah.
5.      Katrangane mangkene, ora ana wong sugih sing ora krana nyambut gawe.
6.      Katranganipun makaten, boten wonten tiyang sugih ingkang boten krana nyambut damel.
o    Tembung sesulih panuduh wektu (pronomina demonstratif temporal). Conto: saiki, mengko, samenika, mangke, samangke.
1.      Saiki aku takmulih dhisik, mengko kowe menyanga omahku.
2.      Kowe mrenea saiki.
3.      Saiki iki wis ora ana wong golek ngelmu neng pucaking gunung.
4.      Samenika kula wangsul rumiyin, mangke sampeyan kula kengken dhateng griya kula.(Krama Lugu)
5.      Samenika kula wangsul rumiyin, mangke panjenengan kula aturi tindak dhateng griya kula.(Krama Alus).
6.      Ing jaman samangke sadaya kabar saged pinanggih wonten internet.
o    Tembung sesulih panuduh ukuran (pronomina demonstratif dimensional). Conto: semene, semono, semana, samanten*).
1.      Kowe tuku lombok samene akehe iki arep kokanggo apa.
2.      Aku ketemu bocah kuwi nalika isih nalika dheweke isih cilik, saiki kok wis semono gedhene.
3.      Mardi tuku bata samana akehe iku apa dheweke arep nggawe pabrik?
4.      Kula menika gumun, panjenengan mundhut wiji terong samanten kathahipun menika badhe kagem menapa?
*) Tembung “samanten” kanggo ngramakake tembung samene, samono, samana.

 Ana candhake...

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...