Senin, 07 Oktober 2013

TEMBUNG KAHANAN, KATA SIFAT, ADJEKTIVA



Ing basa Indonesia ana sawetara katrangan miturut panemune para  ahli basa mangkene :
1.      ad.jek.ti.va Ling 1 n kata yang menerangkan nomina (kata benda) dan secara umum dapat bergabung dng kata lebih dan sangat

2.      Secara tradisional, adjektiva dikenal sebagai kata yang mengungkapkan kualitas atau keadaan suatu benda.
  
3.      Adjektiva atau kata sifat adalah kelas kata yang mengubah nomina atau pronomina, biasanya dengan menjelaskannya atau membuatnya menjadi lebih spesifik. Adjektiva dapat menerangkan kuantitas, kecukupan, urutan, kualitas, maupun penekanan suatu kata. Contoh adjektiva antara lain adalah keras, jauh, dan kaya.

Tembung kahanan (adjektiva) yaiku tembung kang nerangake kanthi luwih cetha  utawa luwih tlesih tembung aran (nomina)  kang ana ing sajroning ukara. Tembung kahanan kang mangkono iku nduweni fungsi atributif.
Tuladhane :
1.      Buku abang iku digawa adhiku.
2.      Meja cilik kae dituku mbah Sastra., lsp.
Saliyane iku, tembung kahanan  nduweni fungsi wasesa utawa katrangane ukara, sing nuduhake kahanan. Tuladhane :
1.      Simbah lagi lara.
2.      Kahanane Negara Indonesia aman.
3.      Sawise panen jagung manis, Suyadi nandur mbako.
4.      Saiki ora ana wong tani nandur pari kang dawa umure.
Tembung kahanan uga nduweni titikan bisa nandhingake  drajat kualitas kahanan tembung aran  kang diterangake. Undha usuking kahanan mau ditengeri nganggo tembung nemen, banget, rada. Tuladhane:
1.      Sikilku rada lara.
2.      Mbah Karta lara nemen.
3.      Lungane yu Karti suwe banget.

A.     TEMBUNG KAHANAN MITURUT WUJUDE.
Miturut wujude tembung kahanan ana :
1.      Tembung kahanan lingga.
Tembung kahanan lingga tembung kahanan kang durung oleh wuwuhan, tembung rangkep, utawa dicambor. Tuladha :

abang, adhem, adoh, agal, ala, alus, aman, angker, anyar,apik, asor,atos,awet,becik, bingung, bodho, bregas, cedhak, cetha, cethek, cilik, cingkrang, dhekok, dhoyong,dhuwur, eling, empuk, endah, endhek, enom, gangsar, garing, gedhe, getas, jejeg, jero, jirih, kaku,kasar, kasep, kendel, kisruh,kuciwa, kuna, kuning, kuwat, lali,lara, larang,lawas,lembut, luhur, lumer, lumrah, luntur, mingsra, mlarat, murah, panas, pinter,rame ,rata, remuk,ringkih, racak,rosa, rusak, sedhela, sepi, sugih,  suwe, teles, tuwa, waras, wigati,wingit, wutuh,

tebih, celak, sae, awon, abrit, jene, inggil, andhap, lembat, sakit, ageng, alit, radin, dangu, sekedhap, dhangan, gerah, lebet,
2.      Tembung kahanan andhahan..
a.       Diwuwuhi:
kecingkrangan, kagedhen, keciliken, kelemon,kapiken,

b.      Diwuwuhi seselan er.
krelip,kranthil, krelop, krelap

c.       Diwuwuhi seselan um :
gumebyar, sumorot, kumeclap, kumrincing, gumuruh, dumeling, gumlethak, gumlundhung, gumludhug, kumrecek,

d.      Dirangkep:
bosah-baseh, montang-manting, morak-marik, ogal-agil,rojah-rajeh, rowak-rawek, wira-wiri,

e.       Dicambor, tuladha:
                                            i.      Dicambor nganggo tembung kang nduweni surasa mbangetake :
abang mbranang, adoh nglangut, babak belur, babak bundhas, biru kecu, bunder kepleng, cedhak nyangklek, dawa nglawer, gagah prakosa, ijo royo-royo, ireng njanges, ireng thuntheng, putih memplak,

                                          ii.      Dicambor nganggo tembung kang nduweni surasa kosok balen, tembung iki kalebu uga diarani sanepa:
abot kapuk, anteng kitiran, arang kranjang, arum jamban, atos gedebog, bening leri,  benjo tampah, dhuwur kencur, jero tapak meri, kumepyur pulut, kuru semangka, lonjong botor, pait juruh, renggang gula, resik peceren, sepet madu,wuled godhong lumbu,

B.     TEMBUNG KAHANAN (ADJEKTIVA) MITURUT PIGUNANE (FUNGSINE).
Miturut fungsi (piguna) tembung ing sajroning ukara tembung kahanan bisa diperang dadi :

1.      Adjektiva atributif (tembung kahanan minangka katrangan) yaiku tembung kang kanggo nyethakake utawa nerangake tembung aran ing ukara ukara wasesa tanpa kriya (kalimat nominal) utawa frasa nomina kang tembung aran mau minangka jejer, lesan,  utawa jangkepan. Tetembungan mau  bisa diseseli tembung sing utawa kang.
a.      Murid-murid sing pinter melu tandhing matematika.
b.      Bocah sing cilik-cilik baris ana buri.
c.       Mebel Jepara digoleki wong sing sugih dhuwit.
d.      Negara mbantu warga sing isih mlarat.
e.       Tindak ala ora disenengi liyan.
f.        Panggawe becik diremeni dening Gusti.
g.      Wong mancanegara mbutuhake barang-barang sing apik saka Indonesia.
h.      Omah sing dhoyong kae dirubuhake wong akeh.
i.        Wong kang gedhe dhuwur iku bapakku.
j.        Tandure ijo royo-royo agawe resepe ati.
k.       Tandur kang ijo royo-royo iku saiki ilang jalaran kaserang ama.

2.      Adjektiva predikatif (tembung kahanan minangka wasesa) yaiku tembung kahanan  kang lungguhing tembung ing ukara kasebut dadi wasesa. Tembung kahanan kasebut lumrahe bisa diwuwuhi nganggo tembung  banget, nemen,  lan  rada.
a.      Daleme pak bupati apik banget.
b.      Klambine mbah Surip rada cingkrang.
c.       Raseksa kang njaga kraton iku galak.
d.      Soal matematika iku gampang banget.
e.       Mbah Guna lara nemen.
f.        Kahanane omah iku wis rusak nemen.
g.      Gunung Semeru luwih dhuwur katimbang gunung Merapi.
h.      Awake adhine luwih gedhe tinimbang kakange.
i.        Gunemane pait juruh, mula akeh wong sing kapilut.
j.        Eseme kenya iku pait madu  agawe brangtaning pra priya kang samya mulat.

C.     TEMBUNG KAHANAN MITURUT MAKNANING TEMBUNG ING SAJRONING UKARA (SEMANTIS).

  1. Tembung kahanan kang mratelakake undha usuk, drajat utawa mutu (Adjektiva bertaraf ) .
    1. Tembung kahanan kang nggambarake  kahanan utawa watak (Adjektiva pemeri sifat) yaiku kang nggambarake kang awujud kasat mata (fisik) utawa ora kasat mata. Conto: aman, resik
    2. Tembung kahanan kang mratelakakake undha usuking ukuran (Adjektiva). Conto:  abot, entheng, dawa,  cendhak , lsp.
    3. Tembung kahanan kang mratelakake werna .  Conto: abang, kuning, ijo royo-royo, klawu, abang nom, lsp.
    4. Tembung kahanan kang mratelakake wektu (Adjektiva waktu). Conto: suwe, sedhela, dangu, lsp.
    5. Tembung kahanan kang mratelakake let utawa  antara papan siji lan liyane  (Adjektiva jarak). Conto: adoh, cedhak, caket, nglangut,  lsp.
    6. Tembung aran kang mratelakake swasanane ati (Adjektiva sikap batin).  Conto: mongkog, mulya, sedhih, isin,  lsp.
    7. Tembung kahanan kang mratelakake kahanan kang bisa digrayang dening pancadriya (Adjektiva cerapan).  Conto:  kemrelip, rame, gumeder, geger, arus, legi, pait,  teles, kecut, lsp.
  2. Tembung kahanan tanpa undha-usuk (Adjektiva tak bertaraf) yaiku mapakake tembung kahanan kang diwatesi mratelakake bageyan  sawijining golongan . Tembung kahanan ing ukara kasebut ora bisa mratelakake undha-usuk.   Conto: langgeng,  bunder, lonjong, gaib, ganjil, rangkep, bengkong, lsp..

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...