Sabtu, 12 Oktober 2013

TEMBUNG KATRANGAN, KATA KETERANGAN, ADVERBIA.



Definisi tembung katrangan (kata keterangan, adverbia) ing basa Indonesia yaiku :

1.  Adverbia adalah kata yg memberikan keterangan pada verba, adjektiva, nomina predikatif, atau kalimat, msl sangat, lebih, tidak
Adverbia atau kata keterangan (Bahasa Latin: ad, "untuk" dan verbum, "kata") adalah kelas kata yang memberikan keterangan kepada kata lain, seperti verba (kata kerja) dan adjektiva (kata sifat), yang bukan nomina (kata benda). Contoh adverbia misalnya sangat, amat, tidak.
Basa Jawane :
Tembung katrangan (Adverbia atau kata keterangan) (Bahasa Latin: ad, "untuk" dan verbum, "kata") yaiku jinis  tembung kang menehi katrangan marang tembung liya, kaya tembung kriya (kata kerja, verbum) lan tembung kahanan (kata sifat, adjektiva), tembung katrangan liyane,  sing dudu tembung aran (kata benda, nomina) . Tuladha tembung katrangan : banget, ora, nemen.

Tembung katrangan ing basa Jawa bisa digolongake miturut:
A.                TEMBUNG KATRANGAN MITURUT WUJUDE.
  1. Tembung katrangan tunggal.
Tembung katrangan bisa dibedakake dadi telung golongan yaiku: sing arupa tembung lingga, sing arupa tembung andhahan, lan sing arupa tembung rangkep.
    1. Tembung katrangan sing arupa tembung lingga.
arang, arep,asring, banget, banjur, bisa, biyen, bokmanawa, bubar, cetha, cukup, dhedhet, dhek, dhisik, dungkap, durung, embuh, gampang, gelis, genah, iba, isih, jegreg, katut, kemput, kerep, keri, kudu, kuna, kurang, lagi, langka, luwih, malah, mau, meh, melu, mempeng, mendah, mengko, mesisan, mesthi, minangka, mligi, muga, mumpung, mung, nate, ndadak, nuli, padha, pancen, pet, rada, saiki, sarwa, sesuk, tansah, temen, thok, tuna, tuwuk, uga, ugi, wae, wareg, wingi, wis,

    1. Tembung katrangan sing arupa tembung andhahan.
anakalane, anggone, katone, kebacut, kebeneran, kepingin, lumrahe, nedya, ngepasi, njegreg, saanane, sabenere,sacukupe, sadurunge, sakabehe, sakuwasane, salumrahe, samana, samangsa, samesthine, sanalika, sangsaya, sapantese, saperlune, satemene, sateruse, sawise, sejatine, sepisan, suwalike, wusanane,
    1. Tembung katrangan sing arupa tembung rangkep
enggal-enggal, kadhang- kadhang, kala-kala, kira-kira, kuna-makuna, muga-muga, muluk-muluk, pisan-pisan, saya-saya,
    1. Tembung katrangan sing arupa tembung camboran.
sipat kuping, gulung koming, tuna dungkap, suk emben, dhek biyen, biyen mula, dhek wingi, kadhang kala,

  1. Tembung katrangan gabungan
Tembung katrangan gabungan dumadi saka tembung katrangan cacah loro sing arupa tembung lingga. Tembung lingga loro kasebut arupa tembung katrangan gabungan ana sing urutan, lan ana sing ora urut.
      1. Tembung katrangan gabungan sing urut.
·         Sandi meh wae ketabrak pit montor.
·         Pardi iku ora bodho mung wae ora gelem sinau.
·         Bocah autis iku during mesthi yen bodho.
      1. Tembung katrangan gabungan sing ora urut.
        • Ora mung dheweke wae sing bisa nglumpati kalen iki.
        • Awake dhewe iki mung manut wae apa sing kok kandhakake.
        • Walanda rumangsa ora kaiket maneh dening Perjanjian Renville.

B . TEMBUNG KATRANGAN MITURUT PAPANE ING UKARA (PERILAKU SINTAKSIS)
    1. Panggonane ndhisiki tembung kang diterangake .
      • Jam sewelas bapak durung kondur.
      • Pak guru lagi maos buku.
      • Soal matematika luwih angel katimbang soal IPS.
    2. Ngiringi tembung sing diterangake.
      • Lakune mandheg jegreg bareng weruh ula malang dalan.
      • Lakune arak-arakan rendhet banget.
      • Lampune mati pet, swasana peteng dhedhet.
    3. Ndhisiki utawa ngiringi tembung diterangake.
      • Anggone ngangsu ngelmu durung suwe.
      • Adhiku nate melu tes CPNS.
      • Pethi  iki aku ora becik kanggo nyimpen wayang.
    4. Ndhisiki lan ngiringi tembung sing dipratelakake.
      • Ora mung dheweke wae sing bisa nglumpati kalen iki.
      • Awake dhewe iki mung manut wae apa sing kok kandhakake.
      • Walanda rumangsa ora kaiket maneh dening Perjanjian Renville.
C.TEMBUNG KATRANGAN MITURUT MAKNANING TEMBUNG ING UKARA (PERILAKU SEMANTIS)
1.      Tembung katrangan drajat (adverbial kualitatif).
Tembung katrangan drajat (adverbia kualitatif) yaiku tembung katrangan kang nggambarake makna sing gegandhengan karo undha usuk, drajat, utawa mutu. Sing kalebu tembung katrangan iki antara liya: paling, banget, luwih, lan kurang.
1.      Amini paling pinter ing kelasku.
2.      Menara ing alun-alun iku dhuwur banget.
3.      Anggonmu nggawe andha kurang dhuwur

  1. Tembung katrangan cacah (adverbia kuantitatif).
Tembung katrangan cacah (adverbial kuantitatif) yaiku tembung katrangan kang nuduhake cacah. Kang kalebu golongan iki yaiku : akeh, kathah,  sethithik, sithik, sekedhik, kira-kira, kinten-kinten, cukup, cekap.
    1. Wangsulanmu akeh klerune.
    2. Tulisanmu sethithik ana sing ora bisa dipercaya.
    3. Wong akeh iki apa kira-kira percaya marang kowe?

  1. Tembung katrangan watesan (adverbia limitatif).
Tembung katrangan watesan (adverbia limitatif) yaiku tembung katrangan kang nuduhake wates. Kang kalebu ing golongan iki yaiku: mung, wae, sakadare.
    1. Aku mung nganggo kaos nalika menyang segara.
    2. Sadina wingi aku mung turu wae.
    3. Anggomu menehi aja akeh-akeh, wenehana sakadare wae.

4.      Tembung katrangan mratelakake arang-kerepe kedadean (adverbia frekuentatif).
Tembung katrangan mratelakake arang-kerepe kedadean (adverbial frekuentatif) yaiku tembung katrangan kang nggambarake kerep lan orane prastawa kang diterangake tembung katrangan kasebut. Tembung kang kagolong tembung katrangan iki : tansah, asring, arang, arang-arang, kadhang-kadhang, kadhang kala, kala-kala, saben, kala mangsa, arang kadhing, sok-sok.
1.      Saben mulih saka sekolahan, dheweke tansah mampir ing omahe Narti.
2.      Bakul sate iku kala-kala liwat ana kene.
3.      Montore kadhang-kadhang disilih tanggane.

5.      Tembung katrangan mratelakake wayah (adverbia kewaktuan).
Tembung katrangan mratelakake wajah (adverbia kewaktuan) yaiku tembung katrangan kang nggambarake makna kang gegandhengan karo wektu kedadeane prastawa sing diterangake dening tembung katrangan iku. Tembung katrangan kang kalebu golongan iki yaiku: lagi wae, enggal-enggal,
1.      Aku lagi wae lungguh ana kursi iki.
2.      Bareng krungu swara bom, aku enggal-enggal mlayu.

6.      Tembung katrangan laku (adverbia kecaraan).
Tembung katrangan laku yaiku tembung katrangan kang nggambarake makna sing gegandhengan karo kepriye prastawa sing diterangake dening tembung katrangan iku kedadean. Tembung katrangan kang kalebu golongan iki yaiku: meneng-meneng, alon-alon, kanthi premati, grusa-grusu,
1.      Pak Sastra meneng-meneng munggah kaji.
2.      Jalaran ora cocog karo atine anggone nggarap grusa-grusu.
3.      Jalaran wektune isih longgar anggone nandangi alon-alon.

7.      Tembung katrangan kosok balen (adverbia kontrastif).
Tembung katrangan kosok balen yaiku tembung katrangan kang nggambarake maknane tembung utawa bab kang kosok balen karo kang dipratelakake sadurunge. Kang kalebu ing golongan iki yaiku : malahan, malah, suwalike,
1.      Dheweke ora nulung nanging malah menthung.
2.      Kowe kuwi dikongkon ngalor kok malah ngidul.
3.      Adhine sregep sinau, suwalike kakange nyemok buku wae ora gelem.

8.      Tembung katrangan pamesthi (adverbia keniscayaan)
Tembung katrangan pamesthi (adverbial keniscayaan) yaiku tembung katrangan kang nggambarake maknane gegandhengan karo mesthekake kedadeane prastawa sing diterangake tembung katrangan kasebut. Kang kalebu golongane tembung katrangan iki: mesthi, cetha, genah.
1.      Mengko sore aku mesthi menyang omahmu.
2.      Mardi wis cetha sing nggawa sepedhahku.
3.      Pak Marta wis genah ora bisa rawuh rapat.

ADVERBIA KONJUNGTIF
Tembung katrangan minangka panggandheng (adverbia konjungtif) yaiku tembung katrangan kang nggandhengake  klausa utawa ukara karo klausa utawa ukara liyane. Tuladha tembung katrangan minangka panggandheng yaiku :
1.      sanajana mangkono, sanajan, ewasamono.
a.      Pegaweyan kang durung tutug, pegaweyan iku  durung bisa dipek asile, arepa kekurangane  iku mung sethithik. Sanajana mangkono tetep diarani durung rampung.
b.      Kita saiki wis ndarbeni sarat-sarat kasebut kang diwedharake ing buku iki. Sanajan ora sampurna nanging tumrape kang temen-temen nedya mbeciki nasibe dhewe, istingarah wis nyukupi.
c.       Ing ngarepe wis dakandarake panemune para ahli saka kedhokteran. Ewasamono ora kok mung para dhokter kang nduwe panemu kang mangkono mau.
2.      banjur, sawise iku, sateruse,
a.      Kang Marna njupuk pacul ing buri omah, banjur mlaku liwat iringan omah tumuju menyang sawah.
b.      Simbah mususi beras ana sumur, banjur digawa menyang pawon arep ngaru beras mau. Sawise iku nggodhog banyu kanggo nggawe  wedang.
c.       Kayu gedhe iku ditegor, digraji, banjur ditumpuk ing kulon pager. Sateruse  digawa menyang kutha arep didol.
3.      saliyane iku,
a.      Pegaweyane Pak Marta akeh, ngolah sawah, adol kayu, nggawe mebel. Saliyane iku yen ana pesenan nggawe bata uga digawekake.
4.      suwalike,
a.      Bangsa ngendi wae kang wus mardika, ora ana kang mbuwang tata kramane dhewe-dhewe. Suwalike padha ngupakara murih bisane laras karo kahananing jaman.
b.      Kita kudu biasa nindakake pegaweyan ing wektune kang tepat, aja nganti lungse utawa kasep, suwalike iya aja nganti kuwalahen lan kesusu-susu.
5.      satemene,
a.      Satemene sing nggawe jaranan iku dudu pak Dira, nanging pak Sastra.
b.      Sing ngarang lagu iku dudu Martinah. Satemene sing ngarang lagu iku Sujinah.
6.      malah,
a.      Sakehing rekadayane gagal, bapake ditahan ing kunjara, malah nom-noman mau nate nemahi kasangsaran nganti kaliren.
b.      Sekolahanku ora mung entuk juwara harapan wae, dhek wingi malah entuk juwara nomer siji.
7.      nanging,
a.       Saben bangsa nduwe tata-cara dhewe, nduwe tata-krama dhewe. Nanging umume ing kalangane bangsa kang wis maju padha bias nglarasake dhiri.
b.      Yen mapanake lenggah ing pasamuan, bioskup, wayang wong, lsp kaun wanita diacarani lan diprenahake dhisik. Nanging yen arep antri karcis kang wonge suk-sukan , kaum priya kang maju ana ngarep.
8.      kajaba iku, kajaba
a.      Kajaba apa kang wis kasebutake, kaum wanita iku kudu oleh pakurmatan kang mirunggan.
b.      Bocah-bocah didhawuhi melu kabeh, kajaba sing lara.
c.       Bocah bisa mlebu PNS  sawise cukup umure. Kajaba iku kudu oleh palilahe wong tuwane.
9.      mula saka iku,
a.      Restoran utawa gedhung pertemuan iku papan kanggo umum. Mula saka iku, sapa wae kudu njaga aja nganti gawe pepalange wong liya.
b.      Bocah-bocah iku ing tembe kang dadi kekembanganing bangsa. Mula saka iku, bocah-bocah kudu nduweni rasa pangrasa marang ajining dhiri, ajining bangsa, lan kudu nggegulang tata krama.
10.  sadurunge iku
a.      Nalika nonton wayang wong kudu lungguh sing becik, sadurunge iku kudu ditliti dhisik apa kursi lungguhan mau pancen dadi hak-e.
b.      Aku wingi tuku gedhang neng pasar Ngaglik. Sadurunge iku aku tuku duren.

TEMBUNG KATRANGAN KANG DUMADI SAKA JINISE TEMBUNG LIYA.
Tembung katrangan bisa kedadean saka tembung liya. Tembung katrangan sing kaya mangkono bisa diperang dadi :
1.      Tembung katrangan saka tembung kriya (adverbia deverbal).
Tembung katrangan kang diandhahake saka tembung kriya : ngerti-ngerti, kira-kira, Tembung ngerti-ngerti diandahahke saka tembung ngerti, semono uga kira-kira saka tembung kira.
a.       Aku nggoleki adhiku mrana-mrene, ngerti-ngerti  dheweke wis turu ana omah.
b.       Pegaweyane akeh banget, kira-kira mengko sore dheweke ora mulih.
2.      Tembung katrangan saka tembung kahanan (adverbial deadjektival).
Tembung katrangan sing diandhahake saka tembung kahanan (kata sifat). Tembung satemene, sadhuwur-dhuwure, saapik-apike diandhahake saka tembung temen, dhuwur, lan apik.
a.       Satemene panemumu iku apik, nanging durung bisa ditampa dening wong akeh.
b.      Kowe sekolaha sadhuwur-dhuwure.
c.       Saapik-apike bramacorah isih tetep ora kena dipercaya.
3.      Tem bung katrangan saka tembung wilangan (adverbia denumeral)
Tembung katrangan sing diandahahke saka tembung wilangan antara liya: sithik-sithik, akeh-akehe,
a.       Sithik-sithik dheweke mesthi nesu, banjur ngajak padu.
b.      Wong iku akeh-akehe ora gelem ngrekasa.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...