Jumat, 25 Oktober 2013

WARA-WARA



Basa Jawa taun 1900 an.
WARA-WARA.
Manira paring sumurup marang sarupané wong, Jayasuparta aliyas Jayaprasêtya kang katutup ana gêdhong kapatiyan, nalika ing dina Sênèn tanggal kaping: 11 April 1904, miruda. Mungguh sêsipatané Jayasuparta mau, kira-kira umur: 47 taun, dêdêg sêdhêng, awak ngropèk kuru, kêkulitan abang, rai tipis lonjong, bathuk ciyut, mripat nglamuk, alis, pipi, janggut, cangkêm, kuping sêdhêng, sarta saburining kuping kang kiwa rada mangisor dadi sacêdhaking godhoh ana uci-uciné cilik, lambe biru saka madat, brêngos arang sathithik, irung gêdhé nyeprok mawa ciri iring têngên gèthèk tilas tatu, rambut sathithik irêng, gulu sêdhêng, pundhak jinggring, dhadha lumrah jêmbar, bangkèkan sapangisor sarta tangan lumrah, manawa udut dhêmênané nganggo pipa, manawa mêntas calathu ngango watuk kaya lara cêkèk, bokongé sisih kiwa ana uci-uciné sanadyan dibêbêdi katara, bamé kang kiwa ompong siji, sarta bam sacêdhaké kang ompong mau ana kang rubuh malang manawa guyu katara. Nalika miruda manganggo ikêt modhang umpak gulungan latar irêng wus masêm, klambi lurik cêmbirit ijo wêton Ngayogya, sabuk irêng marenos, èpèk baludru irêng, timang ulan-ulan wêsi, jarik cap-capan wus masêm, sruwal putih saka mori. Sapa-sapa kang bisa nyêkêl Jayasuparta mau utawa bisa ngaturaké katrangan, nganti bisa kacêkêl, bakal manira paringi ganjaran rupa dhuwit kèhé rong atus rupiyah.
Iku sarupané abdi dalêm wadana kang amêngku paréntah sarta abdi dalêm pulisi padha anglumrahna marang bawah wawêngkoné dhéwé-dhéwé kang warata.
Dhawuhing wara-wara kaping: 25 April 1904.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

Diunggah saka seratané Mas Bangun Samodra.


Katrangané tembung:

wara = gunem, tembung,
biwara, layang biwara, wara-wara = layang palapuran bab colong jupuk kawènèhaké marang kang kélangan diwenangaké nggolèki.
sarupané wong = sakabèhé wong, sing sapa wongé
miruda = 1. minggat; 2. (kw) = karep.
mirud-larud = katut kabuncang, keli.
katutup = ditawan, ditahan (BI)
dedeg = dhuwuring pawakan
dedeg-piadeg, dedeg-pengadeg = dhuwuring pawakan.
uci-uci = arané lelara ing kulit (mlempung ana isiné).
madat = nyerèt, ngisep candu.
modhang = arané bathikan iket
latar irêng = arané bathikan.
èpèk baludru irêng = sabuk kang digawe saka bludru warna ireng, walulang lsp diubedake ing sajabaning setagen.
sabuk timang = setagen, lonthong.
timang ulan-ulan wêsi = cathokaning èpèk awujud ulan-ulan.
ngropek kuru = kuru banget,  kurus kering (BI)
godhoh = kuping bagian ngisor sing empuk, yen wedok dibolong nggo pasang anting-anting
gethek = bekas luka, keloid
lara cekek = sakit batuk menahun
bam = geraham (BI)
manira = aku, ingsun (basa bagongan: basane ratu), pakenira = kowe, sira; boya = ora; nggeh = nggih, iya;
mripat nglamuk = mata kang surem tanpa cahya---> lamuk = lamur
pundhak jinggring = pundhak mringkus

lumrah  (n) , limrah (k) = 1. sumebar warata ingendi-endi sumrambah; 2. kaprah, ora nganeh-anehi; 3. ora cethil, gelem nindakake kabecikan; dilumrahake : 1. diwratakake ; 2. diumumake; 3. dianggep lumrah; kelumrah : kaprah; kalumrahan: lumrahing akeh, padatan sing lumrah; anglumrahna : ngumumna. 
bawah = kalebu ing wewengkone, dadi sor-sorane; dibawahake = dirèhake ing, diwengku marang; ora kebawah ora keprentah (pr) : ora dikuwasani babar pisan. 

 



Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...