Senin, 21 Oktober 2013

TEMBUNG SESULIH, KATA GANTI, PRONOMINA (2)



1.      Tembung sesulih pandarbe (kata ganti pemilik, pronomina posesif). Conto: -ku, -mu, -e/-ne.
o    Tembung sesulih pandarbe purusa kapisan : -ku, kula
1.      Sing werna abang kuwi bukuku.
2.      Bukuku  digawa sapa ya?
3.      Ingkang warni abrit menika buku kula.
4.      Buku kula ingkang warni abrit menika.
o    Tembung sesulih pandarbe purusa kapindho: -mu, sampeyan, panjenengan.
1.      Bukumu apa wis kogawa?(Ngoko)
2.      Sapa sing nggawa bukumu?(Ngoko).
3.      Buku sampeyan sampun kula waos ngantos tamat.(Krama Lugu).
4.      Sabin sampeyan menapa dereng angsal toya? (Krama Lugu)
5.      Buku panjenengan wis takwaca nganti tamat (Ngoko Alus).
6.      Buku panjenengan sampun kula waos ngantos tamat.(Krama Alus)
o    Tembung sesulih pandarbe purusa katelu: -e / -ne, ipun.
1.      Amini duwe buku novel. Saiki bukune diwaca ibu.
2.      Bapak ngagem ageman putih. Agemane keceprot endhut.(Ngoko Alus).
3.      Mbah Sastra ndamel meja kaliyan kursi. Damelanipun sae-sae.(Krama Lugu).
Katrangan :
Dak / tak, ko / kok, di, dipun  kalebu proklitik. –ku, -mu, -e / -ne, -ipun  kalebu enklitik. Proklitik yaiku klitika kang manggon ing ngarepe tembung, dene enklitik yaiku klitika kang manggon ing saburine tembung. Dak / tak, ko / kok, di,  –ku, -mu, -e / -ne, dianggo ing basa Ngoko dene dipun, ipun dianggo ing basa Krama.  Klitika yaiku kayadene wuwuhan sing nalika diucapake ora nduweni “tekanan”, lan ora kalebu golongane tembung jalaran ora bisa madeg dhewe. Klitika sawijining wujud kang tansah kaiket ing tembung liya.
1.      Tas sing ana meja kae dakgawa mulih.
2.      Sepedhamu apa wis kok (ko) gawa mulih ?
Proklitik dak- lan kok- mung kanggo ing basa Ngoko, dene yen disalini nganggo basa Krama malih dadi kula lan sampeyan utawa panjenengan ing basa Krama Alus. Ukara ing dhuwur iku yen disalini nganggo basa krama dadi :
1.      Tas ingkang wonten meja menika kula bekta mantuk.
2.      Sepedha sampeyan menapa sampun sampeyan bekta mantuk?
3.      Sepedha panjenengan menapa sampun panjenengan asta kondur?
4.      Kagungan panjenengan sepedha menika menapa sampun panjenengan asta kondur?
Ana maneh tembung sesulih saka basa Madya (kalebu dudu basa baku), yaiku: mang, samang sing tegese kowe. Panganggone ing ukara :
1.      Kajeng niku mang beta ngriki.
2.      Griya nika samang tumbas pinten?

Ana candhake ...

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...