Kamis, 05 September 2013

UKARA PITAKON ING BASA JAWA LAN BASA INDONESIA.




Sadurunge ngrembug  apa kang diarani ukara pitakon luwih dhisik ndeleng apa kang dikarepake ukara pitakon ing basa Indonesia :

1.      Kalimat tanya ialah kalimat yang dipergunakan dengan tujuan memperoleh reaksi berupa jawaban dari yang ditanya atau penguatan sesuatu yang telah diketahui oleh penanya. Kalimat tanya diucapkan dengan intonasi menaik pada suku kata akhir. Dalam bentuk tulis ditandai dengan tanda tanya (?).
2.      Kalimat tanya merupakan kalimat yang mengandung makna sebuah pertanyaan. Arti Kalimat tanya adalah kalimat yang berisi pertanyaan kepada pihak lain untuk memperoleh jawaban dari pihak yang ditanya (Wikibuku).
3.       Pertanyaan adalah sebuah ekspresi keingintahuan seseorang akan sebuah informasi yang dituangkan dalam sebuah kalimat Tanya.  Pertanyaan biasa akan diakhiri dengan sebuah tanda tanya (Wikipedia).

Yen watesan (batasan, definisi) telu ing dhuwur iku didadekake dadi siji mula : Ukara pitakon  yaiku ukara sing dianggo kanthi pangajap  nggoleki wangsulan utawa nggenahake apa-apa kang wis dimangerteni dening sing takon sadurunge.

Titikane ukara pitakon ing basa Indonesia :

BASA INDONESIA
BASA JAWA
1.      Penggunaan kata tanya:
a.       apa,
b.      siapa,
c.       di mana,
d.      bagaimana,
e.       mengapa,
f.       mana,
g.      di mana,
h.      ke mana,
i.        dari mana,
j.        dari apa,
k.      dari siapa,
l.        dengan apa,
m.    dengan  siapa,
n.      untuk siapa,
o.      berapa
p.      kapan,
q.      kapan,



Nganggo tembung pitakon :
apa (menapa),
sapa (sinten),
ing ngendi (wonten pundi),
kepriye (kepripun, kadospundi,) ,
geneya  (yagene, kena apa, kenging menapa),  
endi, pundi, ingkang pundi,
ing ngendi,
menyang endi, dhateng pundi,
saka ngendi, saking pundi,
saka apa, saking menapa
saka sapa, saking sinten,
nganggo apa, ngangge menapa, ngagem menapa,
karo sapa, kaliyan sinten
kanggo sapa, kangge sinten, kagem sinten
pira, pinten
kapan, dhek kapan, kala menapa,
besuk kapan, benjang menapa


Contoh :
Mempertanyakan barang .
Apa yang kaubawa itu ?
Conto :
Nakokake barang.
Apa sing kokgawa kuwi ? (ng)
Apa sing penjenengan asta kuwi ? (ng al)
Menapa ingkang sampeyan bekta menika? (k)
Menapa ingkang panjenenga asta menika ? (k al)

Mempertanyakan orang.
Siapa yang  datang  itu ?
Nakokake wong.
Sapa sing teka kae ?
Sapa sing rawuh kae ?
Sinten ingkang dhateng menika ?
Sinten ingkang rawuh menika ?

Mempertanyakan orang (nama orang).
Siapa namamu ?
Siapa nama anda?
Nakokake wong (jenenge wong).
Sapa jenengmu?
Sinten nami  sampeyan ?
Sinten asma panjenengan?
Pinaringan asma sinten ?
Ingkang asma sinten?
Asmanipun sinten?
Sapa asmane?

Mempertanyakan pilihan.
Mana yang akan engkau bawa?
Mana yang akan kamu bawa?

Nakokake pilihan.
Endi sing arep kokgawa?
Endi sing arep panjenengan asta?
Pundi ingkang badhe sampeyan bekta?
Pundi ingkang badhe panjenengan asta?

Mempertanyakan tempat.
Di mana engkau membeli buku ini?
Di mana anda membeli buku ini?
Di mana bapak membeli buku ini?
Nakokake panggonan.
Ana ngendi kowe tuku buku iki ?
Ana ngendi panjenengan mundhut buku iki ?
Wonten pundi sampeyan tumbas buku menika ?
Wonten pundi panjenengan mundhut buku menika?
Wonten pundi bapak mundhut buku menika ?

Mempertanyakan arah/tempat yang dituju.
Engkau pergi ke mana?
Kamu pergi ke mana?
Anda pergi ke mana?
Nakokake papan panggonan sing arep diparani/dituju.
Kowe  lunga  menyang endi?
Panjenengan  tindak ngendi?
Sampeyan kesah dhateng pundi?
Panjenengan tindak pundi?

Mempertanyakan tempat asal, arah dari suatu, suatu tempat.
Dia berasal dari mana?

Barang itu berasal dari mana?

Nakokake papan panggonan asal , utawa barang darbe.
Dheweke asli saka ngendi?
Piyambakipun asli saking pundi?
Panjenengane asli saka ngendi.

Barang iku asale saka ngendi?
Barang menika asalipun saking pundi?

Mempertanyakan bahan baku barang: dari apa
Kue ini terbuat dari apa?
Dari apakah kue ini dibuat?
Nakokake asal barang digawe saka apa
Jajan ini digawe saka apa?
Semen iku digawe saka apa?
Jajan menika dipundamel saking menapa?

Mempertanyakan asal milik: dari siapa
Dari siapa engkau mendapat buku ini?
Nakokake asal barang darbe : saka sapa.
Saka sapa kowe oleh buku iki?
Saking sinten sampeyan angsal buku menika?
Saking sinten panjenengan pikantuk buku menika?

Mempertanyakan alat: dengan apa
Dengan apa kamu membuka pintu ini?

Nakokake piranti.
Nganggo apa kowe mbukak lawang iki?
Ngagem apa panjenengan mbukak lawang iki?
Ngangge menapa  sampeyan mbikak lawang menika?
Ngagem menapa panjenengan mbikak kori menika?
Mempertanyakan yang ikut serta: dengan siapa.
Dengan siapa kamu pergi ke pasar?
Nakokake sapa sing melu .
Karo sapa  kowe lunga menyang pasar.
Karo sapa panjenenengan tindak menyang pasar?
Kaliyan sinten sampeyan kesah dhateng peken?
Kaliyan sinten panjenengan tindak dhateng peken?
Mempertanyakan orang yang dituju: untuk siapa.
Untuk siapa kamu bekerja keras siang dan malam?
Nakokake wong kang dituju (dikarepake).
Kanggo sapa kowe nyambut gawe abot rina wengi?
Kanggo sapa panjenengan nyambut gawe abot rina wengi?
Kangge sinten sampeyan nyambut damel awrat rinten dalu?
Kagem sinten panjenengan ngasta pedamelan awrat rinten dalu?
Mempertanyakan jumlah: berapa
Berapa jumlah uang yang kau punya?

Nakokake cacah.
Pira  cacahe dhuwit sing kokduweni?
Pira cacahe dhuwit  kagungan panjenengan?
Pinten cacahipun arta gadhahan sampeyan?
Pinten cacahipun arta kagungan panjenengan?

Mempertanyakan waktu.
Kapan engkau pulang ke Jakarta?
Kapan kamu pulang ke Jakarta?
Kapan anda pulang ke Jakarta?
Kapan bapak pulang ke Jakarta?
Nakokake wektu (wayah).
Kapan kowe mulih menyang Jakarta?
Kapan panjenengan kondur menyang Jakarta?

Yen sing ditakokake wektu sing arep dilakoni nganggo tembung : besuk, benjing, benjang.

Benjang (benjing) menapa sampeyan mantuk dhateng Jakarta?
Benjang (benjing) menapa panjenengan kondur dhateng Jakarta?
Benjang (benjing) menapa bapak kondur dhateng Jakarta?
Mempertanyakan waktu.
Kapan kamu  tiba di sini?
Kapan anda  tiba di sini?
Kapan bapak  tiba di sini?

Yen sing ditakokake wektu sing wis dilakoni lumrahe nganggo tembung : Dhek kapan, kala menapa.
Kapan kowe teka ing kene?
Dhek kapan kowe teka ing kene?
Kapan panjenengan rawuh ana kene?
Dhek kapan panjenengan rawuh ana (ing)kene?
Kala menapa sampeyan dhateng wonten (ing) ngriki?
Kala menapa panjenengan rawuh wonten ing ngriki?
Mempertanyakan keadaan atau suatu cara.
Bapaimana cara kamu membuat tahu?
Bagaimana cara anda membuat tahu?
Nakokake kahanan utawa sawijining cara utawa patrap.
Kepriye carane kowe nggawe tahu?
Kepriye carane panjenengan ngasta tahu?
Kepripun caranipun sampeyan ndamel tahu?
Kadospundi caranipun penjenengan ngasta tahu?

Mempertanyakan sebab.
Mengapa kamu tidak datang pada hari Selasa?
Mengapa engkau tidak datang pada hari Selasa?

Nakokake sebab.
Geneya kowe ora teka ing dina Selasa?
Yagene kowe ora teka ing dina Selasa?
Kena apa kowe ora teka ing dina Selasa?
Geneya panjenengan ora rawuh ing dina Selasa?
Kena apa panjenengan ora rawuh ing dina Selasa?
Kenging menapa sampeyan boten dhateng ing dinten Selasa?
Kenging menapa panjenengan boten rawuh ing dinten Selasa?
Bagaimana kondisi pengungsi lumpur Lapindo saat ini?

Kepriye kahanane wong –wong kang ngungsi  saka endhut Lapindo ing wektu iki ? (Ngoko)
Kadospundi kawontenanipun tiyang-tiyang ingkang ngungsi  saking  endhut (lendhut) Lapindo wekdal samenika ?(Krama)

2. Penggunaan kata bukan atau tidak
Contoh :
Bukankah ini tas yang kamu bawa?
Ini hasil ulanganmu, bukan?
Tidakkah dia merasa aneh dengan sikapmu?


Ukara ing basa Jawa ora ana sing memper utawa sing padha.
3. Penggunaan klitika -kah pada predikat kalimat yang diubah susunannya SP-PS
Contoh :
1.a. Ia lulus tahun ini.
   b. Luluskah ia tahun ini?
2.a. Ia sudah pulang?
   b. Sudah pulangkah ia?

Ukara ing basa Jawa ora ana sing memper utawa padha.
4. Penggunaan intonasi naik pada suku kata akhir
 Contoh :
 - Ayahnya terlibat perampokan .
 - Ayahnya terlibat perampokan?

 - Dia pergi ke luar negeri.
 - Dia pergi ke luar negeri ?

Lagu ing wanda pungkasaning ukara munggah (nyengek).
Conto:
Bapake katut melu ngrampok.
Bapake katut melu ngrampok?

Bapakipun katut tumut ngrampok.
Bapakipun katut tumut ngrampok?

Dheweke lunga menyang manca Negara.
Dheweke lunga menyang manca Negara?

Piyambakipun kesah dhateng manca negari.
Piyambakipun kesah dhateng manca negari?

Panjenenganipun tindak dhateng manca negari.
Panjenenganipun tindak dhateng manca negari?


11 komentar:

Riaa mengatakan...

Pak mau tanya soal bahasa jawa boleh ya

Kepriye carane matur? Nganggo basa krama
1. Kepengin ditumbasake buku
2. Kepengin lunga nang Gembira Loka
3. Kepengin ditumbasake potelod
4. Arep lunga nang omah ayu
5. ora iso nggarap tematik

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Mbak @Ria Nainggolan, panjenengan bisa matur marang ibu :
1. Ibu, kula kepingin sanget panjenengan pundhutaken buku menika!.
2. Ibu, kula kepingin kekesahan dhateng Gembira Loka kaliyan kanca-kanca.
3. Padha karo no 1.
4. Ibu, kula nyuwun idin badhe dhateng griyanipun Ayu.
5. Ibu, kula boten saged nggarap tematik.

naila mengatakan...

Tanya donk..
Ad pertanyaan sbb..
Ani nyamponi jogan
Wangsulan:......
Jawabanya ap ya...

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

"Ani nyaponi jogan" basa Indonesiapun "Ani menyapu lantai."

Unknown mengatakan...

Pak saya mau tanya untuk pertanyaan tentang sinten untuk wawancara
Terima kasih 😊

Unknown mengatakan...

Pak saya mau tnya
Tembung kanggo nakokake sebab yaiku..
Jawabanya apa ya pak
Terimakasih sblmnya

Unknown mengatakan...

Mau tanya tolong dijawab pitakon kenapa kanggo goleki apa tolong dijawab yang jawab saya doakan masuk surga Amin

Unknown mengatakan...

Kenapa kowe goleki Tono?

P mengatakan...

Cukup menarik

Unknown mengatakan...

Masute

Unknown mengatakan...

pitakon sapa iku kanggone ngudhal sapa

Pengikut

Matur Nuwun ...