Selasa, 10 September 2013

TEMBUNG



Tembung basa Indonesiane kata. Istilah kata ing antarane para ahli basa durung  ana panemu kang padha, isih  benceng cuweng. Miturut watesan (definisi, batasan) KBBI ing basa Indonesia yaiku :
Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) (1997) memberikan beberapa definisi mengenai kata:
  1. Elemen terkecil dalam sebuah bahasa yang diucapkan atau dituliskan dan merupakan realisasi kesatuan perasaan dan pikiran yang dapat digunakan dalam berbahasa
  2. konversasi, bahasa, "cerita" utawa "dongeng
  3. Morfem atau kombinasi beberapa morfem yang dapat diujarkan sebagai bentuk yang bebas
  4. Unit bahasa yang dapat berdiri sendiri dan terdiri dari satu morfem (contoh kata) atau beberapa morfem gabungan (contoh perkataan)
Mula ing basa Jawa watesan (batasan, definisi) tembung :
Tembung yaiku perangane basa kang paling cilik sing nduweni teges utawa makna, kang kedadean saka samorfem utawa luwih.
Adhedhasar wujude tembung diperang dadi :
1.      Tembung lingga (kata dasar) : ana, aba, joged, tulis, waca, lsp.
2.      Tembung andhahan (kata jadian, kata turunan): dianakake, diabani, njoged, nulisake, maca, lsp.
3.      Tembung rangkep (kata ulang): dolan-dolan, mangan-mangan, gegaman, cekikik, lsp.
4.      Tembung camboran ( kata majemuk): semarmendem, udanriris, bangjo, griya sakit, lsp.
5.      Tembung wancahan (ditugel tumrap tembung, dicekak): lit < alit, Senthe lit sasaneng arga (Rerepen), bang < abang, Sikatan bang ngrembaka (Rerepen), gung < agung, Singgang gung kang piniyara (Rerepen).
6.      Tembung plutan. (dirangkep aksarane) : salawat > slawat, mring < maring (Lamun kongsi korup mring panggawe dudu, Serat Sabdajati); kalebu > klebu, (Klebu mring alam pakewuh, Serat Sabdajati).

Katrangan :
Tembung wancahan lan tembung plutan lumrah tinemu ing tembung, gunane kanggo ngepasake guru wilangan.

Jinise tembung (kelas kata)
  1.  Tembung aran (nomina, kata benda); jenenge wong, panggonan, utawa barang utawa samubarang kang dianggep barang , tuladhane  buku, jaran, Jakarta, katresnan, lsp.
  2. Tembung kriya ( verba, kata kerja); yaiku tembung kang nelakakake sawijining panindak, tuladhane  waca, mlayu, turu, kandha, tulis, lsp.
    • Tembung kriya mawa lesan (verba transitif) tuladhane : nglungguhi, mangan, mlayoni , lsp.
    • Tembung kriya tanpa lesan (verba intransitif) tuladha lungguh, mlayu, adus, tangi, ngadeg, lsp.
  3. Tembung kahanan (adjektiva, kata sifat); tembung kang nerangake tembung aran , tuladha adoh, gedhe, apik, alus, ayu, lsp.
  4. Tembung katrangan (adverbia,  kata keterangan); tembung kang nerangake saliyane tembung aran, tuladha lagi, rada, arep, durung,banget, lsp.
  5. Tembung sesulih (pronomina,  kata ganti); tembung kang minangka gegantine wong utawa barang , tuladha  aku, iku, lsp.
    • Tembung sesulih purusa .
      1. Sesulih utama purusa, tuladha, aku, kula, tak, kawula, ingong, ingsun, lsp.
      2. Sesulih madyama purusa, tuladha: kowe, kok, sampeyan, panjenengan, lsp.
      3. Sesulih pratama purusa, tuladha: dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, lsp.
    • Tembung sesulih pandarbe (kata ganti milik) , tuladha : é, ipun, ing, lsp.
    • Tembung sesulih panuduh (kata ganti penunjuk), tuladha : iki, iku, kae, lsp.
  6. Tembung wilangan (numeralia,  kata bilangan); tembung kang nelakake cacahe barang utawa nelakake urutan , tuladha : kapisan, kapindho, sanga, satus, kabeh, lsp.
    • Wilangan cardinal yaiku wilangan kang nuduhake cacah , tuladha : 5, 50, 100, patangpuluh, tigang dasa kalih, lsp.
    • Wilangan ordinal yaiku wilangan kang nuduhake  urutan, tuladha : kapisan, kapindho, kaping gangsal welas, lsp.
  7. Tembung ayahan ( kata tugas, partikel)  yaiku jinising tembung saliyane jinis tembung ing dhuwur. Adhedhasar ayahane tembung diperang dadi:
    • Tembung ancer-ancer (preposisi,  kata depan), tuladha: saka, ing, menyang, lsp.
    • Tembung panggandheng (konjungsi,  kata sambung), tuladha : jalaran, sebab, karo, lan,  lsp.
    • Tembung panyilah (artikula, kata sandang), tuladha: sang, si, pun, para, lsp.
    • Tembung panguwuh (interjeksi,  kata seru), tuladha : adhuh, biyuh, lhadalah, lsp.
    • Partikel negesake, tuladha : ta, no,

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...