Minggu, 08 September 2013

UKARA PAKON (KALIMAT PERINTAH)



Ukara pakon yaiku ukara kang isine supaya wong liya nindakake utawa tumandang  apa kang dikandhakake utawa dikarepake.

Titikane ukara pakon.
1.       Lumrahe wasesane nganggo panambang , -a, -na, akna,  -ana,  -anana, -en
2.       Nganggo tembung : aja, ampun, sampun, tulung, nyuwun tulung, ayo, mangga, takjaluk, taksuwun, kula suwun,
3.       Nganggo tembung : takaturi, kula aturi.
4.       Ing tata tulis nganggo aksara Latin ditandhani nganggo tandha panguwuh (!) ing pungkasane ukara.

Tuladha ukara pakon.
Tembunge kawuwuhan panambang –a.
Trape panambang  -a wantah wae, tegese uga mung wantah wae, yaiku akon marang wong diajak guneman kaya kang kasebut ing tembung linggane.  Ing basa Indonesia kira-kira padha karo kawuwuhan partikel  -lah.
Tuladha:
1.       Kowe lungaa!
2.       Yen menyang sendhang mengko nggawaa timba kanggo wadhah banyu!
3.       Majua sithik!
4.       Kowe mlakua  ngulon, aku takmlaku ngetan!
5.       Kowe balia wae mumpung isih padhang!
6.       Mengko sore kowe mrenea takwenehi jajan!
7.       Yen kowe melu kondangan mengko nganggoa klambi bathik wae!
8.       Kowe mangkata dhisik, aku takmangkat keri-keri wae!
9.       Kowe nggambara kucing, aku taknggambar sapi!

Panambang  -na,   -akna.
Tembunge kawuwuhan panambang  -na,  -akna. Kanggo tembung  kang nduweni wanda sigeg ing pungkasaning tembung, tembung mau kawuwuhan panambang  -na. Yen tembunge nduweni wanda  menga ing pungkasaning tembung, tembung  mau kawuwuhan panambang –akna. Tegese tembung pakon mau yaiku akon marang wong sing diajak guneman kanggo keperluane wong sing diajak guneman. Ing basa Indonesia kira-kira padha karo kawuwuhan morfem –kan.
Tuladha:
10.   Aku gambarna kucing kerah!
11.   Bapak pundhutna unjukan sing ana meja kae!
12.   Aku dongakna supaya lulus ujian!
13.   Yen kowe bali aku gawakna buku!
14.   Graji sing koksilih dhek wingi enggal balekna!
15.   Buku pensiunku  iki antrekna dhisik banjur tinggalen, mengko takgenteni!
16.   Adhimu turokna neng amben ngarep!
17.   Yen kowe menyang pasar aku tukokna apem!
18.   Yen kowe bisa nglakokake dhuwit,  dhuwitku iki lakokna!

Panambang  -ana, -anana.
Panambang  -ana dianggo nalika ketemu tembung  kang nduweni wanda sigeg ing pungkasane tembung. Dene panambang  –anana dianggo nalika ketemu tembung  kang nduweni wanda menga ing pungkasaning tembung. Tegese panambang  -ana,  -anana lumrahe nduweni teges wola-wali utawa ambal-ambalan.
19.   Buku gambarku iki gambarana sakarepmu!
Tembung gambarana pakone tembung nggambari. Nduweni teges ambal-ambalan nggambar.
20.   Barang-barang iki jupukana!
Tembung jupukana pakone tembung njupuki. Nduweni teges ambal-ambalan njupuk.
21.   Kursi kuwi lungguhana supaya dilungguhi dening wong liya!
Tembung lungguhana pakone tembung nglungguhi.
22.   Bungkusan sing keri ana mau enggal balenana!
Tembung balenana pakone tembung mbaleni.
23.   Tikus sing kena jiret kae enggal patenana!
Tembung patenana pakone tembung mateni.
24.   Apa wae kang diprentahake marang kowe lakonana!
Tembung lakonana pakone tembung nglakoni.
25.   Wong kang wus mungkur marang kadonyan iku pantes guronana!
Tembung guronana pakone tembung ngguroni.

Panambang  -en,  -nen.
Trap-trapane panambang  -en, nalika panambang  -en ketemu tembung   sing nduweni wanda sigeg, dene panambang  -nen yen ketemu tembung kang nduweni wanda menga.
Tuladha:
26.   Buku sing ana meja kae, jupuken banjur gawanen mrene!
27.   Buku iki wacanen sing banter!
28.   Sepedhahku iki tukunen!
29.   Nangka kuwi  ambunen! Wis mateng apa durung?
30.   Lampu sing mati kae gantinen!
31.   Gawanmu kuwi selehen ana ing dhuwur meja!
32.   Jambu kae panganen!

Panganggone tembung : aja, ampun, sampun.
Tembung aja, ampun, sampun , ngemu surasa nglarang utawa ngelikake supaya ora nglakoni apa-apa kang kasebut ing larangan mau. Tembung  aja dianggo ing basa ngoko, tembung  ampun dianggo ing basa krama, dene panganggone tembung  sampun ing basa krama kang  nduweni teges luwih kurmat utawa luwih alus. Ora saben ukara bisa nganggo tembung sampun sing ateges larangan.
Tuladha:
33.   Aja lunga-lunga saka kene yen aku durung bali!
34.   Aja seru-seru mundhak mbribeni adhimu!
35.   Menawi tindak dhateng dalemipun pak Sam ampun dangu-dangu lho!
36.   Marginipun ampun dipuntutup, tiyang-tiyang rak sami boten saged langkung!
37.   Sampun ngaten ta, kirang prayogi!

Panganggone tembung: ayo, mangga, sumangga.
Tembung ayo, mangga, sumangga ngemu surasa ngajak yaiku akon melu (nindakake) apa-apa kang kasebut ing pangajak mau. Tembung ayo dianggo ing basa ngoko, tembung mangga lan sumangga dianggo ing basa krama. Mung wae tembung sumangga luwih alus tinimbang tembung mangga.
Tuladha:
38.   Ayo mengko sore nonton wayang neng alun-alun!
39.   Man, ayo  dolan menyang omahku!
40.   Mangga kula dherekaken mirsani ringgit ingkang wonten wonten lebet!
41.   Mangga  pinarak wonten griya kula rumiyin!
42.   Para rawuh dipunaturi jumeneng, sumangga!
43.   Para rawuh, sumangga kula aturi ngrahabi pasugatan ingkang sumadya wonten ing ngarsa panjenengan sami!

Panganggone tembung takjaluk, taksuwun, kula suwun.
Tembung  takjaluk, taksuwun, kula suwun nduweni teges panjaluk. Panganggone tembung takjaluk ana ing basa ngoko lugu, tembung taksuwun dianggo basa ngoko alus, dene tembung kula suwun dianggo ing basa krama lugu lan basa krama alus.
Tuladha:
44.   Takjaluk kowe gelem ngrewangi aku ngusung pari saka sawah menyang omah!
45.   Taksuwun panjenengan kersa rawuh ing omahku dina iki uga!
46.   Kula suwun panjenenga kersa rawuh ing griya kula dinten menika!

Panganggone tembung takaturi, kula aturi.
Tembung takaturi, kula aturi nduweni teges ngajak. Tembung takaturi dianggo ing basa ngoko alus, dene tembung kula aturi dianggo ing basa krama alus.
Tuladha:
47.   Panjenengan takaturi dhahar dhisik!
48.   Panjenengan kula aturi dhahar rumiyin!

Ukara pakon kang nduweni teges nyemoni marang sing diajak guneman.
Tuladha:
49.   Yen kowe nyata lanang temenan, majua!
50.   Kerigna sabalamu, caweta sawonmu aku ora bakal mundur saka ngarepmu!

Katrangan :
1.       Ing basa Jawa pakon alus lan ora alus diwujudake ing unggah-ungguhing basa, yaiku : ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan krama alus.
2.       Tembung-tembung kang nganggo panambang  -a,  -na,  -akna,  -na,  -anana,  -en,  -nen,  lan tembung aja, ayo, takjaluk dianggo ing basa ngoko lugu kang kalebu sing paling ora alus.
3.       Tembung-tembung taksuwun, takaturi, dianggo ing basa ngoko alus.
4.       Tembung-tembung mangga, kula suwun, kula aturi dianggo ing basa krama alus.


WERNA-WERNANE UKARA PAKON.

1.       Ukara pakon lumrah.
Yaiku ukara pakon sing nganggo panambang  -a,  -na,  -akna,  -na,  -anana,  -en,  -nen.
2.       Ukara pakon sing nduweni teges nglarang.
Yaiku ukara pakon sing nganggo tembung aja, ampun, sampun.
3.       Ukara pakon sing nduweni teges ngajak.
Yaiku ukara pakon sing nganggo tembung ayo, mangga, sumangga.
4.       Ukara pakon sing nduweni teges njaluk.
Yaiku ukara pakon sing nganggo tembung takjaluk, kula suwun.
5.       Ukara pakon sing nduweni teges nyemoni (menyindir).

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...