Senin, 23 September 2013

TEMBUNG KRIYA, VERBA, utawa KATA KERJA (2)



B.      ADHEDHASAR WUJUDE TEMBUNG KRIYA.
Miturut wujude tembung kriya diperang dadi:
1.       Tembung kriya lingga (verba dasar) yaiku tembung kriya sing durung katambahan wuwuhan, durung dirangkep, lan durung dicambor nanging wis bisa dianggo ing ukara utawa bisa madeg dhewe ing ukara. Tuladha :
a.       N goko: adus, tangi, turu, lungguh, weruh, lunga, teka, adang,
b.      Krama / karma inggil/ karma andhap : tindak, bethak, wungu, siram, ngendika, sare, dhahar, lenggah, jumeneng,priksa, lsp.
                                                   i.      Bapak jumeneng ana pinggir dalan, ngenteni montor.
                                                 ii.      Jam sekawanbapak sampun wungu.
                                                iii.      Sampun tigang dinten manika bapak boten kersa ngendika.
2.       Tembung kriya andhahan (verba turunan) yaiku tembung kriya sing wis oleh wuwuhan, dirangkep utawa dicambor.
a.       Krana diwuwuhi :
                                                   i.      Ater-ater anuswara (A- +(N) + dasar): mangan, mbalang, nulis, nuthuk, nggambar, ngangsu, nyambel, nyapu, lsp.
1.       Wedhusku mangan parine Lik Tumi.
2.       Bocah kuwi sing mbalang pelem.
3.       Mbah Sastra nulis crita.
                                                 ii.      Ater-ater anuswara (A- +(N) + dasar + panambang): mangani, mbalangi, mbalangake, nulisi, nulisake, nulisne, nggambari, nggambarake, nggambarne, ngangsoni, ngangsokake, ngangsokne, nyambeli, nyambelake, nyambelne, nyaponi, nyapokake, nyapokne, lsp.
1.       Aku nyaponi latar ngarep, adhiku latar buri.
2.       Yu Ginem nyapokake latare mbah Darma, jalaran mbah Darma lunga menyang Surabaya.
3.       Aku taknyapokne latare Yu Sarmi, jalaran aku mau wis kandha ngiyani.
                                                iii.      Ater-ater a :  aklambi, akudhung, ajejuluk, 
1.       Sing aklambi abang kae dulurku lanang.
2.       Ratu Majapait ajejuluk prabu Brawijaya.
3.       Wedhus gembel akudhung walulang macan.
                                               iv.      Ater-ater di : dipangan, dibalang, ditulis, dithuthuk, digambar, diangsu, disambel, disapu,
1.       Parine rusak dipangan ama wereng.
2.       Jagone dibalang bocah gundhul.
3.       Bathuke mrempul dithuthuk Sarpin.
                                                 v.      Ater-ater di + dasar+ panambang: dipangani, dibalangi, dibalangake, dibalangke, dibalangne, ditulisi, ditulisake, ditulisne, diangsoni, diangsokake, diangsokne, disambelake, disambelne, disaponi, disapokake, disapokne.
1.       Jambune gogrog dipangani kalong.
2.       Sumurku asat diangsoni tangga teparo.
3.       Latare resik disaponi Nurul.
                                               vi.      Seselan in: dinugang, jinupuk, tinulis, jinambak, jinurung, jinupuk, tinabok, ginaris, tinumbak, tinumbas, dinugangan, jinupukan, tinulisan, jinambakan, jinurungan, tinabokan, tinumbakan, tinumbasan. Seselan in kanggo ndhapuk tembung kriya tanggap (kata kerja pasif). Tuladha ing ukara :
1.       Raden Dursasana dinugang dening raden Werkudara.
2.       Pentil-pentil kang padha gogrog jinupukan dening bocah angon.
3.       Uripe wis ginaris dening Gusti Kang Murbeng Dumadi.
                                              vii.      Seselan um: munggah, mumbul, miring, gumuyu, gumregah, gumandhul, gumantung, Seselan um lumrahe kanggo mangun tembung kriya tanpa lesan (verba intransitif). Tuladha ing ukara :
1.       Dalane munggah ndeder.
2.       Montor mabur iku mumbul ing awang-awang.
3.       Para prajurit umiring ndherekake raden Baladewa tindak menyang Dwarawati.
                                            viii.      Krana diwuwuhi panambang an : klamben, sepaton, sarungan, kalungan, gelangan, pit-pitan, kuplukan, sepedhahan, tekenan,
1.       Bapakku sarungan, aku sepaton, adhiku saiki lagi klamben.
2.       Samsyiah kalungan mote.
3.       Mardi karo kancane pit-pitan ana ing lapangan.
b.      Krana dirangkep: kukur-kukur, gegujengan, kekudhung, usap-usap, mangan-mangan, ngombe-ngombe, dolan-dolan, mlayu-mlayu, Tuladha ing ukara:
                                                   i.      Sukir kukur-kukur sirahe sing ora gatel.
                                                 ii.      Lare-lare sami gegujengan wonten pendhapa ngajeng.
                                                iii.      Jalaran jawah deres lare-lare sami kekudhung ron pisang.
c.       Krana dicambor: ngadi sarira,wawan sabda, wawan rembug, lukar busana,  suduk sarira, lalu jiwa, imbal wacana, gugur gunung,
                                                   i.      Ibu nembe ngadisarira wonten nglebet.
                                                 ii.      Sang putri suduk sarira.
                                                iii.      Sang Prabu nembe imbal wacana kaliyan para nayaka.
d.      Krana digandhengi tembung sesulih (kata ganti). Tembung kriya kang oleh gandhengan tembung sesulih purusa (kata ganti orang). Tembung sesulih tak (dak) kanggo purusa I (sesulih utama purusa), tembung kok (ko) kanggo purusa II (sesulih madyama purusa), ndadekake ukara kasebut dadi ukara tanggap. Tuladha:
                                                   i.      Tak (dak)gawa, tak (dak)takoni, tak (dak)silih, tak (dak)tuku, tak (dak)salini, lsp.
1.       Bukumu takgawa mulih.
2.       Anjar taktakoni ora gelem sumaur.
3.       Sawahe pak Lurah wis taktuku.
                                                 ii.      ko (kok)gawa, ko (kok)takoni, ko (kok)silih, ko (kok)tuku, ko (kok)salini, lsp.
1.       Bukuku apa kokgawa ?
2.       Sapa sing koktakoni?
3.       Paculku apa koksilih?
e.      Dideleng saka wujude, saliyane tembung kriya lingga lan tembung kriya andhahan, ana uga tembung kriya kang dumadi saka jinise tembung liya, antara liya:
                                                   i.      Tembung kriya denominal (Verba denominal) yaiku tembung kriya (verba) kang kedadean saka tembung aran (nomina). Tuladha: manak, mbayi, natah, nggraji, malu, ngebis, mbecak, ngepit, ndhuwurake, nggedhekake, lsp.
1.       Wedhusku manak telu.
2.       Tukang-tukang kuwi lagi natahi watu.
3.       Mbah Guna lagi ndhuwurake pondhasi omahe.
                                                 ii.      Tembung kriya deadjektival (Verba deadjektival) yaiku tembung kriya (verba) kang kedadean saka tembung kahanan (ajektiva). Tuladha: ngelus, nggedhekake, ndhuwurake, nyilikake, marasake, 
1.       Lik Sirin lagi ngelus garapane sing isih kasar.
2.       Marni nyilikake klambi menyang tukang jait.
3.       Rokok iku ora bisa marasake lelara.
                                                iii.      Tembung kriya deadverbial (Verba deadverbial) yaiku tembung kriya (verba) kang kedadean saka tembung katrangan (adverbial). Tuladha : mbangetake, ngarepake, ngluwihi, lsp.
1.       Tembung mbranang kanggo mbangetake tembung abang.
2.       Aku teka omah wis ngarepake bedhug Mahgrib.
3.       Kapinterane adhine ngluwihi kakange.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...