Selasa, 17 September 2013

TEMBUNG ARAN ( NOMINA, KATA BENDA)



1.       Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) :
Nomina adalah kelas kata yang dalam bahasa Indonesia ditandai oleh tidak dapatnya bergabung dengan kata tidak, misalnya rumah adalah nomina karena tidak mungkin dikatakan tidak rumah, biasanya dapat berfungsi sebagai subjek atau objek dari klausa;
2.       Kata benda (nomina) adalah kata-kata yang merujuk pada pada bentuk suatu benda, bentuk benda itu sendiri dapat bersifat abstrak ataupun konkret.
3.       Nomina atau kata benda adalah kelas kata  yang menyatakan nama dari seseorang, tempat, atau semua benda dan segala yang dibendakan. Kata benda dapat dibagi menjadi dua: kata benda konkret untuk benda yang dapat dikenal dengan panca indera  (misalnya buku), serta kata benda abstrak untuk benda yang menyatakan hal yang hanya dapat dikenal dengan pikiran  (misalnya cinta).

Ing basa Jawa kena digawe pepunton (simpulan):
Tembung aran  (nomina, kata benda) yaiku jinise tembung kang mratelakake jenenge wong, papan panggonan, utawa barang lan samubarang kang dianggep barang, sing ora bisa digandhengi tembung ora lan lumrahe dadi jejer utawa lesan ing ukara.

Dideleng saka wujuding barang (dudu wujude tembung) :
1.      Tembung aran barang kasat mata (Nomina konkret)  Tembung aran barang-barang kang maujud, bisa dideleng mripat (kasat mripat)
Tuladha :
gunung, meja, omah, gambar, angin, hawa, lintang, lemah, kali, Jakarta, Surakarta, guru, dhokter,
2.      Tembung aran barang ora kasat mata (nomina abstrak). Tembung aran kang asale saka tembung kahanan utawa tembung kriya, kang tumuju marang sawijining objek utawa marang sawijining prastawa utawa marang sawijining abstraksi.
Tuladha :
Ngelmu, pikiran, kuwajiban, pagaweyan, kabecikan, kekendelan, katresnan,
3.      Tembung aran barang sing nduweni nyawa. Tembung aran kang nduweni nyawa utawa dianggep duwe nyawa.
Sing kagolong nomina persona yaiku :
a.       Jeneng wong pribadi : Sunarti, Sujayana, Partana, Darminta, lsp. Jeneng wong pribadi ora bisa dirangkep.
b.      Tembung aran paseduluran: buyut, embah, bapak, lik, kakang, mbakyu, adhi, keponakan, prunan, lsp.
c.       Tembung aran kang mratelakake wong utawa sing dianggep wong : memedi, raseksa, malaekat, setan, lsp.
d.      Tembung aran kang mratelakake kumpulane wong: Landa, Cina, Jepang, Melayu, Jawa, India, Bugis, Sasak, lsp.
e.        
4.      Tembung aran barang tanpa nyawa
a.       Jenenge lembaga: DPR, MPR, KPK, Mahkamah Konstitusi.
b.      Jeneng bab ngelmu bumi: Surabaya, Majakerta, Madiun, Flores, Papua, Kalimantan, lsp.
c.       Ukuran, takeran, lan timbangan: iji, ler, lonjor, botol, kothak, kerdhus, liter, gram, kilo, lsp.
d.      Nirokake swara : bengingehe, kluruke, jlegure, kropyake,lsp.
5.      Tembung aran barang kang bisa dietung lan ora bisa dietung.  
Sing diarani tembung aran barang kang kena dietung  bisa  digandhengi karo tembung wilangan (numeralia) kayata:  dhukuh, desa, kuta, negara, meja, kursi, lemari, buku, potelot, setip, garisan, kantor, sekolahan, banyu, kedhele, kacang, lsp.
Sing diarani tembung aran barang kang ora bisa dietunge antara liya: hawa, angin, kasekten, kabagyan, kasenengan, lsp

Tembung aran atributif (nomina atributif) nomina yg mewatasi nomina lain, msl hutan dl anjing hutan;
Tuladha :
jambu alas, jago kandhang, omah tawon, kurungan manuk, kandhang dara, prajurit raseksa,

Katrangan:
Tembung alas, kandhang, tawon, manuk, dara, raseksa tembung aran kang matesi tembung aran liyane.
Tuladha ing ukara:
1.      Aku wingi weruh jambu alas.
2.      Jago kandhang ora bakal kondhang.
3.      Omah tawon kuwi dibalangi bocah angon.
4.      Mardi tuku kurungan manuk gedhe.
5.      Prajurit Dwarawati numpes prajurit raseksa.

Tembung aran kumpulan ( nomina kolektif) lan tembung aran dudu kumpulan kolektif (nomina non kolektif).
Tembung aran kumpulan  yaiku tembung aran kang nuduhake kumpulane wong, barang, utawa ide.
Ing basa Indonesia tembung aran kumpulan  nduweni titikan bisa  diganteni  (disubstitusikan) nganggo tembung  mereka utawa  bisa diprinci ing atase perangan-perangane. Kamangka ing basa Jawa ora ana tembung purusa katelu jamak. Sing ana: dheweke, piyambakipun, panjenenganipun kang nuduhake teges tunggal.

Tembung aran kumpulan (Nomina kolektif)  dumadi saka nomina dasar: tentara, siswa, murid, pulisi, prajurit,
Tuladha:
1.      Tentara RI pdha gerilya ing sakiwa tengene Surabaya.
2.      Murid kelas VI diarak menyang alun-alun arep upacara 17 Agustusan.
3.      Para guru tansah setya mulang muruk kabecikan marang siswa
4.      Benggole brandhal iku dicekel pulisi dhek wingi sore.
5.      Para prajurit tansah setya mbela Negara.

Nomina turunan ing basa Indonesia: wangi-wangian, tepung-tepungan, biji-bijian.
Ing basa Jawa tuladhane : kekembangan, gegodhongan, gegrumbulan,kekayon,
Tuladha ing ukara :
1.      Ing taman Maerakaca akeh kekembangan maneka warna kang ngganda wangi angambar-ambar.
2.      Gegodhongan padha rontok jalaran wis telung sasi ora mambu banyu udan.
3.      Macan gembong mau mlebu gegrumbulan ilang lacake.
4.      Kekayon datan obah, samirana datan lumampah.

Tembung aran dudu kolektif (Nomina bukan kolektif ) yaiku tembung aran kang ora bisa diprinci ing atase perangan-perangane: wong , Sukarja,
Tuladha ing ukara :
1.      Anakku rabi karo wong Surabaya.
2.      Sukarja sinau basa Jawa.

Tembung aran predikatif (nomina predikatif) . yaiku tembung aran (nomina) utawa tembung sesulih (pronominal) sing nduweni fungsi minangka wasesa (predikat).
Tuladha ing ukara:
1.      Bapakku guru.
2.      Ibuku dadi dhokter.
3.      Kucing iku kewan.
4.      Sing klambi abang kae adhimu.
5.      Sing nulis dheweke.

Tembung sing dicap kandel  iku kalebu tembung aran kang minangka wasesa (predikat)

Tembung aran kriya (nomina verbal)  
Ing basa Indonesia diarani nomina verba yaiku nomina yang fungsi dan maknanya berdekatan dengan verba.
Ing basa Inggris dipratelakake: A noun that is derived from a verb (usually by adding the suffix -ing) and that exhibits the ordinary properties of a noun. Contoh: The building of the British Empire may be said to have begun with the ascent of Queen Elizabeth to the throne.
Tuladha:
gawan, gaweyan, guneman, wacan, tulisan, gorengan, pirembugan, sesembahan, lsp.

Wujude Tembung Aran  (morfologis)
Dideleng saka wujude tembung, tembung aran ana 2 warna :
Tembung aran lingga (tembung aran kang awujud tembung lingga, nomina dasar)
Yaiku tembung arang kang kedadean saka samorfem. Tembung aran kang awujud tembung lingga diperang dadi :
Tembung aran lingga umum.
Tuladha : gambar, meja, omah, minggu, taun, ukum.

Tembung aran lingga khusus
Tuladha : adhi, kakang, dhuwur, barang, ngisor, jero, Selasa, Aminah, Januari, Selasa, Surabaya.
Tembung aran lingga khusus diperang :
1)      Tembung aran kang nduweni surasa ngelmu bumi (nomina geografis)
Tuladha: Surabaya, Ngayojakarta, Kalimantan, Bengawan, Sala, Kali, Citandui, lsp.
2)      Tembung aran kang nduweni makna jeneng pribadi.
Tuladha: Susanta, Jaka Mulyana, Sarjana, lsp..
3)      Tembung aran kang nduweni teges alur paseduluran
Tuladha : adhi, kakang, bapak, mbok, ibu, keponakan, pulunan, embah, eyang, buyut.
4)      Tembung aran kang nduweni teges dina.
Tuladha : Senin, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuah, Setu, Akad, lsp.

Tembung aran andhahan (tembung aran kang awujud tembung andhahan, nomina turunan)
Tembung aran bisa dirimbag kanthi cara: ditambahi wuwuhan ing tembung asale, dirangkep, lan dicambor.
Tuladha :
Katambahan ater-ater ka- lan panambang –an.
kabatinan, kabegjan, kabudayan, kabungahan, kabupaten, kademangan, kaelokan, kahanan, kahyangan, kalurahan, kapinteran, kaprayitnan, karampungan, kasekten, katentreman, kautaman, kawicaksanan, kawigaten, kraton,

 Katambahan ater-ater ka.
kawruh,

Katambahan  panambang  -an.
ageman, alangan, aturan, bendhelan, bentelan, bongkokan, bungkusan, gagasan, gambaran, gawan, gaweyan, guneman, karangan, kareman, kiriman, kurungan, lambaran, panganan, pikiran, sanepan, senengan, tambahan, tontonan, tulisan, ukuran, wacan, wayangan, wejangan, 

Katambahan ater-ater pa-  lan  panambang  -an.
pagelaran, pagunungan, pakebonan, pakeliran, pakiwan, pakulinan, pakuncen, pakundhen, pakunjaran, pakurmatan, paladen, palagan, palapuran, pamujan, panaiban, panembahan, pangandikan, pangawikan, pangerten, panggonan,panggorengan, panguritan, panutan, panyukuran, paseduluran, pasembahyangan, pasinaon, pasujudan, patamanan,

Katambahan ater-ater pa- .
pambiyantu, panampa, pandeleng, pandherek, pandonga, panegar, panemu, pangabekti, pangajap, pangajap, pangarep-arep, pangrungu, pangudarasa, paningal, panjurung, panulak, panuwun, pawarta,

Katambahan ater-ater pi-
piandel, piguna, pikajeng, pilenggah, pilungguh,  pirembagan, pirembugan, pisalin, pisantun, pisungsung, pitaken, pitakon, pitedah, pituduh, piwales, piwulang,

Katambahan seselan –in-
pinunjul,

Katambahan ater-ater pi- lan seselan –in.
pinituwa, pinisepuh

Katambahan tembung pra plutan saka tembung para.
prapatan, pratelon, praliman.

Tembung rangkep
bal-balan, bebathen, dalan-dalan, gegayuhan, gegodhongan, gegrumbulan, gunung-gunung, jejibahan, kekembangan , omah-omah, pepenginan, peprentahan, sesawangan, sesembahan, tetuwuhan,

Dideleng saka kawruh ukara ( sintaksis), titikane tembung aran yaiku:
a.Ing ukara kang wasesane tembung kriya, tembung aran nduweni kalungguhan jejer, lesan, lan jangkepan (pelengkap).
Tuladha :
1.      Sang Panembahan (J) lagi mangsah semedi (W)
2.      Kucing gering (J) ngoyak (W) tikus pithi (L)
3.      Sunarta (J) mancing  (W) iwak (L) karo Sudarna (Jang).

b. Tembung aran ora kena diingkarake nganggo tembung  ora. Tembung kang kanggo ngingkarake tembung aran yaiku tembung dudu.
Tuladha ing ukara:
1.      Bapakku dudu wartawan.
2.      Sing renggunuk-renggunuk kae dudu sapi.
3.      Bapak pucung, dudu watu dudu gunung.
4.      Dudu bandha donya sing marakake  kowe kajen keringan.

c. Tembung aran lumrahe digandhengi tembung kahanan (adjektiva), lan bisa uga diselani tembung sing.
Tuladha :
1.      Omah gedhe kae daleme pak Bupati.
Omah sing gedhe kae daleme pak Bupati.

2.      Aku jupukna buku anyar iku.
Aku jupukna buku sing anyar iku.

3.      Watu cilik-cilik diunggahake menyang prahoto.
Watu sing cilik- cilik  diunggahake menyang prahoto.



Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...