Minggu, 22 September 2013

TEMBUNG KRIYA, VERBA, utawa KATA KERJA (1)



Tembung kriya (verba, kata kerja) (saka basa Latin: verbum, “tembung”) yaiku tembung sing mratelakake sawijining tingkah (perbuatan) , anane barang(keberadaan)  , lan ap-apa  kang nate dialami(pengalaman) , utawa nduweni makna sing tansah ngalami owah gingsir. Jinise tembung iki lumrahe dadi wasesa ing sawijining frasa utawa ukara.
Tembung kriya bisa diperang :
A.      ADHEDHASAR LESANE.
Adhedhasar lesane, kang lesan mau tembung aran ing ukara tanduk (kalimat aktif), lesan mau bisa dadi jejering ukara ing ukara tanggap.  Tembung kriya bisa diperang dadi rong golongan:
1.       Tembung kriya mawa lesan (verba transitif) yaiku tembung kriya sing mbutuhake lesan. Lumrahe jejere nindakake apa-apa kang kasebut ing wasesa.Tembung kriya mawa lesan (verba transitif) bisa diperang dadi:
a.      Tembung kriya ekatransitif (verba ekatransitif, verba monotransitif) yaiku tembung kriya kang digandhengi lesan kang cacahe mung siji. Tuladha ing ukara :
1. Pak Jayus nulis crita cekak.
2. Bocah-bocah maca buku crita ing perpustakaan.
3. Negara mbangun wadhuk gedhe.
Tembung kriya nulis, maca, lan mbangun iku kalebu tembung kriya ekatransitif jalaran ing burine tembung mau mung digandhengi lesan. Lan uga lesane ing ukara tanduk mau bisa didadekake jejer ing ukara tanggap (kalimat pasif). Tuladha liyane: ndeleng, ngangkat, nggawe, nurun, nulak, lsp. Tuladha ing ukara:
Ukara tanduk (kalimat aktif):
1.  Aku wingi ndeleng wayang kulit.
2.  Para buruh ngangkat dagangan ing dhuwur prahoto.
3.  Adhiku nggawe layangan.
Ukara tanduk ing dhuwur iku yen didadekake ukara tanggap (kalimat pasif) dadi:
1. Wayang takdeleng wingi.
2. Dagangan ing dhuwur prahoto diangkat para buruh.
3. Layangan digawe adhiku.
b.      Tembung kriya dwitransitif (verba dwitransitif, verba bitransitif) yaiku tembung kriya kang ana ing sajroning ukara tanduk digandhengi tembung aran cacah loro. Sing sisji arupa lesan (obyek), dene sing sijine arupa jangkepan (pelengkap).
Ukara tanduk (kalimat aktif):
1. Ibu nulisake layang adhik.
2. Bapak macakake buku dongeng adhiku sing wadon.
3. Mbah Surip nukokake gethuk putune.
Ukara tanduk ing dhuwur iku yen didadekake ukara tanggap (kalimat pasif) dadi:
1. Adhik ditulisake layang ibu.
2. Adhiku sing wadon diwacakake buku dongeng bapak.
3. Putune ditukokake gethuk mbah Surip.
Tembung nulisake, macakake, nukokake kalebu tembung kriya dwitransitif jalaran ukara kasebut nduweni lesan (obyek) lan jangkepan (pelengkap). Lesane yaiku adhik, adhiku sing wadon, lan putune. Coba katandhingna karo ukara ing basa Indonesia ing ngisor iki:
Ahmad sedang mencarikan Rian sebuah pekerjaan.
Ayah akan membelikan ibu pakaian baru.
Ukara kasebut yen didadekake ukara tanggap dadi:
Rian sedang dicarikan Ahmad sebuah pekerjaan
Ibu akan dibelikan ayah pakaian baru.
Ing basa Indonesia predikat (wasesa) langsung digandhengi obyek (lesan), nanging ing basa Jawa ora mangkono. Lesan ana ing saburinen jangkepan (pelengkap.
Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi ukara tanggap bisa uga dadi :
1. Adhik ditulisake layang dening ibu
2. Adhiku sing wadon diwacakake buku dongeng dening bapak.
3. Putune ditukokake gethuk dening mbah Surip.
c.       Tembung kriya mandatransitif (verba semi transitif, verba ditransitif) yaiku tembung kriya sing lesane manasuka. Ukara kasebut diwenehi lesan kena, ora diwenehi lesan uga kena.
Tuladha ing ukara:
1. Darman lagi mangan .
2. Darman lagi mangan tahu.

3. Bapak lagi maos ing kamar tamu.
4. Bapak lagi maos koran ana ing kamar tamu.

Ukara angka (1) lan (3) ora nganggo lesan (objek), dene ukara angka (2) lan (4) nganggo lesan (objek). Panganggone objek mung manasuka wae.

2.       Tembung kriya tanpa lesan (verba intransitive, verba tak transitif, kata kerja intransitive) yaiku tembung kriya sing ora mbutuhake lesan, tuladha:
adus, budhal, dandan, gelungan, gelut, gugur gunung, gumuyu, guyon, kelingan, klamben, lali, leren,  lunga, lungguh, maju, mangkat,  mati, mlaku,  mlayu,mundur, muni, ndhekem, ndhodhok, ngadeg,pasa, percaya, raup, sepaton, silem, sisiran,slonjor, suduk sarira,sumelang, tandur, tangi,tapa,teka,tindak tanduk,tukar padu,tumindak, turu,urip,wawan sabda,
Tuladha  ing ukara:
1.       Sukarna lagi lungguh ing buk gedhe.
2.       Saben esuk olah ragawan iku mlayu-mlayu.
3.       Dhek wingi ratu ayu sajagad iku padha langen ing pesisir Kuta.
Tembung kriya tanpa lesan ora nduweni tembung aran ing saburine wasesa sing bisa dadi jejer ing ukara tanggap. Coba gatekna ukara ing ngisor iki
4.       Wit trembesi iku thukul ing plataran.
5.       Cantrik Janaloka pamit arep nerusake lakune menyang kutharaja.
6.       Adi ngepit montor menyang sekolahan.
Ukara ing dhuwur iku angka (4) lan (5) ora nduweni tembung aran kang minangka lesan (objek), dene ukara kang angka (6) ana tembungaran yaiku “montor”.  Nanging tembung “montor” mau dudu lesan (objek) ing ukara kasebut jalaran ora bisa dadi jejer ing ukara tanduk.
Yen dicoba didadekake ukara tanduk: Montor dipit Andi menyang sekolahan. Ukara kasebut ora bener.
3.       Tembung kriya tanpa lesan mawa tembung ancer-ancer (verba intransitive berpreposisi) yaiku tembung kriya tanpa lesan sing digandhengi tembung ancer-ancer (kata depan).
a.      Para misaya mina silem nganti teka dhasaring segara.
b.      Rahardi mangkat saka omah jam enem esuk.
c.       Dheweke tansah mikir nganti awake kuru.
d.      Lik Sarmini lagi tandur jagung ing sawahe pak lurah.
e.       Sumarjana mundur saka anggota DPR.
f.        Rina wengi pak Darman tansah nyambut gawe kanggo anak putune besuk.

Ana candhake ...

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...