Senin, 09 September 2013

LAMBANG JAMAN



1.      Catur rana semune segara asat;
catur = 1. papat; 2. kandha
rana = 1. perang, paprangan; 2. warana (slintru); 3. mrana.

Minangka pralambangipun sekawan nagari , Jenggala, Kedhiri, Ngurawan lan Singosari..sanajan negari kasebut kathah prajurit ingkang sekti mandraguna tur baut olah kaprajuritan...nanging datanpa daya jalaran kadi segara asat...boten gadhah pangan lan prabeya [Logistik]..pramila sekawan nagari inggih sinebat negara ringkih..kawulane kesrakat .

2.      Gândâ kentir sêmune liman pêpekâ.
gândâ = ambu
kentir = kèli, kendhang
sêmune =tingkah, pralampita, pralambang, sasmita
liman = gajah
pêpekâ =lenâ

.Pasêmoning praja Pajajaran jamane Prabu Sri Pamêkas, dikendhangake dening Siyung Wanârâ ânâ ing kali Karawang . ujaring kândhâ yèn Siyung Wanârâ iku putrane sang Prabu, sing nalikâ laire tau diangkah patine awit saka ramalane nujum ‘ yèn jabang bayi kang lagi kababar iku bakal dadi mungsuh uga klilipe Sri Pasmêkas. Jabang bayi banjur dikendhangake dening parentahe Sri Pamekas, nanging ditemu dening ki Buyut Karawang. Barêng wus diwasa males ukum marang sang Prabu.

3.      Macan galak semune curiga kethul.
curiga = keris

Pralampitanipun praja Majapahit, ingkang kinajrihan déning sasamining Ratu, kathah para narendra ingkang nungkul karana aris datanpa ginebaging yuda awit saking kawentaripun sang Prabu ing Majapahit. Ananging emanipun pepindhaning curiga kethul. Kathah para nayaka pangembating praja ingkang kethul nalar budinipun ing babagan susastra.

4.      Lunga pêrang putung watang.
putung = tugel
Lunga prang menika pralampitaning Sultan Demak nalika nglurug prang nelukaken para Dipati saindenging pulo Jawa ingkang taksih ngrasuk agami Buda. Putung watange pasemoning para wali ingkang dados pangembating praja Demak, nalika samanten sampun kathah ingkang surud ing kasidan.

5.      Lelungan datan kongsi kaselak kampuhe bedhah, utawi lelungan datan kongsi bebasahan.
datan = ora
kongsi = nganti
kampuh = 1. dodot; 2. kalah.
bebasahan = panganggo keprabon (dododan, kulukan)

Menika pasemonipun kasultanan Pajang. Sultan Hadiwijaya anggènipun nyepeng panguwaosing praja boten dangu [1568-1586 M] kanthi makatên kawibawaning narendrâ ugi dèrèng katingal kuncârâ, kaselak rabak kampuhe [ kampuhe bedhah]. Jalaran pangeran pati ingkang kagadhang nggentosi kapraboning Sultan Hadiwijaya, kasunyatanipun kacidra dening Panembahan Kudus kaparingaken dhumateng Pangeran Arya Pangiri, ingkang ajejuluk Sultan Awantipura. Pangeran Pati Arya Benawa malah kalenggahaken dados Adipati ing Jipang Panolan. Sultan Pajang II menika namung lumampah tigang taun, awit Sultan Awantipura [ Arya Pangiri] kapikut dening Senapati Mataram. Wusana dhampar kaparingaken dhateng Pangeran Benawa ingkang ajejuluk Sultan Prabuwijaya, namung satunggal taun nyepeng panguwaosing Pajang, tansah sakit-sakiten lajeng murud ing kasidan.

6.      Surâ kalpâ sêmune lintang sinipat.
surâ = wani, dewa, prajurit, pahlawan
kalpâ = sathithik, di sudâ
sinipat= didêlêng [dipadhangi dening soroting srêngenge]

Mênika pasêmonipun Nagari Mataram nalika jamanipun Panêmbahan Senapati nalikâ badhe nêlukakên sadâyâ Adipati ing pulo Jâwâ namung kanthi grêgêting manah. Nanging botên sinêngkuyung mawi praboting prang [pasukan, logistik, beaya] Sabên-sabên dipunèngetakên dening ki juru..wangsulanipun namung  sadâyâ namung nênggâ panguwaosing Gusti, manawi kakersakakên inggih nungkul krânâ aris, manawi botên inggih nênggâ wekdal kemawon.

7.      Kêmbang Sempol sêmune lêbe kêkêthu.
kêmbang sempol = kembang tunjung [ bunga teratai].
lêbe kêkêthu = lêbe = modin, kaum,
kêkêthu = nganggo trebus.

Menika mralambangaken nagari Mataram nalika jamanipun Sultan Agung Hanyakrakusuma ugi putranipun…kaya modin nganggo trebus.

8.      Kalpika sru semune kanaka putung.
kalpika sru = ali-ali ingkang sesak.
kanaka = kuku,
putung = tugel.

Menika mralambangken jamanipun Sunan Amangkurat I ingkang seda ing Tegalarum. Sunan Amangkurat I priyagung ingkang wangkot [keras hati]. Asring midana pejah dhateng tiyang ingkang dereng temtu lepatipun. Andhawahaken ukum kisas saderengipun pradataning nagari netepaken pidana dhateng pasakitan. Kanaka putung menika nyemoni; awit kathah para nayaka praja ingkang dados piyandeling nagari tiwas kapidana pejah.

9.      Layon kèli semune satriya brangta..
layon = bathang, jisim
kèli = kèntir, kendhang
satriya wis ngarani
brangta = susah

Pasemon menika nelakaken jamanipun Sunan Amangkurat III utawi Sunan Mas ingkang pindha layon kèli jalaran anggènipun sinengkakaken ing ngaluhur boten wonten ing kedhaton..nanging nalika lolos saking praja. Sri Susuhunan Amangkurat Mas, utawi asring ugi kaserat minangka Amangkurat III utawi Sunan Mas (tanggal lair boten dipunmangertosi, séda ing Sri Lanka taun 1734), inggih punika Raja Kasunanan Kartasura ingkang jumeneng antawis taun 1703– 1705.

10.  Gunung Kêndhêng sêmune Kênya musoni.
Gunung Kêndhêng = pêgunungan sing jèjèr-jèjèr dawa, nyêmoni umur sing wis akèh, lungse.
Kênya musoni= prawan sing lagi musu kapas [pakaryan kang rèmèh].

Pasêmon mênika mratelakakên jamanipun Sunan Pakubuwana I ing Kartasura. Sri Susuhunan Pakubuwana I utawi Pangéran Puger utawi Radèn Mas Darajat (miyos ing Plèrèt, 1648 – séda ing Kartasura, 22 Februari 1719 kanthi yuswa 71 taun) inggih menika raja trah Mataram ingkang pungkasan wonten ing kraton Plèrèt, lan raja ingkang kaping tiga wonten ing kraton Kartasura. PB I winisudha nalika yuswa sampun lungse. Anggènipun nyêpêng pusaraning adil, kados lare, liripun ingkang dipun panggalih namung babagan ingkang rèmèh..kêpara babagan nagari dipunlirwakaken.

11.  Gajah metâ sêmune têngu lêlakèn.
Gajah meta = gajah ngamuk.
têngu lêlakèn= tengu sanggama,

Mratelakakên pasêmonipun PB II ing Kartosurâ ingkang sinuyudan dening pârâ Adipati. Sri Susuhunan Pakubuwana II utawi Radèn Mas Prabasuyasa (miyos ing Kartasura, 8 Desember 1711 – séda ing Surakarta, 20 Desember 1749 kanthi yuswa 38 taun) inggih menika raja trah Mataram ingkang kaping pisan wonten ing kraton Surakarta.
Nalika kêdhatêngan mêngsah, lajêng rumaos tintrim panggalihipun, lajêng nyuwun pambiyantunipun Adipati Pânârâgâ. lan Adipati Madurâ. Salajêngipun PB II anggarwâ putrinipun Adipati Pânârâgâ.

12.  Panji roro semune Pajang Mataram.
panji = 1. gendera; 2. arane sesebutan darahing ratu; 3. arane pangkat lurahing prajurit; 4. arane pangkat saemper wedana.

Mratelakaken raja kalih nagari pecahipun Surakarta kalihan Mataram nalika jamanipun SISKS Pakubuwana III kalihan ingkang paman inggih menika Pangeran Mangkubumi. Pangeran Mangkubumi ingkang salajengingipun winisudha kanthi gelar Sultan Hamengku Buwana I ing Kasultanan Ngayogya karta. Sri Susuhunan Pakubuwana III wiyosan: Kartasura, 1732 – seda : Surakarta, 1788, punika raja ingkang kaping kalih saking Kasunanan Surakarta sing marentah taun 1749 – 1788.[ Pakubuwana III punika ratu katurunan Mataram ingkang kapisanan winisudha déning Walanda.]

13.  Rara ngangsu randha roro pijer atukar;  
Rara = prawan

Pasemonipun Kanjeng Pangeran Harya Mangkunegara nalika lolos saking kedhaton..inggih menika Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagara I utawi Pangéran Sambernyawa utawi Radèn Mas Said (miyos ing Kartasura, 7 April 1725 – séda ing Surakarta, 28 Desember 1795 ) inggih menika raja wonten ing keraton Mangkunagaran. Lajeng randha roro nututi apijer tukaran..inggih menika antawisipun Sri Susuhunan Pakubuwana III (miyos: Kartasura, 1732 – seda : Surakarta, 1788) kalihan Pangéran Mangkubumi utawi Radèn Mas Sujana (miyos ing Kartasura, 6 Agustus 1717 – séda ing Yogyakarta, 24 Maret 1792 ) ingkang winisudha Sultan Hamengku buwana I...inggih punika putra Sunan Amangkurat IV. Ananging kekalihipun pijer paben kemawon. Lajeng nuwuhaken prajanjen Giyanti.. tanggal 13 Fèbruari 1755 antawisipun Sunan Pakubuwana III lan Pangèran Mangkubumi ingkang misahaken Krajan Mataram dados kalih Kasunanan Surakarta kaasta dening PB. III lan Kasultanan Yogyakarta kaasta dening HB I.

14.  Tan kober pepaes amangun sinjang.
Menika pralampitanipun praja Surakarta nalika jamanipun Sunan Pakubuwana IV nalika taksih timur nama Radèn Mas Subadya. (1768 – 1820) ugi sinebat Sunan Bagus. putra Pakubuwana III , miyos saking garwa padmi trah sultan Demak.Narendra ingkang kaping tiga ing Kasunanan Surakarta marentah taun 1788 –1820. Pakubuwana IV ugi sinebat Sunan Bagus, jalaran suwarna ing pasuryanipun. Pakubuwana IV menika raja Surakarta ingkang gadhah gegayuhan luhur saha kendel ngawekani bebaya, béda kalihan ingkang rama, misuwur ringkih lan kirang praceka. PB IV anggilut dhateng kawruh Kejawèn lan ngangkat para tokoh golongan kasebat wonten salebeting pamarentahan. Kakwonten makaten boten pinkantuk panyangkuyung saking para pangageng Islam ingkang sampun mapan ing kraton. Para tokoh Kejawèn kasebat nyengkuyung Pakubuwana IV supados uwal saking VOC lan nggadhahi pangangkakh supados Kasunanan Surakarta pinangka negari ingkang unggul ing pulo Jawa, saged ngawonaken Kasultanan Yogyakarta.[babad Pakepung]. Ngantos dumugi Sunan Pakubuwana V [1785-1823], ngasta paprentahan ing Kasunanan Surakarta taun 1820-1823.ngibaratipun tan kober pepaes amangun sinjang boten kober macak ugi boten kober miru sinjang…menika pasemoning ratu kekalih ingkang prasasat saben wekdal dipunridhu dening prakawis nagari, kraman lsp. Nalika taksih timurnama Raden Mas Sugandi, putra saking PB. IV ingkang miyos saking garwa padmi R. A. Handoyo putri Adipati Cakraningrat bupati Pamekasan. Jumeneng Nata ing Surakarta tanggal 10 Februari 1820. Pakubuwana V ugi sinebat Sunan Sugih, jalaran sugih bandha lan sugih kasektèn. Pakubuwana V ingkang marentahaken nyerat Serat Centhini .  

15.  Kalabendu semune Semarang lan Tembayat.
Menika mratelakaken lolosipun Pangeran Diponegara saking Ngayogyakarta. Kalabendu, pasemon wiwit pecah prang antawisipun Kumpeni Walanda kalihan pribumi Jawa. Pangeran Diponegara menika putra pambarepipun Hamengkubuwana III, seorang raja Mataram ing Yogyakarta. Wiyosan 11 November 1785 ing Ngayogyakarta saking garwa ampeyan ingkang asma R.A. Mangkarawati, saking Pacitan. Pangeran Diponegoro nalika taksih timur sesilih Raden Mas Ontowiryo.  Nglenggana kalenggahanipun minangka putra selir, P. Diponegoro nduwa keparengipun ingkang rama, Sultan Hamengkubuwana III, nalika badhe kawisudha nggentosi kaprabon,jalaran ngèngêti ingkang ibu punika namung garwa ampeyan. Garwanipun P. Diponegara wonten tiga inggih menika: BRA. Antawirya, RA. Ratnaningsih, & RA. Ratnaningrum. P. Diponegoro langkung kepranan ing babagan spiritual agami Islam lan srawung kalihan kawula alit, pramila lajeng remen manggèn wonten ing Tegalrejo ing dalemipun eyang buyut putri , Ratu Ageng Tegalrejo garwa padmi HB I, tinimbang lenggah wonten ing keraton. P. Diponegara mbalela dhateng Kasultanan Ngayogyakarta nalika kaasta dening Sultan Hamengkubuwana V (1822) ingkang taksih 3 th nalika jumênêng Nâtâ. Jalaran boten sarujuk kanthi wontenipun Dewan Curator, sanajan P. Diponegoro kalebet dados satunggal saking dewan curator ingkang ngampingi Hamengkubuwana V.  Wondene ingkang kajibah ngastâ paprentahaning nagari Patih Danurêjo kalihan Residhèn Walandi.

16.  Tunjung putih semune pudhak sinumpet.
tunjung = 1. kembang trate; 2. kuningan lsp kawangun lancip kaetrapake ing buntaring tumbak.

17.  Gandrung-gandrung ing lelurung andulu gelung kekendhon, keris parung tanpa karya, edolen tukokna uleng-uleng campur bawur... 
      Pralambanging negari ingkang sampun gemah ripah loh jinawi.

Dipunturun saking seratanipun : Ki Sastra Adiguna.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...