KINANTHI
Dadia lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
 lan aja sok sukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ngajak-ajak,
satemah anenulari.
 (Wulangreh, PB IV)
Ing tembang  Kinanthi ing dhuwur iku ana tembung “lakunireku” lan tembung “lakunireki”. Satemene tembung lakunireku kedadean saka tembung laku + panambang ira +  tembung iku. Tembung-tembung  mau didadekake satembung, perlune kanggo nyocokake guru wilangane tembang. Yen saupama ora dibuwang wandane , bakal kaluwihan sawanda. Samono uga tembung lakunireki. 
Tembung-tembung sing kaya mangkono iku diarani tembung garba utawa tembung sandi.
Tembunggarba ana telung warna yaiku :
1. Tembung garba sutrawam : yaiku tembung  garba sing oleh  aksara w. Tuladha: : 
malbweng = malebu + ing
munggweng = munggu + ing  (tg. manggon ing)
2. Tembung garba sutraye : yaiku tembung garba sing oleh aksara y (ya). Tuladhane : 
sedyarsa = sedya + arsa   (tg. tujuane, karepe)
sugyarta = sugih + arta.   (tg. sugih dhuwit )
3. Tembung garba warga  ha: yaiku tembung garba sing ora kalebu ing lelorone iku. Tuladha:
narenda = nara + endra.  (tg. wong sing pangwasane kaya bathara endra, ratu)
narpendah = narpa + endah   (tg. ratu sing ayu )
Tuladha liyane :
aneng = ana + ing
araneki = arane + iki
dupyarsa = dupi + arsa.
jalwestri = jalu + estri
jiwangga = jiwa + angga
kajuwareng = kajuwara + ing
kalokeng rat = kaloka + ing rat
karyenak = karya + enak
kawindra = kawi + indra
lagyantuk = lagi + antuk
lebdeng = lebda + ing
legaweng = legawa + ing
lumakweng = lumaku + ing
maharaja = maha + raja
maharsi = maha +  resi
mahmeru = maha + meru
martotama = marta + utama
murweng = murwa + ing
nayakeng = nayaka + ing
pranaweng = pranawa + ing
prapteng = prapta + ing
prawireng = prawira + ing
prawirotama = prawira + utama
sangsayarda = sangsaya + arda
sarotama = sara + utama
sarwendah = sarwa + endah
sireku = sira +iku
sitinggil = siti + inggil.
sukeng = suka + ing
surendra = sura + indra
waspadeng = waspada + ing
wirotama = wira + utama
yeku = ya + iku.
Sarana kanggo anjangsana ing antarane para pangudi basa, para guru, lan para siswa
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Pengikut
Pesindhen Manca Negara :
- Chantal Karijosentono : Tresna Kowe
 - Winston Echteld : Tresnaku Tresnamu
 - Oxford Gamelan Society : Asmaradana
 - Karen Elizabeth : Jula-juli Tretek
 - Hiromi Kano : Gara-gara 2
 - Hiromi Kano : Gara - gara
 - Kitsie Emerson
 - Hiromi Kano : Sinom Parijatha
 - Hiromi Kano : Perkutut Manggung
 - Hiromi Kano : Perkutut Manggung
 - Hiromi Kano : Bengawan Solo
 - Gamelan Switzerland
 
3 komentar:
Matursuwun, Pak Ugeng. Nembe sakmenika pikantuk piwucal babagab tembung garba.
Mangga Ki Kombor sami-sami nglestantunaken basa Jawi menika, menawi boten wonten ingkang purun tamtu boten dangu malih basa Jawi menika badhe ical.
Leres sanget Bapak
Posting Komentar