klambi gombal nyeret theklek kayune entek
sila sedheku, amarikelu
nyadhong runtuhan welas
angen-angene sajangkah sadawane tangan bisa mlumah
weteng diempet , singset
dongane ndhrindhil, amit-amit anak putu aja niru
tembunge mung saukara : “nyuwun separing-paring
nampia rejeki kathah saking Gusti Allah”
yen atine bungah

ana maneh pepriman
klambi nylithit nganggo sandhal kulit
antri jakat nganti nyawa oncat
apa kesrakat ?
toh pati rebut barang tanpa aji
sapa mreduli ?
ana maneh ing jero kantor
nganggo dasi numpak montor
tanpa nyadhong , ana sing setor
ing ngendi regane awak ?
dibusak ?
apa cluthak ?
Surabaya, 13 September 2010
2 komentar:
Olehe ora idep isin, kamangka tangan ing ndhuwur luwih aji tinimbang tangan ing ngisor.
Lha nggih niku !
Posting Komentar